Barabudhur

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Menyang navigasi Menyang panggolèkan
Barabudhur
Jeneng lugu
Jawa: ꦧꦫꦧꦸꦝꦸꦂ
Borobudur Temple.jpg
Barabudhur, Sasana Pusaka Jagat UNESCO
PernahMagelang, Jawa Tengah
Koordhinat7°36′29″S 110°12′14″E / 7.608°S 110.204°E / -7.608; 110.204Koordhinat: 7°36′29″S 110°12′14″E / 7.608°S 110.204°E / -7.608; 110.204
KayasaKaadegaké ing abad ka-9 nalika trah Syailéndra jumeneng nata.
Kawaluyakaké1911
DiwaluyakakéTheodoor van Erp [nl]
ArsitèkGunadharma
JinisCultural
Wewatoni, ii, vi
Kadhapuk1991 (sèsi ka-15)
PéranganingKukuban Candhi Barabudhur
Angka592
Péhak Praja Indonésia
LaladanAsia Kidul-Wétan
Barabudhur kapernah ing Jawa
Barabudhur
Pernahé ing Jawa
Barabudhur kapernah ing Indonésia
Barabudhur
Barabudhur (Indonésia)

Barabudhur (éjaan Indonésia: Borobudur) iku papan pamujaning para pandhèrèk Buddha Mahayana saka abad ka-9 kang kapernah ing Kabupatèn Magelang, ora adoh saka Munthilan, ing Jawa Tengah, Indonésia. Papan iku minangka papan pamujan Buddha kang gedhé dhéwé ing sajagat.[1][2][3] Papan pamujané dhapur tlundhag (platform) sungsun sanga: kang enem wangun pasagi lan kang telu wangun bunder, mawa stupa panunggul ing pucuk-tengahé, lan rinenggan panil rélièf cacah 2.672 dalah reca Buddha cacah 504. Stupa panunggulé dikupeng reca Buddha cacah 72 kang sabené mapan ing sajeroning stupa kang bolong-bolong.[4]

Kaadegaké ing abad ka-9 nalika trah Syailéndra jumeneng nata, rancanganing papan pamujan iku linambaran tata yasan (arsitèktur) Buddha-Jawa kang nyarubaké anasir kapitayan memuja leluhur kang Indonésia lugu karo kapitayan nggayuh nirwana kang saka agama Buddha.[3] Papan pamujan iku ngatonaké prabawaning kagunan saka Gupta ing Indhia[5] tur akèh adegan saha anasir Indonésia lugu, mula njalari Barabudhur nyirèni Indonésia banget.[6][7] Yasan Barabudhur minangka papan pasraman lan paran jiyarahing para pandhèrèk Buddha. Laku jiyarah kawiwitan saka pérangan ngisor turut lurung kang ngubengi yasan, tumuli munggah nganti pucuk ngliwati telung tataran kang nglambangaké kosmologi Buddha: Kamadhatu (jagat kekarepan), Rupadhatu (jagat wewujudan) and Arupadhatu (jagat tanpa wewujudan). Para kang jiyarah kudu ngliwati akèh undhakan lan lurung kang rinenggan panil rélièf cacah 1.460 kang ngemu carita ing témbok-témboké (wall) dalah kelir-keliré (balustrade). Barabudhur minangka salah siji papan kang duwé klumpukan rélièf Buddha kang pepak ing sajagat.[3]

Tandha yekti nuduhaké yèn Barabudhur kaadegaké ing abad ka-9 banjur linumbar ora kaopèn bareng karo bubrahing karaton-karaton Hindhu ing Jawa déné wong Jawa wiwit padha ngrasuk agama Islam.[8] Wong-wong sajagat nembé sumurup ananing Barabudhur ing 1814 awit saka pawartaning Thomas Stamford Raffles minangka wong Britis kang kala samana ngerèh ing Jawa. Dhèwèké dikandhani wong-wong enggonan bab ananing Barabudhur.[9] Kawit kala iku, Barabudhur wis ping sawatara kawaluyakaké. Pambudidaya maluyakaké (réstorasi) kang gedhé dhéwé ditandangi pangrèh Indonésia lan UNESCO ing antaraning 1975 lan 1982 banjur Barabudhur kadhapuk minangka salah siji Sasana Pusaka Jagat (World Heritage Site) UNESCO.[3]

Barabudhur minangka papan pamujan Buddha kang gedhé dhéwé ing sajagat sababag karo Bagan ing Myanmar lan Angkor Wat ing Kamboja kang minangka sasana arkéologi gedhé ing Asia Kidul-Wétan. Barabudhur isih dadi papan jiyarah kang misuwur awit saka para pandhèrèk Buddha ing Indonésia ngrayakaké Wésaka (Indonésia: Waisak) ing yasan iku. Barabudhur dadi papan wisata siji-sijiné ing Indonésia kang kerep dhéwé ditekani para wisata.[10][11][12]

Asal-usuling jeneng[besut | besut sumber]

Ing basa Jawa, papan pamujan kuna ingaran candhi; mula wong enggonan ngarani "papan pamujan Barabudhur" minangka Candhi Barabudhur. Tembung candhi ngemu teges kang amba kang kanggo ngarani manéka yasan kuna kaya ta gapura lan patirtan. Ana déné, asal-usuling jeneng Barabudhur ora cetha,[13] kaya déné jeneng lugu papan-papan pamujan kuna ing Indonésia liyané kang ora kaweruhan.[13] Jeneng Barabudhur kapisan ditulis Raffles ing layangé kang asesirah The History of Java.[14] Raffles nulis bab siji yasan aran Barabudhur, tur iya ora ana layang kang luwih lawas kang nulisaké jeneng iku.[13] Siji-sijiné layang basa Jawa kang bokmanawa magepokan amarga nyebutaké budhur minangka siji yasan panyepèning para pandhèrèk Buddha ya iku layang Nagarakretagama kang diripta ing 1365 déning Mpu Prapanca, siji pujangga Buddha ing Majapait.[15]

Akèh-akèhé, candhi kawènèhan jeneng kang padha karo jeneng désa ing sacedhaké. Yèn manut tata basa Jawa lan kawènèhan jeneng kang padha karo jeneng désa ing sacedhaké, ya iku Désa Bara, yasané kuduné aran "Budhur Bara". Raffles ngira yèn Budhur bokmanawa gegayutan karo tembung Jawa Buda (tegesé "kuna")—mula ngarani "Bara kuna". Dhèwèké uga penemu yèn jenengé bokmanawa asal saka tembung bara kang tegesé "agung" utawa "luhur"; ana déné budhur ngemu teges "Buddha".[13] Mangkonoa, ana arkéolog kang panemu yèn budhur asal saka tembung Jawa bhudhara ("pagunungan").[16]

Panemu liya bab asal-usuling jenengé teka saka arkéolog Walanda aran A.J. Bernet Kempers kang panemu yèn Barabudhur iku saka tembung Wiyara Beduhur utawa Wihara Buddha Uhr ing basa Sangsekerta kang wis ngalami owah-gingsir miturut ilat Jawa. Tembung Buddha-Uhr bisa ateges "kuthaning para pandhèrèk Buddha"; ana déné panemu liyané manèh ndeduga asalé saka tembung Jawa Kuna beduhur kang isih kanggo ing basa Bali kang ateges "papan kang dhuwur", asal saka tembung dhuhur utawa luhur. Kanthi mangkono, Barabudhur ateges wiyara Buddha kang kapernah ing papan kang dhuwur utawa ing gumuk.[17]

Yasa lan kepyaking yasan Buddha kang kramat—dinuga Barabudhur—kasebut ing prasasti cacah loro kang tinemu ing Kedhu, Kabupatèn Temanggung. Prasasti Karangtenah, katiti-mangsa 824, nyebutaké siji yasan kramat aran Jinalaya (jagating wong kang kasil nelukaké kekarepan kadonyan lan nggayuh pepadhang), dikepyakaké Pramodhawardhani minangka anak wadon saka Samaratungga. Prasasti Tri Tepusan, katiti-mangsa 842, nyebutaké palemahan sima (palemahan kang kaluwaraké saka pajeg) kang diwènèhi Sri Kahulunnan (Pramodhawardhani) kanggo mesthèkaké siji kamulan aran Bhūmisambhāra bisa karagadan lan karumat.[18] Kamulan asal saka tembung "mula", kang ateges "papan sangkan", minangka siji yasan kramat kanggo memuja leluhur, ya iku bokmanawa wong-wong Syailéndra. Casparis panemu yèn patembungan Sangsekerta Bhūmi Sambhāra Bhudhāra kang tegesé "pagunungan sapuluh tataran laku utama boddhisattwa" minangka jeneng lugu saka Barabudhur.[19]

Pernah[besut | besut sumber]

Papan pamujan cacah telu[besut | besut sumber]

Garis lurus kang nggayutaké Barabudhur, Pawon, lan Mendut
Barabudhur kinupeng pagunungan, kalebu gunung geni kembar Merapi lan Merbabu.

Dohé watara 40 kilomèter ing salor-kuloning Ngayogyakarta lan 86 kilomèter sakuloning Surakarta, Barabudhur mapan ing laladan dhuwur ing antaraning gunung kembar cacah loro aran Sindara-Sumbing lan Merapi-Merbabu, lan kali cacah loro aran Praga lan Élo.[20] Miturut caritaning wong enggonan, laladan kang aran Ngaré Kedhu minangka papan kramat Jawa lan tinelah "tamaning Jawa" amarga lemahé kang loh-jinawi kanggo tetanèn.[21]

Nalika kawaluyakaké ing kawitan abad ka-20, ana tetemon yèn papan pamujan Buddha cacah telu ing laladan iku: Barabudhur, Pawon, lan Mendut kacetha mapan salarik.[22] Dinuga ana gegayutan upacara agama ing antaraning pamujan cacah telu mau, sanajan ta apa upacarané kang pesthi ora kaweruhan.[15]

Hipotèsis tlaga kuna[besut | besut sumber]

Pangira-ira bab ananing tlaga kang ngupeng Barabudhur tau dadi rembug gedhé ing antaraning para arkéolog nalika abad ka-20. Ing 1931, juru kagunan uga nimpuna ing babagan tata yasan Hindhu-Buddha saka Walanda aran W.O.J. Nieuwenkamp mbabar hipotèsis yèn Ngaré Kedhu duk nguni minangka tlaga lan Barabudhur ing sakawit pindha tunjung (kembang traté) kang kumambang ing satengahé.[16] Barabudhur wis kayektèkaké yèn kaadegaké ing gumuk watu-ampar (bedrock hill), 265 m ing sandhuwuring palumahaning sagara lan 15 m ing sadhuwuring amparaning tlaga kuna (floor of paleolake) kang wis asat.[23]

Dumarçay karo Mahaguru Thanikaimoni njupuk conto lemah ing 1974 lan manèh ing 1977 saka kedhukan kalèn ing gumuk mau, uga saka ngaré ing sakidulé. Conto-conto lemah mau banjur ditaliti Thanikaimoni kang mriksa kandhutan sari lan sporané saperlu meruhi jinisning thethukulan kang tau tumuwuh ing laladan mau nalika jaman yasaning Barabudhur. Saka panalitèn iku ora tinemu ananing sari lan spora saka thethukulan kang tumuwuh ing kukuban banyu kaya ta tlaga, kedhung, utawa rawa. Laladan kang ngupeng Barabudhur dinuga minangka palemahan tetanèn lan patalan (palemahan kang tinuwuhan akèh wit tal) nalika yasaning Barabudhur, kaya déné kaanan saiki. Caesar Voûte lan géomorfolog aran J.J. Nossin nalika kajian lapangan ing 1985–86 mriksa manèh hipotèsis tlaga Barabudhur lan mesthèkaké yèn ora tau ana tlaga kang ngupeng Barabudhur nalika yasané lan nalika isih kanggo minangka papan pamujan. Tetemon iki kababar ing A New Perspective on Some Old Questions Pertaining to Borobudur (Pandeleng Anyar bab Sawatara Pitakon Lawas Babagan Barabudhur) ing babaraning UNESCO ing 2005 kang asesirah "The Restoration of Borobudur" (Maluyakaké Barabudhur).

