Eritrosit

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Eritrosit manungsa

Eritrosit (sel darah merah) (Basa Inggris: red blood cell (RBC), erythrocyte)[1] yaiku jenis getih kang paling akèh ana ing awak lan nduwé kagunan nggawa oksigen tumuju jaringan-jaringan awak lumantar getih ing kéwan vertebrata. Tembung eritrosit asalé saka basa Yunani, yaiku erythros tegesé abang lan kytos tegesé selubung utawa sèl.

Ciri-ciri[sunting | sunting sumber]

Bentuk eritrosit yaiku bunder, bikonkaf utawa cakram. Eritrosit ora nduwé inti, dhindhingé elastis, sarta fleksibel.[2] Ukuran diamèteré udakara 7,7 unit (0,007 mm) lan ora obah. Akèhé udakara 5 yuta ing 1 mm3. Wernané kuning rada abang.[3]

Bagéyan jero eritrosit kawangun saka hemoglobin, siji biomolekul kang bisa nalèni oksigen. Hemoglobin bakal njupuk oksigen saka paru-paru lan insang, lan oksigen kasebut bakal diculaké nalika eritrosit nglwéati pembuluh kapiler. Werna abang eritrosit asalé saka werna hemoglobin kang unsur bahan nggawéné saka zat besi. Ing manungsa, sel getih abang iki digawé ing sumsum balung buri, banjur mbentuk kepingan bikonkaf. Ing jero sritrosit ora ana inti sèl (nukleus). Eritrosit aktif 120 dina sadurungé pungkasane remuk.[4]

Kagunan[sunting | sunting sumber]

Kagunan eritrosit kang utama yaiku nalèni oksigen saka paru-paru kanggo disebar tumuju kabèh jaringan awak lan nalèni karbon dioksida saka jaringan awak kanggo ditokaké liwat paru-paru.[3] Prosès nalèni oksigen lan karbondioksida iki ditindakaké dèning hemoglobin kang wis mbentuk senyawa karo oksigen kang banjur diarani oksihemoglobin (Hb + oksigen 4 Hb-oksigen).[3] dadi, oksigen kang diangkut saka kabèh bagéyan awak minangka oksihemoglobin kang mengkoné sawisé tekan jaringan bakal diculaké: Hb-oksigen Hb + oksigen, lan sabanjuré.[3] Hb mau bakal mentuk senyawa karo karbondioksida lan diarani karbon dioksida hemoglobin (Hb + karbon dioksida Hb-karbon dioksida) ing endi karbon dioksida kasebut bakal diculaké ing paru-paru.[3]

Nalika eritrosit ana ing tegangan ing pembuluh kang sempit, eritrosit bakal ngeculaké ATP kang bakal njalari dhindhing jaringan ngaso lan dadi amba.[5]

Eritrosit uga ngeculaké senyawa S-nitrosothiol nalika hemoglobin terdeoksigenasi, kang uga nduwé kagunan kanggo ngambakaké pembuluh getih lan nglancaraké iliné getih supaya getih mili tumuju bagéyan awak kang kurang oksigen.[6]

Eritrosit uga migunani ing sistem kekebalan awak. Nalika eritrosit ngalami prosès lisis dèning patogen utawa baktèri, hemoglobin ing eritrosit bakal ngeculaké radhikal bébas kang bakal ngremuk dhindhing lan mémbran sèl patogen, sarta matèni.[7][8]

Eritrosit ing manungsa[sunting | sunting sumber]

Kepingan eritrosit manungsa nduwé diamèter udakara 6-8 μm lan kekandelan 2 μm, luwih cilik tinimbang sèl-sèl liyané kang ana ing awak manungsa.[9] Eritrosit normal nduwèni volume udakara 9 fL (9 femtoliter). Udakara sepertelon saka volume kang diisèni hemoglobin yaiku kabèh ana 270 yuta molekul hemoglobin, ing endi saben molekul nggawa 4 gugus heme.

