Wos

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
(Dilih saka Beras)
Wos pethak lan wos abrit

Wos utawi beras (ngoko) punika gabah ingkang sampun dipunbucal kulitipun kaliyan dados sumber karbohidrat kanggé mayoritas manungsa ing donya. Cekakipun, beras punika wosing gabah.

Kulit utawi rambut gabah miturut anatomi saged ugi dipunsebat ‘palea’ (pérangan ingkang dipuntutupi) lan ‘lemma’ (pérangan ingkang nutupi).

Cara anggénipun mbucal kulit gabah dados beras wonten kalih, inggih punika:

  • Cara tradhisional, gabah dipundheplok nganggé lumpang utawa lesung saha alu. Salajengipun, beras dipunpisahaken saking bekatul (kulit gabah ingkang sampun alus) ngagem tampah. Bekatul piyambak saged dipun-ginakaken dados pakan kéwan ternak, upaminipun ayam, mènthog lan babi.
  • Cara modhèren, gabah dipungiling nganggé mesin panggilingan. Mawi piranti punika, beras saged langsung resik lan dipunpisah kaliyan rambut gabah (kulit gabah ingkang setengah wetah (basa Indonésia: sekam) lan bekatul. Rambut gabah saged dados rabuk taneman kagem mbudhidhaya taneman hias utawi dipunbrastha ngantos dados awu. Awu punika saged dipunanggé kagem isah-isah perabot pawon (basa Indonésia: dapur) sasampunipun dipuncampur sabun.

Anatomi wos[besut | besut sumber]

Wos ing ngèlmu Biologi punika pérangan wosing pantun ingkang gadhah pérangan-pérangan:

  • aleuron, lapisan langkung njawi ingkang asring tumut dipunbucal ing prosés pamisahan kulit.
  • endospermia, panggènan sapérangan ageng pati lan protéin beras.
  • embrio, ingkang dados calon taneman énggal (manawi sampun awujud beras sampun boten saged thukul malih, kejawi nganggé pitulungan tèhnik kultur jaringan). Ing basa padintenanipun, embrio punika kasebat mata beras.

Kandhungan wos[besut | besut sumber]

Kados bulir serealia sanès, pérangan paling ageng beras dipundhominasi pathi (antawisipun 80-85%). Beras ugi ngandhut protéin, vitamin (mliginipun ing pérangan aleuron), mineral lan toya.

Pathi wos saged dipungolongaken dados kalih golongan, inggih punika:

Campuran kalih golongan pathi punika sanget nemtokaken werni (transparan utawi boten) lan tèkstur sekul (léngkét, empuk, atos, utawi pera).

Jinis lan warna wos[besut | besut sumber]

Warna wos ingkang bènten-bènten dipunatur kanthi genetik, amargi bèdanipun gèn ingkang ngatur warna aleuron, warna endospermia, saha campuran pati ing endospermia.

  • Wos ‘biyasa’ ingkang werni pethak radi transparan amargi namung gadhah sakedhik aleuron, lan kandhutan amilosa padatanipun kirang langkung 20%. Wos punika ndhominasi pasar wos.
  • Wos abrit, amargi aleuronipun ngandhut gèn ingkang ngasilaken antosianin ingkang dados sumber werni abrit utawi ungu.
  • Wos cemeng, langka sanget, amargi aleuron saha endospermia ngasilaken antosianin kanthi intènsitas inggil saéngga werninipun ungu sanget nyelaki ireng.
  • Ketan (utawi wos ketan), werninipun pethak, boten transparan, sadaya utawi méh sadaya pathinipun punika amilopektin.
  • Ketan cemeng, inggih punika versi ketan saking wos ireng.

Wonten sapérangan jinising beras ingkang wangi manawi dipun-dang (umpaminipun ‘Cianjur Pandanwangi’ utawi ‘Rajalélé’). Ganda arum punika amargi wonten senyawa aromatik ingkang medal saking beras ingkang ndadosaken wangi. Sipat punika dipunatur kanthi genetik saha dados objék rekayasa genetika beras.

Ginanipun beras[besut | besut sumber]

Beras padatanipun dipunolah dados sekul, dhedhaharan paling wigatos manungsa ing donya. Beras ugi dados komponén wigati beras kencur saha param. Unjukan ingkang populér saking olahan beras inggih punika arak saha toya tajin.

Ing babagan indhustri pangan, beras dipunolah dados glepung beras. Sosohan beras (lapisan aleuron), ingkang gadhah kandhungan gizi inggil, dipunolah dados glepung rice bran. Pérangan embrio ugi dados suplemèn ingkang kasebat tepung mata beras.

Kanggé kepentingan dhiét, beras dipundadosaken salah satunggal sumber pangan bébas gluten mawi wujud brondong.

Aspèk budaya lan basa[besut | besut sumber]

Beras saged dipunsebat dados titikanipun budaya Austronesia kanthi integral, mliginipun Austronesia pérangan kilèn. Sebatan Austronesia langkung tumuju ing aspèk linguistik.

Ingkang mbèntenaken pantun, gabah, merang, damèn, beras, sekul, utawi ketan punika salah satunggaling titikan lekatipun ‘budaya padi’ ing masarakat panganggé kulawarga basa Austronesia, saha kanthi makaten ugi péranganing budaya Austronesia.

Aspèk ‘budaya padi’ ing masarakat ngriku ing mangsa rumiyin, ugi katingal ing sapérangan rélièf candhi-candhi ing Jawi.

Ing budaya Banten dipunkenal beras (mliginipun tlatah Serang), inggih punika beras kanthi kualitas paling saé (pulen) ingkang mirib raos ketan.

Ugi pirsani[besut | besut sumber]

Wikipedia
Artikel punika, artikel dhasar ingkang kedah dipundarbèni sadaya basa.