Menyang kontèn

Leukemia

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Leukimia)
Leukemia
Sedhiyan sungsum balung kanthi pawarna Wright. Sedhiyan nedahaké leukemia limfoblastik akut prekurisr sèl-B.
ICD-10 C91-ICD-10 Chapter C|C95
ICD-9 208.9
ICD-O: 9800-9940
DiseasesDB 7431

Leukemia utawa kanker getih iku saklompok lelara neoplastik kang manéka ragamé, ditengeri déning panikelan kanthi ora normal utawa transformasi maligna saka sèl-sèl pambentuk getih ing sungsum balung lan jaringan limfoid. Sèl-sèl normal ing njeron sungsum balung digantèkaké déning sèl ora normal utawa abnormal. Sèl abnormal iki metu saka sungsum lan bisa tinemu ing njeron getih perifer utawa getih pinggir. Sèl leukemia mangaruhi hematopoiesis utawa prosès pambentukan sèl getih normal lan imunitas awak panandhang.

Leukemia ya iku kanker kang kadadéan ana ing sèl-sèl getih (sèl getih putih). Leukemia racaké diwiwiti saka sungsum balung, panggonané ana ing sèl-sèl getih iku dhéwé. Mangkono, sèl-sèl getih putih kang sajatiné fungsiné kanggo sistem pertahanané awak malih lan mrodhuksi sèl kang ora kakontrol.

Tembung leukemia tegesé "getih putih", amarga ing awaking panandhang tinemu akèh sèl getih putih sadurungé diterapi. Sèl getih putih kang katon akèh wujud sèl kang isih enom, upamané promielosit. Cacahé kang tansaya akèh bisa ngganggu fungsi normal sèl liyané.

Leukimia (kanker getih) iku lelara kang ditengeri kanthi saya akèhé gunggung sèl getih putih (leukosit). Panikelan iki rikat banget lan ora kakontrol, uga wangun sèl–sèl getih putihé ora normal. Ing pamriksan mikroskopis apus getih pinggir katon sèl getih putih enom, gedhé-gedhé lan sèlé isih mawa inti (megakariosit) putih (neoplasma hematologi). Akèh ahli nyebutaké leukemia dadi keganasané sèl getih putih (neoplasma hematologi). Leukimia iki asring fatal akibaté sanajan iku leukemia limpositik kang wis taunan (chronic lymphocytic leucaemia), kang biyèn karan dadi jinis leukemia kang bisa tahan suwé nganggo pangobatan kang intènsif.[1]

Penyakit leukemia duwé andhil 4% saka kabèh lelara kanker kang njalari pati.[1] Penyakit leukemia ing Amérikah Sarékat manggoni urutan nomer lima minangka lelara kang angka kadadéané kira-kira 12-15 per 100.000 pendhudhuk. [butuh sitiran]

Klasifikasi

[besut | besut sumber]

Leukemia bisa diklasifikasiké saka dhasar:

Lakuning alamiah lelara: akut lan kronis

[besut | besut sumber]

Leukemia akut ditengeri kanthi lakuning lelara kang rikat banget, mematikan, lan memburuk. Yèn ora énggal ditambani panandang bisa tilar donya ing étungan minggu tekan dina. Éwadéné leukemia kronis lumakuning lelara ora patiya rikat saéngga duwé pangarepan urip kang luwih suwé, nganti punjul setaun.

Klasifikasi leukimia akut

[besut | besut sumber]

Klasifikasi leukemia akut[1]:

Tipe Subtipe
Limpositik Leukimia limpositik Akut (LLA)
LLA kang asring ditemoni:
* LLA sèl T
* LLA sèl B
Monositik Leukimia Monositik Akut (LMA):
* LMA ora karo sèl kang mateng (M0)
* LMA karo sèl kang mateng (M1)
* LMA cetha karo sèl kang mateng (M2)
* LMA karo sèl premielosit lan granul akèh (M3)
Mielomonositik Leukimia mielomonositik Akut (LMMA(M4))
Monositik Leukimia Monositik Akut kanthi sithik deferensiasi (M5)
Eritroid Leukimia Eritroid Akut = LEA (M6)
Sel mass Leukimia sèl mass kang Akut
Megakariosit Leukimia megakariosit (M7)

Tipe sèl predominan kang kalibat: limfoid lan mieloid

[besut | besut sumber]

Banjur, lelara diklasifikasikaké mawa jinis sèl kang tinemu ing sedhiyan getih pinggir.

