Keramik

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Kramik kang ana ornamené (genthong)

Keramik yaiku karya seni rupa kriya kang wujudé bisa dideleng ing kabèh penjuru (sisih kiwo, tengen ngarep, mburi lan saka ndhuwur. Keramik uga kagolong karya seni rupa telu dimènsi lan bahan dasaré digawé saka lemah lempung sarta nganggo cara diobong ing pawon pangobongan (basa Indonésia asring diarani tungku)

Guci keramik

Sajarah[besut | besut sumber]

Keramik ing Indonésia sajarahé dawa kaya ing nagara-nagara liyané, kaya ta Cina, India, Jepang, Mesir lan Mexico.Ing Indonésia keramik wis kaloka wiwit jaman Neolithicum.Kaya ta ing Sumatra tinemu pecahan-pecahan belanga ing gunung kerang. Wiwit tinemu pecahan-pecahan tembikar wis bisa disimpulaké anané usaha nggawé piranti wadhah kanthi cara tradhisional lan isih mentah.

Bahan[besut | besut sumber]

Lempung kang misuwur kanggo bahan kramik yaiku lempung kang ana ing pinggir kali lan luwih gampang njupuk lemah aluluvial (blethok kang kagawa banyu ing kali ditambah campuran érosi lemah ing sakubengngé kali). Lempung yaiku susuté utawa ajuré saka watu kang atos lan bisa digolongaké wujud watu sedimen. Didasaraké ing wujudé lan panggonan lempung kapérang dadi enem (6) adidasar saka laladan asalé (asal)

Guci

Lempung residual[besut | besut sumber]

Lempung residual yaiku lempung kang ana ing panggonan kang isih asli lan durung pindhah panggonan wiwit kaciptané wujud lempung.Wujud lempung iku kaya ta:

  • Wujudé kasar, campuran karo watu kang durung gapuk (lapuk)
  • Wujudé ora molor (lentur)

Lempung illuvial[besut | besut sumber]

Lempung illuvial yaiku lempung kang digawa lan katut ing salah sijiné panggonan kang ora adoh saka asalé. Lempung iki duwé wujud memper karo lempung illuvial kanthi dhasar ora tinemu watu asal-usulé.

lempung alluvial (lempung tilas banjir ing kali)[besut | besut sumber]

Lempung alluvial yaiku lempung kang ngendut ing banyu kali lan saubengé. Lempung iki bisa kecampur ing wayah kali banjir karo pasir lan ngendut ana panggonan kang bera.

Lempung rawa[besut | besut sumber]

Lempung rawa yaiku lempung kang ngendut ana ing rawa-rawa. Jinis lempung iki duwé ciri warna ireng lan bisa tinemu ana ing pinggir sagara, kecampur karo uyah

Lempung tlaga[besut | besut sumber]

Lempung tlaga yaiku lempung kang ngendut ing saubengé tlaga (banyu tawar). Endut lempung iki lumrahé tipis lan duwé asifat kaya ta lempung banyu tawar.

Lempung marin[besut | besut sumber]

Lempung marin yaiku lempung kang ngendut ana ing sagara.Lumrahé lempung marin diawa banjir saka kali ngendut ing sakiteré sagara. Lempung mari wujudé bisa atos amarga kena gaya-gaya géologi bisa keangkat ing ing njabané sagara.Lempung marin duwé wujud alus lan campuran karo thothok-thothok foraminifera (kéwan sagara).Lan thothok iku ngandut jat-jat kapur

Bahan tambahan[besut | besut sumber]

Pasir yaiku bahan kanggo campuran lempung. Tambahé pasir ing lempung ing dasarédikarepaké kanggo bahan kang duwé mumpangat ngurangi rusaké ing sajeroning babagan ing ngaringke ing ngisor srengéngé lan ing sajeroning pangobongan (ngindari supaya ora pecah utawa sentet).Cacahé pasir kang dicampur kanggo ngawe kramik nganggo bandingan 1:4 lan akèh sitiké pasir kang dicampur ing campuran lempung.Pasir kang dijupuk ing dasaré kali dipilih kang alus lan ora kasar (ora campuran krikil).Pasir dimumpangataké ing pangrajin tradhisional kaya ta grabah lan nganggo piranti kang isih kuna ing prosès pagolahan bahané.

Pasir[besut | besut sumber]

  • Mumpangaté
    • Pasir bisa ngurangi nyusuté lempung ing prosès pangaringan lang ncegah anané pecahé kramik ong pawon pangobongan.
  • Kapur
    • Kapur yaiku bahan campuran kang dicampur ing lempung.Campuré kapung ing lempung dimumpangataké kanggo babagan glasir supaya kuwat lan ora pecah

Deleng uga[besut | besut sumber]

Gladri[besut | besut sumber]