Indonésia

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa

Koordhinat: 5°S 120°E / 5°S 120°E / -5; 120

Républik Indonésia
Republik Indonesia
Gendéra Lambang nagara
Sesanti: "Bhinneka Tunggal Ika" (Basa Jawa Kuna)
"Séjé-séjé nanging ajeg manunggal"
Idhéologi nasional: Pancasila[1][2]
Antem: Indonesia Raya
"Indonésia Agung"

Kutha krajan
lan paling gedhé
Jakarta
6°10.5′S 106°49.7′E / 6.1750°S 106.8283°E / -6.1750; 106.8283
Basa resmi Indonésia
Agama Resmi:[a]
Islam
Protèstan
Katulik
Hindhu
Buda
Konghucu
Papréntahan Républik konstitusional présidhènsial manunggal
 •  Présidhèn Jaka Widada
 •  Wakil Présidhèn Jusuf Kalla
Bebadan pranatan Majelis Permusyawaratan Rakyat
 •  Paheman luhur Dewan Perwakilan Daerah
 •  Paheman asor Dewan Perwakilan Rakyat
Adeg
 •  Vereenigde Oostindische Compagnie 20 Maret 1602 
 •  Indhiya Nèderlan 1 Januari 1800 
 •  Kajègan Jepang 9 Maret 1942 
 •  Bayawara mardika 17 Agustus 1945 
 •  Républik Indonésia Sarékat 27 Dhésèmber 1949 
 •  RIS dibubaraké 17 Agustus 1950 
 •  Ordhe Anyar 12 Maret 1967 
 •  Réformasi 21 Mèi 1998 
Laladan
 •  Dharat 1,904,569 km2 (angka 15)
735,358 sq mi
 •  Banyu (%) 4,85
Cacah jiwa
 •  Rantaman 2015 255.461.700[3]
 •  Cacah sirah 2010 237.424.363[4] (angka 4)
 •  Karapetan 124,66/km2 (angka 84)
322.87/sq mi
GDP  (PPP) Rantaman 2016
 •  Gunggung $3,010 triliun[4] (angka 8)
 •  Per kapita $11.633[4] (angka 102)
GDP  (nominal) Rantaman 2016
 •  Gunggung $936,955 miliar[4] (angka 16)
 •  Per kapita $3.620[4] (angka 117)
Gini (2010) 35.6[5]
sedhengan
HDI (2014) Steady 0.684[6]
sedhengan · angka 110
Valuta Rupiah (Rp) (IDR)
Zona wektu warna-warna (UTC+7 tekan +9)
 •  Mangsa Panas (DST) warna-warna (UTC+7 tekan +9)
Format tanggal DD/WW/TTTT
Nyetir ing kiwa
Kodhé bèl +62
TLD Internèt .id
Sana jaringan
indonesia.go.id
a. ^a Pamaréntah resmi ngakoni mung enem agama: Islam, Protèstan, Katulik Roma, Hindhu, Buda, lan Konghucu.[7]

Indonésia, resmine Républik Indonésia (basa Indonésia: Republik Indonesia), iku sawijining nagara berdaulat transkontinéntal dumunung mligi ing Asia Kidul-Wétan karo sawetara tlatah ing Oséania. Dumunung ing antarané Samodra Hindia lan Pasifik, iku nagara kapuloan gedhé dhéwé ing donya, kanthi punjul telulas èwu pulo.[8][9] Indonésia nduwé kira-kira populasi liwat 258 yuta wong lan nomer papat nagara paling akèh populasiné ing donya, nagara Austronésia paling akèh populasiné, uga nagara mayoritas Muslim paling akèh populasiné. Pulo paling padhet sa donya Jawa ngandhut punjul setengah saka populasi.

