Menyang kontèn

Fotosintèsis

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Fotosintesis)
Godhong, papan dumadiné fotosintesis
Diagram fotosintesis

Fotosintèsis iku prosès biokimia kang dilakoni tetuwuhan, ganggang, lan sapérangan jinis bakteri kanggo mrodhuksi ènergi kang dinggo (nutrisi) kanthi manfaataké ènergi cahya. Mèh kabèh makhuk urip gumantung saka ènergi kang diahasilaké ing fotosintesis. Akibaté fotosintesis dadi wigati banget kanggo kauripan ing bumi. Fotosintesis uga duwé jasa ngasilaké sapérangan gedhé oksigèn kang ana ing atmosfer bumi. Organisme kang ngasilaké ènergi liwat fotosintesis (photos ateges cahya) sinebut fototrof. Fotosintesis wujud salah siji cara asimilasi karbon amarga ing fotosintesis, karbon bébas saka CO2 diiket (difiksasi) dadi gula minangka molekul panyimpen ènergi. Cara liya kang ditempuh organisme kanggo ngasimilasi karbon ya iku liwat kemosintesis, kang dilakoni déning sapérangan bakteri wlirang.

Fotosintèsis ing tetuwuhan

[besut | besut sumber]

Tetuwuhan duwé sipat autotrof. Autotrof tegesé bisa nyintesis pangan langsung saka senyawa anorganik.Tetuwuhan migunakaké karbon dioksida lan banyu kanggo ngasilaké gula lan oksigèn kang diperlokaké minangka pangané. Energi kanggo nglakokaké prosès iki asalé saka fotosintesis. Pirsanana persamaan reaksi kang ngasilaké glukosa ing ngisor iki:


12H2O + 6CO2 + cahya → C6H12O6 (glukosa) + 6O2 + 6H2O


Glukosa bisa dipigunaaké kanggo mbentuk senyawa organik liya kaya déné Selulosa lan bisa uga dipunginaaké minangka bahan bakar. Prosès iki lumaku liwat respirasi seluler kang dumadi ing kéwan lan tetuwuhan. Lumrahé reaksi kang dumadi ing respirasi seluler wewalikan karo persamaan ing ndhuwur. Ing respirasi, gula (glukosa) lan senyawa liya bakal reaksi karo oksigèn kanggo ngasilaké karbon dioksida, banyu, lan ènergi kimia.

Tetuwuhan nangkep cahya kanthi migunakaké pigmen kang karan klorofil. Pigmen iki kang mènèhi warna ijem ing tetuwuhan. Klorofil ana ing organel kang karan kloroplas. Klorofil nyerep cahya kang bakal dipigunaaké sajeroning fotosintesis. Sanadyan kabèh pérangan awaké tetuwuhan kang wernané ijo ngandhut kloroplas, nanging sapérangan gedhé ènergi diasilaké ing godhong. Ing njeron godhong ana lapisan sel kang karan mesofil kang ngandhut setengah yuta kloroplas saben milimeter perseginé. Cahya bakal ngliwati lapisan epidermis tanpa warna lan kang transparan, nuju mesofil, papan dumadiné sapérangan gedhé prosès fotosintesis. Permukaan godhong racaké dilapisi déning kutikula saka lilin kang sifaté anti banyu kanggo nyegah dumadiné panyerepan sinar srengéngé utawa panguapan banyu kang punjul samesthiné.

Uga delengen

[besut | besut sumber]
Wikipedia
Wikipedia
Artikel punika, artikel dhasar ingkang kedah dipundarbèni sadaya basa.