Sajarah[besut | besut sumber]

Yasa[besut | besut sumber]

Lukisaning G.B. Hooijer (c. 1916–1919) kang metha sesawangan kira-kira nalika Barabudhur ing mangsa kuncarané.

Ora ana cathetan bab yasa utawa ancasing yasa Barabudhur.[24] Kapan yasané kinira-kira sarana mbebandhingaké rélièf-rélièf kang ingukir ing pérangan sikiling Barabudhur kang katutupan lan sawatara prasasti kang padatan ana ing piageming karaton nalika abad ka-8 lan ka-9. Barabudhur dinuga kaadegaké ing watara 800 AD.[24] Titi-mangsa iku magepokan karo mangsa antaraning 760 lan 830 AD kang minangka jaman kuncaraning Trah Syailéndra kang nguwasani Karaton Mataram ing Jawa pérangan tengah.[25] Kala samana, panguwasaning Syailéndra ora mung ing Kamaharajan Sriwijaya, nanging uga ing pérangan kidul Tanah Thai, karaton-karaton ing Filipin kang kadayan Indhia, Malaya Lor (Kedah, utawa praja Hindhu kuna aran Kadaram miturut cathetan-cathetan Indhia).[26] Suwéning yasa kinira-kira nganti 75 taun lan rampung nalika panguwasaning Samaratungga ing 825.[27]

Ora ana pepesthèn bab pangrèh Hindhu utawa Buddha kang nguwasani Jawa nalika samana. Wong-wong Syailéndra kasuwur minangka para pandhèrèk Buddha kang mempeng, sanajan watu-watu prasasti kang tinemu ing Sajamerta negesaké yèn dhèwèké padha pandhèrèk Hindhu.[28] Ing jamaning Syailéndra iku akèh yasan Hindhu lan Buddha kaadegaké ing ngaré-ngaré lan gunung-gunung ing sakiwa-tengening Ngaré Kedhu. Yasan-yasan Buddha, kalebu Barabudhur, kaadegaké ing sakiwa-tengening jaman kang padha karo yasaning papan pamujan Hindhu Siwah aran Prambanan. Ing 732 AD, siji ratu kang uga pandhèrèk Siwah aran Sanjaya ndhawuhaké supaya papan pamujan Lingga Siwah kaadegaké ing Gumuk Wukir, watara 10 km ing sawétaning Barabudhur.[29]

Yasaning papan-papan pamujan Buddha, kalebu Barabudhur, nalika samana bisa kalakon amarga sesulihing Sanjaya aran Rakai Panangkaran awèh palilah marang para pandhèrèk Buddha saperlu yasa papan pamujan.[30] Minangka rasa kurmaté, Panangkaran mènèhaké Désa Kalasan marang masarakat Buddha, kaya kang sinurat ing Piagem Kalasan kang katiti-mangsa 778 AD.[30] Lelakon iku njalari para arkéolog pracaya yèn ora ana cengkah agama ing Jawa sabab ana lelakon ratu Hindhu awèh pangayoman marang adeging yasan Buddha; utawa ratu Buddha kang uga tumindak ngèmperi.[31] Mangkonoa, nalika samana dinuga ana trahing karaton cacah loro kang padha adu prabawa—Syailéndra kang Buddha lan Sanjaya kang Siwah. Trah Sanjaya wusana neluk trah Syailéndra ing tetarungan nalika 856 ing Plato Ratubaka.[32] Panduga sairib uga ana gegayutan karo Candhi Rara Jonggrang ing kukuban Prambanan, kang kapracaya diyasa Rakai Pikatan kanggo nandhingi Barabudhur amarga trah Sanjaya mimpang saka trah Syailéndra,[32] déné panduga liya ngira-ira yèn tau ana mangsa tentrem karana Syailéndra ana uruné tumrap Candhi Rara Jonggrang.[33]

Linumbar[besut | besut sumber]

Barabudhur tau ora kaweruhan amarga kalimputan awu gunung geni tur kalasan kang suwéné nganti sawatara abad. Kang njalari Barabudhur linumbar isih nyalawadi. Ora kaweruhan kapan yasan iku wiwit kanggo lan kapan para pandhèrèk Buddha mandheg jiyarah mrana. Ing antaraning 928 lan 1006, Ratu Mpu Sindok ngalihaké kutha krajaning Karaton Medhang menyang laladan ing Jawa pérangan wétan sapungkuring gunung njeblug kalakon ping sawatara; mangkonoa, lelakon iku durung pesthi kang njalari Barabudhur linumbar, nanging sawatara sumber nyebutaké yèn jaman iku mungkin banget minangka jaman nalika Barabudhur linumbar.[8][23] Yasan Barabudhur kasebutaké samar-samar nalika u. 1365 ing layang riptaning Mpu Prapanca asesirah Nagarakretagama, kang ditulis nalika jamaning Majapait lan nyebutaké "wiyara ing Budhur".[34] Soekmono (1976) uga ngandhakaké gugon-tuhon kondhang yèn papan-papan pamujan padha kabubrah nalika wong-wong padha ngrasuk Islam in abad ka-15.[8]

Yasan Barabudhur ora kalalèkaké babar blas, mung carita-carita rakyat ngalami owah-gingsir saka kuncarané duk nguni dadi gugon-tuhon kang kagayutaké karo kacilakan. Babad (layang sajarah) cacah loro saka abad ka-18 nyebutaké kacilakan-kacilakan kang gegayutan karo Barabudhur. Miturut Babad Tanah Jawi (layang sajarah Jawa), Barabudhur kang njalari cilakaning Mas Dana minangka wong kang ngraman marang Pakubuwana I, ratuning Mataram ing 1709.[8] Ing layang mau kasebutaké yèn "Redi Barabudhur" kakepung lan para kraman katelukaké banjur kataman paukuman pati déning ratu. Ing Babad Mataram (layang sajarah Karaton Mataram), yasan mau kagayutaké marang cilakaning pangéran pati Kasultanan Ngayogyakarta ing 1757.[35] Sanajan ana wewaler supaya aja nekani yasan mau, dhèwèké meksa niliki 'satriya kang kakunjara' (reca ing sajeroning stupa kang bolong-bolong) amarga rumasa mesakaké marang 'kanca kang ora begja' iku. Sabaliné menyang karaton, dhèwèké tiba lara banjur séda ing dina candhaké.

Tinemu manèh[besut | besut sumber]

Stupa panunggul Barabudhur ing satengahing abad ka-19 mawa balé kayu pinasang ing sandhuwuré.

Jawa kabawah ing pangrèh Britis kawit 1811 tumeka 1816. Kang kadhapuk minangka gubernur aran Litnan Gubernur-Jèndral Thomas Stamford Raffles kang banget ndhemeni sajarahing Jawa. Dhèwèké nglumpukaké manéka barang antik lan pijer nyatheti ing saben sesambungané karo wong-wong enggonan nalika lelungan ing saindenging pulo. Nalika lelungan pepriksa menyang Semarang ing 1814, dhèwèké ngandhakaké bab ananing yasan gedhé tur adoh ing sajeroning alas ing cedhak désa Bumisegara.[35] Dhèwèké ora bisa niliki yasan iku banjur kongkon Hermann Cornelius minangka insinyur Walanda kang kasil miyak papan pamujan Sèwu ing 1806–07 saperlu naliti yasan mau. Ing dalem rong sasi, Cornelius lan wong-wongé cacah 200 padha mbabadi alas lan ngedhuki lemah saperlu miyak yasan ing alas iku. Amarga mbebayani yèn ambrol, ora kabèh péranganing yasan dikedhuk. Dhèwèké ngandhakaké tetemoné iku marang Raffles, kalebu manéka gambaré. Sanajan ngandhakaké tetemon lan ayahaning Cornelius dalah wong-wongé mung ing sawatara ukara, Raffles kang olèh jeneng tumrap tetemoning yasan Barabudhur karana dadi wong kang njalari yasan iku dadi kawigatèning wong sajagat.[14]

Christiaan Lodewijk Hartmann kang minangka résidhèn ing laladan Kedhu mbanjuraké garapaning Cornelius, lan ing 1935 kabèh péranganing yasan wusana kawiyak. Kawigatèné marang Barabudhur minangka kawigatèn pribadi tinimbang kawigatèn dhines. Hartmann ora nulis palapuran bab kagiyatan-kagiyatané, mligi bab kabar angin yèn dhèwèké nemu reca Buddha kang gedhé ing stupa panunggul.[36] Ing 1842, Hartmann mriksa stupa panunggul, nanging ora kaweruhan apa kang ditemokaké lan stupa panunggul iku pijer suwung tumeka saiki.