Wangun pamaréntahan republik Indonésia kalebu législatur lan Présidhèn kapilih. Indonésia duwé 34 provinsi, kang lima duwé status administratif mirunggan. Kutha krajan lan paling akèh sing ndunungi yakuwi Jakarta. Nagara duwé tapel wates karo Papua Nugini, Timor Wétan, lan Malaysia sisih wétan. Nagara tanggané kalebu Singapura, Filipina, Australia, Palau, lan tlatah India Kapuloan Andaman lan Nicobar. Indonésia iku sawijining anggota pangadeg ASEAN lan anggota saka ékonomi utama G-20. Ékonomi Indonésia iku peringkat 16 PDB nominal donya lan gedhé dhéwé angka 8 PDB ing PPP.

Kapuloan Indonésia wis tlatah wigati ing padagangan wiwit ing paling ing abad kaping 7, nalika Sriwijaya lan banjur mengko Majapahit dagang karo Tiongkok lan India. Panguwasa lokal nggunakaké modhèl budaya, agama lan pulitik manca saka awal abad Masèhi, lan karajan Hindhu lan Buda ngrembaka. Sajarah Indonésia wis diprabawai déning kakuwasan manca kepincut karo sumber daya alam Indonésia. Pedagang Muslim lan sarjana Sufi nggawa Islam kang saiki dominan,[10][11] sawetara kakuwasan Eropah nggawa Kristen lan perang siji liyané kanggo monopoli dagang ing Kapuloan Maluku ing Jaman Penjelajahan. Sawisé telung lan setengah abad kolonialisme Walanda wiwit Amboina lan Batavia, lan pungkasanipun kabèh kapuloan kalebu Timor lan Papua Kulon, ing kaping diselani déning kakuwasan Portugis, Prancis lan Inggris, Indonésia mardika sawisé Perang Donya II. Sajarah Indonésia kang wis wiwit ora tenang, karo tantangan bencana alam, raja pati massa, korupsi, separatisme, prosès démokratisasi, lan pèriode saka owah-owahan ékonomi kanthi rikat.

Indonésia dumadi saka atusan golongan ètnis lan linguistik asli. Klompok ètnis gedhé dhéwé – lan dominan ing pulitik – ya iku Jawa. Idèntitas nasional wis dikembangaké, dikukuhaké déning basa nasional, karagaman etnik, pluralisme agama ing populasi mayoritas Muslim, lan sajarah kolonial lan kraman marang iku. Sesanti nasional Indonésia, "Bhinneka Tunggal Ika" ("séjé-séjé nanging ajeg manunggal"), nuduhaké karagaman sing nagara. Sanajan populasi gedhé lan tlatah padhet sing ndunungi, Indonésia duwé tlatah jembar ara-ara samun sing ndhukung karagaman hayati tingkat paling dhuwur kaping pindho ing donya. Indonésia duwé sumber daya alam kalubèran kaya lenga lan gas bumi, timah, tembaga lan emas. Pertanian mligi mrodhuksi beras, tèh, kopi, rempah-rempah lan karèt. Partner dagang utama Indonésia ya iku Jepang, Amérika Sarékat lan nagara tangga Singapura, Malaysia lan Australia.

Étimologi[besut | besut sumber]

Cithakan:Further Jeneng Indonésia asalé saka pertalan Yunani saka Kali Sindu lan tembung nèsos, tegesé "pulo Indhiya".[12] Jeneng kuwi wis ana ing abad kaping 18, adoh sadurungé Indonésia mardika.[13] Ing taun 1850, George Windsor Earl, sawijining étnolog Inggris, ngajokaké istilah Indunesians—lan, pilihané, Malayunesians—kanggo sing ndunungi "Kapuloan Indhiya utawa Kapuloan Malayu".[14] Ing publikasi kang padha, muridé Earl, James Richardson Logan, nggunakaké Indonésia minangka sinonim kanggo Kapuloan Indhiya.[15][16] Nanging, akadhemisi Walanda nulis ing publikasi Indhiya Wétan padha wegah nggunakaké Indonésia. Nanging, padha nggunakaké istilah Kapuloan Malayu (Maleische Archipel); Indhiya Nèderlan (Nederlandsch Oost Indië), luwih kondhang Indië; Wétan (de Oost); lan Insulinde.[17]

