Menyang kontèn

Kabupatèn Gresik

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Gresik
كَبُڤَتَينْ ڬرٚسِكْ
ꦏꦧꦸꦥꦠꦺꦤ꧀ ꦓꦽꦱꦶꦏ꧀
Kabupatèn

Lambang
Sesanti:
Satya Bina Kertaraharja
ꦱꦠꦾꦧꦶꦤꦏꦼꦂꦠꦫꦲꦂꦗ
Pernahé Gresik ing Jawa Wétan
Pernahé Gresik ing Jawa Wétan
NagaraIndonésia
ProvinsiJawa Wétan
Kecamatan18
Pamaréntahan
  BupatiH. Fandi Ahmad Yani,S.E.,M.MB.
  Wakil Bupatidr. H. Asluchul Alif,M.Kes.,M.M. M.HP.
Laladan
  Gunggung1,191,25 km2 (0,45.994 sq mi)
Cacah warga (Sènsus 2012)
  Gunggung1,307,995
  Pepadhet1,1/km2 (2,8/sq mi)
Bebrayan
  WongJawa, Madura, Bawean, Cina dll.
  KepercayanIslam 97.55%
Kristen Protestan 1.19%
Hindu 0.83%
Katolik 0.32%
Buddha 0.07%
Konghucu 0.04%
Zona wektuWIK (UTC+7)
Kodhe laladan(+62) 31
Plat montorW
Situs wèbwww.gresikkab.go.id (ing basa Indonésia)

Kabupatèn Gresik (Carakan: ꦏꦧꦸꦥꦠꦺꦤ꧀ ꦓꦽꦱꦶꦏ꧀, Pegon: كَبُڤَتَينْ ڬرٚسِكْ), iku kabupatèn ing Jawa Wétan, kutha Gresik iku kutha krajan kabupatèné, kutha-kutha liyané:, lan liya-liyané. Jembar wewengkon Kabupatèn iki ± 1,191.25 km² utawa hèktar.

Sajarah

[besut | besut sumber]
Prasasti ing Gresik

Gresik wis kaloka wiwit abad kaping 11 nalika tuwuh dadi punjer dedagangan ora mung antarpulo, nanging wis sumrambah menyang manca Nagara. Minangka kutha bandhar, Gresik akèh ditekani para pedagang Cina, Arab, Gujarat, Kalkuta, Siam, Bengali, Campa, lan liya-liyané. Gresik wiwit tampil pinunjul sajeroning wacana sajarah wiwit tuwuhing agama Islam ing tanah Jawa. Panyebar agama Islam mau yaiku Syech Maulana Malik Ibrahim sing bebarengan karo Fatimah Binti Maimun lumebu ke Gresik ing wiwitan abad kaping 11. Wiwitané kabupatèn ini jenengé Kabupatèn Surabaya. Kanthi anané PP Nomer 38 Taun 1974 kagiyatan papréntahan baka sethithik dipindhah menyang Gresik lan jenengé banjur owah dadi Kabupatèn Daerah Tingkat II Gresik kanthi punjer kagiyatan ing Kutha Gresik[1].

Géografi

[besut | besut sumber]

Kabupatèn iki jembaré 1.137,05 km2 kanthi sing ndunungi 1.072.190 jiwa (2004). Kabupatèn Gresik dumunung ing posisi sing strategis yaiku antara 7' LS-8' LS lan 112' BT-133' BT. Sapérangan gedhé wewengkon wujud dataran cendhèk kanthi èlevasi antara 0-12 mèter sadhuwuring lumahing banyu sagara kajaba sapérangan cilik ing sisih lor (Kacamatan Panceng) èlevasiné nganti 25 mèter sadhuwuring banyu sagara[2].

Kabupatèn Gresik wewatesan:

Papréntahan

[besut | besut sumber]

Kabupatèn Gresik katata sajeroning 18 kacamatan, kalurahan lan désa. Kacamatan-Kacamatan ing kabupatèn iki yaiku:

Wisata budaya:

  1. Pesareyan Maulana Malik Ibrahim
  2. Pesareyan Pusponegoro
  3. Pesareyan Radèn Santri
  4. Pesareyan Nyai Ageng Pinatih
  5. Pesareyan Sunan Giri
  6. Petilasan Giri Kedaton
  7. Pesareyan Sunan Prapen
  8. Pesareyan Panembahan Resboyo
  9. Pesareyan Panembahan Kawis Guwo
  10. Pesareyan Dewi Sekardadu
  11. Pesareyan Penembahan Agung
  12. Pesareyan Putri Cempa
  13. Pesareyan Senapati Tanggung Boyo
  14. Pesareyan Fatimah Binti Maimun
  15. Petilasan Sunan Kalijogo
  16. Pesareyan Empu Supo
  17. Pesareyan Bagus Mataram
  18. Goa Langseh
  19. Pesareyan Panjang Doro/Sembodo
  20. Pesareyan Waliyah Siti Zaenab

Wisata alam:

  1. Tlaga Kastoba
  2. Pasisir Labuhan
  3. Pasisir Mayangkara
  4. Pasisir P. Cina
  5. Pasisir Pasir Putih/Hutan Lindung
  6. Pasisir Tinggen
  7. Pasisir Ria Gili Barat
  8. Pasisir Ria Gili Barat Pasisir Delegan
  9. Pasisir Ujung Pangka
  10. Pasisir Mengare
  11. Air Panas Kepuh Lempongan
  12. Air Panas Kebondaya
  13. Guwa Lawa
  14. Guwa Gelangagung

Kuliner Gresik

[besut | besut sumber]

Panganan

[besut | besut sumber]

Panganan mirunggan Gresik yaiku:

  • Sega krawu
  • Pudhak
  • Sega rooma
  • Otak-otak bandeng
  • Bandeng sapit
  • Bonggolan
  • Jubung
  • Ayas
  • Ubus
  • Martabak Usus
  • Arang-arang Kambang
  • Bali Welut
  • Kotokan Bandeng
  • Ndog Badhèr
  • Gajih pinggir
  • Bontosan Giri kang mung ana ing wewengkon sakupenge Pesareyan Sunan Giri.
  • Sego menir
  • Lontong manggul
  • Sego karak
  • Kella Celok

Ombèn-ombèn

[besut | besut sumber]

Ombénan mirunggan Gresik yaiku:

  • Es Siwalan
  • Legen panceng
  • Temu lawak
  • Wedang pokak

Acara Taunan

[besut | besut sumber]

Acara kang dianakaké saben taun ing Gresik, yaiku:

Ulah raga

[besut | besut sumber]

Ing Gresik duwèni tim bal-balan, yaiku:

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. "Sajarah Gresik ing situs wèb resmi Kabupatèn Gresik". Diarsip saka sing asli ing 2011-08-23. Dibukak ing 2010-07-25.
  2. "Pamaréntah Kabupatèn Gresik: Geografi Kabupatèn Gresik". Diarsip saka sing asli ing 2011-08-23. Dibukak ing 2010-07-25.

Pranala njaba

[besut | besut sumber]