Bengawan Sala

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Bengawan Sala ngliwati Cepu
Prau-prau ing Kali Bengawan Sala nalika mangsa kolonial. Lukisan déning Abraham Salm kang kalebu ing kolèksiné Tropenmuseum ing Walanda.

Bengawan Sala, utawa ditulis Bengawan Solo sajeroning éjaan basa Indonésia, utawa Banawi Sala[1] iku sawijining kali kang mili saka Gunung Lawu ngliwati Provinsi Jawa Tengah lan Jawa Wétan. Bengawan Sala mili ngalor ngliwati tlatah Jawa Tengah. Satekané Cepu, kali iki menggok ngétan liwat Bojanegara banjur notog Sagara Jawa. Bengawan Sala dadi kali kang dawa dhéwé ing Pulo Jawa, ya iku dawané udakara 540 kilomèter. Saliyané migunani minangka sarana ilèn-ilèn warga ing tlatah kang diliwati, kiwa-tengené Bengawan Sala kawentar minangka tlatah kang nyimpen sajarah antropologi kuna. Tlatah Kali Bengawan Sala ambané ana watara 20.125 km kubik. Saka tlatah Pagunungan Sewu, Kali Bengawan Sala mili ngliwati 20 kabupatèn/kutha, ya iku 9 kabupatèn ing Jawa Tengah: Wanagiri, Klathèn, Sukaharja, Karanganyar, Boyalali, Sragèn, Blora, Rembang lan kutha Surakarta. Déné ing wewengkon Jawa Wétan ana 11 kabupatèn kang diliwati ya iku: Ngawi, Magetan, Panaraga, Madiun, Pacitan, Bojanegara, Tuban, Lamongan, Gresik lan Surabaya, tumuli mili tekan Sagara Jawa.[2]

Akèh pigunané[besut | besut sumber]

Sumber panguripan[besut | besut sumber]

Wong melik wedhi ing ngisor kreteg Bengawan Sala

Banyu Bengawan Sala wis akèh gunané kanggo panguripané masarakat kang manggon ing laladan ilèné. Cathetan taun 1998, kang ndunungi kang manggon ing laladan ilèné Bengawan Sala kacathet ana wong 15,3 yuta, utawa padha karo 12,8 % saka kabèh kang ndunungi Pulo Jawa. Sawetara kurang luwih 76 % kang ndunungi mau golèk panguripan saka budidaya sajeroning sèktor tetanèn. Saliyané ilèn-ilèn, banyu Bengawan Sala uga dadi sumberé banyu ombèn-ombèn, sumber tenaga listrik, budidaya iwak banyu tawa lan tambak, saha sawatara kang ndunungi uga golèk panguripan saka njupuki gesik kali.[2]

Sumber Banyu Baku[besut | besut sumber]

Banyu Bengawan Sala, mligi kang wis ditanggul minangka sumber bebakalan banyu ombé lan indhustri.

Sumber Tenaga Listrik[besut | besut sumber]

Bendungan Bengawan Sala, contoné Bendung Wanagiri, minangka sumber ènèrgi listrik kang migunani tumrap kaperlon bendinan lan kaperlon indhustri.

Laladan Panlitèn Arkéologi[besut | besut sumber]

  • Sangiran kang dunungé ana ing tlatah ilèn Bengawan Sala dadi laladan wigati tumrap ngèlmu arkéologi. Von Koenigswald ing taun 1941 nemu fosil manungsa purwa kang diarani Meganthropus palaeojavanicus. Spésiès manungsa purwa iki manungsa raksasa tuwa dhéwé saka Pulo Jawa. Jinis manungsa mau diwatara urip udakara 20 yuta-15 yuta taun kapungkur.
  • Ngandong, séjéné Sangiran, uga tau dadi papan panemoné fosil manungsa purwa. Fosil manungsa tinemu ana ing laladan ledhok Kali Bengawan Sala taun 1931-1934. Jinis kang tinemu déning Von Koenigswald lan Weidenreich diarani Homo sapien soloensis (Homo soloensis).[3]

Wisata Purwa[besut | besut sumber]

