Kaktus

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Kaktus
NIEdot303.jpg
Lukisan manéka kaktus
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Dhivisi: Magnoliophyta
Unranked: Eudicots
Unranked: Core eudicots
Ordho: Caryophyllales
Famili: Cactaceae
Juss.
Marga

Pirsani Taksonomi kaktus

Kaktus iku jeneng kang diwènèhaké kanggo anggota tetanduran ngembang famili Cactaceae.

Kaktus bisa tuwuh ing wektu kang suwé tanpa banyu.[1] Kaktus biyasa tinemu ing laladan-laladan kang garing (ara-ara).[1] Tembung jamak kanggo kaktus ya iku kakti.[2] Kaktus duwé oyot kang dawa kanggo golèk banyu lan ngambakaké panyerepan banyu sajeroning lemah.[1] Banyu kang diserep kaktus disimpen sajeroning ruwang ing batangé.[1] Kaktus uga duwé godhong kang malih wangun dadi eri saéngga bisa ngurangi panguapan banyu liwat godhong.{[3] Mula, kaktus bisa tuwuh kanthi wektu kang suwé tanpa banyu.[3]

Sajarah[besut | besut sumber]

Panemon ngenani kaktus dipercaya diwiwiti suwé sadurungé bangsa Éropah nemu Donya Anyar.[4] Nanging, manéka informasi ngenani tanduran mau ilang nalika dumadi panjajahan déning Spanyol.[4] Réferènsi pisanan ngenani tanduran kaktus tinemu nalika abad kaping 16 sajeroning bab 16 saka buku Historia general y natural de las Indias (1535).[4] Panulis buku mau, Hernandez de Oviedo y Valdez ndhèskripsikaké kaktus minangka tanduran kang duwé eri kang kas lan woh kang unik.[4] Sapérangan gedhé spésies kaktus asalé saka Amérika Lor, Kidul, lan Tengah.[4] Genus kaktus pisanan kang diimpor menyang Éropah ya iku Melocactus.[4] Sawijining botaniawan asal Swedia, Carl Linnaeus, mènèhi jeneng kaktus kang dijupuk saka basa Yunani Κακτος kaktos.[4] Sajeroning basa Yunani klasik, tembung mau duwé makna tanduran alasan mawa eri.[4]

Habitat[besut | besut sumber]

Mung saprapat saka kabèh total spésies kaktus kang urip ing laladan ara-ara.[5] Sisané urip ing laladan semi-ara-ara, ara-ara garing, hutan meranggas, utawa ara-ara.[5] Lumrahé, tetanduran iki urip ing laladan mawa iklim tropis lan subtropis.[5]

Morfologi[besut | besut sumber]

Kaktus kalebu sajeroning golongan tanduran sukulen amarga bisa nyimpen persediaan banyu ing batangé.[5] Batang tanduran iki bisa nampung volume banyu kang gedhé lan duwé wangun kang manéka variasi.[5] Kanggo bisa tahan ing laladan ara-ara kang gersang, kaktus duwé metabolisme tinentu.[5] Tetanduan iki mbukak stomatané ing dina wengi nalika cuaca luwih adhem tinimbang awan kang panas.[5] Ing dina wengi, kaktus uga njupuk CO2 saka lingkungan lan nyimpen ing vakuola kanggo dipigunakaké nalika fotosintesis dumadi (mligi nalika awan).[5] Akèh spésies saka kaktus kang duwé eri kang dawa sarta landhep.[5] Eri mau arupa modhifikasi saka godhong lan dimupangataké minangka protèksi saka hèrbivor.[5] Kembang kaktus kang migunani sajeroning reproduksi tuwuh saka pérangan kèlèk utawa areola lan nèmpèl ing tetanduran sarta ora duwé gagang kembang[5].

Kaktus mawa eri kang dawa sarta landhep.

Ama lan lelara[besut | besut sumber]

Lelara kang lumrahé nyerang kaktus disebabaké déning baktèri lan cendhawan.[6] Infèksi akibat baktèri lan cendhawan bisa nyebar kanthi rikat saéngga perlu dilakokaké pambuwangan pérangan kang kena infèksi banjur dilakokaké pancangkokan.[6] Ama kang asring nyerang kaktus ya iku tungau (Tetranychus urticae) lan kutu kang ngisep cuwèran kaktus.[6] Karusakan pérangan tinentu saka kaktus uga bisa disebabaké kobongé jaringan akibat sinar srengéngé.[6] Yèn kaktus kang biyasa disèlèhaké ing papan edhum kanthi dadakan dipindah menyang lokasi kang kena sinar srengéngé kanthi langsung mula bakal muncul owah-owahan warna dadi putih utawa coklat ing pérangan kang kasorot déning sinar srengéngé.[6]

