Menyang kontèn

Sapi

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Sapi
Sapi karo pedhèt (anaké)
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Animalia
Filum: Chordata
Klas: Mammalia
Ordho: Artiodactyla
Famili: Bovidae
Subfamili: Bovinae
Génus: Bos
Spésies: B. taurus
Jeneng binomial
Bos taurus
Linnaeus, 1758

Sapi (Basa krama: lembu) iku kéwan raja-kaya saka familia Bovidae lan subfamilia Bovinae.[1] Saliyané dipiara kanggo nggarap sawah (déning wong tani) kaya ta (narik luku, garu,lan liya-liyané), sapi uga bisa dijupuk susu lan dagingé.[1] Daging sapi rasané énak lan bisa digawé warna-warna masakan.[1] Saliyané iku kulit sapi uga bisa dimanfaatké kanggo gawé bedhug, kendhang, lan wayang kulit.[1]

Pakan Sapi

[besut | besut sumber]

Pakan kéwan raja-kaya kang tradhisional lumrahé suket, godhong jagung, lan godhong-godhongan kaya ta godhong waru, godhong pethet, lan liya-liyané.[2] Mengkono uga sapi, lumrahé saliyané godhong-godhongan kaya mau uga kadang-kadang dicampuri katul yaiku glepung saka kulit beras.[2] Katul iku digawé saka kulit beras kang digiling.[2] Nanging bahan-bahan pangan kaya mau lumrahé thukulé musiman.[2] Yèn wayah udan akèh sing thukul subur lan yèn wayah katiga bakal padha garing.[2] Apamanéh yèn wayah rendheng bakal mati kebaceken.[2] Mulané yèn wayah mangsa-mangsa kang tinamtu para peternak sapi bakal kangélan luru pakan sapi.[2] Saliyané iku, rega suket uga mundhak.[2] Saiki ana pakan sapi kang ora gumantung saka mangsa.[2] Pakan sapi kang jenengé protefeed iki bisa tinemu sawayah-wayah tanpa ngenténi mangsa udan.[2]Protefeed iki bahané saka sampah nabati.[2] Sampah nabati iki tuladhané sampah kulit wiji kopi, ampas tebu (ampas sisa gawé gula) lan ampas téla.[2] Bahan-bahan kang asalé saka sampah ing dhuwur iku duwé protéin kang akèh, saéngga bisa nambah gizi pakan sapi.[2]

Habitat

[besut | besut sumber]

Sapi ana kang diternak ing padang rumput lan diumbar urip bébas.[3] Modél raja-kaya kang kaya ngéné iki kaya ta ing laladan Sumba-Sumbawa lan ing Éropa kang akèh padang rumput.[3] Saliyané cara kang kaya mangkono ana uga sapi kang diternak kanthi cara dikandhang.[3] Dadi sapi-sapi mau urip ing kandhang sapi.[3] Sanajan uripé ing kandhang, nanging sapi-sapi mau kanthi rutin dipakani lan dirumat.[3] Kandhang sapi kudu diresiki sawayah-wayah supaya sapi ora kena lelara, saliyané iku sapi kudu dibedhiangi.[3] Sapi dibedhiangi kanthi cara diobongaké dami (wit pari) yèn wayah bengi.[3]

Jinis Sapi

[besut | besut sumber]

Ing Indonésia ana warna-warna jinis sapi.[4]

Jinis Sapi Unggulan
No. Jinis Cirine
01. Sapi Simental warna kulité coklat rada abang
wulu pérangan endhas
sikil wernané putih
awaké gedhé, keker
apiké diopèni ing panggonan kang duwéni iklim sedheng.

kang diolah umumé dagingé.

02. Sapi Ongole Wernané putih semu klawu
Gelambire wiwit ngisor rahang nganti dhadha
Endhasé dawa
Kupingé cilik, kaku
Kempolé gedhé, kulite kandel
03. Sapi Madura Wernané abang bata
Duwéni sungu kang cilik rada metu
04. Sapi Limosin Wernané soklat nom, kuning rada klawu
Awaké gedhé dawa
Paling cocok urip ing daérah kanthi iklim sedhengan
05. Sapi Fries Holand Duwéni werna putih ireng kanthi wates kang cetha
Ing pucuking buntut wernané putih
06. Sapi Brangus Wernané ireng
Gulu lan kupinge cendhak
Gegere lurus
Awaké gedhé, keker
sikile gedhé, kuwat
campuran antarané sapi Brahman lan Angus
07. Sapi Brahman wernane putih, awu-awu, utawa abang
gelambire saka rahang nganti dhadha
punuke ing dhuwur bahu
endhase dawa
kupinge gedhé
kempole gedhé
kulite kandel
08. Sapi Aberden Angus Werna ireng
Gulu cendhak
Kuping cendhak
Wulu akèh
Geger lurus

Awaké gempal
Sikil gedhé, kuwat.

09. Sapi Bali Wédok wernané abang semu emas
Lanang wernané ireng
Bokong mengisor wernané putih
Sungune gedhé, dawa, madhep mengarep
Sikile kuwat.

