Terumbu karang

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Simbiosis mutualisme alga karo terumbu karang ing pulau Endenbury.
Terumbu Karang ing Kepulauan Seribu

Terumbu karang ya iku sakumpulan kéwan karang kang duwé simbiosis karo jinising tanduran alga kang sinebut zooxanhellae.[1]

Bentuké kéwan karang aneh, kaya watu lan duwé warna lan wujud manéka rupa. Kéwan iki sinebut polip, ya iku kéwan pambentuk utama terumbu karang kang ngasilaké zat kapur. Polip-polip iki nganti ewonan taun anggoné mbentuk terumbu karang.

Manfaat terumbu karang[besut | besut sumber]

Ing konteks ékonomi, terumbu karang duwé manfaat kang kapérang dadi rong golongan, ya iku manfaat berkelanjutan lan manfaat kang ora berkelanjutan.[2]

MANFAAT BERKELANJUTAN[besut | besut sumber]

  • Perikanan lepas pasisir

Pirang-pirang sumberdaya iwak pelagis (tuladhané Scombridae, Exocoetidae,Carangidae, Charcharinidae) manut marang ékosistem terumbu karang ya iku minangka panggonan memijah, nggedekake anak, lan mangan.

  • Perikanan terumbu

Patang golongan sumberdaya ikan terumbu kang wigati tumrap warigaluh:

  1. Iwak. tuladhané Muraenidae, Serranidae, Holocentridae, Lutjanidae, lsp
  2. Avertebrata, tuladhané Gastropoda, Bivalva, Krustasea, Cephalopoda,Ekhinodermata, Coelenterata.
  3. Reptil, tuladhané ula laut lan penyu.
  4. Makrofita, tuladhané alga lan lamun.

Manfaat ora Berkelanjutan[besut | besut sumber]

  1. Aktivitas ekstratif
  2. Perikanan kanthi metode destruktif
  3. Pangumpulan organisme terumbu
  4. Perdagangan biota ornamental
  5. Pambangunan pasisir

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ lablink.or.id diundhuh tanggal 22 Mèi 2012
  2. ^ scribd.com diundhuh tanggal 22 Mèi 2012