Kali

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Kreteg nglewati kali Kali Danube ing negoro Hungaria lan Slovakia.

Kali (krama Lèpèn) punika margi kanggé miyosipun toya saking dhataran ingkang inggil tumuju dhumateng dhataran ingkang langkung andhap. Lèpèn ugi dados satunggaling komponèn wonten ing siklus toya. Toya ingkang mili wonten ing lèpèn limrahipun asal saking toya jawah, sumber toya, toya siti, lèpèn alit, grojogan, tlaga, lèlèhan ès saking gunung, utawi bucalan saking penampungan toya (dam lan sanèsipun). Mèh sadaya lèpèn kahubungaken kaliyan lèpèn sanèsipun ingkang dipunwastani ilèn lèpèn, tlatah ingkang langkung inggil dunungipun lajeng minangka sumber kanggé lèpèn punika. Toya lèpèn ugi saged asal saking sumber toya siti. Wiwit saking sumberipun, lèpèn mili mangandhap, limrahipun dumugi ing seganten utawi hilir sungai|tlaga. Wonten tlatah ingkang gersang amargi titiwancinipun kering|panas|rendheng, toya lèpèn kadhangkawis telas utawi kirang amargi pemanasan|panguapan. Toya lèpèn saged ugi ngrembes wonten ing salebeting sangandhapipun siti utawi watu ingkang kathah pori-porinipun lan saged katembus, lajeng dados air bawah tanah|banyu lemah|air tanah|toya siti. Panyedhotan toya kanggé indhustri, irigasi lan sanèsipun ingkang keladuk kathahipun, ugi saged ndadosaken lèpèn garing sadèrèngipun dumugi seganten utawi tlaga. Sungapan utawi pérangan ingkang langkung andhap, déning para ahli géologi dipunsebat minangka level dhasar lèpèn. Tlatah ingkang toyanipun mili dhateng lèpèn utawi dalan lèpèn dipunwastani tlatah tangkepan toya, lembah tangkepan toya, lembah pengeringan utawi dataran pengaliran lèpèn. Istilah "watershed" ugi dipunanggé mastani tapel wates antawis tlatah tangkepan toya satunggal lan sanèsipun, pramila lajeng dipunwastani pamérangan toya, utawi ing kasus sanèsipun, pamérangan bawana.

The youthful Tambo River flowing over a slight change in topography
The beginning of a mountain river&hearts (Reichenbach in Grosse Scheidegg)

Topografi[besut | besut sumber]

Toya ingkang wonten lèpèn limrahipun kakurung ing salebeting kanal/badan lèpèn, ingkang dumados saking dhasar jeram ing antawisipun pinggir lèpèn. Lèpèn ingkang ageng gadhah dhataran lubèran banjir ingkang langkung wiyar. Dhataran punika saged langkung wiyar tinimbang ukuran lèpènipun piyambak. Wonten ing tlatah kitha, bédanipun kanal lan dhataran lubèran banjir dados kabur amargi dhataran lubèran banjir kathah ingkang dados tlatah pemukiman utawi indhustri. Kanal utawi badan lèpèn limrahipun arupi satunggal ilèn toya, ananging sawatawis lèpèn ngilèkaken langkung saking satunggal ilèn lajeng dados jalinan lèpèn. Lèpèn kados makaten pancèn awis-awis, namung wonten ing sawatawis tlatah kados ing New Zealand, ugi ing tlatah peneplain (laladan pagunungan ingkang dados dhatar amargi erosi), lan wonten ing sawatawis delta ing lèpèn ageng. Lèpèn ingkang sambung sinambung (anastamosing river), inggih mèmper kaliyan jalinan lèpèn. Lèpèn kados makaten punika ilènipun mènggak ménggok lan ngandhut kathah endhapan.