Cacahing leukosit ing getih

[besut | besut sumber]
  • Leukemia leukemik, yèn cacahing leukosit ing njeron getih punjul normal, ana sèl-sèl abnormal
  • Leukemia subleukemik, yèn cacahing leukosit ing njeron getih kurang saka normal, ana sèl-sèl abnormal
  • Leukemia aleukemik, yèn cacahing leukosit ing njeron getih kurang saka normal, ora ana sèl-sèl abnormal

Prevalensi papat tipe utama

[besut | besut sumber]

Kanthi ngombinasikaké rong klasifikasi pisanan, mila leukemia bisa dipérang dadi:

  • Leukemia limfositik akut (LLA) wujud tipe leukemia paling asring dumadi ing bocah-bocah. Lelara iki uga ana ing wong diwasa kang mligi wis yuswa 65 taun atawa luwih
  • Leukemia mielositik akut (LMA) luwih asring dumadi ing wong diwasa tinimbang bocah-bocah.Tipe iki mbiyèné karan leukemia nonlimfositik akut.
  • Leukemia limfositik kronis (LLK) panandhangé asring wong diwasa kang yuswané punjul 55 taun. Sok-sok uga panandhangé wong diwasa enom, lam mèh ora ana ing bocah-bocah.
  • Leukemia mielositik kronis (LMK) asring dumadi ing wong diwasa. Bisa uga dumadi ing bocah-bocah, nanging sithik banget.

Tipe kang asring dumadi ing wong diwasa ya iku LMA lan LLK, sanadyan LLA asring dumadi ing bocah-bocah.

Etiologi utawa jalaran leukemia

[besut | besut sumber]

Panyebab leukemia durung dingertèni pesthiné, dikira-kira panyebabé ora mung siji nanging kumpulan saka akèh faktor risiko. Sapérangan faktor kang bisa mangaruhi frékuènsi leukemia, kaya ta:

Radiasi

[besut | besut sumber]

Radiasi bisa ngundhakaké frékuènsi LMA lan LMA. Ora ana lapuran ngenani gegandhèngan antarané radiasi karo LLK. Sapérangan lapuran kang njurung:

  • Para pegawé radiologi luwih asring nandhang leukemia
  • Panandhang kanthi radioterapi luwih asring nandhang leukemia
  • Leukemia tinemu ing kurban urip kadadèyan bom atom Hiroshima lan Nagasaki, Jepang

Faktor leukemogenik

[besut | besut sumber]

Ana sapérangan dat kimia kang wis diidhèntifikasi bisa mangaruhi frékuènsi leukemia:

Saka lapuran para ahli, kedadéan leukemia ana gandhèngané karo phenil butazon kang asring diwènèhaké marang panandhang kang ngeluh lara pasendhian lan uga ana gegandhèngané karo chloramphenicol, obat pilihan utama kanggo panandhang mriyang tipes. Panelitèn ing Cina yèn ana risiko leukemia ing wong kang éntuk pangobatan chloramphenicol ping 11-12 dibandhingaké karo wong kang ora éntuk pangobatan iku.[1]

Epidemiologi

[besut | besut sumber]

Herediter

[besut | besut sumber]

Panandhang sindrom Down duwé insidensi leukemia akut ping 20 luwih gedhé saka wong normal.

Virus bisa njalari leukemia kaya ta retrovirus, virus leukemia feline, HTLV-1 ing wong diwasa.

