Menyang kontèn

Karbon dioksida

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Karbon dioksida

Karbon dioksida utawa zat asam arang (rumus kimia: CO2) iku salah siji senyawa kimia kang kasusun saka loro atom oksigen sing kaiket sacara kovalen karo siji atom karbon. Wujude gas nalika ana ing kahanan suhu lan tekanan standar lan ana ing atmosfer bumi. Rata-rata konsentrasi karbon dioksida ing atmosfer bumi ing wulan Maret 2022 yaiku 417 ppm adhedhasar volume, dibandhingake karo konsentrasi sadurunge jaman industri yaiku 280 ppm. Karbon dioksida iku gas omah kaca sing wigati amarga bisa nyerep gelombang inframerah kanthi kuwat.[1][2]

Karbon dioksida diasilake dening kabeh kéwan, tetuwuhan, jamur, lan mikroorganisme sajrone proses respirasi lan digunakake dening tetuwuhan sajrone proses fotosintesis. Mula, karbon dioksida dadi komponen penting ing siklus karbon. Karbon dioksida uga kawangun minangka asil samping saka pambakaran bahan bakar fosil. Karbon dioksida anorganik metu saka gunung geni lan proses geotermal liyane kayata ing sumber banyu panas.

Karbon dioksida ora nduwèni wujud cair nalika tekanan ing ngisor 5,1 atm, nanging langsung dadi padhet nalika suhu ing ngisor -78 °C. Ing wujud padhet, karbon dioksida lumrahe diarani es garing. CO2 iku oksida asam. Larutan CO2 bisa ngganti warna lakmus saka biru dadi abang semu jambon.

Karbon dioksida iku gas sing ora ana warnane lan ora ana ambune. Nalika kaambegan ing konsentrasi sing luwih dhuwur tinimbang konsentrasi karbon dioksida ing atmosfer, gas iki bakal krasa asem ing cangkem lan ngrangsang irung lan tenggorokan. Efek iki dumadi amarga gas mau larut ing membran mukosa lan saliva, banjur mbentuk larutan asam karbonat sing sipate lemah. Rasa iki uga bisa dirasakake nalika wong sendawa sawisé ngombe banyu berkarbonasi (umpamane Coca-Cola). Konsentrasi sing luwih saka 5.000 ppm ora becik tumrap kesehatan, dene konsentrasi luwih saka 50.000 ppm bisa mbebayani tumrap urip kéwan.[3]

Ing suhu −78,51° C, karbon dioksida langsung nyublim dadi padhet liwat proses deposisi. Wujud padhete karbon dioksida lumrahe diarani “es garing”. Fenomena iki kapisan dipantau dening ahli kimia Prancis, Charles Thilorier, ing taun 1825. Es garing biyasane digunakake minangka zat pendingin sing regane relatif murah. Sifat sing ndadekake praktis yaiku amarga karbon dioksida langsung nyublim dadi gas lan ora ninggalake cairan. Panggunaan liyane saka es garing yaiku kanggo reresik nganggo cara sembur.[4]

Cairan karbon dioksida mung kawangun nalika tekanan luwih saka 5,1 atm; titik tripel karbon dioksida kira-kira 518 kPa ing suhu −56,6 °C. Dene titik kritise karbon dioksida yaiku 7,38 MPa ing suhu 31,1 °C.

Ana uga wujud amorf karbon dioksida sing kaya kaca, nanging ora kawangun ing tekanan atmosfer. Wujud kaca iki, diarani karbonia, diasilake saka proses pembekuan CO2 sing sadurunge dipanasake ing tekanan banget dhuwur (40–48 GPa utawa kurang luwih 400.000 atm) ing landhesan inten. Panemuan iki negesake teori manawa karbon dioksida bisa nduweni wujud kaca kaya senyawa liya sing sakgolongan karo karbon, kayata silikon lan germanium. Beda karo kaca silikon lan germanium, kaca karbonia ora stabil ing tekanan normal lan bakal bali dadi gas nalika tekanane diluwari.

Sejarahipun

[besut | besut sumber]

Ing abad kaping-17, sawijining ahli kimia Fleming, Jan Baptist van Helmont, nemokake manawa areng sing diobong ing wadhah tertutup bakal ngasilake awu sing bobote luwih entheng tinimbang bobot areng sakdurunge. Dheweke nyimpulake yen sawenèh bagean saka areng mau wis malih dadi zat sing ora katon, lan zat kasebut dijenengi “gas” utawa spiritus sylvestre (tegesé: arwah liar).

Sifat-sifat karbon dioksida banjur ditliti luwih lanjut ing taun 1750 déning fisikawan Skotlandia, Joseph Black. Dheweke nemokake manawa watu gamping (kalsium karbonat) yen diobong utawa diwenehi asam bakal ngasilake gas sing dijenengi “fixed air”. Dheweke uga nemokake manawa gas iki luwih abot tinimbang udara lan yen dilebokake ing larutan kapur (kalsium hidroksida) bakal ngendap dadi kalsium karbonat. Fenomena iki digunakake kanggo nerangake yen karbon dioksida asalé saka ambegan kéwan lan fermentasi mikroba. Ing taun 1772, ahli kimia Inggris, Joseph Priestley, nerbitake jurnal kanthi irah-irahan Impregnating Water with Fixed Air. Ing tulisan kasebut, dheweke nerangake proses netesake asam sulfat (utawa minyak vitriol miturut sebutane) marang kapur kanggo ngasilake karbon dioksida, banjur gas mau dipaksa larut kanthi nggoyangake banyu sing kena kontak karo gas kasebut.[5]

Karbon dioksida kapisan bisa dicairake (kanthi tekanan dhuwur) ing taun 1823 déning Humphry Davy lan Michael Faraday. Katrangan kapisan ngenani karbon dioksida padhet dilapurake déning Charles Thilorier nalika ing taun 1834 dheweke mbukak kontainer karbon dioksida cair sing diwenehi tekanan, lan nemokake yen pendinginan kasebut nyebabake penguapan sing ngasilake “salju” CO2 padhet.[5]

Uga delengen

[besut | besut sumber]

Cithakan:Oxides of carbon

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. "Carbon Dioxide - Earth Indicator - NASA Science" (ing basa Inggris Amérika Sarékat). 2025-09-25. Dibukak ing 2026-02-16.
  2. Eggleton, R. A. (2013). A Short Introduction to Climate Change (ing basa Inggris). Cambridge University Press. ISBN 978-1-107-61876-3.
  3. "Carbon dioxide - IDLH | NIOSH | CDC". www.cdc.gov (ing basa Inggris Amérika Sarékat). 2020-03-04. Dibukak ing 2026-02-16.
  4. Informatics, NIST Office of Data and. "Carbon dioxide". webbook.nist.gov (ing basa Inggris). Dibukak ing 2026-02-16.
  5. 1 2 "Joseph Priestley". web.lemoyne.edu. Dibukak ing 2026-02-16.