Jagat Anyar

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
(Dilih saka Donya Anyar)
Frontispiece saka Peter Martyr d'Anghiera's De orbe novo ("Ing Jagat Anyar").

Jagat Anyar iku salah siji tembung sing dipigunakaké kanggo ngrujuk marang bawana Amérika. Nalika tembung sing kaping pisan muncul ing abad kaping 15 iki dipigunakaké, bawana Amérika arupa sawijining panggonan anyar lan asing kanggo wong Éropah, sing sadurungé nganggep yèn donya mung kapérang saka Éropah, Asia, lan Afrika (diarani uga kanthi jeneng Donya Lawas). Istilah "Jagat Anyar" béda karo "Donya Modhèrn"; "Donya Modhèrn" ngrujuk marang sawijining mangsa sajarah, dudu sawijining papan.

Christopher Columbus bali menyang Éropah nalika taun 1493 saka lelaku pisanané menyang bawana Amérika lan tanggal 1 November ing taun sing padha Peter Martyr d'Anghiera nyebut Columbus sajeroning sawijining layang minangka panemu saka "Jagat Anyar" (novi orbis).).[1] Setaun sabanjuré ing layang sing liya, kanggo kaping loroné tembung "Jagat Anyar" (orbo novo) dipigunakaké kanggo ngrujuk marang bawana Amérika.[2] Lan nalika taun 1516 Martyr nerbitaké sawijining karya sing judhulé diwènèhi awalan De orbe novo ("Jagat Anyar").

Tembung iki uga dipigunakaké déning Giovanni da Verrazzano nalika taun 1524 minangka cathetan lelakuné ing taun sing padha liwat pasisir sing saiki ana ing wewengkon Amérika Sarékat lan Kanada.[3]

"Jagat Anyar" sajeroning kontèks sajarah bisa dipigunakaké kanggo ngomongaké perkara-perkara sing magepokan karo petualangan Christopher Columbus, panelukan Yukatan déning Spanyol, lan liya-liyané. Sauntara sajeroning kontèks biologi, tembung "Jagat Anyar" lan "Donya Lawas" dipigunakaké kanggo nglompokaké spésies (contoné: Munyuk Donya Lawas).

Interpretasi liya saka tembung iki ya iku yèn "Jagat Anyar" iku "anyar" sajeroning kabèh kontèks sing magepokan karo manungsa; kanthi manungsa wis ngrembaka lan urip luwih suwé ing Donya Lawas adoh sadurungé bawana Amérika dipanggoni manungsa; dadi, bisa ditélakaké yèn manungsa pisanan sing tekan bawana Amérika iku sing nemu "Jagat Anyar".

Carte d'Amérique, Guillaume Delisle, 1722.

Sauntara bawana Amérika asring digambaraké minangka "Jagat Anyar", Australasia bisa digambaraké minangka "Donya Lawas" uga "Jagat Anyar" gumantung saka apa sing dibahas, mligi sajeroning babagan iki ya iku Niu Selan, ing endi let wektu antarané tekané Columbus lan manungsa pisanan sing manggon ing kana mung let sapérangan génerasi. Sajeroning kontèks biologi, Australasia ora bisa diarani "Donya Lawas" utawa "Jagat Anyar" amarga flora lan fauna sing manggon ing kana ora béda adoh karo sing ana ing Eurasia uga Amérika. Sauntara iku, anggur saka Australia lan Niu Selan bisa diarani "anggur Jagat Anyar" amarga ombènan iki nembé ngrembaka lan mlebu menyang pasaran Éropah sapérangan dhékade ing wuri iki (ngalahaké popularitas anggur Prancis lan Spanyol, mligi ing Britania Raya)

Adoh sadurungé Columbus, ing Éropah, akèh légèndha sing nyebutaké ngenani anané sawijining bawana ing ujung samodra. Upamané légèndha ngenani Irlandia Raya saka Norse utawa Hvítramannaland ("Tanah Duwèkané Kulit Putih"); "adobe of saints"; légèndha Madoc saka Welsh; lan kalebu uga légèndha Atlantis sing dicetusaké déning Plato.

Pirsani uga[besut | besut sumber]

Réferènsi[besut | besut sumber]

  1. ^ O'Gorman, Edmundo. The Invention of America. 1961. p. 84.
  2. ^ Zerubavel, Eviatar. Terra Cognita: The Mental Discovery of America. 2003. p. 72. Citing Thacher, John B. Christopher Columbus. 1903. vol. 1. p. 62.
  3. ^ The Written Record of the Voyage of 1524 of Giovanni da Verrazzano as recorded in a letter to Francis I, King of France, July 8th, 1524