Dilapuraké saka asil risèt panelitèn ing unggas kaya déné manuk pelikan, mencit, tikus, lan sapi manawa panyebabé leukemia iku sajinis mikroorganisme kang lolos saka saringan kuman, nanging isih bisa kétok mawa mikroskop èlèkron. Awalé mikroorganisme iku dijenengi virus RNA.[1]

Wis disepakati jenengé virus Epstein-Barr kang njalari lelara Burkitt (sajinis tumor klanjer limpe kang karan limpoma lan kedadéan ing bocah-bocah kang digandhèngaké karo kedadéané kaganasan leukemia limpositik akut).[1]

Infèksi virus Epstein-Barr ing wong kang ngalami pamudhunan imun iki digandhèngaké karo kedadéan kaganasané nasopharynx carcinoma (kanker getih krongkongan) kang saliyané ora gampang ditulung lan asring ngakibataké fatal karo njalari sarcoma monoblastik ing Afrika.[1]

Virus kang njalari leukemia ing manungsa isih dadi padhebatan para ahli ing pirang-pirang dekade iki. Iki diwiwiti saka lapuran Gross kang nélakaké wis tinemu virus C ing mikroskop èlèktron saka panandhang leukemia murine. Lapuran taun 1970 yèn virus C iku tinemu ing panandhang kanker sajinis limpo sarcoma lan fibrosarkoma ing gabon lan kethèk alasan.[1]

Faktor turunan

[besut | besut sumber]

Katon anané kacenderungan kedadéan leukemia akut luwih akèh kedadéan ing anggota kulawarga tinentu.[1]

Dhiagnosa

[besut | besut sumber]

Secara kasar dhiagnosa leukemia bisa dijejegaké saka pamriksan mikroskopis préparat apus getih pinggir. Nanging lumrahé asring dibutuhaké pamriksan biopsi sungsum balung. Kanggo nemtokaké subtipe lan morphologi sèl getih, dibutuhaké pamriksan bio kimia[1].

Perkembangan pamriksan kanggo nemtokaké drajat lan pangumpulan lelara. Naging kaya iki, dibutuhaké dhiagnosa kang trep kanggo nemtokaké angkah pangobatan lan nemtokaké pragnosa (dalané lelara)[1].

Tandha-tandha klinik

[besut | besut sumber]

Tandha-tandha kang gampang dipahami ya iku:

  • Tandha-tandha akibat anané sèl leukemia kang lumebu ing sungsum balung. Lumebuné iki ngakibataké kurangé panggawéan sèl getih kang liyané kanthi pirang-pirang konsekuènsi. Ya iku, gampang kedadéan panggetihan amarga prodhuksi sèl pangempel getih tansaya kurang saéngga panandhang katon pucet, lemes, lan bobot awaké kurang amarga nafsu mangan mudhun lan amarga sèl leukemia lumebu ing saluran cerna[1].
  • Tandha-tandha liyané amarga sèl leukimia lumebu ing organ vital liyané kaya ta ing klanjer limpe, organ ati lan limpa. Akibaté ya iku ditemoni panggedhéan klanjer limpe (limpadenopati) lan panggedhéan organ ati lan limpa (hepato splenomegali)[1].
  • Ing tlatah sirah lan gulu bisa dideleng yèn sèl leukemia lumebu ing kulit lan balung. Akibaté, katon tandha-tandha panggetihan utawa pangumpulan pambuluh getih walik nganti ditemoni bintik–bintik panggetihan ing saubengé bal mripat utawa sok-sok wernané semu kuning (jaundice). Ing awalé lelara tandha-tandha iki ing ndhuwur mungkin katon séhat kaya ora lara[1].
  • Lumebuné sèl leukemia ing kulit karan leukemid lan bisa mbentuk borok utawa bisul utawa kulit warna semu kuning[1].
  • Bintik–bintik panggetihan ing kulit bisa dadi kawigatèn pamriksa lan mikiraké kamungkinan tandha-tandha leukemia[1].
  • Ing mripat, sèl leukemia lumebu bisa ing pérangan mripat diawali saka uvea (gronggongan bal mripat ngarep), choroid, retina karo ing pasarafan mripat ing pérangan njero saéngga pandelengan kaganggu utawa ana pambuluh getih walik mripat kang ngalang-ngalangi[1].
  • Katon ing saraf utek akibat saka lumebuné sèl leukemia ing saraf utek utawa akibat kelainan metabolisme utawa amarga panyandhetan ilènan banyu utek lan sungsum balung mburi[1].
  • Sok-sok kedadéan lumpuh saraf utek angka 7 kang ngurusi otot–otot rai kang asring ditemoni ing leukemia limpositik akut[1].

