Fauna Indonésia

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Harimo Sumatra, subspesies harimo ingkang paling alit wonten ing Indonésia

Fauna Indonésia inggih punika manéka warna jinis kéwan ingkang wonten ing Indonésia. Fauna ing Indonésia gadhah ragam ingkang inggil amargi wlayahipun wiyar lan amargi wujud kapuloan Indonésia ingkang gadhah iklim tropis.[1] Ragam fauna ingkang inggil punika dipunjalari amargi wonten Garis Wallace, mbagi Indonésia dados kalih area inggih punika zoogeografi Asia ingkang kénging pangaribawa saking fauna Asia, lan zona zoogeografi Australasia ingkang kénging pangaribawa saking fauna Australia[2]. Wontenipun campuran fauna ing Indonésia punika ugi kénging pangaribawa saking ékosistem ingkang manéka warna ugi, ing antawisipun: pasisir, bukit pasir, muara, hutan bako, lan terumbu karang. Masalah ékologi ingkang wonten ing Indonésia inggih punika saking asiling prosès indhustrialisasi lan tuwuhing populasi ingkang inggil, ingkang njalari prioritas kanggé njagi lingkungan dados radi kirang[3]. Kahanan punika badhé langkung parah amargi aktivitas pembalakan alasan, ingkang njalari kirangipun areanipun alas; déné perkawis sanèsipun, kalebet urbanisasi, polusi udara, manajemen sampah lan sistem pengolahan limbah ugi gadhah peran wonten ing risaking alas.

Asalipun faunan Indonésia[besut | besut sumber]

Asal wiwitaning wontenipun fauna ing Indonésia dipunpangaribawani déning aspek géografi lan prastawa géologi ing bawana Asia lan Australia[4]. Ing jaman purba, pulo Irian (New Guinea) gandheng kaliyan bawana Australia.

Paparan sunda[besut | besut sumber]

Maneka warna jinising kéwan ingkang wonten ing laladan paparan sunda, ingkang nyangkup Sumatra, Jawa, Kalimantan, lan pulo-pulo alit sanèsipun ingkang wonten ing sakiteripun gadhah titikan ingkang khas ingkang kados fauna ing Asia. Spesies-spésies ageng kados ta harimao, warak, orangutan, gajah, lan leopard kathah kasebar wonten ing laladan punika, sanajan sapérangan ageng kéwan punika sak punika dipunlebetaken kategori kéwan ingkang sampun badhé cures. Selat Makassar, laut antara Kalimantan lan Sulawesi, saha selat Lombok, ing antawisipun Bali lan Lombok, ingkang dados wates pamisah saking Garis Walace, ingkang dados tandha pungkasaning laladan paparan Sunda.

Mamalia[besut | besut sumber]

Ing wewengkon paparan sunda gadhah kirang langkung cacahipun 515 spésies endemik wonten in dharah[5]. Sapérangan ageng saking spésies-spésies punika sampun kaancem kawontenanipun lan sampun badhé cures. Kalih spésies orang utan, inggih punika Pongo pygmaeus (orangutan Kalimantan) lan Pongo abelii (orangutan Sumatra) kalabet déning pratélan abrit IUCN. Mamalia sansesipun ingkang ugi misuwur, kados ta kethèk.

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ "Indonésia’s Natural Wealth: The Right of a Nation and Her People". Islam Online. 2003-05-22. Dijupuk 2013-02-09. 
  2. ^ Severin, Tim (1997). The Spice Island Voyage: In Search of Wallace. Great Britain: Abacus Travel. ISBN 0-349-11040-9. 
  3. ^ Jason R. Miller (1997-01-30). "Deforestation in Indonésia and the Orangutan Population". TED Case Studies. 
  4. ^ "Indonésia-Flora and Fauna". Encyclopedia of the Nations. Encyclopedia of the Nations. 
  5. ^ Whitten, Tony; Peter Paul van Dijk, Lisa Curran, Erik Meijaard, Peter Wood, Jatna Supriatna and Susie Ellis (2004). [www.biodiversityscience.org/publications/hotspots/Sundaland.html "Sundaland"] Priksa gandra |url= (pitulung). Dijupuk 2013-02-09.  Cite nganggo paramèter lawas |coauthors= (pitulung)