Buda

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
(Dilih saka Buddha)
Patung Buda ing candhi Barabudhur.

Buda, saking basa Sangsekreta बुद्ध ingkang tegesipun Ingkang Wungu, Ingkang sampun dugi ing papadhang estu. Tembung punika dipunpendhet saking tembung Sansekreta: "Budh", kanggé mangertosi). Tembung punika ugi gelar ingkang dipuncaosaken dhumateng tiyang ingkang sampun sadhar mangembangaken potènsi pribadhinipun piyambak kaliyan ingkang sampun ngembang kasadharipun. Ing panganggé wekdal samangké, tembung punika asring ngarujuk dhumateng Sidharta Gotama, guru agami lan ingkang yasa ngadhegaken Agami Buda (ugi dipunanggep "Buda kanggé wekdal samangké"). Ing pangangé ingkang sanès, tegesipun tuladha kanggé manungsa ingkang dipunparingi kasadharan.

Agami Buda miyos ing nagari India, utawi langkung leres ing tlatah Nepal samangké. Agami punika miyos arupa satunggilipun reaksi dhumateng agami Brahmanisme. Pandhéganipun inggih punika Sidharta Gotama ingkang sami dipuntepangi minangka Buda Gotama déning para pandhèrèkipun. Ajaran agami Buda nyebar ngantos dumugi ing nagari Tiongkok ing taun 399. Ingkang ngasta inggih punika satunggiling bhiksu ingkang namanipun Fa Hsien. Masarakat Cinten ugi angsal prabawa saking Tibet ingkang sampun dipunmodhifikasi dhumateng tradhisi lokal.

Ing tanah Jawi, agami punika ugi sampun wonten ing abad kaping 5. Candhi Barabudhur ingkang langkung saé ing rat punika, yasanipun para ratu saking wangsa Syailendra ingkang memengkoni praja ing Jawi Tengah watawis abad kaping 8. Para panganut Buda boten nganggep manawi Sidharta Gotama punika sang hyang Buda ingkang kaping sepindhah punapa ingkang pungkasan. Dipuntingali sacara teknis, Buda, punika satunggiling tiyang ingkang sampun kapanggih ing Dharma (ingkang kagungan kersa: Kaleresan; prakawis saèstunipun, akal budi, kasulitan kawontenaning manungsa, kaliyan marga ingkang leres manuju ing kamardika (jiwa) mawi Kasadaran, ingkang dhateng salepasing karma ingkang saé (tujuan) dipunlestarèkaken saimbang kaliyan sadaya tingkah laku ingkang awon dipuntilar.

Anggènipun anggayuh nirwana (basa Pali: nibbana) punika sami kemawon ing tigang jinising Buda, namung Samma-Sambuddha langkung nggatèkaken ing kwalitas kaliyan usaha tinimbang kalih Buda sanèsipun. Tigang golongan Buda punika inggih:

  • Samma-Sambuddha ingkang angsal Kasadaran paripurna tanpa guru, namung déning usahanipun piyambak.
  • Pacceka-Buda utawi Pratyeka-Buda ingkang mèmper Samma-Sambuddha, nanging mesthi mèndhel lan nyinggahaken dharma ingkang sampun kagayuh kanggé dhiri pribadi piyambak.
  • Savaka-Buda ingkang awujud Arahant (siswa kasadaran), nanging saged nggayuh tahap Kasadaran kanthi mirengaken Dharma.

Saben ilèn Buda adhedhasar Tripitaka ingkang dados rujukan utami, amargi ing salebetipun wonten sabda kaliyan ajaran sang hyang Buda Gotama. Tiyang-tiyang ingkat manut dhumateng ajaran punika nyathet kaliyan ndamel klasifikasi ajaranipun wonten ing tigang buku, inggih punika Sutta Pitaka (buku ajaran), Vinaya Pitaka (buku undhang-undhang para bhiksu kaliyan rahib) kaliyan Abhidhamma Pitaka (buku ukum metafisika).

