Menyang kontèn

Grikenlan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Yunani)
Ελληνική Δημοκρατία
Ellinikí Dhimokratía
Gendéraning Yunani
Gendéra
Aditamènging Yunani
Aditamèng
Motto: Ελευθερία ή Θάνατος
(Yunani: "Merdeka atau Mati")
Gunagita: Imnos pros tin Eleftherian
Dunungpenering Yunani
Kuthagara
lan Kutha paling gedhé
Atena
JawatbasaYunani
PapréntahanRépublik
Kamardikan
• Banyu (%)
0,86%
Population
• Pikira-kira 2005
10.668.354 (75)
• Cacahjiwa -
-
GKK  (ITK)Pikira-kira 2005
• Gunggung
US$223,5 miliar (37)
• Saben wong
US$20.362 (34)
ArtacihnaEuro 1 (EUR)
Laladan wektuUTC+2
• Mangsa ketiga (AKK)
UTC+3
Kodhé bèl30
TLD internèt.gr
1. Mata uang sebelum taun 2001 ialah drakhma.
Peta Yunani

Grikenlan (basa Griki: Ελλάδα Elládha utawa Ελλάς Ellás) utawa Yunani[1] kanthi resmi diarani Républik Hellenik (Elliniki Dimokratia), ya iku panggonan lairé budaya Donya Kulon kang dunungé ana ing Éropa sisih kidul.

Warga Grikenlan ngarani nagarané dhéwé Hellas, lan ing abjad modhèren diarani Ellas. Sajeroning basa sadina-dina aran Ellada kang dianggo. Jeneng Greece sajeroning basa Inggris lan jeneng liyané sing mèh padha, dijupuk saka jeneng basa Latin, Graecia, kang asalé saka sawijining tlatah kang saiki dumunung ana ing Grikenlan sisih lor, lan dinggoni déning wong-wong Graekos.

Déné jeneng kang dianggo ing sajeroning basa Indonésia, Yunani, asal saka basa Arab, jupuk saka jeneng Ionia.


Ékonomi

[besut | besut sumber]

Grikenlan darbèni sistem ékonomi kapitalis campuran karo sèktor publik kang nyumbang watara setengah saka PDB. Pariwisata nduwé peran kang wigati, nyediani porsi gedhé tumrap GDP lan pangasilan saka ijolan dhuwit manca. Grikenlan uga minangka pemimpin donya ing babagan perkapalan (nomer siji ing deduwènan kapal lan nomer telu ing registrasi gendéra) [2]. Ekspor barang produksi, kalebu telekomunikasi, prangkat lunak lan keras, bahan panganan, lan bahan bakar dadi pérangan gedhé pengasilan Grikenlan.

Nagara iki nduwé baku urip kang dhuwur, ana ing urutan angka 24 sajeroning Indèks Pangyasa Manungsa]] 2005 lan angka 22 sajeroning Indèks Kualitas Urip Donya 2005 versi The Economist [1] Ekonominé terus munggah sajeroning taun-taun pungkasan iki, amarga kawicaksanan pamaréntah kang ngetataké fiskal kanggo nglebokaké Grikenlan ing sajeroning Zona Euro wiwit tanggal1 Januari 2001. Pendapatan per kapita rata-rata taun 2004 kira-kira AS$22.000 [2] Grikenlan uga ngimpor narakarya (akèh-akèhé saka Éropa Wétan, Timur Tengah, Pakistan, lan Afrika). Wong-wong saka tlatah mau saiki cacahé watara 10% saka populasi total.


Dhémografi

[besut | besut sumber]

Miturut sensus taun 2001, Grikenlan duwé populasi 10.964.020. 58,8% manggon ing kutha, lan mung 28,4% manggon ing padésan. Populasi ing kutha-kutha gedhé dhéwé ing Grikenlan, ya iku Atena lan Tésalonika, watara 4 yuta. Sanajan populasi Grikenlan tetep nambah, Grikenlan ngadhepi masalah demografis gawat: 2002 minangka taun pisanan ing ngendi cacahé sing mati ngluwihi cacahé kalairan.

Cacahé imigran kang manggon ing Grikenlan wektu iki, kira-kira punjul sak yuta jiwa. Watara 65% asal saka Albani, lan migrasi skala gedhèn-gedhènan saka Albani menyang Grikenlan dadi sumber konflik amarga tapel wates Grikenlan-Albani dibukak tanpa persiapan saka péhak pamaréntah Grikenlan bab fasilitas imigran. Warga Albani sok di-diskriminasèkaké lan di-èksploitasi ing Grikenlan, lan pungkasan iki uga olèh jejuluk minangka kang gawé masalah lan kriminal. Nanging saiki akèh warga Grikenlan kang gelem ngakoni kontribusi imigran mau tumrap ékonomi Grikenlan. Ana sawatara imigran saka Bulgari, Sèrbi, Rumeni, Pakistan, Ukraina, Bélarus, Polen, Mesir, Palestina, Ethiopia, Bangladesh, Républik Rakyat Tiongkok lan Georgia. Cacahé ora jelas amarga akèh-akèhé manggon kanthi ora sah ing Grikenlan.


