Jawa Tengah

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Propinsi Jawa Tengah
Lambang Jawa Tengah
Motto: "Prasetya Ulah Sakti Bhakti Praja"
Jarwané:"Janji bakal setya, sakuwating tenaga, bekti ing nagara"
Péta Jawa Tengah ing Indonésia
Kutha krajan Semarang
Pimpinan
 - Gubernur

Ganjar Pranowo
Tlatah   32.548,20 km²
Padunung
  - (2005)
  - Kepadhetan

31.820.000
977 jiwa/km²
Kabupatèn/Kutha 29 Kabupatèn lan 6 Kutha otonom
Suku bangsa Jawa (98%), Tionghoa, Sundha (1%), Arab-Indonésia
Basa Indonésia, Jawa
Agama Kajawèn, Islam, Kristen, Hindhu, lan Buddha
Zona wektu WIB (UTC+7)
Koordinat
 - Latitudha
 - Longitudha

6°Kidul - 7°30'Kidul
108°30'Wétan to 112°00'Wétan
Élévasi
 - Titik dhuwur dhéwé
 - Titik ngisor dhéwé

3.428 m (Gunung Slamet)
0 m
Situs wèb www.jawatengah.go.id

Jawa Tengah iku propinsi ing Indonésia. Kutha krajané ya iku Semarang. Jawa Tengah iku saka enem propinsi sing ana ing pulo Jawa. Kajaba jeneng sawijining propinsi, Jawa Tengah iku uga jeneng tlatah budaya ing Pulo Jawa. Dadi sejatiné Ngayogyakarta iku uga perangan saka Jawa Tengah, yèn ditilik saka sejarah ya pancèn mengkono. Kosok baliné, tlatah Surakarta sawisé Indonésia mardika dadi bagian propinsi Jawa Tengah. Tlatah Jawa Tengah iki papan sing wong Jawané manggon paling akèh sacara kwantitatif. Semboyan propinsi iki uga nuduhaké yèn Jawa Tengah iku "Punjer Budaya Jawa".

Propinsi Jawa Tengah ambané 32,548.20 km²; kurang luwih saprapat saka amba total pulo Jawa. Padunungé cacahé 31.820.000 (2005), dadi propinsi iki nomer telu sing gedhé dhéwé ing Indonésia sawisé Jawa Kulon lan Jawa Wétan, lan kurang luwih saprapat cacah total padunung pulo iki.

Géografi[besut | besut sumber]

Gunung Merbabu cedhak Salatiga - akèh pamandhangan padésan Jawa Tengah didhominasi déning sawah lan pucuk gunung mageni

Jawa Tengah iku papané ana ing satengahé Pulo Jawa lan kaapit déning propinsi Jawa Kulon lan Jawa Wétan. Ana perangan cilik ing sisih kidul dadi Daerah Istimewa Yogyakarta sing sacara sakabèhané diubengi déning Jawa Tengah. Ngayogyakarta iku yèn ditilik saka sajarah lan budaya sajatiné perangan saka Jawa Tengah senadyan saiki ngadeg dadi propinsi dhéwé. Ing sisih lor, Jawa Tengah winatesan déning Segara Jawa lan ing sisih kidul déning Samudra Hindia. Propinsi Jawa Tengah uga ngliputi sawetara pulo-pulo lepas pasisir: Karimun Jawa ing lor lan Nusakambangan ing kidul-kulon.

Suhu temperatur ing Jawa Tengah iku antara 18–28 drajat celsius lan kadar lembab rélatif antara 73–94 persèn.[1] Sawetawis kadar lembab dhuwur ana ing tlatah ngisor propinsi iki, curah udan cukup gedhé ing tlatah pagunungan.[1] Kadar udan paling dhuwur 3.990 mm karo 195 dina udan tau kacathet ing Salatiga.[1]

Géografi Jawa Tengah bisa kaanggep teratur karo jalur ciyut dataran rendah ing pasisir lor lan kidul mawa tlatah pagunungan ing tengah. Ing sisih kulon ana gunung geni aktif, Gunung Slamet, banjur rada mangétan ana komplèks pagunungan Dièng ing dataran tinggi Dièng. Banjur sakidul-wétané ana latar Kedhu sing winatesan déning Gunung Merapi lan Gunung Merbabu ing sisih wétan. Sakiduling Semarang ana Gunung Ungaran lan sawétané ana Gunung Muria. Banjur ing sisih wétan, ing tlatah pawatesan karo propinsi Jawa Wétan ana Gunung Lawu.

