Getih

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Getih (diucapaké: [gətih], [gəti], [gətɪh], [gətɛh]; basa krama: rah utawa ludira utawa rudira) iku cuwèran kang ana ing kabèh kéwan tingkat dhuwur kang duwé fungsi ngirimaké dat-dat lan oksigèn kang dibutuhaké déning jaringan awak, ngangkud bahan-bahan kimia asil metabolisme, lan uga minangka pertahanan awak saka virus utawa bakteri. Istilah medis kang ana gayutané kaliyan getih diwiwiti kanthi tembung hemo- utawa hemato- kang asalé saka basa Yunani haima tegesé getih.

Ing gegremet, getih (utawa kondhang minangka hemolimfe) ora kalibat ing parédharan oksigèn. Oksigèn ing gegremet diédharaké liwat sistém trakéa wujud saluran-saluran kang nyaluraké udara kanthi langsung nuju jaringan awak. Getih gegremet ngangkud dat nuju jaringan awak lan nyingkiraké bahan sisa métabolisme.

Ing kéwan liya, fungsi utama getih yaiku ngangkud oksigèn saka paru-paru utawa angsang nuju jaringan awak. Ing getih kakandhut hemoglobin kang fungsiné minangka pangiket oksigèn. Ing sabagéan kéwan ora duwé balung mburi utawa invertebrata kang ukurané cilik, oksigèn langsung ngresep nuju njeron plasma getih amarga protéin panggawa oksigèné kalarut kanthi bébas. Hemoglobin wujud protèin pangangkut oksigèn paling éféktif lan ana ing kéwan-kéwan kang duwé balung mburi utawa vertebrata. Hemosianin, kang wernané biru, ngandhut tembaga, lan digunakaké déning kéwan crustaceae. Nus migunakaké vanadium kromagen (wernané ijo enom, biru, utawa kuning oranye).

Getih manungsa[besut | besut sumber]

Getih manungsa iku cuwéran jaringan awak. Fungsi mligi iku ngangkud oksigèn kang diperlokaké déning sel-sel saawak. Getih uga nyuplai jaringan awak kanthi nutrisi, ngangkud dat-dat sisa metabolisme, lan manéka warna bahan panyusun sistém imun. Tujuané ngreksa awak saka manéka warna lelara. Hormon-hormon saka sistém endokrin uga diédharaké liwat getih.

Getih manungsa wernané abang, antarané abang cerah yèn akèh ngandhut oksigèn tekan abang tuwa yèn kakurangan oksigèn. Werna abang ing getih disebabaké déning hemoglobin, protéin ambegan (respiratory protéin) kang ngandhut wesi ing wangun heme, kang wujud papan kaiketé molekul-molekul oksigèn.

Manungsa duwé sistém parédharan getih katutup kang tegesé getih mili ing pambuluh getih lan disirkulasèkaké déning jantung. Getih dipompa déning jantung nuju paru-paru kanggo mbuwang sisa metabolisme wujud karbon dioksida lan nyerep oksigèn liwat pambuluh arteri pulmonalis, banjur digawa bali nuju jantung liwat vena pulmonalis. Sawisé iku getih dikirimaké nuju kabèh awak déning saluran pambuluh getih aorta. Getih ngédharaké oksigèn nuju kabèh awak liwat saluran alus getih kang karan pambuluh kapiler. Getih banjur bali nuju jantung liwat pambuluh getih vena cava superior lan vena cava inferior.

Getih uga ngangkud bahan bahan sisa metabolisme, obat-obatan lan bahan kimia asing nuju ati kanggo diurèkaké lan nuju ginjel kanggo dibuwang minangka uyuh.

Komposisi[besut | besut sumber]

Getih kapérang saka sapérangan jinis korpuskula kang mbentuk 45% péranganing getih. Pérangan 55% liyané wujud cuwéran semu kuning kang mbentuk medium cuwéran getih kang karan plasma getih.

Korpuskula getih kapérang saka:

Eritrosit ora duwé nukleus sel uga organela, lan ora dianggep sel saka segi biologi. Eritrosit ngandhut hemoglobin lan ngédharaké oksigèn. Sel getih abang uga duwé peran ing panenton golongan getih. Penyakité wong kang kakurangan eritrosit iku anemia.
  • Keping-keping getih utawa trombosit (0,6-1,0%)
Trombosit duwé tanggung jawab ing prosès pangenthelan getih.
Leukosit duwé tanggung jawab marang sistém imun awak lan tugasé musnahaké brang-barang kang dianggep asing lan mbebayani déning awak, umpamané virus utawa bakteri. Leukosit duwé sipat amuboid utawa ora duwé wangun kang tetep. Penyakit wong kang kaluwihan leukosit iku leukimia, éwadéné penyakité wong kang kakurangan leukosit iku leukopenia.

Plasma getih dhasaré iku larutan banyu kang ngandhut:

Kasehatan[besut | besut sumber]

Tatu bisa njalari kélangan getih kang parah. Trombosit marakaké getih ngenthel, nutup tatu cilik, nanging tatu gedhé perlu rikat dirawat kanggo nyegah dumadiné kakurangan getih. Karusakan ing organ njero bisa njalari tatu njero kang parah utawa hemorrhage.

Hemofilia wujud kalainan genetik kang njalari kagagalan fungsi ing pangenthelan getih sawijining wong. Akibaté, tatu cilik bisa mbebayani nyawa.

Leukemia wujud kanker ing jaringan awak pambentuk sel getih putih. Penyakit iki dumadi amarga kasalahan ing pawilahan sel getih putih kang njalari cacahé sel getih putih mundhak lan banjur mangan sèl getih putih kang normal.

Panggetihan gedhé, amarga kacilakan utawa dudu (kaya ing oprasi), lan uga lelara getih kaya anemia lan thalassemia, kang merlokaké transfusi getih. Sapérangan nagara duwé bank getih kanggo nyukupi panyuwunan kanggo transfusi getih. Panampa getih perlu duwé jinis getih kang padha karo panyumbang.

Getih uga wujud salah siji "vektor" ing panularan lelara. Salah siji conto lelara kang bisa ditularaké liwat getih yaiku AIDS. Getih kang ngandhut virus HIV saka makluk urip kang HIV positif bisa nular marang makluk urip liya liwat sentuhan antarané getih karo getih, sperma, utawa cuwéran awak makluk urip mau. Amarga panularan lelara bisa dumadi liwat getih, objèk kang ngandhut getih dianggep biohazard utawa ancaman biologis.

Ing manéka warna kapentingan diagnosis lelara, tekanan getih duwé peranan kang wigati banget.

Kapercayan[besut | besut sumber]

Amarga getih duwé fungsi wigati kang gedhé marang kauripan, getih dikaitaké marang sapérangan kapercayan.

  • Umat Kristen percaya manawa anggur upacara Ékaristi nglambangaké getih Yesus Kristus kang disokaké kanggo nebus dosa manungsa.
  • Vampir iku makluk fiksi kang dipercayani terus urip kanthi ngisep getih wong kang isih urip.
  • Agama Islam nglarang panganuté mangan/ngombé getih.
  • Ing téyori Abad Pertengahan salah siji saka papat unsur awak, getih dikaitaké marang unsur geni lan ‘’riang’’ lan ‘’pelahap’’ kang dikenali minangka duwé pawatakan "berdarah".

Pirsanana uga[besut | besut sumber]

Pranala njaba[besut | besut sumber]