  • Ledhok Giritantra. Mèmper karo sajarahé Kali Amazon di Amérika Kidul, Kali Bengawan Sala kala biyèn ora mili mengalor tumuju Sagara Jawa kaya saiki, nanging mengidul tumuju Samodra Hindhia. Bukti-bukti géologis, lan uga arkéologis, nuduhaké yèn Kali Bengawan Sala Purwa duwé sawangan ing Teluk Sadèng, Gunungkidul, Yogyakarta, déné ndhuwuré saka Ledhok Giritantra kang ana ing tlatah pagunungan kapur Kabupatèn Wanagiri, Jawa Tengah. Prosès tèktonik pangangkatan lan molèté sésar pagunungan kidul nglantari ilèné kali iki malih ngalor. Bengawan Sala banjur kabendung lan dadi tlaga saka Batureta nganti Éramaka, Wanagiri. Lantaran ilèné kali iki mbalik, tilas watang kali purwa iki malih rupa dadi ledhok garing kang diarani Ledhok Giritantra. Ledhok iku nembé tinemu ana ing pèrèngé Pagunungan Sèwu pérangan tengah nalika taun 1936. Ledhok kang dawané udakara 20 kilomèter iku ngliwati pagunungan kidul ing Kabupatèn Wanagiri sisih kidul. Ledhok Giritantra banjur moncèr dadi tlatah kang langka anané. Prosès dadiné kang nganti 7 yuta taun iku nuduhaké akèh bukti sipating bumi, kaya ta pangangkatan makaping kaping lan pambentukan guwa-guwa dunungé manungsa prasajarah.[4]
  • Pasisir Sadèng. Sadawaning dalan lumebu Pasisir Sadèng katon dalan ilèné Bengawan Sala Purwa. Dalan ilèn purwané iki kiwa-tengené gumuk kapur, déné lebaké dadi karang palawija. Teluk Sadèng ing jaman prasajarah wis malih dadi Pasisir Sadèng kawit malihé ilèn Kali Bengawan Sala mengalor. Saiki, pasisir iki dadi palabuhan iwak lan panggon wisata pasisiran kang duwé papan plélangan iwan lan koperasi.[5]

Bebaya[besut | besut sumber]

Banjir[besut | besut sumber]

Bojanegara, salah siji laladan ilèné Bengawan Sala pérangan ilir, kerep ngalami banjir. Wulan April 2007 Bojanegara kena banjir gedhé kang nglubèri 14 kacamatan: Margamulya, Ngraho, Padangan, Kasiman, Purwasari, Kalitidu, Malo, Trucuk, Bojanegara, Kapas, Balèn, Sumbereja, Kanor, lan Baurena. Banjir iki uga nglubèri wewengkon Tuban kang dunungé uga ana ing tlatah iliré Bengawan Sala.[6]

Panjemberan Kali[besut | besut sumber]

Banyu kali ing laladan Kabupatèn Sragèn kadhang kala rupa-rupa warnaé. Kaanan iki mratandhani anané panjemberan ing ledhok-ledhok kali kang nglantari patiné mikroorganisme sajeroning kali. Kuwalitas banyu saka ndhuwur uga wis ora nemoni sarat kanggo sarana rékréasi banyu, budidaya iwak tawa, paingon, lan mbanyoni tuwuhan. Kuwalitas banyuné wis ngluwihi bakuné kang ditemtokaké, ya iku biochemical oxygen demand (BOD) kelas II lan chemical oxygen demand (COD). Ing Kutha Sala, paramèter wis ngluwihi bakuné kuwalitas banyu kang wis ditemtokaké ya iku total suspended solid (TSS) kelas II, nitrit kelas II lan III, BOD kelas II, lan COD. Prakara iki mratandhani yèn banyu Bengawan Sala ing Désa Jurug, Majasanga, Boyalali ngandhut akèh bakal panjember saka regedan indhustri utawa tetanèn, kaya déné abuk kimia. Uji sumur warga uga nuduhaké kasil kang padha. Kuwalitas banyu sumur kang ndunungi Désa Getas, Cepu, Blora, contoné, isih kagolong apik lan bisa dipigunakaké kanggo kabutuhan omahan bendinan. Nanging amarga zat mangan ngluwihi wates bakuné, wernané banyu dadi semu soklat. Panlitèn baktèri Escherichia coli ana ing banyu sumur lan banyu Bengawan Sala ing sawatara papan pangamatan nduduhaké yèn jinis banyu ana ing panggon iku ngandhut baktèri ngluwihi wates baku supaya bisa kanggo banyu ombèn. Akèhing kandhutan baktèri Escherichia coli racaké linantaran saking panjemeran ing omah-omah, mligi saka ténja lan regedan kéwan.[7]

Karusakan ing Kukuban Ilir[besut | besut sumber]

Ana ing sawangan Bengawan Sala ing Ujung Pangkah, Gresik, Jawa Wétan, alas bakao wis didadèkaké papan panambakan urang lan bandeng. Kaanan iki nglantari rusaking kukuban kana kaya ta mudhuné cacahing manuk lan iwak saha tekaning lelara bintul putih kang banjur nglantari prakara sosial-ékonomi wong-wong kana. Data Dinas Kalasan lan Piwakan Kabupatèn Gresik taun 2002 medharaké yèn 250 héktar tlatah pasisir ngalami abrasi. Miturut Edi Purwanto, staf Yayasan Bina Alam Indonésia kang nliti pasisir Ujung Pangkah, wit bakao ing Ujung Pangkah yèn diklumpukaké dadi siji ambané mung kari udakara limang héktar waé.[8]

Sarana[besut | besut sumber]

Sarana Ilèn-ilèn kang wis rampung utawa lagi diyasa[besut | besut sumber]