Amerga déning sajarah vulkanik lan akibaté awu vulkanik, Jawa Tengah iku papan sing subur banget kanggo tani. Pemandhangan sawah ana ing ngendi-endi, kejaba ing tlatah kidul-wétan saubenging Gunung Kidul lan Wanagiri. Sebabé lemahé akèh konsentrasiné gamping lan panggonané pancèn ing tlatah ayang-ayang udan.

Ana loro kali gedhé ing Jawa Tengah; Kali Serayu ing sisih kulon sing mili menyang Samodra Hindhia lan Bengawan Solo sing mili menyang Segara Jawa, ngliwati Propinsi Jawa Wétan.

Pamérangan administratif[besut | besut sumber]

Uga pirsanana Daftar Kabupatèn lan Kutha ing Jawa Tengah

Jawa Tengah nduwé status Propinsi wiwit jaman Walanda sing katata jroning 5 laladan (gewesten) utawa Karésidhènan ya iku Eks. Karesidenan Semarang, Eks. Karesidenan Pati, Eks. Karesidenan Kedu, Eks. Karesidenan Banyumas, Eks. Karesidenan Pekalongan lan ditambah Eks. Karesidenan Surakarta saha Eks. Karesidenan Ngayogyakarta. Sing dadi laladan swapraja (vorstenland) ya iku Kasunanan lan Mangkunagaran saha Kasultanan Ngayogyakarta lan Pakualaman. Saben-saben gewest iku ketata manèh saka kabupatèn-kabupatèn.

Nalika jaman mardika ing taun 1957, karésidhènan iki dijabel kabèh sawisé pemilu lokal[2].

Saiki Jawa Tengah (tanpa Ngayogyakarta) dipérang dadi 29 kabupatèn lan 6 kutha otonom (sadurungé diarani kotamadya lan kota pradja ing basa Indonésia). Ing ngisor kabèh kabupatèn lan kutha dipacakaké:

Kabupatèn lan kutha iki bisa dipérang manèh dadi 565 kacamatan. Banjur kacamatan iki bisa dipérang dadi 7.804 désa lan 764 kalurahan[1].

Sejarah[besut | besut sumber]

Jaman Prasejarah[besut | besut sumber]

Ing jaman prasejarah, Jawa Tengah wis nduwé budaya ya iku budaya purba. Anané Pithecantropus erectus javanicus iku dadi bukti.

Sanadyan candhi Sukuh dibangun wektu prabawa budaya Hindu wiwit pudar, dadi corak budaya jaman sakdurungé dadi bangkit manèh, mulané wujud candhi iki mempèr karo bangunan-bangunan prasejarah jaman watu gedhé (megalitikum).

Wiwit jaman prasejarah, Jawa Tengah wis dienggoni menungsa purba sing isih nduwé budaya primitif banget. Fosil menungsa sing diarani Pithecantropus erectus utawa Pithecantropus Erectus Javanicus sing urip sekitar 750.000 taun sadurungé Masehi iki ditemokaké ing laladan Sangiran. Situs purbakala Sangiran iki sebagéyan ana ing Kabupatèn Sragèn lan sebagéyan manèh ing Kabupatèn Karanganyar Jawa Tengah. Situs manungsa purba iki asalé saka kala pleistosen lan ditemokaké déning Dr. Ralph von Königswald ing désa Ngebung taun 1934. Miturut ketetapan Unesco tanggal 5 Desember 1996, situs iki dadi warisan èlmu pengetahuan donya.

Jaman Kerajaan-Kerajaan[besut | besut sumber]

Udakara taun 78 M (?, kira-kira), miturut laporan sing ditulis Tim Peneliti Sejarah Galuh (1972), Krajan Galuh Purba wis wiwit dibangun, jeneng kratone ya iku Kerajaan Galuh Sindula (ana uga naskah sing njenengi Kerajaan Bojong Galuh). Punjering pamarentahan ana ing Medang Gili lan dislirani Ratu Galuh (Ratu kapisan). Kira-kira taun iku uga wulangan Hindu wiwit mlebu ing Jawa Tengah.