Sawisé 1900, jeneng Indonésia dadi luwih umum ing lingkungan akademik njaba Nèderlan, lan golongan nasionalis Indonésia migunakaké kuwi kanggo èksprèsi pulitik.[17] Adolf Bastian, saka Universitas Berlin, mopulèrke jeneng kuwi liwat bukuné Indonesien oder die Inseln des Malayischen Archipels, 1884–1894. Pelajar Indonésia kang pisanan nggunakaké jeneng iki ya iku Suwardi Suryaningrat (Ki Hajar Dewantara), nalika ngedegaké kantor berita ing Nèderlan sing jenengé Indonesisch Pers-bureau ing 1913.[13]

Sajarah[besut | besut sumber]

Kanggo tulisan sabanjuré, pirsani Sajarah Indonésia

Ing samadyaning prabawa agama Hindhu lan Buda, sawetara karaton ngadeg ing pulo Sumatra lan Jawa wiwit abad kaping 7 nganti abad kaping 14. Tekaning pedagang-pedagang Arab saka Gujarat, India sabanjuré nepungaké agama Islam kang pungkasané dadi agama gedhé dhéwé ing Indonésia.

Wong-wong Éropah teka ing pawitaning abad kaping 16 lan nalika iku nemu nagara-nagara cilik. Nagara-nagara iku banjur kanthi gampang dikuwasani supaya sabanjuré uga bisa nguwasani dol-tinuku rempah-rempah ing tlatah kono.

Ing abad kaping 17, nagara Walanda kang nalika iku minangka nagara paling kuwat ing tlatah Éropah, nelukaké nagara Inggris (British) lan Portugis (kajaba tlatah jajahan Portugis ing Timor Wétan). Bangsa Walanda njajah Indonésia nganti mangsané Perang Donya Kapindho. Wiwitané Walanda ngadegaké Syarikat Hindia Wétan Londho, ya iku armada niyaga rempah-rempah duwèké pamaréntah karajan Walanda, lan sabanjuré ing wiwitaning abad kaping 19 kanthi kekuwatan prajurité wiwit blak-blakan njajah tlatah Indonésia.

Samangsa Perang Donya II, Walanda (Landa) dijajah karo Jerman, nalika iku Jepun nguwasani Indonésia. Sawisé Indonésia kapilut ing taun 1942, pihak Jepun sesora yèn para pejuwang Indonésia iku kanca dedagangan sing kooperatif lan sedya nggelar prajurit yèn dibutuhaké. Soekarno, Mohammad Hatta, K. H. Mas Mansur, lan Ki Hajar Dewantara banjur antuk kanugrahan saka Maharaja Jepun ing taun 1943.

Ing Maret 1945, pihak Jepang nggawé sawijining kumite kanggo mardikaké Indonésiya, sabubaré Perang Pasifik rampung ing taun iku. Kahanan iki kasurung déning organisasi para mudha, golongan pimpinan Soekarno nyoba supaya Indonésia bisa mardika.

Ing madya liya, Walanda ngirimaké prajurit kanggo ngrebut manèh Indonésia.

Samubarang pratingkah kebak getih kanggo nanggulangi para pejuwang kanggo mardika mau banjur kondhang kanthi sebutan 'tumindak pulisi' (Actie Politioneel). Pungkasané, Walanda gelem nampa hak bangsa Indonésia kanggo mardika ing 27 Dhésèmber 1949 sawisé kasurung-surung bangsa-bangsa liya, mligi Amérika Sarékat. Soekarno dadi présidhèn pisanan Indonésia kanthi Mohammad Hatta dadi wakil présidhèn.

