Menyang kontèn

Bayem

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Bayem
Amaranthus caudatus (Love-lies-bleeding, jinis Amaranthus liyané.)
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Dhivisi: Magnoliophyta
Klas: Magnoliopsida
Ordho: Caryophyllales
Famili: Amaranthaceae
Subfamili: Amaranthoideae
Génus: Amaranthus
L.
Spesies

.

  • A. hybridus
  • A. tricolor
  • A. blitum
  • A. spinosus

Bayem (Amaranthus spp.) wujud tetuwuhan kang biyasa ditandur kanggo dikonsumsi godhongé minangka janganan ijo. Bayem asalé saka Amérika tropik nanging saiki kasebar ing saindhenging donya. Bayem ditepungi minangka janganan sumber dat wesi kang wigati.

Pamerian botani

[besut | besut sumber]

Terna sausum kang seneng iklim anget lan cahya kuwat. Bayem rélatif tahan marang cahya langsung amarga wujud tuwuhan C4. Watang ngandhut banyu lan kurang ngandhut kayu. Godhongé mawa gagang, wangun oval, lemes, awerna ijo, abang, utawa ijo semu putih. Kembang ana ing tukal kang rapet, pérangan ngisor manggon ing kèlèk, pérangan ndhuwur nglumpuk dadi karangan kembang ing pucuik gagang lan kèlèk pacawangan. Kembangé wangun bulir. Wijiné awerna ireng, cilik lan atos.

Panggunaan

[besut | besut sumber]

Bayem minangka jangan mung umum ditepungi ing Asia Wétan lan Asia Kidul-Wétan, saéngga diarani ing basa Inggris minangka Chinese amaranth. Ing Indonésia lan Malaysia, bayem asring disalahartèkaké dadi "spinach" ing basa Inggris (mungel minangka akibat pamertalan sajeroning filem kartun Popeye), kamangka jeneng iku ngacu menyang jinis godhong janganan liya - pirsani Bayem (Spinacia).

Ing tingkat konsumèn, ditepungi rong macem janganan bayem: bayem pethik lan bayem bubut. Bayem pethik godhongé amba lan tuwuh tegak gedhé (tekan rong mèter) lan godhong enomé mligi dimaem minangka lalapan (cotnoné ing pecel, gado-gado), urap, sarta digorèng sawisé diglepungi. Godhong bayem bubut ukurané luwih cilik lan ditandur mung sedhéla (paling suwé 25 dina), luwih cocog digawé sup encer kaya jangan bening lan jangan bobor. Bayem pethik racaké asalé saka jinis A. hybridus (bayem kakap) lan bayem bubut mligi dijupuk saka A. tricolor. Jinis-jinis liyané kang uga dimupangataké ya iku A. spinosus (bayem eri) lan A. blitum (bayem kotok).

Kandhutan wesi sajeroning bayem rélatif luwih dhuwur tinimbang janganan godhong liyané (wesi wujud panyusun sitokrom, protéin kang kalibat sajeroning fotosintesis) saéngga migunani kanggo panandhang anemia.

Sapérangan kultivar A. tricolor duwé godhong warna abang utawa putih lan dipigunakaé minangka tetuwuhan hias, sanadyan bisa uga dijangan. Jinis tetuwuhan hias liyané ya iku A. caudatus amarga tandhan kembangé awerna abang dawa nggantung kaya buntut. Ing papan asalé, bayem dimupangataké wijiné (bayem wiji) minangka sumber karbohidrat. Wiji iki saiki uga populèr minangka panganan dhièt amarga ora marakaké lemu.

Oyot tunggang bayem uga dimupangataké minangka obat.

Pranala njaba

[besut | besut sumber]