Abad IV - V Karajan Kalingga (Budha) madeg ing sakiwo-tengene Jepara saiki. Abad V - VI Punjering Karajan Galuh Purba ana ing sak udhege Gunung Slamet. Taun 674 M, Karajan Kalingga (Budha) dipandhegani Ratu Sima. Abad VI Punjering Karajan Galuh Purba dipindhah ana ing sacedhake Garut - Ciamis lan yasa Karajan Galuh (Kawali).

Taun 732 M (miturut Prasasti Canggah), Karajan Kalingga (Budha) diubah dadi Karajan Mataram (Hindu), dipandhegani Raja Sanjaya utawa Rakai Mataram (wiwit Dinasti/wangsa Sanjaya), dene kutharaja ana ing Medang Kamulan. Candhi-candhi Siwa ing Banjarnegara (Dieng) digawé wektu iku. Nalika reh-kaprajan diasta déning Rakai Pikatan (wangsa Sanjaya), Candhi Rorojonggrang utawa Candhi Prambanan wiwit dibangun.

Taun 750-850 M, wangsa Syailendra (Budha) tekan Sriwijaya nguwasani Jawa Tengah. Wangsa Syailendra iki nggawé candhi-candhi: Candhi Borobudur, Candhi Sewu, Candhi Kalasan lan liya-liyane. Kira-kira taun 800 M, Krajan Mataram Hindu (wangsa Sanjaya) wiwit kedheseg lan nyingkir ing arah wetan. Taun 925 M, punjering pamarentahan krajan pindah ing Jawa Wétan, Jawa Tengah ditinggal.

Sakwise Karajan Majapahit (Hindhu) ambruk (iku sekitar taun 1518 M), kerajaan-kerajaan Islam katon ing Demak, wiwit iku Agama Islam disebarke ing Jawa Tengah bebarengan punjering kraton mbalik ing Jawa Tengah manèh.

Taun 1569 M, Kasultanan Demak ambruk, punjering Kraton Demak pindah mring Pajang cedhak Solo, Jaka Tingkir (putra mantune Raja Demak Sultan Trenggana) dadi Ratu Kasultanan Pajang gelare Sultan Hadiwijaya. Wektu peprentahan Sultan Hadiwijaya akèh rerusuh, uga akèh sing mbalela. Perang sing paling gede ya iku antarane Sultan Hadiwijaya lawan Haryo Penangsang. Sultan Hadiwijaya ndawuhake Danang Sutawijaya supaya numpes Haryo Penangsang sing mbalela, lan kasil merjaya Harya Penangsang. Sultan Hadiwijaya maringi bebungah awujud lemah ya iku bumi Alas Mentaok (=Mataram; Kotagede, Jogjakarta) mring Danang Sutawijaya. Taun 1575 M, Danang Sutawijaya (Putra Kyai Gede) jumeneng nata sing kapisanan ing Mataram (Islam) kanthi silih asma Kanjeng Gusti Panembahan Senopati Panatagama Kalifathollah Tanah Jawa.

Taun 1582 M, Kasultanan Pajang dikepung Karajan Mataram. Taun 1586 M, punjering Kraton Pajang dipindhah ing Mataram. Taun 1613-1645 M, Reh kaprajan diasta déning Sultan Agung Hanyakrakusuma ing Pleret (saiki Kacamatan Pleret wewengkon Kabupatèn Bantul). Taun 1755 M, Prejanjèn Giyanti, Surakarta Hadiningrat (Kraton Kasunanan) lan Ngayogyakarta Hadiningrat (Kraton Kasultanan) dijumenengake.

Jaman Walanda[besut | besut sumber]

Jawa Tengah duwé status Propinsi wiwit jaman Walanda sing katata jroning 5 laladan (gewesten) utawa Karesidhenan ya iku Eks. Karesidenan Semarang, Eks. Karesidenan Pati, Eks. Karesidenan Kedu, Eks. Karesidenan Banyumas, Eks. Karesidenan Pekalongan lan Eks. Karesidenan Surakarta. Sing dadi laladan swapraja (vorstenland) ya iku Kasunanan lan Mangkunagaran. Masing-masing gewest iku katata manèh saka kabupatèn-kabupatèn.