Ing warsa 1950-an lan 1960-an, pamarintah Soekarno wiwit mangayubagya blok sosialis, kaya ta Républik Rakyat Cina lan Yugoslawiya. Ing taun 1960-an uga kedadèn konfrontasi adu tiyasa karo nagara tangga, Malaysia, lan nggresulané para kawula amarga urip kecingkrangan tambah ndadra.

Jendral Suharto dadi présidhèn ing taun 1967 kanthi alesan ngamanaké nagara saka anceman kuminisme tumrap Soekarno sing nalika iku sansaya tanpa daya. Sawisé Soeharto nyekel kuwasa, PKI dibubaraké lan warga Indonésia sing dikira cawé-cawé lan mélu kuminis akèh sing mati. Ing 32 taun pamaréntahan Soeharto iku mau Orde Baru, kanggo mbèdakaké karo jaman Soekarno sing mau Orde Lama.

Suharto kasil nyedhakaké manèh Indonesiya marang nagara-nagara manca-lan kasil nuwuhaké ékonomi sing manjila, ora kétang ora warata. Ing wiwitan Orde Baru, strategi ékonomi nagara digawé déning sapérangan ahli ékonomi lulusan fakultas ékonomi University of California at Berkeley, sing diwènèhi gelar "golongan Berkeley". Nanging, Soeharto lan sakancané bisa dilèngsèraké sawisé unjuk rasa sing sumrambah ing sadhéngah papan. Tambah manèh, nagara lagi keblandhang utang amarga krisis. Soeharto mudhun ing taun 1998.

Saka 1998 nganti 2001, ana telung (3) présidhèn sing mung sedhéla waé ngrasakaké kuwasa, ya iku: Bacharuddin Jusuf (BJ) Habibie, Abdurrahman Wahid lan Megawati Soekarnoputri. Ing taun 2004 présidhèn Indonésia sing anyar ya iku Susilo Bambang Yudhoyono.

Indonésia saiki nggémbol prakara akèh, wiwit saka dhuwit, pulitik, agama, lan rasa guyub. Acèh lan Papua nyoba luwar saka Nagara Kesatuan Républik Indonésia. Timor Wétan malah wis ngumandhangké kamardikané ing taun 2002 sawisé 24 taun dikuwasani Indonésia lan 3 taun ing panggulawenthahé PBB. Masalah paling anyar sing katimpa nagara iki ya iku anané samubarang karusakan jalaran alam.

Ing 26 Dhésèmber 2004, tsunami nerjang puluhan éwu warga ing Acèh lan Pulo Nias, Sumatra.

Pulitik[besut | besut sumber]

Kanggo tulisan luwih pepak, pirsani Pulitik Indonésia

Pelantikan Présidhèn Indonésia déning Majelis Permusyawaratan Rakyat ing Komplèks Parlemèn Jakarta, 2014.

Indonésia iku saka telung nagara (India, Indonésia, Israèl) sing nganggo sistem dhémokrasi kanthi pas lan bener ing pamaréntahané, arupa nagara républik présidhènsial multiparté sing dhémokratis. Kayadéné ing nagara-nagara dhémokrasi liyané, sistem pulitik sing didhasaraké marang Trias Pulitika ya iku pamisahan kakuwasan lègislatif, èksekutif lan yudhikatif. Kakuwasan lègislatif dicekel déning sawijining lembaga sing jenengé Majelis Permusyawatan Rakyat (MPR) sing dumadi saka rong badan ya iku DPR sing anggota-anggotané arupa wakil-wakil Parté Pulitik lan DPD sing anggota-anggotané makili provinsi. Saben laladan diwakili déning 4 wakil sing dipilih langsung déning rakyat ing laladané dhéwé-dhéwé.