Pangobatan

[besut | besut sumber]

Oprasi panjupukan tumor (èksisi) dudu langkah utama ing pangobatan kanker getih (leukemia). Yèn kaya mangkéné mungkin ing panandhang leukemia kang liyané jinis Hodgkin sok-sok dilakoni karo panjupukan panggedhéan klanjer limpe kanthi lokal[1].

Ing kéné bisa dideleng prinsip–prinsip pangobatan leukemia[1]:

  • Kanggo ngatasi keluhan lan kelainan klinik (pangobatan paliatif)
    • Diusahakaké supaya panandhang kanthi fisik lan méntal ana ing kondhisi paling apik.
    • Kuduné digatèkaké èfèk samping utawa prabawa ora becik (toksisiti) saka obat–obat kang diwènèhaké. Dadi, milih obat–obatan kang toksisitasé asor amargi ora arang timbul kang kaluwihan ing obat–obatan (idiosinkrasi)
  • Kanggo ngatasi kelainan sèl–sèl getih:
    • Diwatesi gunggung sèl leukemia kanthi nganggo busulfan kang bisa mangaruhi sèl–sèl indhuk (sèl stem) kang dadi bakal sèl leukemia.
  • Faktor umum, psikologis, lan status ékonomi panandhang kuduné dadi tetimbangan pangobatan panandhang leukemia.

Obat–obat kang asring dianggo ing pangobatan leukemia[1]:

  • Panyinaran
    • Sinar X lan sinar gamma
  • Obat anti-metabolik
    • Metotreksat
    • Sitosin srabinosid
    • 6-merkaptopurin
  • Zat alkilating
    • Nitrogen mustard
    • Khlor ambusil
    • Siklopospamid
    • Busulfan
    • Mepalan
    • dat stamokinetik
    • vinblastin
    • vinkeristin
    • Antibiotik
    • Dunomisin
    • Bleomisin
  • Hormon anak ginjel (adrenal)
  • Liya-liya
    • L.Asparginase
    • Prokarbazin
    • Nitrourease
    • Dibromanitol

Pamènèhan antibiotik kanggo ngatasi infèksi sok-sok kudu kombinasi. Upamané ya iku gabungan penisilin (trimetin lan pipersilin) lan aminoglikosid (supaya amikasin, tobramisin, lan gentasimin). Pamènèhan antibiotik jangka wektu suwé bisa nimbulaké èfèk samping ya iku kedadéan tuwuhé jamur. Kaanan kaya iki bisa diatasi kanthi mènèhi ampotirisin B. Ing leukemia kronis mungkin dibutuhaké panyinaran limpa dikanthèni wènèhi obat alkilating kaya déné L-penil alanin mustard utawa gabungané busulfan lan khlorambusil. Mènèhi obat anti-leukimia tunggal ora kaprayogakaké. Yèn kaya mangkéné biyèn tau diwènèhi aminopterin lan obat anti-metabolisme purin, kortikosteroid lan vinkristin cara tunggal. Ing panandhang leukemia limpositik akut asring diwènèhi gabungan kortikosteroid karo obat anti-metabolisme folik asid (B6)[1].