Jaman Mardika[besut | besut sumber]

Taun 1946 pamerentah Indonésia netepke laladan swapraja Kasunanan lan Mangkunagaran dadi karesidhenan. Taun 1950 liwat Undang-undang laladan-laladan kabupatèn lan kotamadya ditetapke, penetapan undhang-undhang iku saiki dièngeti minangka dina lair Propinsi Jawa Tengah, ya iku tanggal 15 Agustus 1950.

Dhémografi[besut | besut sumber]

Miturut cacah jiwa taun 2205, penduduk propinsi Jawa Tengah ana 31.820.000 jiwa. Sadurungé miturut cacah jiwa taun 1990, padunungé 28.516.786 jiwa.[3] Dadi padunung Jawa Tengah munggah kurang luwih 11,6% ing 15 taun.

Kabupatèn/kutha sing paling padhet ya iku Kabupatèn Brebes (1,767 yuta jiwa), Kabupatèn Cilacap (1,644 yuta jiwa), lan Kabupatèn Banyumas (1,603 yuta jiwa). Suku mayoritas ing Jawa Tengah iku Suku Jawa. Séntra populasi urban sing gedhé iku laladan Semarang Raya, laladan Surakarta Raya lan laladan Brebes-Tegal-Slawi.

Agama[besut | besut sumber]

Sawijining mesjid khas Jawa karo atep wujud Meru (Mesjid Sholihin ing Surakarta)

Resminé, ing 1990 mayoritas populasi Jawa Tengah utawa kurang luwih 96%, iku agamané Islam. Sing paling gedhé kapindho iku agama Kristen Protèstan sing dilakoni déning 2% padunung Jawa Tengah.[4] Sisané manut agama Katulik, Hindhu utawa Buddha.

Sanadyan mayoritas padunung Jawa iku wong Muslim, uga akèh sing manut kapracayan Kajawèn. Clifford Geertz, ing bukuné bab agama Jawa mbédakaké apa sing diarani wong santri lan abangan.[5] Geertz nganggep yèn kaum santri iku wong Muslim taat lan wong abangan iku wong Jawa sing nominal sing uga nglakoni tradhisi asli luwih akèh.

Wong-wong Walanda uga nyebaraké agama Protèstan lan umaté lumayan akèh. Banjur misionaris Walanda Katholik saka ordo Yésuit, F.G.C. van Lith uga olèh kasil lumayan suksès, utamané ing tlatah Jawa Tengah kidul lan Ngayogyakarta ing awalé abad ka-20.[6] Van Lith disarèkaké ing pasaréyan Yésuit ing Munthilan.

Sawisé prastawa G-30-S PKI ing taun 1965, warganagara Indonésia diwajibaké nganut agama supaya ora dicap komunis déning pamaréntah. Mulané sawisé iku agama Hindhu lan Buddha tumuwuh manèh ing Jawa Tengah. Banjur agama Kong Hu Cu uga lumrah ing antarané komunitas Tiong Hoa. Wiwit taun 2006, agama iki uga diakoni dadi agama resmi.

Ètnisitas[besut | besut sumber]

Uga pirsana Wong Jawa

Mayoritas populasi ing Jawa Tengah iku wong Jawa. Cacahé kurang luwih 98% saka penduduk total. Banjur saliyané wong Jawa, uga ana kanthong-kanthong komunitas Sundha ing Kabupatèn Brebes lan Cilacap. Toponimi Sundha ing tlatah kéné lumrah ditemokaké, kaya ta Dayeuhluhur ing Cilacap, Ciputih lan Citimbang ing Brebes lan malahan uga Cilongok sing papané wis cukup adoh ing Banyumas.[7]

Ing pusat-pusat urban, kaum minoritas kaya ta bangsa Tiong Hoa-Indonésia lan Arab-Indonésia uga akèh ditemokaké. Laladan panggonané wong Tiong Hoa diarani pecinan lan wong Arab akèh manggon ing Kampung Arab. Kampung Arab sing misuwur contoné ing Pasar Kliwon, Surakarta, kutha Surakarta.