Majelis Permusyawaratan Rakyat (MPR) iku lembaga paling dhuwur nagara. Nanging sawisé amandemèn angka 4, MPR dudu lembaga paling dhuwur manèh. Kaanggotaan MPR owah sawisé Amandeman UUD 1945 ing pèriode 1999-2004. Kabèh anggota MPR iku anggota DPR, ditambah anggota DPD (Dewan Perwakilan Laladan).[18] Anggota DPR lan DPD dipilih liwat pemilu lan dilantik kanthi mangsa kalungguhan limang taun. Wiwit 2004, MPR iku parlemèn sistem rong kamar (bikameral), sawisé kacipta DPD minangka kamar kaloro. Sadurungé, anggota MPR iku kabèh anggota DPR ditambah Utusan Golongan. MPR wektu iki dipangajengi Hidayat Nur Wahid. Anggota MPR wektu iki ana 550 anggota DPR lan 128 anggota DPD. DPR wektu iki dipangajengi Agung Laksono, déné DPD dipangajengi Ginandjar Kartasasmita.

Lembaga èksekutif punjeré dumunung ana ing présidhèn, wakil présidhèn, lan kabinèt. Kabinèt ing arupa Kabinet Presidensiil saéngga para mentri tanggung jawab marang présidhèn lan ora makili parté pulitik sing ana ing parlemèn. Sanajan mangkono, Présidhèn wektu iki ya iku Susilo Bambang Yudhoyono sing diusung déning Parté Dhémokrat uga nunjuk sawetara pamimpin Parté Pulitik supaya lungguh ing kabinèté. Tujuané kanggo njaga stabilitas pamaréntahan ngèlingi kuwaté posisi lembaga lègislatif. Nanging pos-pos wigati lan strategis lumrahé diisi déning Mentri asal saka wong sing dianggep ahli sajeroning bidhangé.

Lembaga Yudikatif wiwit mangsa réformasi lan anané amandemèn UUD 1945 diayahi déning Mahkamah Agung, Komisi Yudisial, lan Mahkamah Konstitusi, kalebu pangaturan administrasi para hakim. Sanajan mangkono Menteri Hukum lan Hak Asasi Manungsa tetep ana ing kabinèt.

Wewengkon[besut | besut sumber]

Kanggo tulisan luwih pepak, pirsani Laladan-Laladan ing Indonésia

Indonésia iku nagara paling jembar ing Asia Kidul-Wétan sing ketata sajeroning provinsi-provinsi, wektu iki dumadi saka 34 provinsi, lima ing antarané arupa laladan istiméwa. Saben provinsi duwé badan legislatur lan gubernur. Provinsi dipérang dadi kabupatèn lan kutha, sing dipérang manèh dadi kacamatan lan manèh dadi kalurahan lan désa.

Provinsi Acèh, DKI Jakarta, D.I. Yogyakarta, Papua, lan Papua Kulon duwé hak istiméwa legislatur sing luwiih gedhé lan tingkat otonomi sing luwih dhuwur saka pamaréntahan punjer tinimbang provinsi liyané. Contoné, pamaréntahan Nanggroe Acèh Darussalam duwé hak kanggo minangka sistem kukum dhéwé; ing taun 2003, Acèh wiwit ngukuhaké kukum Syariah.[19] Yogyakarta olèh status Laladan Khusus minangka pengakon marang peran wigati Yogyakarta sajeroning ndhukung sajeroning Revolusi.[20] Provinsi Papua, nalika semana mau Irian Jaya, éntuk status otonomi mirunggan taun 2001.[21] Jakarta minangka laladan mirunggan kutha krajan nagara. Timor Portugis didadèkaké provinsi Timor Wétan sasuwéné 1976–1999, kang sabanjuré misah minangka rèferèndum dadi Nagara Timor Leste.[22]

Provinsi ing lan kutha krajané

Sumatra

Jawa

Kapuloan Sundha Kecil

Kalimantan

Sulawesi

Maluku

Papua

Géografi[besut | besut sumber]

Kanggo tulisan luwih pepak, pirsani Géografi Indonésia

Indonésia ana ing posisi antara 6º LL – 11º LK lan 95º BW-141º BW, antara Samudra Pasifik lan Samudra Hindhia, antara Bawana Asia lan Bawana Australia, lan antara patemon 2 rangkeyan pagunungan, ya iku Banjaran Pasifik lan Banjaran Mediteranian.