Kagunan kaktus kanggo manungsa[besut | besut sumber]

Manéka jinis kaktus wis suwé dimupangataké manungsa minangka sumber pangan, salah sijiné ya iku Opuntia[7]. Spesies iki akèh dikultivasi kanggo dijupuk woh lan batang enomé.[7] Woh Opuntia akèh diolah dadi selai kang diarani queso de tuna[7] Sauntara iku, batang enom Opuntia kang ditepungi minangka nopalitos bakal dikuliti lan digorèng, dikukus, utawa diolah dadi acar sajeroning cuka kecut-legi. Saiki, Opuntia uga isih dimupangataké minangka pakan sato iwèn, kosmètik, lan usada.[8] Biyèné, spésies kaktus Carnegiea gigantea dimupangataké minangka bahan dhasar glepung kanggo gawé roti.[5] Nanging glepung iki wis ora dimupangataké manèh amarga masarakat luwih seneng glepung saka jagung.[5] Pérangan oyot saka Echinocactus platyacanthus uga diolah sajeroning cuwèran gula kanggo didadèkaké permèn.[5] Pérangan oyot kang ngandhut kayu utawa pembuluh vaskular kang ngandhut lignin saka kaktus uga dimupangataké minangka bahan yasan lan bahan bakar.[5]

Konservasi kaktus[besut | besut sumber]

Diwasa iki, manéka spésies kaktus kaancam cures amarga anané pangrusakan habitat alaminé lan èksplorasi linuwihan kang dilakokaké manungsa.[9] Biyèné, kaktus diimpor sajeroning gunggung gedhé menyang Amérika Sarékat, Éropah, Australia, lan Jepang amarga kalebu komoditi kang nguntungaké.[9] Nanging, dagang kaktus mau wiwit diendhegaké sadurungé Perang Donya II.[9] Saiki, kaktus kalebu sajeroning dhaftar Apendiks I lan II Convention on Internasional Trade in Endangered Species (CITES) kang mènèhi pangreksan marang tanduran iki.[9] CITES uga nggalakaké usaha propagasi gawéan kanggo nglestarèkaké kaktus.[9] Tanduran asil propagasi utawa pangokèhan gawéan arupa tanduran kang asalé saka wiji, propagula, uga stèk kang ditandur ing lingkungan kakontrol.[9] Sapérangan nagara uga nglarang keras dagang kaktus, mligi menyang manca nagara.[9] Sapérangan usaha konservasi kaktus uga wis dilakokaké, ing antarané ya iku palestarian ex situ ing sajeroning tanduran botani.[9] Kaca.128-138

Gladri foto Kaktus[besut | besut sumber]

Cactacea

Réferènsi[besut | besut sumber]

  1. ^ a b c d Nobel, Park S. (2002). Cacti: Biology and uses. University of California Press. ISBN 978-0-520-23157-3. Hal.68-70
  2. ^ B.J. Nicol (2007). Life as a Cactus. Xulon Press. ISBN 978-1-60266-265-0. Hal.1
  3. ^ a b {en}}Nobel, Park S. (2002). Cacti: Biology and uses. University of California Press. ISBN 978-0-520-23157-3. Hal.23-24
  4. ^ a b c d e f g h Anderson, Edward F. (2001). The Cactus Family. Timber Press, Incorporated. ISBN 0-88192-498-9. 
  5. ^ a b c d e f g h i j k l m n o Subik R, Kunte L (2003). The Complete Encyclopedia of Cacti. Rebo Publisher. ISBN 90-366-1494-5. 
  6. ^ a b c d e {{en}Kelly J, Olsen M (2008). [cals.arizona.edu/pubs/garden/az1399.pdf "Problems and Pests of Agave, Aloe, Cactus and Yucca"] Priksa gandra |url= (pitulung) (PDF). College of Agriculture and Life Sciences, The University of Arizona.  Paramèter |month= sing ora kawruhan dikiwakaké (pitulung)
  7. ^ a b c Candelario Mondragón-Jacobo, Salvador Pérez-González, (2002). Cactus (Opuntia spp.) as forage. Food & Agriculture Organization of the United Nations. ISBN 978-92-5-104705-7. 
  8. ^ VIGUERAS GAL, Ortillo LP (2001). "USES OF OPUNTIA SPECIES AND THE POTENTIAL IMPACT OF CACTOBLASTIS CACTORUM (LEPIDOPTERA: PYRALIDAE) IN MEXICO" (PDF). Florida Entomologist 84 (4): 493–8.  Paramèter |month= sing ora kawruhan dikiwakaké (pitulung)
  9. ^ a b c d e f g h Nobel, Park S. (2002). Cacti: Biology and uses. University of California Press. ISBN 978-0-520-23157-3. 

Pranala njaba[besut | besut sumber]