Basa[besut | besut sumber]

Uga pirsana basa Jawa
Basa-basa ing Jawa

Amarga penduduk sing paling akèh ing Jawa Tengah iku wong Jawa, mula basa sing utama ya iku basa Jawa. Ing Jawa Tengah ana sawetara dhialèk sing dipituturaké. Ana rong dhialèk utama: "basa Jawa Kulonan" utawa "basa Ngapak" (antarané basa Banyumasan) lan "basa Jawa Tengahan".[8]

Basa Sundha uga dipigunakaké ing tlatah pawatesan propinsi Jawa Kulon, utamané ing Brebes lan Cilacap. Malahan miturut sawetara sumber, basa Sundha dhek mbiyèn dipigunakaké nganti tekan Dièng.[9] Menawa tenan, mantan wates basa Sundha iki kurang luwih sarujuk karo wates isoglos sing mbédakaké dhialèk Jawa Tengahan karo Jawa Wétanan.

Ing tlatah kutha-kutha utawa urban, basa Indonésia lumrah dipigunakaké.

Ekonomi[besut | besut sumber]

Pertanian minangka sektor utama perékonomian Jawa Tengah, dadi panguripan mèh separo saka penduduk Jawa Tengah.

Kawasan alas nyakup 20% wewengkon propinsi, utamané ing tlatah lor lan kidul. Laladan Blora-Grobogan minangka pangasil kayu jati. Ing Jawa Tengah uga ana sawetara indhustri gedhé lan menengah. Laladan Semarang-Ungaran-Demak-Kudus minangka kawasan indhustri utama ing Jawa Tengah. Kudus dikenal minangka pusat indhustri rokok. Cilacap dadi tlatah indhustri semen. industri logam ana ing Ceper lan Tegal.

Blok Cepu ing pinggiran Kabupatèn Blora (tapel wates Jawa Wétan lan Jawa Tengah) ana cadhangan lenga patra sing cukup gedhé, lan kawasan iki wiwit jaman Walanda wis dikenal minangka laladan tambang lenga.

Pusat perdagangan tekstil sing kondhang utamane bathik ana ing Pasar Klewer Surakarta, uga ana bathik corak pesisir ya iku ing Pekalongan lan Lasem.

Pusat jajanan lan panganan khas Jawa Tengah sing rasane mak nyus meh kabèh kuta ing Jawa Tengah nduwèni ciri dhewe-dhewe. Kayata thengkleng Solo, jenang Kudus, sate Tegal, soto Pekalongan lan soto Bangkong ing Semarang.

Budaya[besut | besut sumber]

Uga pirsanana Budaya Jawa

Jawa Tengah dianggep dadi jantungé Budaya Jawa.

Pendhidhikan[besut | besut sumber]

Ing propinsi Jawa Tengah akèh perguruan tinggi sing misuwur, utamane ing kutha Semarang lan Surakarta. Perguruan tinggi negeri antarane: Universitas Diponegoro (Undip), Universitas Negeri Semarang (Unnes), lan Universitas Islam Negeri Walisongo ing Semarang; Universitas Negeri Surakarta (UNS) ing kutha Solo, uga Universitas Jenderal Soedirman (Unsoed) ing Purwokerto.

Universitas swasta sing misuwur antarane Universitas Kristen Satya Wacana (UKSW) ing Salatiga, Universitas Islam Sultan Agung (Unissula) lan Unika Soegijapranata ing Semarang, Universitas Muhammadiyah Surakarta, uga Universitas Panca Sakti ing Tegal.

Plesiran[besut | besut sumber]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ a b c d http://www.jawatengah.go.id/framer.php?SUB=ttg_jateng&DATA=profil_jawa_tengah
  2. ^ Robert Cribb, Historical Atlas of Indonésia (2000:165)
  3. ^ Kamus Besar Basa Indonésia (1997:1249)
  4. ^ Robert Cribb, Historical Atlas of Indonésia (2000:51)
  5. ^ Clifford Geertz, The Religion of Java (1976:121-131), paperback edition
  6. ^ http://www.kompas.com/kompas-cetak/0312/27/natal/768772.htm
  7. ^ Toponimi Sundha biasané diawali karo mofem ci-, sing tegesé "kali" utawa "banyu" [1]. Dayeuh uga sawijining tembung Sundha sing tegesé "tlatah", q.v. F.S. Eringa Soendaas-Nederlands woordenboek (1984)
  8. ^ E.M. Uhlenbeck, A Critical Survey of Studies on the Languages of Java and Madura (1964:62-65)
  9. ^ Robert Cribb, Historical Atlas of Indonésia (2000:33)
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Jawa_Tengah&oldid=1081446"