  • Bendungan Sarwaguna Wanagiri, (rampung 1981) amot nampung banyu 735 yuta m3 lan kanggo kaperlon ilèn-ilèn, tetanèn, pambangkit listrik, lan pangendhali banjir
  • Bendungan-bendungan pamasok banyu ilèn-ilèn, ya iku Nawangan, Parangjaha,Songputri, Nekuk, Gondang, lan Pondok
  • Dam panahan sèdimen lan groundsill, ana ing DPS Bengawan Sala pérangan ndhuwur 27 iji, ing sub DPS Kali Madiun lan DPS Pacitan (Kali Grindulu) 37 iji
  • Pambangunan jaringan ilèn-ilèn, Laladan Ilèn-ilèn Wanagiri, Nawangan, Parangjaha, Songputri, Nekuk, Gondang, Ulu Saluran Induk Colo Wétan, Pompa ing Bengawan Sala Ilir
  • Pambenahan Kali Bengawan Sala Ndhuwur lan cawang-cawangé karo Kali Madiun kanggo ngendhalèkaké banjir
  • Pambangunan Bendung Karèt Tirtanadi ing Surakarta, lan Bendung Karèt Jati, Kori, Gombal, Cèlèng, Sungkur, Bringin, Pulo lan Jejeruk ing Madiun, sarta Bendung Karèt Kali Lamong
  • Pambenahan Kali Bengawan Sala Ilir saka Babat tekan Kali Mireng kanggo ngreksa laladan pangasil pangan ing Bengawan Jero kang ambané udakara 40 Ha; saluran banjir (flood way) Plangwot Sedayu lawas kanthi motan 600 m3/dhetik.

Gungungé dana kang dientèkaké pamaréntah kanggo pangrembakan wewengkon Kali Bengawan Sala nganti taun 1999 udakara Rp 1 trilyun (APBN + BLN).

Pagunan sarana ilèn-ilèn[besut | besut sumber]

  • Pangendhali banjir kanggo mangsa 10 taunan lan 5 taunan
  • Pangendhali banyu ilèn-ilèn kanggo laladan ilèn-ilèn kang ambané 43.174 Ha
  • Pambangkit tenaga listrik kang gedhéné 57,365 yuta KWh/th
  • Panyadyan banyu baku kanggo ombé kang gedhéné ± 4,2 yuta m3/taun
  • Panyadyan banyu baku indhustri kang gedhéné ± 54,3 yuta m3/taun
  • Piwakan wadhuk nganggo sistem sebar bébas.
  • Potènsi pariwisata lan ulah raga banyu (Wadhuk Wanagiri).[9]

Program Bantu saka Jepang[besut | besut sumber]

Kanggo pambenahan laladan ilir Bengawan Sala, pamaréntah Jepang ngwènèhi dana silihan kang gedhéné 10,796 milyar Yèn (udakara US$ 104,1 milyar utawa Rp 892,8 milyar).[10] Dana iki kanggo proyèk pambangunan tanggul, flood-way, Bendungan Babat, lan saluran banyu ing Jabung Ring Dam kang lumangsung saka taun 1996 nganti 2004.[10] Ancasé, proyek iki kanggo mudhakaké karaharjan lan ékonomi masarakat saha ngélongi rugi jalaran banjir, sarta ngrembakakaké sumber daya banyu kanggo kaprelon bendinan, indhustri, lan tetanèn.[10]

Sarana Ilèn-ilèn ing Tlatah Bengawan Sala[besut | besut sumber]

  • Bendungan Wanagiri, mbendung Kali Bengawan Sala
  • Bendung Colo, mbendung Kali Bengawan Sala
  • Bendung Karèt Jati, mbendung Kali Madiun
  • Bendung Karèt Sedayulawas, flood-way Plangwot Sedayulawas
  • Bendung Delimas, mbendung Kali Ceper
  • Bendung Juranggantung, mbendung Kali Lohgedhé
  • Bendung Kalongan, mbendung Kali Siwaluh
  • Bendung Delingan, mbendung Kali Tempuran
  • Bendung Dilem, mbendung Kali Cemer
  • Bendung Catur, mbendung Kali Catur
  • Bendung Brangkal, mbendung Kali Brangkal
  • Bendung Junke, mbendung Kali Junké
  • Bendung Karet Jejeruk, mbendung Kali Gandong
  • Bendung Gayung, mbendung Kali Tinil[9]

Uga delengen[besut | besut sumber]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Cariyosipun Banawi Sala, Reksakusuma 1916
  2. a b "Warta Ditjen SDA Dep PU". Diarsip saka sing asli ing 2020-09-24. Dibukak ing 2016-03-02.
  3. "Masyarakat Indonésia Sadar Sejarah". Diarsip saka sing asli ing 2007-10-23. Dibukak ing 2007-09-11.
  4. "Giritontro". Diarsip saka sing asli ing 2007-09-28. Dibukak ing 2007-09-12.
  5. Yogyes
  6. "Digilib". Diarsip saka sing asli ing 2007-09-28. Dibukak ing 2007-09-11.
  7. Kompas
  8. Kerusakan Hutan bakau dilaladan muara (Ujung Pangkah Gresik)
  9. a b "Jasa Tirta I". Diarsip saka sing asli ing 2007-08-17. Dibukak ing 2007-09-11.
  10. a b c Pers Rilis Kedutaan Jepang