Indonésia nduwé luwih 18,000 pulo (watara 6000 ora dienggoni) kasebar ing kiwa-tengené khatulistiwa, lan nduwé iklim tropika. Pulo sing paling padhet sing ndunungi ya iku Pulo Jawa, saparo sing ndunungi Indonésia ana ing pulo iki. Indonésia nduwé 5 pulo gedhé, ya iku: Jawa, Sumatra, Kalimantan, Sulawesi, lan Papua.

Lokasi Indonésia uga ana ing pinggir lèmpèng tèktonik sing aktif kang ateges Indonésia asring kena lindhu lan uga tsunami. Indonésia uga nduwé akèh gunung geni, salah sijiné ya iku gunung Krakatau ing selat Sundha.

Ékonomi[besut | besut sumber]

Kanggo tulisan luwih pepak, pirsani Ékonomi Indonésia

Sawah ing Indonésia

Ing pungkasan taun 1990-an Ékonomi Indonésia ngalami kamunduran amarga krisis ékonomi sing ngenani sapérangan gedhé Asia wektu iku nanging Ékonomi Indonésia saiki wiwit stabil manèh.

Indonésia nduwé sumberdaya alam sing gedhé ing sanjabaning Jawa, antarané lenga mentah, gas bumi, timah, tembaga lan emas. Indonésia iku eksportir gas bumi gedhé dhéwé nomer loro ing donya, ning akir-akir iki wiwit dadi importir lenga mentah. Kasil tetanèn kang utama antarané beras, tèh, kopi, rempah-rempah lan janganan lobak.

Mitra dagang Indonésia gedhé dhéwé ya iku Jepang, Amérika Sarékat lan nagara-nagara tanggané ya iku Malaysia, Singapura lan Australia.

Indonésia nduwé akèh sumberdaya alam lan sing ndunungi, nanging isih ngadhepi masalah kamiskinan sing sapérangan gedhéné disebabaké korupsi mligi ing pamaréntahan.

Bank sentral Indonésia ya iku Bank Indonésia.

Démografi[besut | besut sumber]

Kanggo tulisan luwih pepak, pirsani Démografi Indonésia

Yèn dideleng saklepasan, sing ndunungi Indonésia bisa dipérang dadi loro. Ing sisih kulon, sing ndunungi akèh saka suku Malayu. Ing sisih wétan akèh-akèhé saka suku Papua sing nduwé sesambungan karo kapuloan Melanesia. Akèh sing ndunungi sing mratélakaké péranganing suku sing luwih pramana, kang dipérang manut basa lan asal wewengkon, upamané Jawa, Sundha, Batak.

Islam dadi agama mayoritas sing dianut udakara 87% sing ndunungi Indonésia. Angka iki ndadèkaké Indonésia dadi nagara kanthi warga muslim paling akèh ing ndonya. Sisané ngugemi agama Protèstan (8,9%), Katulik (3%), Hindhu (1,8%), Buda (0,8%), lan liya-liyané (0,3%).

Akèh-akèhé sing ndunungi Indonésia migunakaké basa wewengkoné dhéwé kanggo pocapan padinan, Éwasemana, basa Indonésia dadi basa resmi sing diajaraké ing sekolahan.

Sumrambahing sing ndunungi Indonésia ora warata. Sing ndunungi mundhak matikel-tikel kanthi angka sing dhuwur. Pulo Jawa sing aling padhet sing ndunungi, lan uga dadi punjering pamaréntahan. Pulo Jawa iba vital lan strategis lan kudu digatèkaké temenan. Padunung Indonésia sing manggon anèng pulo-pulo sisih lor luwih sithik, tinimbang nagara-nagara kaya ta Jepang, Cina lan India.