Pangrèh Hindhia-Walanda banjur ngutus Frans Carel Wilsen, punggawa tèhnis Walanda, kang naliti yasan mau lan metha skèt tumrap rélièf-rélièfé. Jan Frederik Gerrit Brumund uga kadhapuk supaya naliti yasan mau kang tembé rampung ing 1859. Pangrèh arep mbabar artikel adhedhasar panalitèning Brumund tur kawuwuhan pepethaning Wilsen, nanging Brumund malah ora gelem. Pangrèh banjur ngutus nimpuna liya aran Conradus Leemans kang ngripta monograf adhedhasar sumber-sumbering Brumund lan Wilsen. Ing 1873, monograf kapisan kang minangka panalitèn rincèn bab Barabudhur wusana babar, kang tinut pertalan ing basa Prancis ing sataun candhaké.[36] Foto Barabudhur kang kapisan kajupuk ing 1872 déning juru ukir Walanda-Flèmis aran Isidore van Kinsbergen.[37]

Panampa tumrap Barabudhur tuwuh alon-alon. Ing dalem sawatara mangsa, Barabudhur tau dadi sumbering olèh-olèh lan pikolèh tumrap para "wong mbeburu olèh-olèh" lan maling. Ing 1882, lurahing juru mriksa tumrap artéfak-artéfak budaya sumelang lan mrayogakaké Barabudhur supaya kabongkar, déné rélièf-rélièfé kadèkèk ing musiyum-musiyum amarga kaanan yasané kang ora pengkuh.[37] Temahané, pangrèh ndhapuk Willem Pieter Groeneveldt minangka kurator kolèksi arkéologi ing Koninklijk Bataviaasch Genootschap van Kunsten en Wetenschappen (Paguyuban Batawi Radya tumrap Kagunan lan Kawruh)[38] saperlu mriksa saindenging sasana Barabudhur lan mbiji kaanan laladan kang satemené; palapurané nuduhaké yèn uwas-sumelang iku tanpa dhedhasar lan mrayogakaké supaya Barabudhur dijaraké wutuh (ora kabongkar).

Barabudhur kasuwur minangka sumbering olèh-olèh. Akèh pérangané kang cinolong; sawatarané malah olèh idi-palilah saka pangrèh koloni. Ing 1896, Ratu Chulalongkorn ing Siyem kang mara ing Jawa njaluk sagrobag kebak péranganing Barabudhur supaya digawa mulih lan olèh idi-palilah. Barang kang digawa cacah telung puluh, kaya ta sawatara panil rélièf, gambar Buddha cacah lima, singa cacah loro, makara cacah siji, sawatara motif kala saka undhakan lan gapura, lan dwarapala cacah siji. Saka sawatara artéfak iku kang kasuwur ana: singa, dwarapala, kala, makara, lan jaladwara gedhé. Kabèh artéfak iku saiki kapajang ing kamar Kagunan Jawa ing Musiyum Nasional Bangkok.[39]

Maluyakaké[besut | besut sumber]

Barabudhur sarampung diwaluyakaké Van Erp ing 1911. Ana pucukan chattra kang kapasang ing sandhuwuring stupa panunggul (saiki wis kacopot).
Masang beton lan pipa PVC saperlu ndandani tata kalèning Barabudhur nalika kawaluyakaké ing 1973.
Reca Buddha Kang Ora Rampung saka stupa panunggul Barabudhur ing Musiyum Karmawibhangga kang pijer diwènèhi sajèn déning para pandhèrèk Buddha, lan chattra stupa panunggul ing samburiné.

Barabudhur narik kawigatèn ing 1885 nalika insiyur Walanda aran Jan Willem IJzerman minangka lurahing Masarakat Arkéologi ing Ngayogyakarta nemu pérangan sikilé kang katutupan.[40] Sawatara foto kang kajupuk ing 1890–1891 nuduhaké ananing rélièf ing pérangan sikil kang katutupan iku.[36] Tetemon iku njalari pangrèh Hindhia-Walanda tumandang ngreksa yasan Barabudhur. Ing 1900, pangrèh nggatra siji panitya kang wargané iku punggawa cacah telu mawa jejibahan mbiji kaanané yasan; Jan Lourens Andries Brandes minangka juru sajarah, Theodoor van Erp minangka punggawa tèhnis kawadyabalaning Walanda, lan Benjamin Willem van de Kamer minangka insinyur yasa-bangun saka Pérangan Ayahan Umum.

Ing 1902, panitya mau ngusulaké rancangan tikel telu marang pangrèh. Kapisan, bebaya sanalika kudu kaéndhanan kanthi cara nata saben pérangan pojok, nyopoti watu-watu kang mbebayani pérangan-pérangan ing sacedhaké, mikuwati kelir kapisan lan maluyakaké sawatara clowokan (niche), plengkung (archway), stupa lumrah, lan stupa panunggul. Kapindho, bubar mageri palatarané, pangrukti (maintenance) kang pantes kudu katindakaké, mligi kalèn kudu karukti kanthi cara maluyakaké pérangan jogan lan cucukan (spout). Katelu, kabèh watu kang wis kendho kudu kacopot, yasan kudu kareresik nganti kelir kapisan, déné watu-watu kang wis rusak kacopot lan stupa panunggul kawaluyakaké. Gunggunging ragad nalika samana kinira-kira ngancik watara 48.800 guldhen Walanda.

Pambudidaya maluyakaké nalika samana katindakaké ing antara 1907 lan 1911 nganggo dhedhasar anastilosis lan dilurahi Theodor van Erp.[41] Ing pitung sasi kang kawitan, anggoné maluyakaké iku ngayahi pangedhuking palemahan ing sakiwa-tengening Barabudhur saperlu nggolèki sirah-sirahing Buddha lan watu-watu panil kang ilang. Van Erp mbongkar lan ngrakit manèh tlundhag bunder sungsun telu ing pérangan ndhuwur dalah stupa-stupané. Nalika nindakaké iku, Van Erp weruh yèn ana gagasan liya kang bisa ditindakaké saperlu ndandani yasané; mula dhèwèké ngusung usulan liya marang pangrèh, kang banjur tinampa kanthi ragad wuwuhan 34.600 guldhen. Nalika Barabudhur wis katon rampung kawaluyakaké kaya duk nguni, Van Erp banjur ngati-ati yasa manèh pucukan chattra (payung sungsun telu) ing sandhuwuring stupa panunggul. Mangkonoa, dhèwèké banjur nyopot chattra mau, kandha yèn ora ana cukup watu lugu kanggo yasa manèh pucukan iku. Tegesé, rancangan lugu pucukaning Barabudhur satemené ora kaweruhan. Pucukan chattra kang dicopot iku saiki kadèkèk ing Musiyum Karmawibhangga kang kapernah sawatara atus mèter ing saloring Barabudhur.

Amarga ragad kang cinumpi, pambudidaya maluyakaké mligi ngresiki reca-reca ukiran déné Van Erp ora ngrampungi masalah kalèn. Ing dalem limalas taun, témbok-témbok dalah ukirané dadi kendho, lan rélièf-rélièfé katon benthèt tur rusak.[41] Van Erp nganggo beton kang wis ora ngandhut uyah alkali lan kalsium hidroksida kang katrapaké ing manéka péranganing yasan. Tandangé njalari sawatara masalah, mula pambudidaya maluyakaké kang gedhé-gedhèn kabutuh kanggo katindakaké manèh.

Sawatara pambudidaya maluyakaké cilik-cilikan wis katindakaké kawit kala iku, nanging ora cukup kanggo ngreksa sakèhing péranganing yasan. Nalika Perang Donya II lan Révolusi Nasional Indonésia ing 1945 tumeka 1949, pambudidaya maluyakaké Barabudhur kalèrènaké. Yasan iku banjur nandhang manéka masalah saka alam lan kalèn kang njalari palemahan ing sajeroning yasan dadi ngembang kang temahané tatanan watu padha mecoto lan tèmbok padha mèncèng. Ing 1950-an, sawatara pérangan Barabudhur ngadhepi bebaya gedhé ambruk. Ing 1965, Indonésia njaluk pamrayoganing UNESCO kanggo ngrampungi masalah gapuking Barabudhur lan yasan-yasan liyané. Ing 1968, Mahaguru Soekmono kang nalika samana minangka lurahing Pamong Arkéologi Indonésia ngabani kampanye "Save Borobudur" (Salametaké Barabudhur) saperlu nggelar proyèk maluyakaké kang gedhé.[42]

Ing pungkasan 1960-an, pangrèh Indonésia nyuwun marang paguyuban sajagat supaya Barabudhur kawaluyakaké kanthi gedhèn-gedhèn. Ing 1973, siji rancangan baku kanggo maluyakaké Barabudhur kasil karipta.[43] Sarana Agreement concerning the Voluntary Contributions to be Given for the Execution of the Project to Preserve Borobudur (Mupakatan bab Gugur Gunung kanggo Ngayahi Proyèk Lestarining Barabudhur) ing Paris nalika 29 Januari 1973, nagara cacah lima gelem mèlu gugur-gunung maluyakaké Barabudhur: Ostrali (AUD 200.000), Bèlgi (BEF 250.000), Siprus (CYP 100.000), Prancis (USD 77.500), lan Jerman (DEM 2.000.000).[44] Pangrèh Indonésia lan UNESCO banjur ngayahi pamriksa ing saindenging Barabudhur kanggo proyèk maluyakaké ing antaraning 1975 lan 1982.[41] Ing 1975, pambudidaya maluyakaké kawiwitan. Watu cacah sayuta punjul padha kacopot lan kalumpukaké kanggo katiti-priksa baka siji, kapepantha, kareresik, lan karumat. Barabudhur dadi papan uji-coba tumrap tèknik pangawèt (conservation technique) kang anyar, kalebu tata cara ngresiki mikroorganisme kang ngrusak watu.[42] Lambaraning yasan kapengkuhaké, lan panil cacah 1.460 kareresik. Anggoné maluyakaké kalebu mbongkari tlundhag pasagi cacah lima lan ndandani kalènan kanthi muwuhi saluran-saluran banyu tumrap yasan. Lapisan panyaring lan lapisan kang keker uga kawuwuhaké. Proyèk kolosal iki dièloni watara wong 600 kanggo maluyakaké yasan Barabudhur lan ngentèkaké ragad kang gunggung USD 6.901.243.[45]

Sarampung rénovasi, UNESCO ngepyakaké Barabudhur minangka siji Sasana Pusaka Jagat ing 1991.[3] Barabudhur kalebu ing golongan Budaya (i) "kanggo nuduhaké mahakarya kalantipaning manungsa", (ii) "kanggo nuduhaké sesambunganing ajining manungsa saka jaman kang béda utawa saka laladan budaya ing jagat, tumrap rembakaning tata yasan lan tèhnologi, kagunaning yasan, pangrancanging kutha utawa rancanganing lansekap", lan (vi) "kanggo kagayutaké marang acara-acara utawa upacara-upacara adat, gagasan utawa kapitayan, karya-karya kagunan lan kasusastran kang wigati tumrap wong akèh tur isih kaurip-urip kanthi sanalika lan nyata".[3]

Ing Dhésèmber 2017, gagasan saperlu masang chattra ing pucuking stupa panunggul Barabudhur rinembug manèh. Kudu ana panaliti kang jero saperlu maluyakaké pucukan kang dhapur payung iku. Ing kawitan 2018, pambudidaya maluyakaké chattra durung kasembadan.[46]

Lelakon saiki[besut | besut sumber]

Upacara agama[besut | besut sumber]

Upacara Wésaka ing Barabudhur.