Asil olahan

[besut | besut sumber]

Déndéng sayat

[besut | besut sumber]

Déndéng sayat yaiku lembaran tipis daging sapi kang dibumboni. Déndéng sayat iki kanggo lawuh nalika mangan. Cara masak déndéng sayat kanthi digoreng.[5]

Susu sapi

[besut | besut sumber]

Masarakat Indonesia wiwit mangertèni yèn sapi bisa ngasilaké susu nalika dijajah bangsa Walanda, udakara abad XVII[6]. Susu sapi bisa digawé warna-warna panganan. Prinsip kanggo ngolah susu sapi yaiku pasteurilisasi lan sterilisasi.[7] Susu kalebu nutrisi sepisanan kanggo makluk kang lagi waé lair, kanggo kéwan apa déné kanggo manungsa.[7] Susu sapi duwé gizi kang akèh, amarga susu sapi ngandhut zat kimia kang dibutuhaké awak kaya ta Calsium, Phosphor, Vitamin A, Vitamin B lan Riboflavin kang dhuwur.[7] Susu sapi gampang dicerna usus lan duwé protéin, mineral lan vitamin.[7] Telu-telune ndadèkaké susu sapi dadi bahan panganan kang fleksibel kang bisa diatur kadar lemaké, saéngga bisa jumbuh karo seléra konsumén.[7] Susu sapi uga bisa diolah saéngga duwé rasa strobérry, rasa jeruk, anggur lan buah-buah liyané.[7] Susu kalebu bahan pangan héwani, yaiku wujud cuwèran putih kang diasilaké kéwan raja-kaya lan kanthi cara diperes.[7] Saiki, méh saben laladan duwé pabrik susu.[7] Ing Sumatra Lor susu diasilaké ing Kabupatèn Deli Serdang, Simalungun, Binjai lan Medan.[7] Ing Pulo Jawa, susu diasilake lan diproses ing laladan Jawa Barat yaiku Lembang lan ujung berung, Jawa Tengah yaiku ing Semarang, Ungaran lan Boyolali lan ing laladan Jawa Wétan yaiku ing Pujon, Nongko jajar, Batu lan Grati.[7] Ing Amérika Sarékat, laladan-laladan penghasil susu ana ing kawasan urban utawa perkotaan kang akèh pandhudhuké.[7] Praja Amérika Sarékat kang ngasilaké susu kaya ta Wisconsin, California, New York, Minnesota,Pensylvania, Michican, Ohio lan Iowa.[7]

Susu sapi bisa dadi sumber protéin.[1] Para ilmuwan nerangaké yèn susu sapi bisa dadi pengganti ASI utawa ''Air Susu Ibu''.[1] Saliyané iku susu sapi bisa dadi nutrisi kang ora mbebayani tumrap kaséhatan awak.[1]

Cara Nemtokaké Umur Sapi

[besut | besut sumber]

Cara kanggo nemtokaké umur sapi yaiku kanthi ndeleng untuné sapi[6]. Cara iki asring digunakaké kanggo mangertèni umur sapi kang ora dicathet kapan lairé sapi kasebut déning para peternak sapi.

  1. Nemtokaké umur pedhèt

Nalika dideleng untuné pedhet wis ana lan jangkep nanging durung temata, bisa dingertèni yèn umur pedhèt kasebut kira-kira 12-17 dina. Yèn untuné wis jèjèr lan temata umur pedhèt kasebut luwih saka 30 dina. Yèn untu pedhèt wis ana tandha naté dienggo utawa ana gèsèkan, pedhèt kasebut umuré 2-3 sasi. Sunguné uga wis metu, dawané kira-kira 3 cm. Untu seri sapi kanthi nomer I 1 yèn wis naté digunakaké kanthi titikan ana tipet gesekan karo ilat, pedhèt kasebut umuré 10-12 sasi.

2. Nemtokaké umur sapi diwasa

Menawa untu sapi I 1 wis ganti karo untu tetep, mula sapi wis diarani diwasa. Biasané umuré wis mancik 2 taun. Yén untu sapi kang nomer I 2 wis ganti, umuré wis 3 taun. Yén untu nomer I4 wis ganti, umuré sapi wis 4 taun.

Lelara Tumraping Sapi

[besut | besut sumber]

Manéka lelara bisa nyerang sapi, lelara iki bisa njalari mudhuné manéka asil olahan produksi sapi lan ana kang bisa njalari sapi mati. Lelara kang umum ditemokaké ing sapi yaiku:[6]

  1. Radang Ambing utawa Mastitis
  2. Bloat Timpanitis
  3. Penyakit Mulut lan Kuku (PMK)
  4. Antrak utawa radang limpa
  5. Tuberkulosis (TBC)

Liya-liya

[besut | besut sumber]

Pranala njaba

[besut | besut sumber]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. a b c d e f g [1](dipunundhuh tanggal 23 April 2011)
  2. a b c d e f g h i j k l m http://www.disnak.jabarprov.go.id(dipunundhuh tanggal 23 April 2011)
  3. a b c d e f g green.kompasiana.com Archived 2011-04-16 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 23 April 2011)
  4. disnakeswan.kalbarprov.go.id Archived 2016-03-04 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 23 April 2011)
  5. [2] Archived 2010-12-24 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 23 April]
  6. a b c Sunaryo, Sunaryo (2006). sapiku penghasil susu. bandung: Sinergi Pustaka Indonesia.
  7. a b c d e f g h i j k l [3] Archived 2010-12-27 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 23 April 2011)