Leukosit

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Gambar scanning electron microscope (SEM) getih manungsa kang sirkulasiné normal. Katon eritrosit, sawatara leukosit kang methungul kalebu limfosit, monosit, neutrofil, sarta akh platelet cilik liyané.

Leukosit utawa sèl getih putih (sel darah putih) (Inggris: white blood cell, WBC, leukocyte) ya iku salah sawijiné sel kang mbentuk komponèn getih. Leukosit iki nduwé kagunan kanggo mbantu awak nglawan manéka jinis lelara minangka péranganing sistem kekebalan awak. Leukosit ora nduwé warna, nduwé inti sèl, bisa obah kanthi amoebeid, lan bisa nembus dindhing kapiler kang diarani kemampuan diapedesis.[1] Leukosit nduw wujud kang manéka warna lan uga ukuran kang luwih gedhé tinimbang eritrosit.[1] Ing kahanan normal kaandhut 4x109 hingga 11x109 leukosit saben liter getih manungsa kang waras udakara 7000-25000 sel saben tètès. Ing saben milimèter kubik getih ana 6000 nganti 10.000 (rata-rata 8000) leukosit.[1] Ing kasus lelara leukimia gunggungé bisa mundhak nganti 5000 sèl saben tètès.[1]

Ing awak, leukosit ora nduwé gegayutan tenanan karo organ utawa jaringan tartamtu. Leukosit kerja dhéwé kaya ta organisme sel tunggal. Leukosit bisa obah sagelemé lan interaksi uga nyekel serpihan sel, partikel asing, utawa mikroorganisme kang nyusup. Kajaba iku, leuksoit ora bisa nyigar dhiri utawa reproduksi nganggo carané dhéwé, nanging kasil saka sel punca hematopoietic pluripotent kang ana ing sumsum balung.

Leukosit turunan ya iku: sel NK, sel biang, eosinofil, basofil, lan fagosit kalebu makrofaga, neutrofil, lan sel dendritik.

Jinis[besut | besut sumber]

Leukosit diklompokaké dadi loro, ya iku leukosit granulosit lan leukosit agranulosit.

Sawatara jinis saka leukosit granulosit utawa sel polimorfonuklear ya iku:[2]

Déné jinis saka leukosit agranulosit ing plasma getih ya iku:

Kagunan[besut | besut sumber]

Kagunan leukosit ya iku kanggo ngayomi awak saka infèksi lelara sarta mbentuk antibodi ing jero awak.[3] Nalika awak tatu, leukosit iki bakal nglumpuk ing pérangan awak kang tatu, supaya ora ana kuman lelara kang mlebu ing tatu iku.[3] Kagunan leukosit iku disengkuyung karo kemampuan leukosit kang obah kanthi cara amoeboid lan uga sipat fagositosis kang bisa mangan kuman kang mlebu ing awak.[3]

Granulosit lan monosit ing leukosit uga nduwé kagunan wigati nalika ngayomi awak saka kuman-kuman lelara.[3] Kanthi kemampuan fagosit, bisa mangan baktèri-baktèri urip kang mlebu ing peredaran getih.[3] Kanthi obah amoeboidé, leukosit bisa obah bébas nalika ngubengi kabèh pérangan awak.[3] Kanthi cara iki, leukosit bisa:

  1. ngepung wewengkon kang kena infèksi[3]
  2. nyekel kuman-kuman lelara urip[3]
  3. mbuwaki bahan liya kaya regetan-regetan[3]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ a b c d Fungsi dan jinis leukosit(diundhuh 1 Fèbruari 2013)
  2. ^ "John W. Kimball's Biology page - blood". Dijupuk 2010-02-14. 
  3. ^ a b c d e f g h i Fungsi dan macam leukosit(diundhuh 1 Fèbruari 2013)