Budaya[besut | besut sumber]

Candhi Barabudhur ing Magelang, Jawa Tengah

Kanggo tulisan luwih gamblang, pirsani Budaya Indonésia

Jinising kasenian ing Indonésia akèh diprabawai karo sawetara kabudayan. Tari Jawa lan Bali iku sing kondhang, contoné, akèh antuk pangaribawa saka kabudayan Hindhu. Akèh candhi-candhi sing kawangun kaya ing tanah Indhia. Déné pagelaran wayang lan bathik uga kawentar ing ndonya. Akèhing bebrayan lan agama agawé regeng kabudayan Indonésia.

Kasil Alam[besut | besut sumber]

Karèt[besut | besut sumber]

Karèt naté kondhang kanthi sebutan ‘enam ireng’ lan iku bebathi nguntungaké devisa ing jaman mbiyèn. Ing ndonya, saiki Indonésia ngancik trap angka loro sawisé Malaysia ing babagan karèt. Nagara-nagara sing ngasilaké karèt liyané ya iku Thailand, India, Sri Lanka, Nigeria, Liberia, Zaire, Brazil lan Filipina.

Klapa Sawit[besut | besut sumber]

Kebonan klapa sawit sansaya jembar. Kasilé kaolah dadi lenga lan inti sawit. kasilé iki dièkspor menyang njaba nagara lan uga kanggo kabutuhané wong-wong Indonésia dhéwé.

Tembako[besut | besut sumber]

Aréal tembako (mbako) ing taun 1979 kira-kira ambané 198.000 Ha. Ing antarané saka angka iku ya iku 183.000 Ha kaselenggarakaké déning rakyat, 2000 Ha diurusi cukong-cukong gedhé, lan 13.000 Ha didarbèni pamarintah (PTPN).

Emas lan Pérak[besut | besut sumber]

Emas lan pérak digulawentah déning PT Aneka Tambang ing Banten Kidul, karo Freeport Indonésia lan wiji tembaga ing Papua. Kanthi prasaja, rakyat uga mélu ngolah emas lan pérak kanthi cilik-cilikan.

Aspal Alam[besut | besut sumber]

Panambangan aspal kagiyaraké ing Sulawesi Kidul-Wétan, Sakabèhé 19 lapangan gedhé lan cilik, lima ing antarané kaanggep becik. Yèn dikira sakabèhé, kira-kira 28,5 yuta ton.

Militèr[besut | besut sumber]