Komplikasi

[besut | besut sumber]

Ing kéné bisa dideleng komplikasi kang timbul ing leukemia[1]:

  • Anemia (kurang getih). Iki amarga prodhuksi sèl getih abang kutang utawa akibat panggetihan.
  • Kainfèksi akèh lelara. Iki amarga sèl getih putih kurang apik panggunaané, yèn kaya mangkéné gunggungé kakèhen nanging bisa malih dadi ganas, saéngga ora kuwat nglawan infèksi lan bendha asing kang lumebu menyang awak. Saliyané iku, ing leukemia, obat–obatan anti-leukimia ngedhunaké kakebalan.
  • Panggetihan. Kedadéan iki akibat anané sèl leukemia kang neken ing sungsum balung saéngga sèl pangempel getih prodhuksiné kurang.
  • Gangguan metabolisme:
    • Bobot awak tansaya mudhun;
    • Mriyang ora dikanthèni infèksi kang cetha;
    • Kalium lan kalsium getih mundhak utawa ana kang ora mundhak;
    • Tandha-tandha asidosis akibat asem laktat mundhak.
  • Lumebuné sèl leukemia menyang organ–organ:
    • Katon organ limpa tansaya gedhé;
    • Tandha-tandha gangguan saraf utek;
    • Gangguan kasuburan, lan
    • Tandha–tandha pangumpulan pambuluh grtih paru.
  • Ana sapérangan komplikasi ing kandhutan yèn panandhang lagi ngandhut.

Patogénésis

[besut | besut sumber]

Leukemia akut lan kronis wujud sawijining wangun kaganasan utawa maligna kang mijil saka panikelan klonal sèl-sèl pambentuk sèl getih kang ora kakontrol. Mekanisme kontrol selulèr normal mungkin ora lumaku kanthi becik amarga anané owah-owahan ing kodhe genetik kang kuduné duwé tanggung jawab marang pangaturan tuwuhing sèl lan diferènsiasi.

Sèl-sèl leukemia nglakoni wektu dhaur ulang kang luwih alon tinimbang sèl normal. Prosès pamatengan utawa maturasi lumaku ora jangkep lan tahan urip luwih suwé tinimbang sèl sajinis kang normal.

Leukemia akut

[besut | besut sumber]

Manifestasi klinik

[besut | besut sumber]

Manifestasi leukemia akut wujud akibat saka komplikasi kang dumadi ing neoplasma hematopoetik kanthi umum. Nanging saben leukemia akut duwé ciri khasé dhéwé-dhéwé. Lumrahé, leukemia akut duwé 3 tetenger utama ya iku:

  • Cacahing sèl ing perifer kang dhuwur banget, saéngga njalari dumadiné infiltrasi jaringan utawa leukostasis
  • Panggantian elemen sungsum balung normal kang bisa ngasilaké komplikasi minangka akibat saka anemia, trombositopenia, lan leukopenia
  • Metuning faktor faali kang njalari komplikasi kang signifikan

Piranti diagnosa

[besut | besut sumber]

Leukemia akut bisa didiagnosa liwat sapérangan piranti, kaya ta:

Panyebab pati

[besut | besut sumber]

Wis dijlèntrèhaké sadurungé yèn leukemia (kanker getih) dikawruhi minangka salah siji jalaran pati. Iki keranten wong kang wis didhiagnosa lara leukemia uripé kudu ngadhepi karo:

  1. Penyakit infèksi
  2. Panggetihan
  3. Gabungan infèksi lan panggetihan.
  4. Gangguan fungsi organ vital kaya déné utek, jantung, lan paru-paru akibat panyusupan sèl leukemia.[1]

Cathetan sikil

[besut | besut sumber]
  1. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w x y Yatim, Faisal.2003.Talasemia Leukimia dan Anemia.Jakarta:Pustaka Popoler Obor.

Réferènsi

[besut | besut sumber]
  1. Simon, Sumanto, dr. Sp.PK. 2003. Neoplasma Sistem Hematopoietik: Leukemia. Jakarta:Fakultas Kadhokteran Unika Atma Jaya Jakarta.
  2. Yatim, Faisal.2003.Talasemia Leukimia dan Anemia.Jakarta:Pustaka Popoler Obor.

Pranala njaba

[besut | besut sumber]