Sarampung kawaluyakaké gedhé-gedhèn ing 1973 kang diragadi UNESCO[43], Barabudhur bali manèh dadi papan pamujan lan jiyarah. Sataun pisan, nalika dina rembulan wutuh ing Mèi utawa Juni, para pandhèrèk Buddha ing Indonésia padha mangayubagya dina Wésaka kang mèngeti lair, pati, lan wayah nalika Siddhartha Gautama nggayuh kawicaksanan luhur lan ngéjawantah dadi Buddha Shakyamuni. Wésaka minangka dina préi nasional kang resmi ing Indonésia,[47] déné upacarané kapunjer ing sasana pamujan Buddha cacah telu sarana lumaku saka Mendut banjur Pawon lan wusana Barabudhur.[48]

Pariwisata[besut | besut sumber]

Para wisata ing Barabudhur

Yasan Barabudhur minangka paran wisata (tourist attraction) siji-sijiné kang kerep dhéwé ditekani para wisata ing Indonésia. Ing 1974, para wisata cacah 260.000, kang 36.000-é saka mancanagara, padha nekani Barabudhur.[11] Cacahé banjur muluk dadi 2,5 yuta wong kang wisata saben tauné (80%-né minangka wong wisata saka sajeroning nagara) ing satengahing 1990-an, sadurung nagara ngalami krisis ékonomi.[12] Pangembanging pariwisata olèh panyruwé amarga ora ngatutaké warga enggonan kang njalari cengkah ping sawatara.[11] Ing 2003, para warga enggonan lan kang nduwèni pagawéan-pagawéan cilik ing sakiwa-tengening Barabudhur padha ngadani sawatara parepatan lan protès sarana geguritan, kaeneraké marang rancanganing pangrèh provinsi kang nedya yasa mall tingkat telu kang tinelah "Java World".[49]

Sawatara pangaji-aji pariwisata internasional kaganjaraké marang taman arkéologi Barabudhur, kaya ta PATA Grand Pacific Award 2004, PATA Gold Award Winner 2011, lan PATA Gold Award Winner 2012. Ing Juni 2012, Barabudhur cinathet ing Guinness Book of World Records minangka sasana arkéologi Buddha kang gedhé dhéwé ing sajagat.[50]

Pangawèt[besut | besut sumber]

UNESCO menangi kawigatèn cacah telu gegayutan karo kaanan saiki kanggo ngawètaké (konservasi) Barabudhur: (i) pangrusak déning para wisata; (ii) amblesing lemah ing pérangan kidul-wétaning sasana; lan (iii) pambudidaya niti-priksa lan maluyakaké pérangan-pérangan kang wis ilang.[51] Lemah alus, sawatara lindhu, lan udan deres njalari yasan Barabudhur ora pengkuh. Lindhu minangka jalaran gedhé dhéwé kang dadi kawigatèn, amarga ora mung njalari watu-watu padha tiba lan plengkung padha ambrol, nanging uga lembah dadi katut oreg kaya alun, kang ing tembé bisa ngambrukaké yasan.[51] Stupa kasuwur minangka kang njalari tekaning para wisata kang pérangan gedhéné saka Indonésia. Sanajan ana papan pameling supaya aja ndemok watu ing kabèh tataran, ana giyaran pameling kang bola-bali lumantar kothak kandha (loudspeaker), lan ana wong kang njagani, lelakon pangrusak tumrap rélièf lan reca lumrah kalakon tur dadi masalah amarga njalari rusaking yasan kang saya ndadra. Nganti 2009, durung ana pranata kanggo nyumpi cacahing para wisata kang olèh mlebu ing saben dinané utawa kang ngudokaké para wisata padha nganggo pramuwisata (tour guide).[51]

Ing Agustus 2014, Otoritas Konservasi Barabudhur ngandhakaké sawatara gigis (abrasi) gedhé ing undhakan watu amarga panggah kena gèsrèkan saka panganggo sikiling para wisata (visitors' footwear). Otoritas iku ngrancang bakal masang undhakan kayu saperlu nutupi lan ngreksa undhakan watu kang lugu, kaya déné kang katrapan ing Angkor Wat.[52]

Pangrumat[besut | besut sumber]

Barabudhur katerak jebluganing Gurung Merapi ing Oktober lan Novèmber 2010. Awu gunung geni saka Merapi tumiba ing sasana pamujan iku, kang dohé watara 28 kilomèter sakidul-kuloning kawah. Lapisan awu kang ngancik 2,5 sèntimèter[53] kandelé tumiba nalika jeblugan ing 3–5 Novèmber kang uga matèni wit-witan ing sakiwa-tengening Barabudhur. Para juru sumelang yèn awu kang ngandhut asem iku bisa ngrusak sasana sajarah iku. Sasanané banjur tinutup saka 5 tumeka 9 Novèmber saperlu kareresik saka awu.[54][55]

UNESCO nyumbang USD 3 yuta minangka péranganing ragad kanggo ngrumat Barabudhur kang kena jebluganing Gunung Merapi ing 2010.[56] Pasagi watu cacah 55.000 punjul kang dadi péranganing yasan padha kacopot kanggo maluyakaké kalèn kang kabebeg awu nalika udan. Anggoné maluyakaké rampung ing Novèmber.[57]

Ing Januari 2012, juru ngawètaké watu cacah loro saka Jerman naliti Barabudhur ing dalem sapuluh dina lan mbabar pamrayoga supaya bisané lestari.[58] Ing Juni, Jerman mupakat nyumbang USD 130.000 marang UNESCO kanggo mbacutaké pangrumat (réhabilitasi) kanthi ngerigaké juru cacah enem ing babagan ngawètaké watu, mikrobiologi, tèknik yasan, lan tèknik kimia saperlu tumandang ing Barabudhur ing dalem saminggu ing Juni, banjur manèh ing Sèptèmber utawa Oktober. Pangerig iku nedya nindakaké kagiyatan panglestari (préservasi) kang wis kaprayogakaké ing Januari sinartan nganakaké kagiyatan ngundhakaké daya-kabisaning para punggawaning pangrèh praja lan para kanoman juru ngawètaké supaya padha mundhak bisané nglestarèkaké Barabudhur.[59]

Ing 14 Fèbruari 2014, sawatara paran wisata gedhé ing Ngayogyakarta lan Jawa Tengah, kalebu Barabudhur, Prambanan, lan Ratu Baka padha tinutup amarga padha katerak awuning gunung geni saka jebluganing Gunung Kelut ing Jawa Wétan, kang kapernah watara 200 kilomèter sawétaning Ngayogyakarta. Stupa lan reca ing Barabudhur padha kakrukuban saperlu kareksa saka awuning gunung geni iku. Gunung Kelut njeblug ing 13 Fèbruari 2014 mawa swaraning jeblugan karungu saka Ngayogyakarta.[60]

Bebaya tumrap kaamanan[besut | besut sumber]

Ing 21 Januari 1985, stupa cacah sanga rusak banget kajeblugan bom cacah sanga.[61][62] Ing 1991, juru kutbah Muslim kang wuta aran Husein Ali Al Habsyie katrapan paukuman kunjara sajeg jumbleg (salawasing urip) karana ndhalangi sawatara pangebom ing satengahing 1980-an, kalebu pangebom ing Barabudhur.[63] Durjana pangebom liyané cacah loro saka golongan èkstrimis Islam padha katrapan paukuman kunjara kang suwéné 20 taun ing 1986, lan durjana siji liyané katrapan paukuman kunjara kang suwéné 13 taun.

Ing 27 Mèi 2006, lindhu kang gedhéné 6,2 magnitudho ngoregaké pasisir kidul Jawa iring tengah. Lindhu iku banget anggoné ngrusaki laladan kana lan njalari pepati gedhé mligi ing Ngayogyakarta, nanging Barabudhur kukuh bakuh.[64]

Ing Agustus 2014, pulisi lan wadyabala kaamanan Indonésia mikuwati kaamananing kukuban sakiwa-tengening Barabudhur kanggo nulak bebaya kang kagiyaraké ing médhia sosial déning péhak kang ngaku minangka ISIS cawang Indonésia kang kandha arep ngajuraké Barabudhur lan reca-reca liyané ing Indonésia.[65] Anggoné ngundhakaké kaamanan kalebu ndandani lan ngimbuhi monitor CCTV lan matrapaké rondha wengi ing kukuban Barabudhur. Golongan jihadis nututi tepsiring Islam kang keket kang nganggep wewujudan pindha manungsa kaya ta reca ukiran minangka sesembahan.

Masalah bludhaging para wisata[besut | besut sumber]

Gedhéning cacah para wisata kang munggah ing undhakaning Barabudhur kang ciyut njalari watu-watu ing undhakan padha kendho, lumahing watu padha gigis, lan padha dadi saya rata tur alus. Barabudhur ngemu lumahing watu undhakan cacah 2.033 kang kasebar ing kéblat papaté: kulon, wétan, kidul, lan lor. Ana lumahing watu cacah 1.028, utawa watara 49,15 persèné, kang rusak banget.[66]

Kanggo ngéndhani rusaking watu-watu ing undhakan saya ndadra, kawit Novèmber 2014, pérangan undhakan Barabudhur kang baku cacah loro – iring wétan (dalan munggah) lan iring lor (dalan mudhun) – tinutupan rerangkèn kayu. Cara kang padha wis katrapaké ing Angkor Wat Kamboja lan ing Piramid Mesir.[66] Ing Maret 2015, Punjer Konservasi Barabudhur ngusulaké saperlu nutupi undhakan mawa lapisan karèt.[67] Ana uga kang ngusulaké supaya ana sandhal mirunggan kanggo para wisata.[68]

Tata yasan[besut | besut sumber]

Kagiyatan pangedhuk arkéologis ing sajeroning pambudidaya yasa bali (rékonstruksi) nemokaké yèn para pandhèrèk Hindhu utawa kapitayan sadurung iku wis padha ngadegaké yasan gedhé ing gumuking Barabudhur sadurung papan iku diowahi para pandhèrèk Buddha. Lambaraning Barabudhur ora mèmper yasan pamujan Hindhu utawa Buddha kang lumrah, mula yasan kang dhisik dinuga yasan Jawa lugu tinimbang yasan Hindhu utawa Buddha.[69]

Rancangan[besut | besut sumber]

Rancangan dhasar Barabudhur kang dhapur mandala.
Sesawangan Barabudhur saka awang-awang ngatonaké dhapur piramid sungsun lan mandala.

Barabudhur kaadegaké minangka stupa gedhé lan yèn kasawang saka dhuwur bakal katon dhapur mandala Buddha tantra kang magrong, kang negesaké kosmologi Buddha lan sipating pikiran.[70] Lambarané kang lugu (original foundation) iku pasagi, watara 118 mèter dawaning saben sisihé. Yasané ngemu tlundhag cacah sanga, kang enem ing pérangan ngisor wangun pasagi lan telu ing pérangan ndhuwur wangun bunder.[71] Tlundhag-tlundhag ing ndhuwur ngemu stupa cilik cacah pitung puluh loro kang ngubengi siji stupa panunggul kang gedhé dhéwé. Saben stupané dhapur cungkupan mèmper loncèng mawa rerenggan bolong-bolong akèh. Reca-reca Buddha padha lungguh ing sajeroning cungkupan kang bolong-bolong iku.

