Menyang kontèn

Orangutan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Orangutan Borneo.

Orangutan iku kera ageng asli saka alas hutan udan ing Indonesia lan Malaysia. Saiki padha manggon mung ana ing sapérangan papan ing Borneo lan Sumatra, nanging ing jaman Pleistosen padha nyebar ing sak Asia Tenggara lan Cina Kidul. Digolongaké ana ing genus Pongo, orangutan biyèn dianggep minangka spesies tunggal. Wiwit taun 1996, padha dipérang dadi loro spesies: orangutan Borneo (P. pygmaeus, kanthi telung subspesies) lan orangutan Sumatra (P. abelii). Spesies katelu, orangutan Tapanuli (P. tapanuliensis), kapastèkaké sacara definitif ing taun 2017. Orangutan iku spesies kang urip siji-sijiné saka subfamili Ponginae, kang sacara genetis béda karo hominid liyané (gorila, simpanse, lan manungsa) antara 19,3 lan 15,7 yuta taun kepungkur.

Orangutan ingkang paling arboreal saking golongan kera ageng, langkung akèh waktunipun wonten ing wit-witan. Padha gadhah tangan ingkang dawa kanthi sikil ingkang cendhak kanthi rambut warni abang semu coklat ing seluruh badanipun. Jaler dewasa bobotipun kinten-kinten 75 kg (165 lb), dene lare èstri ngantos 37 kg (82 lb). Jaler dominan dewasa gadhah pipi utawi flange ingkang khas lan nggawé suara ingkang dawa kanggé narik èstri lan nyegah saingan; jaler enom ingkang subordinat boten nindakaken lan langkung nyerupai èstri dewasa. Orangutan punika golongan kera ageng ingkang paling nyepi: ikatan sosial utamanipun wonten antawisipun biyung lan anak ingkang gumantung. Woh-wohan punika komponen paling penting wonten ing dietipun orangutan; nanging ugi badhé nedha tanduran, kulit wit, madu, serangga lan endhog manuk. Orangutan saged urip langkung saking 30 taun ing alam bebas lan ing penangkaran.

Orangutan punika kalebet ing golongan primata ingkang pinter sanget. Piyanipun ngginakaken ragam piranti ingkang canggih lan ndamel sayah ingkang rapi saben dalu saking dahan lan godhong-godhongan. Kapinteranipun kewan-kewan punika sampun dipun kaji sacara jembar. Bokmanawi wonten budaya ingkang beda-beda wonten ing populasi. Orangutan sampun katampil wonten ing kasusastran lan kasenian paling ora wiwit abad kaping 18, utaminipun wonten ing karyana ingkang maringi komentar babagan masyarakat manungsa. Studi lapangan babagan kewan-kewan wau dipun wiwiti déning primatolog Birutė Galdikas lan sampun dipun tetepaken ing fasilitas pangreksan wonten ing sak ndonya paling ora wiwit awal abad kaping 19.

Kabeh tiga jenis orangutan dipunanggep minangka spesies kang kritis kaancam punah. Kegiatan manungsa nyebabaken penurunan sing drastis ing populasi lan wilayah sebaranipun. Ancaman kanggo populasi orangutan ing alam bébas kalebet pemburuan lan balas dendam amargi nyantap taneman), rusaké habitat lan deforestasi (kanggé budidaya minyak sawit lan tebangan kayu), lan perdagangan ilegal piaraan eksotis. Sawetawis organisasi konservasi lan rehabilitasi nyedhiyakaken dedikasi kanggo kelangsungan hidup orangutan ing alam bébas.

Ciri-ciri

[besut | besut sumber]
Potret kepala lan pundhak orangutan jaler lan estri tuwa
Orangutan jaler tuwa (kiwa) lan estri Tapanuli (tengen)

Orangutan nduweni parbedaan jinis kang wigati; estri-estrinipun umumipun gadhah dhuwur 115 cm (3 ft 9 in) lan bobotipun watara 37 kg (82 lb), dene jaler-jaler diwasa gadhah dhuwur 137 cm (4 ft 6 in) lan bobotipun 75 kg (165 lb). Yèn dibandhingaké karo manungsa, dhèwèké gadhah panangan kang lumayan dawa. Jaler orangutan gadhah jengkèng tangan watara 2 m (6.6 ft), lan suku kang cendhak. Dhèwèké dipun tutupi kaliyan rambut abrit abang ingkang wiwitanipun warnané oranye cerah lan dados maroon utawi coklat nalika tuwa, dene kulitipun wernané abu-abu ireng. Sanajan umumipun tanpa rambut, pasuryanipun jaler bisa tumuwuh rambut, maringi swasana brewok.[1][2]:13–15

Orangutan gadhah kuping lan irung alit; kupingé tanpa lobus.[1] Rata-rata isi endokranial punika 397 cm3.[3] Rangka sirahipun luwih dhuwur tinimbang rai, kang manggèn ingkang ngelungkup lan prognathous.[1] Manawi dipunbandhingaken kaliyan simpanse lan gorila, brow ridge ing orangutan boten sumelar.[4] Wedok lan jaler alit gadhah tengkorak kang ageng lan rai kang tipis, déné jaler dewasa gadhah ciri sagittal crest kang menonjol, gilig pipi utawi flange,[1] kantong tenggorokan kang amba lan taring kang dawa.[1][2]:14 Gilig pipi punika umumipun saking jaringan lemak lan didhukung déning otot-otot rai.[5] Kantong tenggorokan punika minangka ruang resonansi kanggé nggawé swanten dangu.

An orangutan skeleton
Rangka orangutan Borneo ingkang isih enom

Sitiran

[besut | besut sumber]
  1. a b c d e Groves, Colin P. (1971). "Pongo pygmaeus". Mammalian Species (4): 1–6. doi:10.2307/3503852. JSTOR 3503852.
  2. a b Payne, J; Prundente, C (2008). Orangutans: Behaviour, Ecology and Conservation. New Holland Publishers. ISBN 978-0-262-16253-1.
  3. Aiello, L.; Dean, C. (1990). An Introduction to Human Evolutionary Anatomy. Academic Press. kc. 193. ISBN 0-12-045590-0.
  4. Hilloowala, R. A.; Trent, R. B. (1988). "Supraorbital ridge and masticatory apparatus I: Primates". Human Evolution. 3 (5): 343–50. doi:10.1007/BF02447216. S2CID 83923845.
  5. Winkler, L. A. (1989). "Morphology and relationships of the orangutan fatty cheek pads". American Journal of Primatology. 17 (4): 305–19. doi:10.1002/ajp.1350170405. PMID 31964053. S2CID 83661029.