Konsep Katuhanan utawi Allah[besut | besut sumber]

Ing ajaran Buda, hyang Buda punika sajatinipun sanès Tuhan atawi Allah. Konsep Allah ing agami Buda punika bènten kaliyan konsep ing agami Monoteisme. Ing ngrika, jagatraya dipunciptakaken déing Allah, lan paraning tiyang gesang punika wangsul ing ngarsanipun sampéyan dalem sang hyang Gusti.

Ing agami Buda, paranipun tiyang gesang punika inggih saged dhateng ing kabuddhan (anuttara samyak sambodhi) utawi papadhang sajati ing pundi jiwa manungsa boten lair manitis malih tumimbalahir sanès kaliyan (reinkarnasi). Punika sadaya inggih miturut karmanipun piyambak-piyambak. Mboten wonten déwa-dèwi ingkang saged maringi pitulung, namung usahanipun piyambak ingkang saged nggayuh Nirwana. Sang hyang Buda namung tuladha kémawon, juru pandhu, kaliyan guru kanggé sadaya jalmi ingkang kedah nglangkungi marginipun piyambak-piyambak lan ningali kaleresan kaliyan realitas sajati.

Aliran Buda[besut | besut sumber]

Wonten sawatawis ilèn ing agami Buda:

  1. Buda Theravada
  2. Buda Mahayana
  3. Buda Wajrayana
  4. Zen

Tripitaka[besut | besut sumber]

Katerangan candhaké, wacanen Tripitaka.
  1. Vinaya Pittaka, isinipun aturan-aturan sangha kanggé biksu utawi biksuni.
  2. Sutra Pittaka, isinipun bab wacana-wacana Buda.
  3. Abhidharma Pittaka, isinipun panjelasan sistematis utawi ngèlmu pangetahuan saking Buda.

Tigang Mustika[besut | besut sumber]

Tigang Mustika (Basa Sangskreta: त्रिरत्न Triratna utawi रत्नत्रय Ratna-traya, Basa Pali: तिरतन Tiratana)

  1. Buda
  2. Dharma
  3. Sangha

Pancasila[besut | besut sumber]

  1. Pannatipata veramani sikkhapadang sammadiyammi, ingkang tegesipun kula gadhah tekad badhé nglatih dhiri kanggé nyélaki mejahi makluk gesang.
  2. Adinnadana veramani sikkhapadang sammadiyammi, ingang tegesipun kula gadhah tekad badhé nglatih dhiri kanggé nyélaki mendhet punapa ingkang boten dipunsukakaken.
  3. Kamesu micchacara veramani sikkhapadang samadiyami, ingkang tegesipun kula gadhah tekad badhé nglatih dhiri kanggé nyélaki pedamelan asusila.
  4. Musavadha veramani sikkhapadang samadiyami, ingkang maknanipun kula gadhah tekad badhé nglatih dhiri kanggé nyélaki celathu ingkang boten leres.
  5. Surameraya majjapamadatthana veramani sikkhapadang samadiyami, ingkang maknanipun kula gadhah tekad badhé anglatih dhiri kanggé nyélaki sadaya dat ingkang andadosaken icalipun kasadharan.

Waisak[besut | besut sumber]

Para panganut agami Buda ngriyayakaken Dinten Waisak ingkang sajatosipun gabungan pèngetan tigang prastawa:

  • Wiyosanipun sampéyan dalem Gusti Pangeran Siddharta (namanipun sadhèrèngipun dados Buda)
  • Dinten angsalipun papadhang Sampurna kagem sang atapa Gotama
  • Dinten sang hyang Buda mangkat angsal manuju ing Nibbana/Nirwana.

Griya ngibadahipun tiyang Buda dipunwastani wihara. Ananging griya ngibadahipun tiyang Cinten dipunwastani klenthèng.

Priksani ugi[besut | besut sumber]

Pranala njawi[besut | besut sumber]

Wikipedia
Artikel punika, artikel dhasar ingkang kedah dipundarbèni sadaya basa.