Wigatinipun Lèpèn[besut | besut sumber]

Lèpèn, sampun dipun-ginakaken déning manungsa wiwit lairipun jaman peradhapan, minangka sumber toya, sumber pakan, kanggé transport, minangka rintangan pertahanan, sumber tenaga kanggé nggesangaken mesin-mesin lan kanggé mbucal sampah. Salami éwon taunan lèpèn sampun dipun-ginakaken minangka sarana navigasi. Navigasi lèpèn dados sarana transport ingkang paling mirah lan taksih kathah dipunanggé wonten ing lèpèn ageng donya, kados Lèpèn Gangga, Lèpèn Nil, Lèpèn Mississippi, lan Lèpèn Indus. Wonten ing nagari ingkang gadhah kathah wana kados Skandinavia lan Kanada, blandhong kajeng migunakaken lèpèn kanggé transport kajeng kanthi milèkaken kajeng saking wana dhumateng panggénan penampungan kajeng kanggé prosès salajengipun. Makaten ugi, lèpèn sampun dados sumber pakan wiwit jaman pra sajarah. Sanèsipun minangka sumber mina (iwak), lèpèn kanthi boten langsung ugi mbiyantu tuwuhing tetanduran kanthi nyedhiaaken toya. Lèpèn mujudaken ranté pakan ingkang lumintu. Lèpèn ugi dados sumber toya, pramila boten nggumunaken yèn kathah kitha ing donya ingkang dumunung wonten ing sisih lèpèn.

Sisi lèpèn ing Jepang ingkang kanggé aréna rékréasi lan pista

Watu lan krikil ingkang dipunkasilaken lan dipunilèkaken déning lèpèn minangka bahan konstruksi wangunan. Ing genersi sapunika, kaéndahan lèpèn lan habitat ing saubengipun kathah ingkang dipundadosaken obyèk turisme. Lèpèn ingkang mili wonten ing tlatah pagunungan, gadhah jeram ingkang ilènipun rikat, kanthi toya ingkang bening, kadhangkawis ugi gadhah grojogan. Jeram ugi asring dipundadosaken wahana rekreasi. Lèpèn ingkang milinipun rikat lan grojogan asring dipunpigunaaken minangka sumber ènergi, arupi roda toya lan pabrik listrik hidro.

Miturut sajarah, lèpèn ugi wigati minangka tapel wates politis lan tapel wates nagari. Upaminipun, Lèpèn Danube, sampun dangu dados tapel wates Kekaisaran Romawi, lan sapunika dados tapel wates antawis nagari Bulgaria lan Romania. Lèpèn Mississippi ing Amérika Lèr, lan Lèpèn Rhine ing Éropah, dados tapel wates wétan-kilèn wonten ing bawana punika. Lèpèn Orange lan Lèpèn Limpopo ing Afrika kidul-wétan dados garis wates antawis provinsi lan nagari ingkang dipunlangkungi. Sajarawan Yunani ingkang pinunjul Megasthenes (350BC-290BC) nyebataken bab Lèpèn Gangga makaping kaping wonten ing karyanipun Indika, yèn India gadhah kathah lèpèn ingkang ageng lan saged dipunlayari, asalipun saking gunung-gunung lan mili ing tlatah wates lèr tumuju dhumateng `epèn Gangga. <! "India, again, possesses many rivers both large and navigable, which, having their sources in the mountains which stretch along the northern frontier, traverse the level country, and not a few of these, after uniting with each other, fall into the river called the Ganges. Now this river, which at its source is 30 stadia broad, flows from north to south, and empties its waters into the ocean forming the eastern boundary of the Gangaridai, a nation which possesses a vast force of the largest-sized elephants." (Diodorus II.37.) >

Biologi[besut | besut sumber]

Flora lan fauna ing lèpèn arupi werni-werni habitat. Sanajan boten sadaya organisme tahan gesang wonten ing toya tawa ingkang wonten ing lèpèn, nanging sawatawis kados déné Salmon lan Hilsa saged tahan gesang wonten ing toya lèpèn lan seganten.

Banjir[besut | besut sumber]

Banjir inggih punika kadadéan klelebing daratan amargi toya. Banjir punika wonten manawi toya ngleleb daratan ingkang padatanipun garing. Banjir limrahipun disebabaken amargi lèpèn ingkang ngluap ing sekitaripun akibat saking curah jawah ingkang dhuwur. Banjir dados pérangan alami wonten ing siklus lèpèn. Mayoritas érosi ing badan lèpèn lan tlatah lubèranipun kadadosan salami banjir. Ewosemanten, manungsa nyegah banjir alamiah wau kanthi ndamel tembok ing pèrèng lan nglempengaken ilènipun toya lèpèn, ingkang lajeng murugaken garingipun tlatah ingkang sajatosipun kanthi alamiah kedah teles.

Kacepatan Aliran Toya[besut | besut sumber]

Débit toya, ugi dipunwastani kacepatan volume ilèn lan kacepatan ilèn, inggih punika kathahing toya ingkang mili ing wekdal tinamtu, dipunukur nganggé mèter kubik per detik (1 m3/s = 35.51ft3/s).