Pamérangan administratif

[besut | besut sumber]

Sacara administratif, Grikenlan dipérang dadi 13 peripheries (region / provinsi), lan dipérang manèh dadi 51 prefectures (nomoi, tunggal nomos). Uga ana siji laladan otonom, Mount Athos (otonom) (Agio Oros, "Gunung Suci"), kang wewatesan karo region Makedonia Tengah.

Peta Nomer Periphery Kutha krajan Jembar Populasi
1 Attika Atena 3,808 km² 3,761,810
2 Grikenlan Tengah Lamia 15,549 km² 605,329
3 Makedonia Tengah Tesalonika 18,811 km² 1,871,952
4 Kretah Iraklio 8,259 km² 601,131
5 Makedonia Wétan lan Trasia Komotini 14,157 km² 611,067
6 Epirus Ioannina 9,203 km² 353,820
7 Kapuloan Ionia Corfu 2,307 km² 212,984
8 Aegean Lor Mytilene 3,836 km² 206,121
9 Peloponnesa Tripoli 15,490 km² 638,942
10 Aegean Kidul Ermoupoli 5,286 km² 302,686
11 Tesalonika Larissa 14.037 km² 753,888
12 Grikenlan Kulon Patras 11,350 km² 740,506
13 Makedonia Kulon Kozani 9,451 km² 301,522
Pulau Kalymnos

Konstitusi Grikenlan njamin kabébasan absolut tumrap pilihan agama. Saben warga kang manggon ing tlatah Grikenlan bakal dijangkungi penuh bab kapercayaan agamané. Najan mangkono, ora ana omah ngibadah non-Kristen ing kutha krajan, amarga ditentang déning grup Kristen fundamentalis. Minangka tambahan, saben aktivitas kang ana gayutané karo ngadegaké omah ngibadah resmi kudu olèh idin saka Gréja Ortodoks lan uga saka pamaréntah sekuler. Miturut konstitusi "agama utama" ing Grikenlan ya iku Gréja Ortodoks Timur.

Mayoritas pemeluk agama ing Grikenlan ya iku pengikut Gréja Ortodoks Wétan, sanajan kauripan kaagaman suda ing taun-taun pungkasan iki. Pemeluk agama Islam kira-kira 1,3% saka populasi, lan punjeré ana ing tlatah Trasia. Ana uga Katulik Roma, lumrahé ing pulo Cyclades ing Syros, Paros lan Naxos. Pemeluk agama Protèstan lan Yahudi lumrahé manggon ing Tesalonika. Sawetara grup nyoba mangun manèh Hellenisme, Agama Grikenlan kuna.

Pariwisata

[besut | besut sumber]

Taun 2004, Grikenlan ana ing urutan angka 12 minangka tujuan pariwisata internasional. 14,18 yuta turis nekani nagara itu, mligi kanggo nyeksèkaké Olimpiade Mangsa Panas.


Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. https://www.sastra.org/koran-majalah-dan-jurnal/pusaka-jawi/2511-pusaka-jawi-java-instituut-1926-05-340
  2. "Statistik MARAD" (PDF). Diarsip saka sing asli (PDF) ing 2005-12-11. Dibukak ing 2007-11-05.

Wacan Terusan

[besut | besut sumber]
  • Richard Clogg, A Concise History of Greece, Second Edition, Cambridge University Press 2002
  • Minorities in Greece-historical issues and new perspectives. History and Culture of South Eastern Europe. An Annual Journal. München (Slavica) 2003.

Uga delengen

[besut | besut sumber]

Pranala njaba

[besut | besut sumber]

Saka pamaréntah

[besut | besut sumber]

Liyané

[besut | besut sumber]
Peta periphery Yunani Wewengkon Administratif ing Grikenlan Bendera Yunani

Aegean Kidul | Aegean Lor | Attika | Epirus | Kapuloan Ionia | Kretah | Makedonia Tengah | Makedonia Kulon | Makedonia Wétan lan Trasia | Peloponnesa | Tesalonika | Grikenlan Kulon | Grikenlan Tengah |


 
Uni Eropah (EU)
Gendéra Uni Eropah

Austria | Belanda | Belgia | Britania Raya | Bulgaria | Ceko | Denmark | Estonia | Finlandia | Jerman | Hongaria | Irlandia | Italia | Latvia | Lituania | Luxemburg | Malta | Perancis | Polandia | Portugal | Rumania | Siprus | Slowakia | Slovenia | Spanyol | Swedia | Yunani