Menyang kontèn

Mineral

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Mineral

Minéral

Pangertosan Minéral

[besut | besut sumber]

Minéral inggih punika dat ragabagan (Ind: organik) ingkang diprélukaké salira manawi namung wonten jumlah ingkang boten kathah. Dat ragabagan punika wonten ing makluk hidup ingkang diprélukaké wonten prosès metabolisme tiyang. Mineral punika kedah wonten ing panganan ingkang saben dinten dipunmadhang, sakménika sangèt butuhake kanggé jaga kawarasan awak, jumbuh kaliyan gunanipun dados dat pengatur. Mineral ingkang dipunbutuhake antawisipun bési, dat kapur, yodium, fosforus.[1]

Sumber, guna lan Kebutuhan Mineral gedhe

[besut | besut sumber]

Minéral ingkang dibétahaké déning manungsa saking wonten salèbeting siti. Tuwuhan sumbér pangan nyerap Mineral ingkang diperlukake lan nyimpén wonten struktur tuwuhan. Kéwan dados konsumén tingkat sètunggal ginakakén lan nyimpen Mineral wonten awakipun. Dados konsumen tingkat pungkasan, manungsa pikantuk Mineral lan pangan Nabati Hewani. Mineral punika bahan saking Wiragabagan lan watek esensial. Manawi Mineral boten télas dipun-ginakaken déning manungsa mila badhé dipunwedalaken kaliyan awak lan dipunbalikakén wonten lémah.[2] Secara umum guna Mineral punika wonten awak: 1. Mélihara késéimbangan Asam awak kaliyan jalan ginakaken mineral pémbéntukan Asam Klorida, Fosfor, Bélèrang lan [[Mineral pémbèntukan Basa, Kapur, Bési, Magnèsium]], Kalium, Natrium. 2. Méngkatalisasi reaksi ingkang gegayutan kaliyan pemecahan Karbohidrat, Lémak, Protèin sarta pembentukan Lémak lan Protein awak. 3. Dados Hormon, Iodium, gegayutan wonten Hormon Tiroksin, Co wonten vitamin B12, Ca lan P kanggé wujud Tulang lan Gigi lan Ènzim awak. Fe kalebet wonten aktivitas Enzim Katalase. Sitokrom]]. 4. Mbantu melihara keseimbangan toya awak Klorin, Kalium, Natrium. 5. Pitulung wonten pengiriman isyarat kesadaya awak, Kaslium, Kalium, natrium. 6. Dados pérangan cuwèran Usus, Kalsium, Magnesium, Kalium lan Natrium. 7. Berperan wonten pertumbuhan lan ngerawat tosan, waja, lan jaringan sanèsipun, Kalsium, Fosfor, Fluorin. [[Mineral ingkang dipunbutuhake déning manungsa dipunklasifikasiaken dados kaleh golongan, ya iku mineral gedhe lan mineral Mikro. Mineral gedhe punika mineral ingkang jumlahipun relatif inggil >0,05% saking awratipun slira saking jaringan awak. Mineral mikro punika dados unsur Renik trace èlémént wonten <0,05% saking berat badan. Unsur-unsur mineral gedhe inggih punika Kalsium, fosfor, kalium, Sulfur, Natrium, Klor, Magnesium. Unsur-unsur mineral mikro inggih punika Besi, Seng, Selenium, Mangan, Tembaga, iodium, Molibdenum, Kobalt, Khromium, Silikon, Vonadium, Nikael, Arsen, Fluor. Saben jinis mineral gedhe gadhah guna, lan sumber pangan.[3]

Prabawa Kaluwehan lan Kekirangan Mineral gedhe

[besut | besut sumber]

Kalsium Ca. Konsumsi Ca ingkang kaluwihan saged njalari angèl buang air besar Bebelen lan ganggu penyerapan Mineral kados dat Besi, Seng, Tembaga. Kaluwehan saking Ca punika wonten jangka panjang bakal ningkataken resiko lelara Hypercalcemia saha pambentukan Ginjel saha gangguan guna Ginjel. Fosfor. Ginakaken Fosfor déning awak salah satunggaling dipuntemtukaken kaliyan Rasio antawis Kalsium, lan Fosfor, ingkang idealipun kanggé remaja lan tiyang sepuh inggih punika 1:1. Kaluwihan Fosforkaleksanan manawi rasio Kalsium fosfor luwih alit saking setengah utawi 1:2. Kaluwihan Fosfor sapunika ganggu penyerapan Mineral kados Tembaga, Seng, sarta ugi saged memicu tukule Hypocalcemia. Magnesium, kaluwihan Magnesium wonten jangka panjang sami dampakipun kaliyan kekiranganipun Magnesium inggih punika gangguan guna Saraf Neurologikal disturbances. Tandha-tandha sepisanan kaluwihan Magnesium inggih punika Mual, muntah, penurunan darah cendhèk, owah-owahan elektro kardiografi lan kelambanan refleks.[4]

