Ula

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Ula
Kalamangsa: Cretaceous-Saiki
Snakes Diversity.jpg
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Animalia
Filum: Chordata
Subfilum: Vertebrata
Klas: Sauropsida
Subklas: Diapsida
Infraklas: Lepidosauromorpha
Superordho: Lepidosauria
Ordho: Squamata
Subordho: Serpentes
Linnaeus, 1758
Infraordo lan Familia


Ula utawa sawer ing basa krama, kalebu bangsaning kéwan melata utawa reptil. Kajaba iku, uga kalebu cacahing ordho squamata lan sapaduluran karo Kadal. Ula iki kagolong kéwan sing adhem getihé dadi kudu akèh mépé ing cahyaning srengéngé kanggo manaské awak, ora ana cèkèré lan awaké dawa banget.

Kabèh ula mangan daging utawa diarani karnivora, milai saka kéwan cilik-cilik kaya kadhal, tikus, endhog, nganti kéwan sing gedhé kaya kidang, babi lan baya. Ula ana sing matèni pakané nganggo upas, dadi sadurungé ngeleg kurbané, dhèwèké nyakot dhisik nganggo siyungé sing duwé upas, banjur yèn kéwan kurbané mati ula bisa mangan kurbané ing cara sing adhem ayem. Kajaba iku ana ula sing matèni kurbané nganggo uletané sing reket, lumrahé dhèwèké ngguleti kurbané banjur dicengkrem nganti kentèkan ambegan lan sawisé mati, banjur dilebokaké langsung ing awaké.

Ula ora bisa nyacah panganané, nanging dileg langsung lan sabubaré mangan, ula bisa pasa ora mangan apa-apa, milai saka setengah wulan, nganti bisa wulan-wulanan. Ula uga nduwé cangkem sing amba, ula bisa mangap nganti 180 drajat, dadi bisa mangan kurban sing luwih gedhé ketimbang awaké. Kajaba iku, kanggo ngawasi saindhengé, ula nganggo ilaté kanggo ngrasakaké kahanan utawa kurban, lan infra abang kanggo ndeleng ana manungsa, kéwan utawa kahanan sing mbebayani, tur ula iku tuna rungu, ora bisa ngrungokaké swara-swara.

Jinisé ula upas, ya iku:

Lan jinisé ula gedhé ya iku:

Jinisé ula liyané, ya iku:

Ula sing paling dawa ing donya, ya iku sing jinisé Anakonda. Uripé ana ing tlatah Amérika lan dawané bisa nganti 11 mèter.

Pranala njaba[besut | besut sumber]