Menyang kontèn

Fototrof

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Fototrof darat dan air: Tanaman tumbuh di batang kayu yang terapung di perairan kaya ganggang.

Pangèrtosan Fototrof

[besut | besut sumber]

Fototrof (Yunani: φῶς, φωτός = cahya, τροϕή = panganan) inggih punia organismé ingkang ngélampahi fotosintèsis kanggé pikolèh ènérgi. Sédaya mupangatakén ènérgi saking cahya srengéngé kanggé ngubah karbon dioksida saha toya dados bahan organik ingkang badhé dipunginaakén ing fungsi-fungsi sèl kados ta biosintèsis saha rèspirasi. Fototrof inggih punika autotrof, ugi dipuntepang dados fotoautotrof, saha mampu damél saé karbon. Tuwuhan fotoautotrof bèntén kaliyan kèmoautotrof ingkang pikolèh ènèrgi ngélampahi oksidasi donor èlèktron ing bebrayan. Tuwuhan fotohètérotrof ngasilaken ATP ngélampahi fotofosforilasi lan ginaakén sényawa organik kanggé bangun strukturipun.[1] Organisme fotoautotrof limrahipun dipunsebat dados holofitik.[2] Autotrof utawi autotroph inggih punika nyukani panganan piyambak (auto punika piyambak, trophos nyukani panganan) autotrof nahanaken gesangipun piyambak tanpa dahar punapa kemawon saking makluk urip sanès. Autotrof damel molekul organik saking CO2 saha bahan méntah anorganik sanès. Organismé autotrofik inggih punika sumber pamungkas sényawa-sényawa organik kanggé sédaya organismé non-autotrofik. [3].

ing konteks ékologi, organisme fototrof maringi nutrisi kaliyan sadaya wujud makluk urip (sanèsipun autotrof kados ta kemotrof). Ing lingkungan darat, taneman inggih punika varietas ingkang paling dominan, nanging organisme fototrof ing lingkungan toya angliputi ganggang (tuladahne Laminariales), protista (tuladhané euglena), fitoplankton, lan baktèri (tuladhané sianobakteri).

kasil saking prosès inggih punika amilum, ya iku wujud simpanan utawi cadangan saking karbon, ingkang saged dipun-ginakaken ketika cahya ingkang wonten sangat kedhik kanggé menuhi kabetahan sebuah organisme. Bakteri fotosintetik gadhah suatu zat ingkang namanipun bakterioklorofil, gesang ing tlaga lan kolam, lan mupangatipun hidrogen saking hidrogen sulfida, kanggé prosès kimiawi (pigmen bakterioklorofil nyerap cahya ing pérangan-pérangan spektrum UV lan inframerah ekstrem ing jawi jangkauan ingkang dipun-ginakaken klorofil normal). Sianobakteri gesang ing toya tawar, laut, lemah, lan lumut, lan nglampahi fotosintesis ingkang sami kaliyan taneman.

Sebuah autotrof fotolitotropis inggih punika organisme autotrof ingkang mupangatipun ènergi cahya, lan donor elektron inorganik (e.g., H2O, H2, H2S), lan CO2 dados sumber karbonnipun.

Zona ingkang saged dipuntembus cahya srengéngé utawi cahya buatan supados fotosintesis kadadosan dipuntepang dados zona fotik.

Metabolisme Autotrof

[besut | besut sumber]

Metabolisme autotrof utawi mikrobia heterotrof ing ngèlmu biologi ugi dipunsinauni mikrobia autotrof. Inggih punika mikroorganisme ingkang saged mensintesis piyambak kabetahan gesangipun. Sumber ènergi ingkang dipun-ginakaken mikroorganisme autotrof inggih punika sinar srengéngé fotoautotrof lan asil reaksi reduksi oksidasi tanpa ngginakaken sinar srengéngé kemoautotrof. Fototrof lan kemolitotrof saged asring ngginakaken CO2 dados sumber karbon saha dipun-ginakaken istilah autotrof kanggé gambaraken gaya hidup ingkang samikaliyan punika. Sedaya mikroorganisme autotrof ngginakaken CO2 dados sumber karbon kanggé pertumbuhan. Nitrogen punika saking senyawa inorganik kados ta NH3, NO3-, utawi N2.[4](dipununduh Tanggal 14 Oktober 2012).

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. Campbell, Neil A.; Reece, Jane B.; Urry, Lisa A.; Cain, Michael L.; Wasserman, Steven A.; Minorsky, Peter V.; Jackson, Robert B. (2008). Biology (édhisi ka-8th). kc. 564. ISBN 978-0-8053-6844-4.
  2. Hine, Robert (2005). The Facts on File dictionary of biology. Infobase Publishing. kc. 175. ISBN 978-0-8160-5648-4.
  3. >Campbell,Neila A,dkk."BIOLOGI Edisi Kedelapan Jilid 1".ISBN.ERlangga.Jakarta.(2008:200)
  4. "Archive copy". Diarsip saka sing asli ing 2020-02-10. Dibukak ing 2012-10-14.{{cite web}}: CS1 maint: archived copy as title (link)