Barabudhur karancang kaya déné piramid sungsun. Sadurung iku, kabudayan prasajarah mégalitik Austronésia ing Indonésia menangi sawatara pundhungan lemah lan yasan piramid sungsun kang aran pundhèn undhakan kaya déné kang tinemu ing sasana Pangguyangan ing cedhak Cisolok[72] lan ing Cipari cedhak Kuningan.[73] Piramid watu kaadegaké adhedhasar kapitayan lugu yèn gunung lan papan-papan kang dhuwur minangka padununganing jiwa-jiwaning para leluhur utawa hyang.[74] Pundhèn undhakan minangka rancanganing Barabudhur kang baku[75] kang kapracaya minangka candhaking adat mégalitik kang luwih lawas kanthi nglebokaké gagasan-gagasan lan lambang-lambang Buddha Mahayana.[76]

Péranganing yasan kang cacah telu nglambangaké "jagat" cacah telu ing kosmologi Buddha, kang aran Kamadhatu (jagat kekarepan), Rupadhatu (jagat wewujudan) lan Arupadhatu (jagat tanpa wewujudan). Makluk urip kang salumrahé manggon ing tataran ngisor dhéwé, ya iku ing jagat kekarepan. Makluk kang wis ngobong kabèh kekarepané kanggo nggayuh wujud sabanjuré iku ninggalaké jagat kekarepan lan manggon ing jagat wewujudan: padha bisa weruh marang wewujudan, nanging ora padha kapéncut marang iku. Wusana, para Buddha kang temen iku kang tumapak ngluwihi wewujudan lan ngalami kasunyatan kang murni ing tataran kang wigati dhéwé, ya iku ing samudraning nirwana kang tanpa wewujudan.[77] Mardika saka rodhaning Saṃsāra (sangsara) kang ateges jiwa kang wis olèh pepadhang wis ora nggayut manèh karo wewujudan kadonyan nerangaké gagasan bab Śūnyatā, kaanan suwung kang temen utawa pribadi kang tanpa kaanan. Kamadhatu iku diwakili lambaraning Barabudhur, Rupadhatu iku tlundhag pasagi cacah lima (awak), lan Arupadhatu tlundhag bunder cacah telu dalah stupa panunggul ing pucuké. Tetengering tataran cacah telu iku ana béda kang métaforis. Contoné, tlundhag pasagi mawa rerenggan akèh ing Rupadhatu owah dadi tlundhag bunder kang barès (tanpa rerenggan) ing Arupadhatu kang nglambangaké owah-owahan saka jagat wewujudan—papan kang isih padha gayut marang wujud lan jeneng—dadi jagat tanpa wewujudan.[78]

Upacara memuja ing Barabudhur katindakaké bebarengan sarana lumaku. Wong-wong kang upacara padha mlaku turut undhakan lan lurung munggah ngener tlundhag kang pucuk. Saben tlundhag makili siji tataraning pepadhang. Dalan kang diturut wong-wong kang upacara karancang supaya nglambangaké kosmologi Buddha.[79]

Ing 1889, pérangan kang katutupan ing pérangan sikil ora njarag tinemu.[40] "Sikilan kang katutupan" iku ngemu rélièf; saka kabèh rélièf, kang cacah 160 nyaritakaké Kamadhatu kang temen. Rélièf-rélièf liyané minangka panil mawa prasasti cendhak kang katon nuduhaké pandom marang para juru ukir kang isiné nerangaké adegan-adegan kang kudu diukir.[80] Pérangan sikil lugu (real base) ditutupi pérangan sikil pamungkus (encasement base) kang ancasé isih nyalawadi. Pérangan sikil lugu kudu katutup dinuga kanggo ngéndhani amblesing Barabudhur.[80] Téyori liya ngandhakaké yèn pérangan sikil pamungkus kawuwuhaké sabab pérangan sikil lugu ora karancang kanthi pener, miturut Wastu Sastra, pustaka Indhia kuna bab tata yasan lan tata kutha.[40] Sanajan ora kaweruhan ancas panggawéné, pérangan sikil pamungkus kagawé mawa rerenggan kang rinci tur satiti lan nganggo lelimbangan agama sarta kaéndahan.

Pasang-rakit[besut | besut sumber]

Gambar saparo kang nuduhaké ukuran dhuwur 4:6:9 saka pérangan sikil, awak, lan endhas.

Watara 55.000 mèter kubik watu andhesit kajupuk saka pamelikan watu ing sakiwa-tengening Barabudhur kanggo ngrakit yasan Barabudhur.[81] Watu kakethok banjur kaangkud menyang pernahing yasan lan kadèkèk tanpa bobokan. Kenob (knob), legokan (indentation), lan anjing-anjingan (dovetail) katrapaké minangka gegelan (joint) ing antaraning watu. Payoning stupa, clowokan, lan gapura plengkung karakit sarana cara kondhé (corbelling method). Rélièf kaukir ing papan kono (in situ) sarampung yasané karakit.

Yasan kapirantèni mawa tata kalèn kang apik kanggo ngemot ilining banyu udan. Saperlu ngéndhani banyu kang megung, cucukan banyu cacah 100 kapasang ing saben pojokan, kang sabené kaukir ing wujud raseksa utawa makara.

Barabudhur katitik saka rancangané kang béda saka yasan-yasan liyané kang mawa ancas kang padha. Ora kaadegaké ing palemahan rata, Barabudhur malah kaadegaké ing gumuk alam. Mangkonoa, caraning ngrakit mirib papan-papan pamujan liyané ing Jawa. Tanpa ruwangan ing sajeroné lan rancangané mèmper piramid, Barabudhur ing sakawit kasengguh minangka stupa, dudu papan pamujan.[81] Ancasing stupa iku minangka padhépokaning Buddha. Kadhang-kala stupa kaadegaké mung minangka tandha bakti miturut agama Buddha. Ana déné, papan pamujan iku papan kanggo memuja. Rancanganing Barabudhur kang satiti awèh tetenger yèn Barabudhur iku papan pamujan, dudu stupa.

Ora akèh kang kaweruhan bab Gunadharma kang kasuwur minangka kang yasa Barabudhur.[82] Jenengé njedhul ing carita rakyat Jawa, dudu prasasti.

Ékan pangukur (unit of measurement) baku kang katrapaké nalika yasa Barabudhur iku tala, kang dawané sarai manungsa saka watesing rambut ing bathuk tumeka pucuking janggut utawa dawané saka pucuking jempol tumeka pucuking driji panengah kang kawengakaké nganti pantog.[83] Mula, ékan pangukur iku béda dawané saben wong, nanging yasan Barabudhur ékan pangukuré ajeg. Panaliti kang katindakaké ing 1977 kasil nemokaké ping sawatara bebandhingan 4:6:9 ing saindenging yasan. Kang ngrancang yasan nganggo wewaton iku nalika ngrancang Barabudhur mawa alang-ujur kang patitis sarana géomètri fraktal lan sarupa dhiri (self-similar).[83][84] Bebandhingan iku uga tinemu ing rancanganing Pawon lan Mendut kang uga minangka papan pamujan Buddha ing cedhak kana. Arkéolog ndeduga yèn bebandhingan 4:6:9 lan ékan tala ngemu surasa pananggalan, astronomi, lan kosmologi, kaya kang ana ing papan pamujan Angkor Wat.[82]

Yasan baku bisa kapérang dadi telu: sikil, awak, lan endhas.[82] Pérangan sikil ambané 123 m x 123 m mawa témbok 4 mèter.[81] Pérangan awak kapérang dadi tlundhag pasagi cacah lima kang saya dhuwur tatarané saya ciyut ambané. Lorogan (téras) kapisan kawiwitan 7 mèter mlebu saka pinggiring pérangan sikil. Saben lorogan mandhuwur kawiwitan 2 mèter saka lorogan sangisoré, kang nurahaké lurung ciyut ing saben tlundhag. Pérangan endhas kapérang dadi tlundhag bunder cacah telu kang saben tlundhagé ngemu stupa bolong-bolong kang tinata jèjèr ngubengi stupa panunggul ing tengah. Pucuking stupa panunggul iku dadi titiking yasan Barabudhur kang dhuwur dhéwé, ya iku 35 mèter saka lumahing palemahan. Undhakan ing satengahing saben sisih kang cacah papat dadi dalan kang ngener pucuk. Undhakan iku katrapan sawatara gapura plengkung mawa reca singa cacah 32. Gapura-gapurané rinenggan endhasing kala ing pérangan ndhuwuré lan makara ing sakiwa-tengené. Rerenggan kala-makara lumrah tinemu ing gapura-gapuraning papan pamujan Jawa. Dalan mlebu kang baku ana ing sisih kiwa, ya iku pernahing rélièf carita kang kapisan. Undhakan ing pèrènging gumuk uga nggayutaké yasan karo ngaré ing sangisoré.

Rélièf[besut | besut sumber]

Sebaraning panil carita[85]
Pérangan Pernah Carita Cacahing panil
sikil kang katutupan témbok Karmawibhangga 160
gladri kapisan témbok baku Lalitawistara 120
Jataka/Awadana 120
kelir Jataka/Awadana 372
Jataka/Awadana 128
gladri kapindho kelir Jataka/Awadana 100
témbok baku Gandawyuha 128
gladri katelu témbok baku Gandawyuha 88
kelir Gandawyuha 88
gladri kapapat témbok baku Gandawyuha 84
kelir Gandawyuha 72
Gunggung 1.460
Pernahing rélièf-rélièf carita ing Barabudhur.