Managemen[besut | besut sumber]

Lepèn saged dipuntata utawi dipunkontrol saéngga langkung migunani lan kirang mbebayani tumraping manungsa.

  • Dam, utawi bendhung saged dipundamel kanggé ngontrol ilèn, nyimpen toya lan minangka sumber ènergi.
  • Tanggul saged dipundamel kanggé nyegah toya lèpèn mblèbèr wonten ng tlatah lubèran.
  • Kanal kanggé ngubungaken lèpèn kaliyan lèpèn sanèsipun kanggé mbagi toya lan kanggé navigasi.
  • Aliran lèpèn saged dipuntata kanggé kaperluan navigasi utawi dipunlempengaken kanggé nglancaraken kacepatan ilèn toya.

Manajemen Lèpèn arupi aktivitas ingkang lumintu amargi lèpèn condhong ngrisak modifikasi ingkang dipundamel déning manungsa. Kanal dados langkung dhangkal, mekanisme lawang toya risak amargi yuswa, tanggul lan dam saged bocor utawi ngrembes. Kauntungan saking nata lèpèn asring buk-bandha kaliyan ongkos sosial ékonomi kanggé nata lèpèn lan akibatipun. Minangka satunggiling conto, ing pérangan donya majeng, lèpèn dipuntata nganggé kanal-kanal kanggé nyegah banjir wonten tlatah ingkang dipunkembangaken, nanging akibatipun banjir ingkang langkung ageng saged ngrisak sadaya wau ngicalaken kathah artos lan ugi kurban jiwa.

Pratélan Lèpèn[besut | besut sumber]

Sedasa ingkang paling panjang ing donya[besut | besut sumber]

Amargi ukuran lèpèn kanthi alamiah fractal|kapérang-pérang pramila ndadosaken sesah kanggé ngukur panjangipun lèpèn. Tansaya persis ngukuripun, lèpèn dados tansaya panjang. Ugi, sesah nemtokaken ing pundi asalipun utawi pungkasanipun lèpèn, amargi asring, pérangan inggil lèpèn kawangun déning jeram usuman, rawa-rawa, utawi tlaga ingkang tansah owah. Punika kinten-kinten ukuranipun sedasa lèpèn ageng ing donya:

  1. Kali Nil (6,695 km)
  2. Amazon (6,683 km)
  3. Yangtze (Chang Jiang) (6,380 km)[1]
  4. Missouri/Mississippi (5,970 km)[1]
  5. Ob (5,410 km)
  6. Huang He (Yellow) (4,830 km)
  7. Congo (4,630 km)
  8. Lena (4,400 km)
  9. Amur (4,350 km)
  10. Yenisei (4,106 km)

Pratélan sanès ingkang boten sarujuk pirsani: Daftar Lèpèn (Vaughn)

Pratélan Lèpèn Sanèsipun[besut | besut sumber]

Ugi Pirsani[besut | besut sumber]

Panyebrangan[besut | besut sumber]

Lèpèn saged dipunsebrangi kanthi:

Transportasi[besut | besut sumber]

Rujukan[besut | besut sumber]

  • ^ https://archive.is/20130705182325/www.dailytimes.com.pk/default.asp?page=story_10-12-2002_pg3_8
  • ^ Fermat's last theorem, Simon Singh, 1997
  • ^ Children's Misconceptions about Science. Operation Physics, American Institute of Physics (September 1998).
  • ^ William C. Philips (February 1991). Earth Science Misconceptions.
  • ^ Matt Rosenberg (2006-06-08). Do All Rivers Flow South?.
  • ^ Matt Rosenberg. Rivers Flowing North: Rivers Only Flow Downhill; Rivers Do Not Prefer to Flow South.
  • ^ Nezette Rydell (1997-03-16). Re: What determines the direction of river flow? Elevation, Topography, Gravity??. Earth Sciences.
  • ^ Cristi Cave. How a River Flows. Stream Biology and Ecology.

Wacan Terusan[besut | besut sumber]

  • Beyond the Bridges Life on American Rivers told by Riverlorian, Jerry Hay. [1] for more information
  • Luna B. Leopold (1994). A View of the River. Harvard University Press. ISBN.  — a non-technical primer on the geomorphology and hydraulics of water