Uga delengen[besut | besut sumber]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. ^ "Indonésia" (ed. Country Studies). US Library of Congress. 
  2. ^ Vickers, p. 117
  3. ^ "Population Projection by Province, 2010–2035". Badan Pusat Statistik. Dijupuk 18 May 2015. 
  4. ^ a b c d e "Report for Selected Countries and Subjects: Indonesia". World Economic Outlook. International Monetary Fund. April 2016. Dijupuk 26 August 2016. 
  5. ^ "Gini Index". World Bank. Dijupuk 2 March 2011. 
  6. ^ "Human Development Report 2015" (PDF). United Nations. Dijupuk 15 December 2015. 
  7. ^ Yang, Heriyanto (August 2005). "The History and Legal Position of Confucianism in Post Independence Indonesia" (PDF). Marburg Journal of Religion 10 (1): 8. Dijupuk 2 October 2006. 
  8. ^ "Hanya ada 13.466 Pulau di Indonésia". National Geographic Indonésia (ing basa Indonésia). 8 Fébruari 2012.  Priksa gandra date ing: |date= (pitulung)
  9. ^ "The Naming Procedures of Indonésia's Islands", Tenth United Nations Conference on the Standardization of Geographical Names, New York, 31 July – 9 August 2012, United Nations Economic and Social Council
  10. ^ Burhanudin, Jajat; Dijk, Kees van (31 January 2013). "Islam in Indonésia: Contrasting Images and Interpretations". Amsterdam University Press – lumantar Google Books. 
  11. ^ Lamoureux, Florence (1 January 2003). "Indonésia: A Global Studies Handbook". ABC-CLIO – lumantar Google Books. 
  12. ^ Tomascik, T; Mah, JA; Nontji, A; Moosa, MK (1996). The Ecology of the Indonesian Seas – Part One. Hong Kong: Periplus Editions. ISBN 962-593-078-7. 
  13. ^ a b Anshory, Irfan (16 August 2004). "Asal-usul Nama Indonésia" (ing basa Indonesia). Pikiran Rakyat. Diarsip saka sing asli ing 15 December 2006. Dijupuk 5 October 2006. 
  14. ^ Earl, George SW (1850). "On The Leading Characteristics of the Papuan, Australian and Malay-Polynesian Nations". Journal of the Indian Archipelago and Eastern Asia (JIAEA): 119. 
  15. ^ Logan, James Richardson (1850). "The Ethnology of the Indian Archipelago: Embracing Enquiries into the Continental Relations of the Indo-Pacific Islanders". Journal of the Indian Archipelago and Eastern Asia (JIAEA): 4:252–347. 
  16. ^ Earl, George SW (1850). "On The Leading Characteristics of the Papuan, Australian and Malay-Polynesian Nations". Journal of the Indian Archipelago and Eastern Asia (JIAEA): 254, 277–8. 
  17. ^ a b Justus M van der Kroef (1951). "The Term Indonésia: Its Origin and Usage". Journal of the American Oriental Society 71 (3): 166–71. JSTOR 595186. doi:10.2307/595186. 
  18. ^ Majelis Permusyawaratan Rakyat. Amandemen Ketiga Undang-Undang Dasar 1945 (PDF). Dijupuk 2006-12-13. 
  19. ^ Michelle Ann Miller (2004). "The Acèh law: a serious response to Acehnese separatism?". Asian Ethnicity 5 (3): 333–351. doi:10.1080/1463136042000259789. 
  20. ^ Dewan Perwakilan Rakyat (1999). Chapter XIV Other Provisions, Art. 122; Indonésia Law No. 5/1974 Concerning Basic Principles on Administration in the RegionPDF (146 KiB) (versi pertalan). Présidhèn Indonésia (1974). Chapter VII Transitional Provisions, Art. 91
  21. ^ Dursin, Richel; Yamin, Kafil (18 November 2004). "Another Fine Mess in Papua". Editorial (The Jakarta Post). Dijupuk 2006-10-05. ; "Papua Chronology Confusing Signals from Jakarta". The Jakarta Post. 18 November 2004. Dijupuk 5 October 2006. 
  22. ^ Burr, W.; Evans, M.L. (6 December 2001). "Ford and Kissinger Gave Green Light to Indonésia's Invasion of East Timor, 1975: New Documents Detail Conversations with Suharto". National Security Archive Electronic Briefing Book No. 62. National Security Archive, The George Washington University, Washington, DC. Dijupuk 17 September 2006. 

Wacan luwih lanjut[besut | besut sumber]

  • Friend, T. (2003). Indonesian Destinies. Harvard University Press. ISBN 0-674-01137-6. 
  • Ricklefs, M. C. (1991). A History of Modern Indonesia since c.1300, Second Edition. MacMillan. ISBN 0-333-57689-6. 
  • Schwarz, A. (1994). A Nation in Waiting: Indonesia in the 1990s. Westview Press. ISBN 1-86373-635-2. 
  • Taylor, Jean Gelman (2003). Indonesia: Peoples and Histories. New Haven and London: Yale University Press. ISBN 0-300-10518-5. 
  • Vickers, Adrian (2005). A History of Modern Indonesia. Cambridge University Press. ISBN 0-521-54262-6. 

Pralala njaba[besut | besut sumber]

Pamaréntah
Informasi umum