Wong dewasa nduwé 2-3 × 1013 eritrosit saben wektu (wong wadon nduwé 4-5 yuta eritrosit per mikroliter getih lan waong lanang nduwé 5-6 yuta). Déné wong kang manggon ing dhataran dhuwur kang duwé kadhar oksigen cendhak, nduwé eritrosit kang luwih akèh. Eritrosit kaandhut ing getih kanthi gunggungé kang dhuwur dibandhingaké karo partikel getih liyané, kayata leukosit kang mung 150.000-400.000 ing saben mikroliter ing getih manungsa. Ing manungsa, hemoglobin ing eritrosit nduwni peran kanggo ngeteraké luwih saka 98% oksigen tumuju kabèh bagéyan awak, déné sisané larut ing jero plasma getih. Eritrosit ing jero awak manungsa nyimpen udakara 2.5 gramak besi, nyulihi udakara 65% kandhutan besi ing awak manungsa.[10][11]

Polimorfisme lan kelainan[sunting | sunting sumber]

Morfologi eritrosit kang normal yaiku bikonkaf. Cekungan (konkaf) ing eritrosit digunakaké kanggo mènèhi ruang hemoglobin kang bakal nalèni oksigen. Nanging, polimorfisme kang njalari abnormalitas ing eritrosit bisa njalari tuwuhé akèh penyakit. Padatan, polimorfisme dijalari dèning mutasi gen pengkode hemoglobin, gen pengkode [[protein transmembran, utawa gen pengkode protein sitoskeleton. Polimorfisme kang bisa kadadéyan antara liya yaiku anemia sel sabit, Duffy negatif, Glucose-6-phosphatase deficiency (defisiensi G6PD), talasemia, kelainan glikoporin, lan South-East Asian Ovalocytosis (SAO).[12]


Cathetan suku[sunting | sunting sumber]

  1. ^ "John W. Kimball's Biology pages - Blood". http://users.rcn.com/jkimball.ma.ultranet/BiologyPages/B/Blood.html. Retrieved 2010-02-14.
  2. ^ (id)Fungsi Darah(diundhuh 1 Februari 2013)
  3. ^ a b c d e (id)Fungsi dan Bagian Darah(diundhuh 1 Februari 2013)
  4. ^ Laura Dean. Blood Groups and Red Cell Antigens
  5. ^ Wan, Jiandi; William D Ristenpart, Howard A Stone (2008-10-15). "Dynamics of shear-induced ATP release from red blood cells". Proceedings of the National Academy of Sciences of the United States of America. doi:0805779105. PMID 18922780. http://www.pnas.org/content/early/2008/10/14/0805779105.
  6. ^ Diesen, Diana L; Douglas T Hess, Jonathan S Stamler (2008-08-29). "Hypoxic vasodilation by red blood cells: evidence for an s-nitrosothiol-based signal". Circulation Research 103 (5): 545–53. doi:CIRCRESAHA.108.176867. PMID 18658051. http://circres.ahajournals.org/cgi/content/full/103/5/545.
  7. ^ Red blood cells do more than just carry oxygen. New findings by NUS team show they aggressively attack bacteria too., The Straits Times, 1 September 2007
  8. ^ Jiang N, Tan NS, Ho B, Ding JL. Respiratory protein-generated reactive oxygen species as an antimicrobial strategy. Nature Immunology, 26 August 2007. PMID 17721536.
  9. ^ Hillman, Robert S.; Ault, Kenneth A.; Rinder, Henry M. (2005), Hematology in Clinical Practice: A Guide to Diagnosis and Management (4 ed.), McGraw-Hill Professional, ISBN 0071440356
  10. ^ Iron Metabolism, University of Virginia Pathology. Accessed 22 September 2007.
  11. ^ Iron Transport and Cellular Uptake by Kenneth R. Bridges, Information Center for Sickle Cell and Thalassemic Disorders. Accessed 22 September 2007.
  12. ^ Kwiatkowski DP. 2005. How malaria has affected the human genome and what human genetic can teach us about malaria. Am. J. Hum. Genet. 77: 171-92.
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Eritrosit&oldid=836310"