Mesir
Républik Arab Mesir | |
|---|---|
| Motto: — | |
| Gunagita: Biladi, Biladi, Biladi | |
| Kuthagara lan Kutha paling gedhé | Kairo |
| Jawatbasa | Arab |
| Papréntahan | Républik |
• Presiden | Abdul Fattah El-Sisi |
| Mostafa Madbouly | |
| Kamardikan | |
• Banyu (%) | 0,6% |
| Population | |
• Pikira-kira 2005 | 77.505.756 (15) |
• Cacahjiwa 2004 | 76.117.420 |
| GKK (ITK) | Pikira-kira 2005 |
• Gunggung | US$282,3 milyar (31) |
• Saben wong | US$1.350 (115) |
| Artacihna | Pound (EGP) |
| Laladan wektu | UTC+2 |
| UTC+3 | |
| Kodhé bèl | 20 |
| TLD internèt | .eg |

Républik Arab Mesir, kondhang minangka Mesir, (Arab: مصر) iku nagara kang sapérangan gedhé wewengkoné dumunung ana ing Afrika pérangan lor-wétan. Kanthi jembar wewengkon watara 997.739 km² Mesir nyakup Ujung Sinai (dianggep péranganing Asia Kulon-Kidul), déné sapérangan gedhé wewengkoné dumunung ing Afrika Lor. Mesir wewatesan karo Libya ing sisih kulon, Sudan ing sisih kidul, jalur Gaza lan Israèl ing sisih lor-wétan. Watesé karo tlatah sagara ya iku Sagara Tengah ing sisih lor lan Sagara Abang ing sisih wétan. Mayoritas kang ndunungi Mesir manggon ing pinggir Kali Nil (watara 40.000 km²). Sapérangan gedhé dharatan minangka péranganing sagara wedhi utawa ara-ara Sahara kang arang dipanggoni. Mesir misuwur kanthi peradaban kuna lan rupa-rupa monumen kuna paling mégah ing donya, upamané Piramid Giza, Kuil Karnak lan Lembah Raja sarta Kuil Ramses. Ing Luxor, sawijining kutha ing tlatah wewengkon kidul, ana artefak kuna kang nyakup watara 65% artefak kuna ing saindhenging donya. Saiki, Mesir diakoni kanthi umum minangka pusat budaya lan pulitik utama ing wewengkon Arab lan Timur Tengah.
Mesir bakal mlebu ing jaman transportasi modhern sawise Siemens Mobility nuduhake sepur Velaro kang kapisan marang pamarentah lan masarakat Mesir ing lomba TransMEA 2025 ing Kairo. [1]
Miturut Newsweek, Senen (10/11/2025), acara iki uga ditekani dening Perdana Menteri Mostafa Madbouly lan Menteri Transportasi Kamel El-Wazir. [2]
Cara iki tandha jaman anyar transportasi modhern ing wewengkon Afrika lan Timur Tengah padha karo kang wis kelakon Indonesia liwat proyek sepur Whoosh.[3]
Kaunggulan sepur cepat Velaro yaiku bisa nggawa nganti 489 penumpang lan bisa mlaku kanthi kacepetan nganti 250 km/jam. Jaringan sepur ing Mesir iki mengko bakal luwih saka 2.000 kilometer, nyambungake kutha-kutha gedhe ing saindenge negara kuwi.[4]
Bebarengan karo iki, Pamerentah Mesir uga ngupayakake negarane marang jaringan sepur sing nyambungake Asia lan Eropa, nanging kreteg kang wis suwe direncanaké kanggo nyambungaké Arab Saudi karo Tanah Sinai ing Mesir durung rampung, miturut omongan Menteri Transportasi Kamel al-Wazir ing dina Minggu.[5]
Mesir wis ngluwihi lan ngembangaké dalan sepuré ing pitu poros kapisah. Iki kalebu telung dalan sepur kacepetan dhuwur sing bakal nyambungake Pelabuhan Sokhna ing Segara Abang karo Segara Mediterania lan Alexandria ing sisih lor, uga karo Aswan ing pucuk sisih kidul.[6]
Pulitik
[besut | besut sumber]Mesir awangun republik wiwit 18 Juni 1953. Mohamed Hosni Mubarak mengku kalungguhan minangka Présidhèn Mesir suwéné limang periode, wiwit 14 Oktober 1981 sawisé Présidhèn Mohammed Anwar el-Sadat diprajaya. Liyané iku, dhèwé uga pemimpin Parté Dhémokrat Nasional. Nayakotama Mesir, Dr. Ahmed Nazif dilantik ing 9 Juli 2004 nggantèkaké Dr. Atef Ebeid.
Kakuwasan ing Mesir diatur kanthi sistem semipresidensial multipartai. Sacara teoritis, kakuwasan èksekutif dipara antara présidhèn lan nayakotama nanging sajeroning praktek sadina-dina kakuwasan apunjer ing tangan présidhèn, kang dipilih jaroning Pemilu minangka kandidat tunggal. Mesir uga ngonoaké Pemilu parlemen multipartai.
Ana ing pungkasan Fèbruari 2005, Présidhèn Mubarak mbiwara owah-owahan aturan pemilihan présidhèn kanggo Pemilu multikandidat. kanggo sapisanan wiwit 1952, rakyat Mesir olèh kasempatan kanggo milih pemimpin saka pratélan warna-warna kandidat. Nanging, paugeran kang anyar uga nerapaké warna-warna watesan saéngga para tokoh, kaya déné Ayman Nour, ora bisa mèlu Pemilihan lan Mubarak menang manèh.
