Ula kobra

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Kobra
L14cobra.jpg
Kobra mesir (Naja haje)
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Animalia
Filum: Chordata
Klas: Reptilia
Ordho: Squamata
Subordho: Serpentes
Famili: Elapidae
Génus: Naja
Laurenti, 1768
Spesies

Tingali teks.

Ula sendok utawi ingkang misuwuripun ula kobra inggih punika jinis ula kang gadhah wisa, ula punika asalipun saking suku Elapidae. Dipun wastani ula sendok amargi ula punika saged jumenengaken saha mipihaken jangganipun nalika wonten musuh ingkang badhé ngganggu, kaanan jangga ingkang kados punika kang dipunwastani kados déné sendok utawi irus (sendok sayur).[1] Istilah ula sendok kapundhut saking basa Inggris, cobra, ingkang sajatosipun saking ampilan Basa Portugis, cobra inggih punika wastanan kanggé ula, ingkang dipunandhapaken saking Basa Latin colobra(coluber, colubra) ingkang tegesipun ula.[1]

Kawruh[besut | besut sumber]

Nalika para pelaut Portugis wonten ing abad 16 dhateng Afrika saha Asia Kidul, piyambakipun ngasmani ula temonanipun kanthi cobra-capelo, ula bertudung. Kanthi wastanan punika, kathah wastanan énggal kados déné Spanyol, Prancis, basa Inggris, basa Éropah, lsp.[1]

Jinis saha Panggénan[besut | besut sumber]

Ula sendok limrahipun mapan ing tlatah tropis kaliyan ara-ara ing Asia saha Afrika. Panjang ula sendok ngantos 1,2–2,5 mèter. Panjangipun King-cobra limrahipun ngantos 5,6 mèter, saha minangka ula ingkang gadhah wisa ageng sakdonya.[1] Wonten ing tlatah Asia gadhah kathah jinis ula sendok, jinisipun inggih punika: 1. Kobra india (Naja naja), Warnanipun klawu radi cemeng, kobra punika gadhah pola gambar kaca tingal ing sakwingkipun tudung. Panggénanipun dumunung ing India, Pakistan, Nepal, Bangladesh saha Sri Lanka.

2. Kobra asia-tengah (Naja oxiana) Panggénanipun saking Turkmenistan, Uzbekistan, Tajikistan, Iran, Afganistan, Pakistan, ngantos India lor.

3. Kobra kaca-tunggal (Naja kaouthia) alih-alih kaca tingal, pola gambar ing gegeripun wujud kaca-tunggal, inggih punika pola bundheran konsentrik kados ta aksara O. Panggénanipun dumunung ing Nepal, India timur laut, Bangladesh, Burma, Thailand, Laos, Kamboja, Vietnam pérangan kidul, Tiongkok kidul, saha pérangan lèr, Malaysia.

4. Kobra burma (Naja mandalayensis) Panggénanipun dumunung ing kiwa-tengené kutha Mandalay. Mampu nyemburaken wisa (spitting cobra).

5. Kobra andaman (Naja sagittifera) Panggénanipun winates namung ing Kep. Andaman.

6. Kobra tiongkok (Naja atra) Panggénanipun dumunung ing Tiongkok kidul, pérangan lèr Vietnam, saha Laos.

7. Kobra siam (Naja siamensis) Panggénanipun dumunung ing Thailand, Kamboja, Laos, saha Vietnam pérangan kidul. Biyasanipun nyemburaken wisa.

8. Ula sendok sumatra (Naja sumatrana) Ugi asring nyemburaken wisa, (basa Latin sputare, tegesipun ngecohaken). Panggénanipun dumunung ing Jawa, Bali, Lombok, Sumbawa, Komodo, Flores ngantos Alor. Mungkin uga ing pulo sakitaripun.

9. Kobra filipina (Naja philippinensis) Panggénanipun ing lèr saha kulon Filipina, ing pulo-pulo Luzon, Mindoro, Marinduque, Masbate, saha mungkin unga ing Calamian saha Palawan.

10. Kobra mindanao (Naja samarensis) Panggénanipun ing kidul saha wétan Filipina, ing pulo-pulo Mindanao, Samar, Leyte, Bohol ing sakitaripun.

Manawi kobra saking Afrika antawisipun:

11. Kobra mesir (Naja haje) ula punika gadhah jeneng sanès inggih menikja asp ingkang misuwur wonten ing kawruh amargi dipun-ginakaken Cleopatra, ratu Mesir, kanggé bunuh diri.

12. Naja melanoleuca

13. Naja annulifera

14. Naja nigricollis, kobra penyembur saking Afrika.

15. Naja mossambica, kobra Mozambik

16. Naja nivea[1]

Wisa Ula sendok[besut | besut sumber]

Wisa Ula sendok saged mejahaken manungsa. Ula sendok mejahaken mangsanipun kanthi cara nyokot sesarengan lebetaken wisa neurotoxin. Wisa mau mejahaken saraf-saraf saha otot-otot mangsanipun kanthi wekdal pinten-pinten menik kemawon. Sanésipun, ula sendok mejahaken mangsanipun kanthi nyemburaken wisa ing soca mangsa; nanging boten sadaya kobra saged kanthi cara punika.[1] Kobra ajeng nyerang manawi kahananipun kaganggu déning mangsa punika, boten mesthi ula sendok nyokot kanthi medhalaken wisa, wonten kalanipun namung nyokot kemawon (cokotan garing utawi kosong).[1]

Tetengeran Keracunan[besut | besut sumber]

  • Wisa kobra, kados déné Elapidae asipat neurotoksin, inggih punika mejahakenpakaryan jaringan saraf. Biyasanipun pasien ngalami raos ngantuk, éwed ambèkan, ngantos detak jantung kaganggu.
  • Wisa kobra Jawa saha Sumatra saged ngrusak jaringan ing sakitaripun ingkang asipat hemotoksin, inggih punika lebam ngewrat rah saha raos sakit sasampunipun menit-menit sepindha.

Wonten kaanan mau, raos ajrih punika saged damel (shock) kanggé pasien, kaanan sapunika kedah langsung dipuntangani amargi saged mbahayani kanggé jiwa pasien.[1]

Khasiat Ula sendok[besut | besut sumber]

Ula sendok uga gadhah khasiyat kanggé sarira, empedu ula sendoksaged dipun-ginakaken kanggé nurunaken bentér, ndamel kulit dados becik, jantung dados kuwat, paru-paru dados becik.[2]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b c d e f g h Kawruh Ula Kobra (dipununduh 09 Novèmber 2012)
  2. Khasiat Ula sendok /
Montel Heidelburg - Cobra Website
The Asiatic Cobra Systematics Page
EMBL Reptile Database - Family Elapidae
Genus Naja pada EMBL Reptile Database, diakses tgl 28/07/2006
ITIS Database, diakses tgl 28/07/2006