Menyang kontèn

Balung

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Bone
Balung saking jaman es Pleistosen saking spesies gajah ingkang punah.
Scan mikrograf elektronik saking blaung ing skala magnifikasi 10.000x
Pengenal
MeSHD001842
TA98Masalah skrip: Fungsi "getTAValue" ora ana.
TA2366, 377
THCithakan:Str mid.html H3.01.00.0.00001
FMA5018
Terminologi anatomi
[[[d:Masalah skrip: Fungsi "pageId" ora ana.|besut ing Wikidata]]]

Balung inggih punika organ ingkang kaku[1] lan mujudaken perangan saking kerangka wonten ing kewan vertebrata. Balung punika ngreksa organ-organ sanesipun ing badan, ngasilaken sel-sel getih abrit lan pethak, nyimpen mineral, nyukani struktur lan panyengkuyung dhateng badan, sarta mbiyantu mobilitas. Balung gadhah wujud lan ukuran ingkang maneka warna sarta gadhah struktur internal lan eksternal ingkang kompleks.[2] Balung ringan nanging kiyat lan atos sarta nglampahi mawarni-warni fungsi.

Balung nglampahi mawarni-warni fungsi mekanis. Sesarengan, balung ing badan mujudaken kerangka. Balung nyukani rangka kangge nyengkuyung badan, sarta titik cantholan kangge otot kerangka, tendon, ligamen, lan sendi, ingkang fungsinipun sesarengan kangge ngasilaken lan mindahaken kekiyatan supados perangan badan tartamtu utawi sedaya badan saged dipun-manipulasi ing ruang tiga dimensi (interaksi antawisipun balung lan otot dipunsinau ing biomekanika).

Balung ugi ngreksa organ internal, kados tengkorak ingkang ngreksa otak utawi iga ingkang ngreksa jantung lan paru-paru. Amargi cara pembentukan balung, balung gadhah kekiyatan kompresi ingkang inggil kirang langkung 170 MPa (1.700 kgf/cm2),[3] kekiyatan tarik ingkang kirang sae 104–121 MPa, lan kekiyatan tegangan geser ingkang alit sanget (51,6 MPa).[4][5] Punika nedahaken bilih balung kiyat nahan tekanan (kompresi), kirang kiyat nahan tarikan (tensi), lan namung sekedhik kiyat nahan tegangan geser (kados amargi beban torsi).


Wonten pinten-pinten penyakit ingkang saged merbawani balung, antawisipun radang sendi, patah tulang, infeksi, osteoporosis, lan tumor. Kondisi ingkang gegayutan kaliyan balung saged ditangani dening maneka dokter, kalebet rheumatolog kangge sendi, lan dokter bedah orthopedi ingkang saged nglampahi operasi kangge ndandosi balung ingkang patah. Dokter sanesipun, kados spesialis rehabilitasi saged mbiyantu pamulihan, radiolog ing nalika nafsiraken asiling pencitraan, lan ahli patologi nalika mriksa sebab penyakit, sarta dokter kulawarga saged mbiyantu nyegah komplikasi penyakit balung kados osteoporosis. Nalika dokter mirsani pasien, sejarah lan pamriksa badhe dipunpendhet. Balung lajeng asring dipun-scan, ingkang dipunsebat radiografi. Punika saged kalebet USG, sinar-X, CT scan, MRI scan lan pencitraan sanesipun kados Bone scan, ingkang saged dipunginakaken kangge mriksa kanker. Tes sanesipun kados tes getih kangge marker autoimun saged dipunpendhet, utawi cairan sendi saged dipunaspirasi.

Sitiran[besut | besut sumber]

  1. Lee, Cassandra (January 2001). The Bone Organ System: Form and Function. Academic Press. kc. 3–20. doi:10.1016/B978-012470862-4/50002-7. ISBN 9780124708624. Dibukak ing 30 January 2022 – lumantar Science Direct.
  2. de Buffrénil, Vivian; de Ricqlès, Armand J; Zylberberg, Louise; Padian, Kevin; Laurin, Michel; Quilhac, Alexandra (2021). Vertebrate skeletal histology and paleohistology (édhisi ka-Firstiton). Boca Raton, FL: CRC Press. kc. xii + 825. ISBN 978-1351189576.
  3. Schmidt-Nielsen, Knut (1984). Scaling: Why Is Animal Size So Important?. Cambridge: Cambridge University Press. kc. 6. ISBN 978-0-521-31987-4.
  4. Vincent, Kevin. "Topic 3: Structure and Mechanical Properties of Bone". BENG 112A Biomechanics, Winter Quarter, 2013. Department of Bioengineering, University of California. Diarsip saka sing asli ing 28 May 2018. Dibukak ing 24 March 2015.
  5. Turner, C.H.; Wang, T.; Burr, D.B. (2001). "Shear Strength and Fatigue Properties of Human Cortical Bone Determined from Pure Shear Tests". Calcified Tissue International. 69 (6): 373–378. doi:10.1007/s00223-001-1006-1. PMID 11800235. S2CID 30348345.