Barabudhur kaadegaké kanthi ngatonaké lorogan-lorogané, nuduhaké tata yasan kang njlimet saka lorogan-lorogan kang rinenggan rélièf-cèthèk (bas-relief) ing pérangan ngisor tumeka lorogan-lorogan bunder aran Arupadhatu kang tanpa rerenggan.[86] Témboking lorogan cacah papat ing pérangan ngisor macak ukiran rélièf-cèthèk. Rerenggan iku kaaranan édi-péni tur alus ing jagat Buddha kuna.[87]

Rélièf-cèthèk ing Barabudhur metha akèh sesawangan padinan ing Jawa kuna abad ka-8, saka karaton, patapan ing sajeroning alas, nganti kauripaning wong cilik ing désa. Rélièf-rélièfé uga metha papan pamujan, pasar, manéka kéwan lan tetuwuhan, uga yeyasan Jawa lugu. Wong-wong kang kapetha ing rélièf ana ratu, paramèswari, pangéran, ménak, wong praja, wadyabala, batur, wong cilik, pandhita, lan wong tapa. Rélièfé uga metha roh-roh alus ing ajaran Buddha kaya ta asura, déwa-déwi, boddhisattwa, manuk kinnara, gandharwa, lan apsara. Pepethan kang kapacak ing rélièf sok minangka jujuganing para sajarawan nalika naliti bab tata yasan, tata gaman, ékonomi, tata busana, lan tata angkudan ing abad ka-8 ing kapuloan Asia Kidul-Wétan. Salah siji pepethan kang kondhang ya iku prau mawa katir cacah loro kang tinelah Prau Barabudhur.[88] Dinané iki, tetironing Prau Barabudhur kanthi gedhé kang satemené tur tau lelayaran saka Indonésia anjog Afrika ing 2004 pinajang ing Musiyum Raksa Samudra kang kapernah atusan mèter ing sakiduling Barabudhur.[89]

Rélièf Barabudhur uga narik kawigatèn tumrap kawruh kaéndahan Indhia, kaya ta patraping awak kang ngemu surasa mirunggan lan aji kaéndahan. Rélièf wong ménak, ratu, utawa roh-roh kahyangan kaya ta apsara, tara, lan boddhisattwa lumrahé kapetha mawa patrap tribhanga, ya iku patrap nekuk telu ing gulu, bangkèkan, lan dhengkul, mawa sikil siji tumumpang lan sikil siji liyané nyangga awak. Patrap iku ingaran patrap kang alus dhéwé, pindha Surasundari kang pinuju nggawa tunjung.[90]

Nalika pangedhuking Barabudhur, para arkéolog nemu pigmèn warna biru, abang, ijo, ireng, lan cuwilan grènjèng emas (gold foil), lan awèh dudutan yèn yasan kang katon saiki – warna klawu peteng watu gunung geni, tanpa warna liya – bokmanawa biyèné kalapisan lépa putih warjalépa lan linukisan mawa manéka warna kang padhang kang bokmanawa kanggo nuduhaké sunaring ajaran Buddha.[91] Tilasing lépa wajralépa uga tinemu ing papan pamujan Sari, Kalasan, lan Sèwu. Dinuga rélièf-cèthèk ing Barabudhur ing sakawit iku warna-warni, sadurung kena udan tropis maabad-abad kang wusana nglèthèki pigmèn-pigmèn warnané.

Barabudhur ngemu watara rélièf-cèthèk cacah 2.670 (panil carita cacah 1.560 lan panil rerenggan cacah 1.212) kang kapasang ing windu (surface) lan keliré. Ambaning windu kang ngemu rélièf gunggung 2.500 mèter kubik lan kasebar ing pérangan sikil kang katutupan (Kamadhatu) lan tlundhag pasagi cacah lima (Rupadhatu).[85]

Panil carita, kang nuduhaké carita Sudhana lan Manohara,[92] katunggalaké dadi 11 pérangan carita kang ngubengi yasan kanthi gunggunging dawa 3.000 mèter. Pérangan sikil kang katutupan ngemu pérangan carita kapisan mawa panil carita cacah 160; ana déné 10 pérangan carita kang candhaké kasebar ing saindenging témbok lan kelir ing gladri cacah papat wiwit saka undhakan mlebu ing wétan banjur mangiwa. Panil carita ing témbok kawaca saka tengen mangiwa, déné kang ana ing kelir kawaca saka kiwa manengen. Kaanan iku padha karo pradaksina, ya iku upacara ngubeng déning panyarta upacara kanthi enering laku padha enering pandoming jam lan pernahing papan pamujan panggah ing tengené.[93]

Pérangan sikil kang katutupan metha lakuning wewaton karma. Rélièf ing témbok gladri kang kapisan ngemu pérangan carita cacah loro kang larikan ngisor-ndhuwur; saben larik ngemu 120 panil. Larik ndhuwur metha kauripaning Buddha; ana déné larik ngisor kang nyambung ing keliring gladri kapisan lan kapindho metha kauripaning Buddha kang sadurungé.[85] Panil-panil liyané metha Sudhana kang leluru Kawicaksanan Sampurna lan wusana kasil digayuh.

Wewaton karma (Karmawibhangga)[besut | besut sumber]

Adegan Karmawibhangga ing pérangan sikil kang katutupan; ing tengen kapetha laku dosa matèni lan ngolah penyu lan iwak, ing kiwa kapetha wong kang pagawéané matèni kéwan bakal siniksa ing naraka sarana kaolah urip-urip, kakethok, utawa kauncalaké menyang balé pagenèn.

Panil cacah 160 kang katutupan ora ngemu carita kang sambung-sinambung, nanging saben panil iku nuduhaké pepethan pepak bab jalaran lan temahan (cause and effect).[85] Ana pepethan bab lelaku kang tinutuh, saka ngrasani nganti matèni, sinartan paukuman-paukumané. Ana uga lelaku kang kaprayogakaké, kaya ta dedana (sidekah) lan jiyarah menyang papan kramat, sinartan ganjaran-ganjarané. Bab naraka kang nggegirisi lan swarga kang nyenengaké uga ana pepethané. Ana adegan kaanan sadina-dina, kang jinangkepan sesawangan sangsara (rodhaning lair lan pati kang ora kendhat). Pérangan sikil pamungkus ing Barabudhur binongkar saperlu ngatonaké pérangan sikil kang katutupan, banjur rélièfé difoto Kassian Chepas ing 1890. Foto-foto iku kapajang ing Musiyum Karmawibhangga. Nalika kawaluyakaké, pérangan sikil pamungkus pinasang manèh kanggo nutupi rélièf-rélièf Karmawibhangga. Saiki, mung pérangan sikil iring kidul-wétan baé kang kawiyak lan bisa ditonton para wisata.

Pangèran Siddhartha lan lairing Buddha (Lalitawistara)[besut | besut sumber]

Carita iku kawiwitan saka udhuning Buddha saka swarga Tushita lan kapungkas mawa sesorahé kang kapisan ing Taman Kidang ing cedhak Benarès.[93] Rélièfé nuduhaké yèn Buddha lair minangka Pangéran Siddhartha, anak lanang saka Ratu Suddhodana lan bojoné aran Maya ing Kapilawastu (ing Népal).

Ibu Maya numpak kréta jaran menyang Taman Lumbini nedya nglairaké Pangéran Siddhartha Gautama

Caritané didhisiki panil cacah 27 kang nuduhaké manéka tata-tata, ing swarga lan ing bumi, kanggo mangayubagya lairing janma (incarnation) kang pungkasan saka boddhisattwa.[93] Sadurung mudhun saka swarga Tushita, boddhisattwa ngulungaké makuthané marang panerusé, ya iku Buddha Maitréya. Dhèwèké banjur mudhun menyang bumi sarana wujud gajah putih mawa gadhing cacah enem kang mlebu wetenging Ibu Maya ing sisih tengen. Ibu Maya ngimpi bab lelakon iku, kang katepsiraké yèn anaké lanang bakal dadi ratu utawa dadi Buddha.

Nalika Ibu Maya rumasa arep nglairaké, dhèwèké metu ing Taman Lumbini ing sajabaning Kutha Kapilawastu. Dhèwèké ngadeg ing sangisoring wit plaksa, nyekel pang sarana tangané tengen, banjur nglairaké bayi lanang aran Pangéran Siddhartha. Carita ing panil-panil iku terus baé nganti pangéran iku dadi Buddha.

Kauripaning Buddha kang dhisik (Jataka) lan wong-wong wigati liyané (Awadana)[besut | besut sumber]

Rélièf carita jataka bab penyu gedhé kang nylametaké para punggawa prau (sailor) kang kelelep.

Jataka iku carita-caritaning Buddha sadurung lair minangka Pangéran Siddhartha.[94] Carita-carita iku bab kauripan-kauripaning Buddha kang dhisik ing wujud manungsa lan kéwan. Buddha ing tembé bisa ngéjawantah dadi raja, wong buwangan, déwa, gajah—nanging, ing wujud apa baé, dhèwèké nindakaké sawatara kautaman kang dadi telenging carita.[95] Awadana mirib jataka, nanging paragané kang baku dudu boddhisattwa. Lelaku suci ing awadana ditindakaké wong-wong wigati liyané. Jataka lan awadana sok katunggalaké lan ing rélièf Barabudhur dadi nunggal pérangan carita.

Panil ngisor cacah rong puluh kang kawitan ing témboking gladri kapisan metha Sudhanakumarawadana utawa lelaku sucining Sudhana. Panil ndhuwur cacah 134 kang kawitan ing keliring gladri kang padha macak carita Jatakamala cacah 34.[96] Panil cacah 237 liyané metha carita saka sumber-sumber liya, kaya ta panil ngisor saluwihé dalah panil ing gladri kapindho. Sawatara jataka kapetha ping pindho, kaya ta carita Ratu Sibhi (buyuting Rama).

Sudhana luru kasunyatan sampurna (Gandawyuha)[besut | besut sumber]

Gandawyuha iku carita kang kapacak ing bab pungkasan sutra Awatamsaka bab lelananing Sudhana kang ora kendhat ngluru Kawicaksanan Sampurna Mahaluhur. Carita iku kapacak ing gladri cacah loro (gladri katelu lan kapapat) lan uga ing saparoning gladri kapindho, kang gunggunging panil cacah 460.[97] Paraga baku ing carita, ya iku Sudhana enom, anak lanang saka wong dagang kang sugih banget, kapacak ing panil ka-16. Panil cacah 15 kang sadurungé minangka bebuka kang nyaritakaké pangéram-éram nalika Buddha semadi ing Taman Jéta ing Srawasti.

Nalika lelana, Sudhana nekani ora kurang saka guru cacah telung pulih, nanging ora ana kang maremaké dhèwèké kanthi temen. Dhèwèké banjur dikon Manjusri saperlu nemoni pandhita Megasri, kang mènèhi dhèwèké ajaran kang kapisan. Nalika mbajuraké lakuné, Sudhana kapapag (kanthi urut) Supratisthita, biksu aran Mégha (Sukmaning Kawruh), juru arta aran Muktata, pandhita aran Saradhwaja, upasika aran Asa (Sukmaning Pepadhang Mahaluhur), Bhismottaranirghosa, brahmin aran Jayosmayatna, Pangéran Maitrayani, pandhita aran Sudarsana, bocah lanang aran Indriyèswara, upasika aran Prabhuta, juru arta aran Ratnachuda, Ratu Anala, Déwa Siwah Mahadéwa, Ibu Maya, Boddhisattwa Maitréya lan bali manèh menyang Manjusri. Saben papagané iku mènèhi Sudhana ajaran, kawruh, lan kawicaksanan mirunggan. Manéka papagané iku kapacak ing gladri katelu.

Rampung papagan kang pungkasan karo Manjusri, Sudhana lunga menyang padununganing Boddhisattwa Samantabhadra, kaya kang kapetha ing gladri kapapat. Saindenging carita ing gladri kapapat macak ajaraning Samantabhadra. Panil carita rampung mawa adegan Sudhana kasil nggayuh Kawruh Mahaluhur lan Kasunyatan Pungkasan.[98]

Reca Buddha[besut | besut sumber]

Endhasing reca Buddha ing Barabudhur kang kapajang ing Tropenmuseum, Amsterdam.

