Silikon

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
gambar silikon padhet

Silikon ya iku perangan kimia ing jero tabel periodik kang dipralambangi déning Si lan nomer atom 14.[1] Senyawa kang dumadi duwé sipat paramagnetik.[1] Perangan kimia iki tinemu déning Jöns Jakob Berzelius.[1] Silikon iku perangan metaloid tetravalensi, sipate luwih ora reaktif tinimbang karbon, perangan nonlogam kang ana ing dhuwure persis ing tabel periodik, nanging luwih reaktif tinimbang germanium, metaloid kang manggon persis ngisore ing tabel periodik.[1] Kontroversi ngenani sipat-sipat silikon wiwit panemone: silikon pisanan digawé wujudé murni ing taun 1824 mawa jeneng silisium (saka tembung basa latin “silicis”), karo akhiran –ium kang tegese logam.[1] Sanajan kaya ngono, taun 1831, jenenge diganti dadi silikon amarga sipat-sipat fisike arep padha karo karbon lan boron.[1]

Silikon iku elemen paling akèh kawolu ing donya yèn ditiliki saka massane, nanging paling arang tinemu ing wujud murni ing donya. Silikon paling akèh ditemoni ing bleduk, pasir, planetoid lan planet kang wujudé kaya silikon dioksida utawa silikat.[1] Luwih saka 90% kerak bumi kasusun saka mineral silikat, ndadèkaké silikon mawa perangan kaloro paling akèh ing kerak bumi (udakara 28% massa) sawisé oksigen.[1]

Silikon luwih kereb minangka nggawé serat optik lan oprasi plastik kanggo ngisi perangan awak pasien ing wujud silikone.[2]

Silikon ing wujud mineral uga diarani mawa zat kersik.[2]

Akeh-akèhé silikon dikomersialake tanpa dipisahake, nanging ana kalane luwih sithik prosès saka senyawane ing donya.[2] Tuladhané ya iku panganggonan langsung watu, pasir silika lan lemah lempung ing pambangunan gedung. Silika uga ana ing keramik.[2] Akèh perangan silikon modern kaya silikon karbida kang dianggo rikala nggawé keramik kang dayane dhuwur.[2] Silikon uga dianggo mawa monomer rikala nggawé polimer sintetik silikon.[2]

Perangan silikon uga duwé peran gedhé ing ékonomi modern.[2] Sanajan akèh silikon digunakaké ing prosès penyulingan baja.[2] Pengcoran alumunium lan ing prosès indrusti kimia liyané, sapérangan silikon uga digunakaké mawa perkawis semikonduktor ing elektronik-elektronik.[2] Amerga manpaate gedhé ing sirkuit terintegrasi, dhasar saka komputer, mula mlakune tèknologi modern gumantung ing silikon.[2]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ a b c d e f g h sifat-sifat fisik padatan anorganik (dipunundhuh tanggal 2 Januari 2013)
  2. ^ a b c d e f g h i j Silikon, Nitrogen da fosfor (dipunundhuh tanggal 2 Januari 2013)