Dhémografi
[besut | besut sumber]Mesir minangka nagara Arab paling akèh kang ndunungi watara 74 yuta. Mèh kabèh populasi dumunung ing sadawané Kali Nil, mligi Iskandariyah lan Kairo, lan sadawané Delta Nil lan cedhak Terusan Suez. Mèh 90% saka populasiné pemeluk agama Islam lan sisané Kristen (mligi denominasi Coptic. Padunung Mesir mèh homogin. Prabawa Mediterania (kaya Arab lan Italia) lan Arab muncul ing sisih lor, lan ana sawatara kang ndunungi asli ireng ing sisih kidul. Akèh téyori wis diusulaké bab asal-usul wong Mesir, nanging ora ana kang konklusif, lan kang paling akèh ditampa ya iku masarakat Mesir minangka campuran saka wong Afrika Wétan lan Asiatik kang pindhah menyang lembah Kali Nil sawisé jaman es. Wong Mesir nggunakaké basa saka kulawarga Afro-Asiatik (sadurungé dikenal minangka Hamito-semitic).
Pamérangan Administratif
[besut | besut sumber]Mesir dipérang dadi 26 governorat (muhafazat; tunggal – muhafazah):
Agama
[besut | besut sumber]

Agama duwé peranan wigati tumrap urip ing Mesir. Sacara ora resmi, adan kang dikumandangké ping lima sadina dadi pathokan warna-warna kagiyatan. Kairo uga dikenal kanthi warna-warna menara masjid lan gréja. Miturut konstitusi Mesir, kabèh perundang-undangan kudu cocog karo hukum Islam. Nagara ngakoni madahab Hanafi liwat Kementrian Agama. Imam dilatih ing sekolah keahlian kanggo imam lan ing Universitas Al-Azhar, kang duwé komite kanggo mènèhi fatwa bab masalah agama.
Sangang puluh persèn kang ndunungi Mesir penganut Islam, mayoritas Sunni lan sapérangan uga nganut ajaran Sufi lokal. Watara 10% kang ndunungi Mesir nganut agama Kristen; 95% ing denominasi Koptik (Koptik Ortodoks, Katulik Koptik, lan Protèstan Koptik.
Uga delengen
[besut | besut sumber]- Pratélan nagara
- Pratélan nagara Républik miturut bawana
- Bibliotheca Alexandrina (Kapustakan al-Iskandariyah)
- Kali Nil
- Jean-François Champollion
Pranala njaba
[besut | besut sumber]| Wikimedia Commons duwé médhia ngenani Category:Egypt. |
| Wikiplesir duwé panuntun plesir ngenani Egypt. |
- Situs resmi Archived 2008-04-30 at the Wayback Machine.
- Situs resmi pariwisata Archived 2006-03-05 at the Wayback Machine.
- Egypt through the ages
Sagara Tengah |
Sagara Tengah |
Sagara Tengah |
||
| Cithakan:Country data Lurung Gaza | ||||
| ||||
| Lempongan Aqaba |
| Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
- ↑ Lainufar, Inas Rifqia (2025-11-13). "Mesir Punya Kereta Cepat Pertama: Kalah Ngebut dari Whoosh, tapi Tahan Gurun Panas". Kompas.com. Dibukak ing 2025-11-20.
- ↑ Lainufar, Inas Rifqia (2025-11-13). "Mesir Punya Kereta Cepat Pertama: Kalah Ngebut dari Whoosh, tapi Tahan Gurun Panas". Kompas.com. Dibukak ing 2025-11-20.
- ↑ Lainufar, Inas Rifqia (2025-11-13). "Mesir Punya Kereta Cepat Pertama: Kalah Ngebut dari Whoosh, tapi Tahan Gurun Panas". Kompas.com. Dibukak ing 2025-11-20.
- ↑ Lainufar, Inas Rifqia (2025-11-13). "Mesir Punya Kereta Cepat Pertama: Kalah Ngebut dari Whoosh, tapi Tahan Gurun Panas". Kompas.com. Dibukak ing 2025-11-20.
- ↑ Werr, Patrick (2025-05-25). "Egypt working to integrate railways into Asia-Europe trade". reuters.com. Dibukak ing 2025-11-20.
- ↑ Werr, Patrick (2025-05-25). "Egypt working to integrate railways into Asia-Europe trade". reuters.com. Dibukak ing 2025-11-20.
- Kaca mawa tag koordinat cacat
- Pages using infobox country with unknown parameters
- Member states and observers of La Francophonie
- Artikel Wikipedia kanthi BIBSYS identifiers
- Kaca kanthi kategori kontrol otoritas sing durung digawe
- Artikel Wikipedia kanthi BNE identifiers
- Artikel Wikipedia kanthi BNF identifiers
- Artikel Wikipedia kanthi GND identifiers
- Artikel Wikipedia kanthi HDS identifiers
- Artikel Wikipedia kanthi ISNI identifiers
- Artikel Wikipedia kanthi KULTURNAV identifiers
- Artikel Wikipedia kanthi LCCN identifiers
- Artikel Wikipedia kanthi MusicBrainz area identifiers
- Artikel Wikipedia kanthi NARA identifiers
- Artikel Wikipedia kanthi NDL identifiers
- Artikel Wikipedia kanthi NKC identifiers
- Artikel Wikipedia kanthi NLA identifiers
- Artikel Wikipedia kanthi NLI identifiers
- Artikel Wikipedia kanthi NSK identifiers
- Wikipedia articles with faulty RERO identifiers
- Artikel Wikipedia kanthi SUDOC identifiers
- Artikel Wikipedia kanthi TDVİA identifiers
- Artikel Wikipedia kanthi Trove identifiers
- Artikel Wikipedia kanthi UKPARL identifiers
- Artikel Wikipedia kanthi VIAF identifiers
- Artikel Wikipedia kanthi identifikasi WorldCat-VIAF
- Artikel Wikipedia kanthi multiple identifiers
- Mesir