Ora mung rélièf carita kosmologi Buddha, Barabudhur uga ngemu akèh reca Buddha manéka rupa. Reca-reca kang lungguh sila mujudaké patraping lungguh tunjung (kembang traté) lan kasebar ing tlundhag pasagi cacah lima (tataran Rupadhatu), uga ing tlundhag pucuk (tataran Arupadhatu).

Reca-reca Buddha ana ing sajeroning clowokan (niche) ing tataran Rupadhatu, kapapanaké salarik ing winduning kelir kang njaba kanthi cacahing reca saya suda ing tataran kang saya dhuwur. Kelir kapisan ngemu clowokan cacah 104 , kapindho cacah 104, katelu cacah 88, kapapat cacah 73, lan kalima cacah 64. Gunggungé ana reca Buddha cacah 432 ing tataran Rupadhatu.[4] Ing tataran Arupadhatu (utawa tlundhag bunder cacah telu), reca-reca Buddha kapapanaké ing sajeroning stupa kang bolong-bolong. Tlundhag budher kapisan ngemu stupa cacah 32, kapindho cacah 24, lan katelu cacah 16, dalah stupané cacah 72.[4] Saka reca Buddha lugu cacah 504, kang cacah 300 punjul wis padha rusak (pérangan gedhéné tanpa endhas), déné kang cacah 43 wis ilang. Kawit temuning yasan Barabudhur, endhas-endhasé padha dijupuki, kang pérangan gedhéné déning musiyum-musiyum Kulonan.[99] Sawatara endhas-endhas Buddha iku saiki kapajang ing sawatara musiyum, kaya ta Tropenmuseum ing Amsterdam, Musée Guimet ing Paris, lan The British Museum ing London.[100] Ing 2014, Jerman mbalèkaké barang jejupukané lan ngragadi kanggo masang bali endhas-endhas mau uga kanggo ngéwangi ngawètaké Barabudhur.[101]

Satlereman, kabèh reca Buddha katon mirib, nanging ana béda sithik ing antaraning reca-reca iku ing babagan mudra utawa patraping tangan. Ana lima golonganing mudra: lor, wétan, kidul, kulon, lan punjer, kang nengeri kéblat cacah lima miturut ajaran Mahayana. Kelir cacah papat kang kawitan ngemu mudra cacah papat kang kawitan: lor, wétan, kidul, lan kulon, kang reca-reca Buddhané matrapaké mudra manut kéblaté dhéwé-dhéwé. Reca-reca Buddha ing kelir kalima lan ing sajeroning stupa cacah 72 ing tataran Arupadhatu matrapaké mudra kang padha: punjer. Saben mudra makili siji Buddha Semadi Lima; sabené ngemu simbul kang séjé.[102]

Manut urutaning pradaksina (ngubengi manut lakuning pandom jam) saka kulon, mudra-mudra ing reca-reca Barabudhur ana:

Reca Mudra Tegesing simbul Buddha Semadi Kéblat Pernahing reca
COLLECTIE TROPENMUSEUM Boeddhabeeld van de Borobudur TMnr 10016277.jpg Bhumisparsa Kandha marang bumi saperlu nyeksèni Aksobhya Wétan Clowokan ing Rupadhatu ing kelir wétan saka tataran kapisan tekan kapapat.
COLLECTIE TROPENMUSEUM Boeddhabeeld van de Borobudur TMnr 60013976.jpg Wara Laku becik; dedana Ratnasambhawa Kidul Clowokan ing Rupadhatu ing kelir kidul saka tataran kapisan tekan kapapat.
COLLECTIE TROPENMUSEUM Boeddhabeeld van de Borobudur voorstellende Dhyani Boeddha Amitabha TMnr 10016276.jpg Dhyana Semadi Amitabha Kulon Clowokan ing Rupadhatu ing kelir kulon saka tataran kapisan tekan kapapat.
COLLECTIE TROPENMUSEUM Boeddhabeeld van de Borobudur voorstellende Dhyani Boeddha Amogasiddha TMnr 10016274.jpg Abhaya Sudira Amoghasiddhi Lor Clowokan ing Rupadhatu ing kelir lor saka tataran kapisan tekan kapapat.
COLLECTIE TROPENMUSEUM Boeddhabeeld van de Borobudur voorstellende Dhyani Boeddha Vairocana TMnr 10015947.jpg Witarka Waskita lan kautaman Wairochana Punjer Clowokan ing Rupadhatu ing kelir kabèh kéblat ing tataran lima (dhuwur dhéwé).
COLLECTIE TROPENMUSEUM Boeddhabeeld van de Borobudur TMnr 60019836.jpg Dharmachakra Ngobahaké rodhaning dharma (pranata) Wairochana Punjer Arupadhatu ing stupa bolong-bolong cacah 72 ing tlundhag bunder cacah telu.

Pusaka[besut | besut sumber]

Sukarno lan Mahamantri Indhia aran Jawaharlal Nehru teka ing Barabudhur ing Juni 1950.
Meteré Indonésia 1968 kang ngajaki maluyakaké Barabudhur.

Rancanganing Barabudhur kang titi tur édi-péni, uga gedhéné kang magrong, njalari wong Indonésia mongkog. Kaya déné Angkor Wat tumrap Kamboja, Barabudhur dadi simbul kang kuwat tumrap Indonesia — minangka seksi marang kala wingi-unining Indonésia kang agung. Présidhèn Indonésia kapisan aran Sukarno nuduhaké sasana iku marang panggedhé-panggedhé mancanagara. Réjim Suharto — sadhar marang kabisan ékonominé kang gedhé — miwiti proyèk gedhé saperlu maluyakaké yasan Barabudhur mawa pitulunganing UNESCO. Akèh musiyum ing Indonésia ngemu tetironing Barabudhur kang cilik. Yasan iku mèh dadi ikon lan katunggalaké bareng wayang lan gamelan minangka tinggalan Jawa klasik kang njiwani akèh wong Indonésia.[103]

Sawatara barang tinggalan arkéologis kang kajupuk saka Barabudhur utawa barang tetironé kapajang ing sawatara musiyum ing Indonésia lan mancanagara. Aliya saka Musiyum Karmawibhangga ing sajeroning laladan Barabudhur, sawatara musiyum ngandhakaké yèn nyimpen barang tinggalan saka Barabudhur, kaya ta Musiyum Nasional Indonésia ing Jakarta, Tropenmuseum ing Amsterdam, The British Museum ing London, lan Musiyum Nasional Thai ing Bangkok. Musiyum Louvre ing Paris, Musiyum Nasional Malaysia ing Kuala Lumpur, lan Musiyum Agama Jagat ing Taipéi uga majang barang tinggalan saka Barabudhur.[91] Yasan Barabudhur narik kawigatèn wong sajagat marang kabudayan Buddha klasik ing Jawa kuna.

Temu bali lan yasa bali Barabudhur ditampa para pandhèrèk Buddha Indonésia kanthi mongkog lan dianggep minangka tandha-tandha agama Buddha bakal tuwuh-rembaka manèh ing Indonésia. Ing 1934, biksu saka Sri Lanka aran Narada Théra anjog Indonésia ping pisané minangka péranganing lelungané nyebaraké dharma ing Asia Kidul-Wétan. Kalodhangan iku ditampa sawatara pandhèrèk Buddha enggonan kanggo nguripi manèh agama Buddha ing Indonésia. Upacara nandhur wit bodhi ginelar ing iring kidul-wétaning Barabudhur nalika 10 Maret 1934 kanthi pangèstuning Narada Théra, lan sawatara upasaka kinepyak dadi biksu.[104] Sataun ping pisan, para pandhèrèk Buddha cacah éwon saka Indonésia lan nagara-nagara tangga-teparo padha teka ing Barabudhur saperlu mangayubagya upacara Wésaka.[105]

Lambanging Provinsi Jawa Tengah lan Kabupatèn Magelang ngemu gambar Barabudhur. Yasan iku wis dadi simbuling Jawa Tengah uga Indonésia. Barabudhur wis dadi jeneng sawatara wangunan kaya ta Universitas Borobudur, Hotèl Borobudur ing Jakarta Punjer, lan sawatara griya dhahar Indonésia ing jaban rangkah. Barabudhur uga ana ing dhuwit kertas lan meteré rupiyah lan ing sawatara buku, cap-capan, cathetan dhokumènter, lan cap-capan tetawa wisata Indonésia. Yasané wis dadi salah siji paran wisata baku ing Indonésia, kang wigati kanggo nyengkuyung ékonomi enggonan ing laladan sakiwa-tengené. Contoné, wisata ing Kutha Ngayogyakarta ngrembaka salong amarga leté kang cedhak karo papan pamujan Barabudhur lan Prambanan.

Ing kasusastran[besut | besut sumber]

Ing geguritané kang sesirah Borro Boedoor (1835), Letitia Elizabeth Landon nggambaraké Barabudhur saka cara pandeleng Kristen.

Gladri[besut | besut sumber]

Gladri rélièf[besut | besut sumber]

Gladri Barabudhur[besut | besut sumber]

Piridan[besut | besut sumber]

