Godhong

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Godhong pakis
godhong iki kajupuk pas ana ing daerah wonogiri

Godhong iku salah siji organ tetuwuhan kang tuwuh ing batang kang fungsi mligi nyerep énergi cahya srengéngé kanggo fotosintesis. Lumrahé wernané ijo amarga ing kana ana jaringan kang paling akèh ngandhut klorofil. Godhong wujud organ tetuwuhan kang paling amba saéngga bisa nyerep ènergi cahya srengéngé saokèh-okèhé.

Godhong duwé peran kang wigati ing prosès mrodhuksi bahan pangan tetuwuhan supaya bisa tetep urip lan tuwuh amarga tetuwuhan iku organisme autotrof obligat kang kudu masok kabutuhan energiné dhéwé liwat konvèrsi ènergi cahya dadi ènergi kimia.

Werna ijo godhong asalé saka kandhungan klorofil ing godhong. Klorofil iku senyawa pigmen kang duwé peran nyeléksi panjang gelombang cahya kang energiné dijupuk kanggo fotosintesis. Sabeneré godhong uga duwé pigmèn liya, umpamané karoten (wernané jingga/kuning tuwa), xantofil (wernané kuning), lan antosianin (wernané abang, biru, utawa ungu, gumantung drajat keaseman). Godhong tuwa kélangan klorofil saéngga wernané malih dadi kuning utawa abang (bisa dipirsani kanthi cetha ing godhong kang rogol).

Fungsi godhong[besut | besut sumber]

  • Papan dumadiné fotosintesis.
  • Minangka organ ambegan.
Ing godhong ana stomata kang fungsiné minangka organ respirasi (pirsani katerangan ing sangisoré Anatomi Godhong).
Umpamané ing tetuwuhan soyor bèbèk (tunas godhong).

Morfologi godhong[besut | besut sumber]

Gambar manéka warna wangun godhong

Wangun godhong akèh banget macemé, nanging lumrahé wujud lembaran, bisa tipis utawa kandel. Gambaran rong dhimènsi godhong digunaaké kanggo mbédaaké wangun-wangun godhong. Wangun dhasar godhong mbunder, kanthi variasi cuping ndriji utawa dadi elips lan ndawa. Wangun ekstremé bisa lancip dawa.

Godhong bisa uga malèh dadi eri (umpamané ing tetuwuhan kaktus), lan njalari godhong kélangan fungsiné minangka organ fotosintetik. Godhong tetuwuhan sukulen utawa xérofit uga bisa ngalami paralihan fungsi dadi organ panyimpen banyu.

Anatomi Godhong[besut | besut sumber]

  • Epidermis, lapisan paling njaba godhong kang nutup pérangan ndhuwur lan ngisor godhong. Epidermis kapérang dadi epidermis ndhuwur lan epidermis ngisor. Fungsi epidermis ya iku ngreksa jaringan sangisoré. Kanggo nyegah dumadiné panguapan banyu kang kegedhén, epidermis godhong katutup déning lapisan kutikula.
  • Jaringan palisade utawa jaringan cagak iku jaringan kang duwé fungsi minangka papan dumadiné fotosintesis
  • Jaringan spons utawa jaringan kembang karang kang ana ronggané. Jaringan iki fungsiné minangka papan nyimpen cadhangan pangan.
  • Berkas pembuluh angkut kang kapérang saka xilem utawa pembuluh kayu lan floem utawa pembuluh tapis. Xilem duwé fungsi ngangkud banyu lan garam-garaman kang diserot oyot saka njeron lemah pinuju godhong (kang dipigunaaké minangka bahan fotosintesis). Éwadéné floem duwé fungsi ngangkud asil fotosintesis nuju sakabèhing awak tetuwuhan.
Gambar anatomi godhong
  • Stoma (jamak: stomata) utawa tutuk godhong duwé fungsi minangka organ respirasi. Stoma njupuk CO2 saka udara kanggo didadèkaké bahan fotosintesis. Banjur stoma bakal ngetokaké O2 minangka asil fotosintesis. Stoma kaya irungé awake dhéwé, kaya ta stoma njupuk CO2 saka hawa lan ngetokaké O2, éwadéné irung njupukO2 lan ngetokaké CO2. Ing tetuwuhan dharat kang posisi godhongé ndatar, stomata iku papané ing epidermis ngisor. Ing godhong kang posisiné jejeg, lumrahé stomatané ana ing sisih sakloroné godhong. Ing tetuwuhan kang godhongé ana ing ndhuwur banyu, stomatané ing sisih nduwur godhong. Saliyané liwat stoma, tetuwuhan tingkat dhuwur uga ambegan liwat lentisel kang ana ing batang.