Jinis-jinising Mineral

[besut | besut sumber]

1. Kalsium kalsium inggih punika Mineral ingkang paling ageng wonten badan punika ingkang dibutuhake. Antawis 2-3 persèn saking abot awakipun inggih punika Kalsium, manawi 98% sampuk kasimpen wonten tosan saha waja ugi 1 % ing rah. Kalsium ugi mbantu kontraksi lan relaksasi Otot, pembekuan darah, guna Hormon, sekresi enzim, penyerapan vitamin B12 lan pencegahan batu Ginjel kaliyan lelara Jantung. 2. Magnesium Magnesium mbiyantu ngatur kadar kalium lan Natrium wonten slira. Magnesium sanget wigati anggene melihara jaringan Gigi, Tulang, saha Otot, ngatur suhu awak, produksi lan transportasi ènergi, metabolisme Lemak, Protein, Karbohidrat, Kontraksi, an relaksasi otot, magnesium dipunsimpen wonten tosan saha waja, sabagian wonten rah saha otot. 3. Besi Besi kasimpen wonten Hemoglobin sèl darah merah, dat Besi mbeta Oksigèn ing sèl-sèl awak saha mbekta Karbon dioksida medhal saking slira, dukung guna Otot, enzim, protéin, saha metabolisme ènergi. Kekirangan dat besi njalari anemia, kelelahan, sakit Kepala, apatis. Wonten kaleh jinis dat besi wonten panganan: Besil heme gampil dipunserep awak lan tinemu wonten daging, unggas lan ikan. Besi non heme angèl ingkang badhé dipunserap wonten tuwuhan kadhas déné Kacang-kacangan, brokoli, bayem, kangkung. awak sapunika namung saged nyerap 20-40 % besi saking sumber hewani lan 5-20 % besi saking sumber nabati. 4. Zinc Seng Zinc wonten ing sadaya awak, utamanipun kulit, rambut, mata. Manawi tiyang jaler nyimpen zinc wonten prostat. Zinc berperan wonten sintesis DNA lan RNA, produksi Protein, insulin, lan sperma. Mbantu wonten metabolisme karbohidrat, lemak, protéin, alkohol, tugasipun ngeluaraken karbon dioksida, nyepetake penyembuhan, pertumbuhan, perawatan jaringan awak, lan dukung indera kadostah penciuman lan perasa. Manawi kekirangan zinc nyebapaken gangguan pertumbuhan, kehilangan nafsu makan, penyembuhan lambat, rambut rontok, libido seks cendhèk, boten gadhah rasa lan bau lan kesulitan beradaptasi kaliyan cahya wengi. 5. Selenium awak punika mbutuhake selenium wonten jumlah kecil, nanging teratur kanggé keséhatan liver hati. Selenium kathah dipuntemukaken wonten lemah, saéngga jumlah ingkang pinanggih wonten sayuran lan buah gumantung wonten panggènan tanemipun lan métodhe pertanian ingkang dipun-ginakaken. 6. Kalium, Natrium, Klorida Kalium asring dipunsebat potasium, natrium lan klorida inggih punika mineral ingkang larut wonten darah lan cuwèran awak sanèsipun. Kalium, natrium, klorida punika terpecah dados ion-ion, lan dhamel cuwèran awak tetap konstan lan boten berfluktasi, ugi berperan wonten transportasi glukosa ing sèl lan pembuangan limbah, tekanan darah, transmisi impuls saraf, irama jantung lan guna otot. Kekirangan mineral-mineral punika nyebapaken ngantuk, cemas, mual, lemah, detak jantung boten teratur.[5]

Cathetan sikil

[besut | besut sumber]
  1. { http://id.shvoong.com/medicine-and-health/nutrition/2105075-pengertian-mineral/}(dipununduh21[pranala mati permanèn] september 2012)
  2. >Yuniastuti,ari.Gizi dan Keséhatan.ISBN.Graha Ilmu.Yogyakarta.(2008:61)
  3. >Yuniastuti,ari.Gizi dan Keséhatan.ISBN.Graha Ilmu.Yogyakarta.(2008:62)
  4. >Yuniastuti,ari.Gizi dan Keséhatan.ISBN.Graha Ilmu.Yogyakarta.(2008:66)
  5. {http://majalahkeséhatan.com/jinis-jinis-mineral-yang-wajib-anda-ketahui/}(Dipun[pranala mati permanèn] unduh21 September 2012)

Rujukan

[besut | besut sumber]