  1. "Largest Buddhist temple". Guinness World Records. Guinness World Records. Dibukak ing 27 January 2014.
  2. Purnomo Siswoprasetjo (4 July 2012). "Guinness names Borobudur world's largest Buddha temple". The Jakarta Post. Diarsip saka sing asli ing 5 November 2014. Dibukak ing 27 January 2014.
  3. a b c d e f "Borobudur Temple Compounds". UNESCO World Heritage Centre. UNESCO. Dibukak ing 28 December 2008.
  4. a b c Soekmono (1976), kk. 35-36.
  5. Rajarajan, R. K. K. "Rajarajan 2020 Borobudur et alii A Note on Place Names in Java". In Pedarapu Chenna Reddy, ed., Heritage of Indian History, Culture, and Archaeology (Festschrift to Dr. M.D. Sampath), vol. II, Art and Architecture. Delhi: B.R. Publishing Corporation (ing basa Inggris).
  6. "Borobudur : A Wonder of Indonesia History". Indonesia Travel. Diarsip saka sing asli ing 14 April 2012. Dibukak ing 5 April 2012.
  7. Le (2010).
  8. a b c d Soekmono (1976), k. 4.
  9. Hary Gunarto, Preserving Borobudur's Narrative Walls of UNESCO Heritage, Ritsumeikan RCAPS Occasional Paper, [1] October 2007
  10. Elliott (2003).
  11. a b c Hampton (2005).
  12. a b E. Sedyawati (1997). "Potential and Challenges of Tourism: Managing the National Cultural Heritage of Indonesia". In W. Nuryanti (ed.). Tourism and Heritage Management. Yogyakarta: Gajah Mada University Press. pp. 25–35.
  13. a b c d Soekmono (1976), k. 13.
  14. a b Thomas Stamford Raffles (1817). The History of Java (1978 ed.). Oxford University Press. ISBN 0-19-580347-7.
  15. a b J. L. Moens (1951). "Barabudur, Mendut en Pawon en hun onderlinge samenhang (Barabudur, Mendut and Pawon and their mutual relationship)" (PDF). Tijdschrift voor de Indische Taai-, Land- en Volkenkunde. Het Bataviaasch Genootschap van Kunsten en Wetenschappen: 326–386. Diarsip saka sing asli (PDF) ing 10 August 2007. trans. by Mark Long
  16. a b J.G. de Casparis, "The Dual Nature of Barabudur", in Gómez and Woodward (1981), page 70 and 83.
  17. "Borobudur" (ing basa Indonesia). Indonesian Embassy in Den Haag. 21 December 2012. Diarsip saka sing asli ing 6 November 2014. Dibukak ing 24 July 2014.
  18. Soekmono (2002), k. 46.
  19. Walubi. "Borobudur: Candi Berbukit Kebajikan". Diarsip saka sing asli ing 3 July 2010. Dibukak ing 9 December 2009.
  20. Troll (2015).
  21. Soekmono (1976), k. 1.
  22. Krom (1927).
  23. a b Murwanto (2004).
  24. a b Soekmono (1976), k. 9.
  25. Miksic (1990).
  26. Cœdès (1968).
  27. Munoz (2006).
  28. Dumarçay (1991).
  29. Meulen (1977).
  30. a b Meulen (1979).
  31. Soekmono (1976), k. 10.
  32. a b Hall (1956).
  33. Jordaan (1993).
  34. "Wacana Nusantara - Candi Borobudur". Diarsip saka sing asli ing 5 March 2016. Dibukak ing 29 December 2014.
  35. a b Soekmono (1976), k. 5.
  36. a b c Soekmono (1976), k. 6.
  37. a b Soekmono (1976), k. 42.
  38. W.P. Groeneveldt at parlement.com
  39. Miksic (1994), k. 29.
  40. a b c "Borobudur Pernah Salah Design?" (ing basa Indonesia). Kompas. 7 April 2000. Diarsip saka sing asli ing 26 December 2007. Dibukak ing 23 August 2008.
  41. a b c "UNESCO experts mission to Prambanan and Borobudur Heritage Sites" (Press release). UNESCO. 31 August 2004.
  42. a b "Saving Borobudur". PBS. Dibukak ing 21 July 2014.
  43. a b Voûte (1973).
  44. "Agreement concerning the voluntary contributions to be given for the execution of the project to preserve Borobudur" (PDF).
  45. "Cultural heritage and partnership; 1999" (PDF) (Press release). UNESCO. Dibukak ing 17 August 2008.
  46. Post, The Jakarta. "UI archaeology professor weighs in on Borobudur's 'chattra' restoration". The Jakarta Post (ing basa Inggris). Dibukak ing 4 May 2018.
  47. Vaisutis (2007), k. 856.
  48. "The Meaning of Procession". Waisak. Walubi (Buddhist Council of Indonesia). Diarsip saka sing asli ing 11 Fèbruari 2009. Dibukak ing 28 Dhésèmber 2008.
  49. Jamie James (27 January 2003). "Battle of Borobudur". Time. Dibukak ing 23 August 2008.
  50. "Candi Borobudur dicatatkan di Guinness World Records" (ing basa Indonesia). AntaraNews.com. 5 July 2012. Diarsip saka sing asli ing 9 July 2012. Dibukak ing 15 July 2012.
  51. a b c "Section II: Periodic Report on the State of Conservation" (PDF). State of Conservation of the World Heritage Properties in the Asia-Pacific Region. UNESCO World Heritage. Dibukak ing 23 February 2010.
  52. "Batu Tangga Candi Borobudur akan Dilapisi Kayu" (ing basa Indonesia). National Geographic Indonesia. 19 August 2014. Dibukak ing 26 August 2014.
  53. "Covered in volcanic ash, Borobudur closed temporarily". from, Magelang, C Java (by ANTARA News). 6 November 2010. Diarsip saka sing asli ing 9 November 2010. Dibukak ing 6 November 2010.
  54. "Borobudur Temple Forced to Close While Workers Remove Merapi Ash". Jakarta Globe. 7 November 2010. Diarsip saka sing asli ing 11 November 2010. Dibukak ing 7 November 2010.
  55. "Inilah Foto-foto Kerusakan Candi" (ing basa Indonesia). Tribun News. 7 November 2010. Dibukak ing 7 November 2010.
  56. "Borobudur's post-Merapi eruption rehabilitating may take three years: Official". 17 February 2011. Diarsip saka sing asli ing 16 January 2016.
  57. "Borobudur clean-up to finish in November". The Jakarta Post. 28 June 2011. Dibukak ing 28 June 2012.
  58. "Stone Conservation Workshop, Borobudur, Central Java, Indonesia, 11-12 January 2012 funded by the Federal Republic of Germany - | UNESCO Office in Jakarta". Portal.unesco.org. 16 January 2012. Dibukak ing 8 September 2017.
  59. "Germany Supports Safeguarding of Borobudur". The Jakarta Globe. Diarsip saka sing asli ing 15 June 2012. Dibukak ing 28 June 2012.
  60. "Borobudur, Other Sites, Closed After Mount Kelud Eruption". JakartaGlobe. 14 February 2014. Diarsip saka sing asli ing 14 February 2014. Dibukak ing 15 February 2014.
  61. "1,100-Year-Old Buddhist Temple Wrecked By Bombs in Indonesia". The Miami Herald. 22 January 1985. Dibukak ing 17 August 2008.
  62. "Teror Bom di Indonesia (Beberapa di Luar Negeri) dari Waktu ke Waktu" (ing basa Indonesia). Tempo Interaktif.com. 17 April 2004. Diarsip saka sing asli ing 17 September 2011. Dibukak ing 3 May 2012.
  63. Harold Crouch (2002). "The Key Determinants of Indonesia's Political Future" (PDF). Institute of Southeast Asian Studies. 7. ISSN 0219-3213. Diarsip saka sing asli (PDF) ing 20 March 2015.
  64. Sebastien Berger (30 May 2006). "An ancient wonder reduced to rubble". The Sydney Morning Herald. Dibukak ing 23 August 2008.
  65. Ika Fitriana (22 August 2014). "Terkait Ancaman ISIS di Media Sosial, Pengamanan Candi Borobudur Diperketat" (ing basa Indonesia). National Geographic Indonesia. Dibukak ing 26 August 2014.
  66. a b Ika Fitriana (19 November 2014). "Tangga Candi Borobudur Mulai Dilapisi Kayu". Kompas.com (ing basa Indonesia). Dibukak ing 14 October 2015.
  67. I Made Asdhiana, ed. (6 March 2015). "Tangga Candi Borobudur Dilapisi Karet". Kompas.com (ing basa Indonesia). Dibukak ing 14 October 2015.
  68. Sugiyanto (13 October 2015). "Cegah Keausan Batu, Pengunjung Borobudur Diharuskan Pakai Sandal Khusus".
  69. Miksic (1994), k. 46.
  70. A. Wayman (1981). "Reflections on the Theory of Barabudur as a Mandala". Barabudur History and Significance of a Buddhist Monument. Berkeley: Asian Humanities Press.
  71. Vaisutis (2007), k. 168.
  72. "Pangguyangan". Dinas Pariwisata dan Budaya Provinsi Jawa Barat (ing basa Indonesia).
  73. Anom (1996), k. 87.
  74. Haryono (2011), k. 14.
  75. Soekmono (2002), k. 87.
  76. "Kebudayaan Megalithikum Prof. Dr. Sutjipto Wirgosuparto". E-dukasi.net. Diarsip saka sing asli ing 10 July 2012. Dibukak ing 28 June 2012.
  77. Tartakov, Gary Michael. "Lecture 17: Sherman Lee's History of Far Eastern Art (Indonesia and Cambodja)". Lecture notes for Asian Art and Architecture: Art & Design 382/582. Iowa State University. Dibukak ing 17 August 2008.
  78. Soekmono (1976), k. 17.
  79. Ferschin (2004).
  80. a b Soekmono (1976), k. 18.
  81. a b c Soekmono (1976), k. 16.
  82. a b c Voûte (2008).
  83. a b Atmadi (1988).
  84. H. Situngkir (2010). "Borobudur Was Built Algorithmically". BFI Working Paper Series WP-9-2010. Bandung Fe Institute. SSRN 1672522.
  85. a b c d Soekmono (1976), k. 20.
  86. "Borobudur". Buddhist Travel. 2008. Diarsip saka sing asli ing 5 Januari 2012. Dibukak ing 11 Novèmber 2011.
  87. Tom Cockrem (2008). "Temple of enlightenment". The Buddhist Channel.tv. Dibukak ing 11 November 2011.
  88. "The Cinnamon Route". Borobudur Park. Diarsip saka sing asli ing 25 September 2010. Dibukak ing 14 December 2011.
  89. "The Borobudur Ship Expedition, Indonesia to Africa 2003–2004". The Borobudur Ship Expedition. 2004. Diarsip saka sing asli ing 17 February 2003. Dibukak ing 14 December 2011.
  90. "Surasundari". Art and Archaeology.com. Dibukak ing 11 November 2011.
  91. a b "The Greatest Sacred Buildings". Museum of World Religions, Taipei. Diarsip saka sing asli ing 7 Fèbruari 2017. Dibukak ing 4 Mèi 2015.
  92. Jaini (1966).
  93. a b c Soekmono (1976), k. 21.
  94. Soekmono (1976), k. 26.
  95. "Jataka". Encyclopædia Britannica. Dibukak ing 4 December 2011.
  96. Soekmono (1976), k. 29.
  97. Soekmono (1976), k. 32.
  98. Soekmono (1976), k. 35.
  99. Woodward (1979).
  100. "Borobudur Buddha head". BBC. Dibukak ing 2 August 2014. A History of The World, The British Museum
  101. Muryanto, Bambang (20 November 2014). "Buddhas to be reunited with their heads". The Jakarta Post. Dibukak ing 31 December 2019.
  102. Bucknell (1993).
  103. Wood, Michael (2011). "Chapter 2: Archaeology, National Histories, and National Borders in Southeast Asia". In Clad, James; McDonald, Sean M.; Vaughan, Bruce (eds.). The Borderlands of Southeast Asia. NDU Press. p. 38. ISBN 9781780399225.
  104. "Buddhism in Indonesia". Buddhanet. Diarsip saka sing asli ing 14 February 2002. Dibukak ing 4 May 2015.
  105. "Vesak Festival: A Truly Sacred Experience". Wonderful Indonesia. Diarsip saka sing asli ing 4 May 2015. Dibukak ing 4 May 2015.

Sumber[besut | besut sumber]

Jurnal
Layang

Pranala njaba[besut | besut sumber]