Wong Madura

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Wong Madura
Orèng Maduraاورڠ مدورا
Madura bull racing 1999.jpeg
Wong Madura nganakaké karapan sapi ing Sumenep, Madura.
Gunggung cacah jiwa
(6,8 yuta (cacah jiwa 2000))
Tlatah mawa cacah jiwa akèh
Provinsi Jawa Wétan: 6,2 yuta
Basa
Madura, Indonésia, Jawa
Agama
Islam lan ana minoritas Kristen
Golongan ètnik magepokan
Wong Jawa, Wong Melayu

Wong Madura ing Indonésia cacahé kira-kira ana 15 yuta. Asale urip ing Pulo Madura lan pulo-pulo saindhengane, kaya ta Gili Raja, Pulo Sapudi, Pulo Raas lan Kangean. Saliyané iku, wong Madura urip ing wetaning Jawa Wétan, kaya ta mila pinggir segara saka Surabaya nganthi Banyuwangi. Wong Madura ing Situbondo lan Bondowoso, lan wetane Probolinggo cacahé paling akèh, lan ora ana sing bisa Basa Jawa.

Wong Madura uga urip ing Kalimantan, sing tas ana konflik lan rajapati ing Sampit lan Sambas. Wong Madura dhasaré wong sing seneng ngranto, karna kahanan tlatahe sing ora becik kanggo tani. Wong Madura seneng dhodholan lan dominan ing pasar-pasar. Saliyané iku akèh sing nyambut dhadi pengepule wesi-wesi tuwa lan barang-barang rombeng liyané.

Wong Madura misuwur karna sipate sing keras, gampang nesu, nanging gemi lan sregep ing penggawéan. Kanggo minggah Kaji, wong Madura sanajan mlarat mesti nglumpukake pangasilane (najan sethithik) kanggo simpenan kaji. Saliyané iku wong Madura diweruhi ndhuwe tradisi Islam sing medhok, sanajan kadang nglakoni Pethik Laut utawa Rokat Tasse (padha karo Larung Sesaji).

Harga diri, uga paling penting ning uripe wong Madura, dhèwèké ndhuwe paribasan Lebbi Bagus Pote Tollang, atembang Pote Mata. Artine, luwih becik mathi ketimbang kewirangan. Tradisi carok uga asalé saka sipat iku.

Ora sithik wong Madura kang dadi tokoh nasional kaya ta:

Uga ana tokoh pejuang kamardikan kang pantes dadi Pahlawan nasional Indonesia kaya ta:

Madura uga duweni tokoh ulama kaya ta