Kabupatèn Karanganyar

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Karanganyar
كَبُڤَتَينْ کَرَڠْاَڽَرْ
ꦑꦧꦸꦥꦠꦺꦤ꧀ꦑꦫꦁꦲꦚꦂ
Kabupatèn
Lambang Karanganyar.jpg
Lambang
Sesanti: Karanganyar Tenteram
(Tenang, Teduh, Rapi, Aman, Makmur)
Locator kabupaten karanganyar.png
Pernahé Karanganyar ing Jawa Tengah
NagaraIndonésia
ProvinsiJawa Tengah
Kutha krajanKaranganyar
Pamaréntahan
 • BupatiJuliatmono
Laladan
 • Gunggung800,20 km2 (30,900 sq mi)
Cacah warga (Sensus 2003)
 • Gunggung750,000
 • Pepadhet9.4/km2 (24/sq mi)
Bebrayan
 • WongJawa, Arab, Cina lan liya-liya
 • BasaJawa lan Indonesia
 • KepercayanIslam, Kristen Protestan, Katulik, Hindu, Buddha
Zona wektuWIK (UTC+7)
Kodhe laladan(+62) 271
Situs wèbwww.karanganyarkab.go.id
(ing basa Indonésia)

Kabupatèn Karanganyar (Carakan: ꦑꦧꦸꦥꦠꦺꦤ꧀ꦑꦫꦁꦲꦚꦂ, Pegon: كَبُڤَتَينْ کَرَڠْاَڽَرْ), iku kabupatèn ing Jawa Tengah, panggonané ing sisih wétan kutha Sala. Kutha Karanganyar iku kutha krajan kabupatèné, kutha-kutha liyané:, lan liya-liyané. Jembar wewengkon kabupatèn iki ± 800,20 km2 utawa hèktar.

Sajarah[besut | besut sumber]

Kabupatèn Karanganyar[besut | besut sumber]

Karanganyar jaman semono ya iku dukuh cilik, lairé tanggal 19 April 1745 utawa 16 Maulud 1670. Pawongan kang gawé jênêng Karanganyar ya iku Radèn Mas Said utawa kang kondhang aran Pangéran Sambêrnyawa. Cikal bakalé laladan Karanganyar ya iku saka Radèn Ayu DipoNagara utawa Nyi Agêng Karang, jênêng timuré Radèn Ayu Sulbiyah. Ing wêktu iku Karanganyar ya iku dukuh cilik kang kalêbu wewengkon Kasunanan Surakarta lan kang mimpin Swapraja Kasunanan Surakarta ya iku Sri Pakubuwono II.

Pêrjanjian Giyanti[besut | besut sumber]

Pêrjanjian Giyanti tanggap 13 Fèbruari 1755 antarané Sunan Pakubuwana III lan Pangèran Mangkubumi kang isiné misah Karajan Mataram dadi rong wewengkon, ya iku Kasunanan Surakarta lan Kasultanan Yogyakarta. Dukuh cilik Karanganyar kang manggon nèng Sukowati Kidul kalebu wewengkon Kasultanan Yogyakarta lan kang dadi ratu ing wêktu iku ya iku Sri Sultan Hamêngkubawana I utawa Pengéran Mangkubumi taun 1775-1792. Ing taun 1847, Sri Mangkunêgara III ing Kêraton Mangkunêgaran nggawê tatanan anyar ya iku Staatblat 1847 No. 30 kang diwiwiti tanggal 5 Juni 1847. Isiné ya iku ing salah sawijining aturan njlèntrèhaké babagan Karanganyar ya iku wewengkon. Ing taun 1903 kabêntuk Kabupatèn Anom Kota Mangkunêgaran, wewengkoné ya iku kutha Sala sisih lor, Wabarêja, Kaliyasa, lan Colomadu.

Swapraja Mangkunêgaran[besut | besut sumber]

Sri Mangkunêgara VII (1916-1944) ngganti istilah Onderregentschap diganti dadi regentschap utawa basa Indonésiane "Kabupatèn" ing tanggal 20 Novèmbêr 1917. Ing tanggal 20 Novèmber 1917 Kabupatèn Karanganyar lair. Jênêng Karanganyar kabêntuk saka telung têmbung, ya iku: Ka: Kawibawaningkang dipungayuh (kawibawaan yang dicita-citakan). Rang: Rangkepanipun lair bathin pulung lan wahyunipun sampun turun temurun (rangkapnya lair dan batin, pulung dan wahyunya turun. Anyar: Badhe nampi perjanjian anyar/énggal winisudha jumeneng Mangkunegoro I (akan menerima perjanjian baru yang diangkat menjadi Mangkunegoro I. Reorganisasi wewengkon Kadipatèn Mangkunêgaran ditindakaké kanthi Dudutan Sri Mangkunêgara VII babagan nggawé Kabupatèn Wanagiri lan Kabupatèn Karanganyar. Ing tanggal 18 Novèmbêr 1917 KGPAA Mangkunêgara VII nglantik KRT Hardjohasmara ing Kabupatèn Karanganyar. Ing sajeroning pelantikan KGPAA Mangkunêgara VII mènèhi sêsorah pengarahan, kaya ta:

  1. Bupati kudu nglêksanakaké tugas-tugasé kanthi têmên lan sêtya marang tugas pêmêrintahan
  2. Kudu duwé sipat nyambut gawé kang tekun lan produktif
  3. Tingkah laku kudu apik karêbèn ora gawé èlèké jênêng kulawarga lan kalungguhan
  4. Kudu mikiraké kabutuhan pangan para tani utawa rakyat désa
  5. Nggawé katêntrêman lan ngayomi wewengkon.

Ing wêktu taun 1917 nganti taun 1930 ing Kabupatèn Karanganyar wis ana telung Bupati kang mandhegani, ya iku:

  1. KRMT Hardjohasmoro
  2. RMT Sarwoko Mangoenkoesoemo
  3. RMT Darko Soegondo

Adhedhasar Rijksblaad MangkoeNagaran taun 1923 No.10 Kabupatèn Karanganyar kapara dadi telung wewengkon Kawêdanan lan 14 Wewengkon Kapanèwon (Kacamatan), ya iku:

  • Kawêdanan:
  1. Kawêdanan Karanganyar
  2. Kawêdanan Karangpandan
  3. Kawêdanan Jumapolo
  • Kapanèwon:
  1. Kapanèwon Karanganyar
  2. Kapanèwon Tasikmadu
  3. Kapanèwon Jatèn
  4. Kapanèwon Kebakkramat
  5. Kapanèwon Mojogêdang
  6. Kapanèwon Karangpandan
  7. Kapanèwon Matêsih
  8. Kapanèwon Tawangmangu
  9. Kapanèwon Ngargoyoso
  10. Kapanèwon Kêrjo
  11. Kapanèwon Jumapolo
  12. Kapanèwon Tugu
  13. Kapanèwon Jatipuro
  14. Kapanèwon Jatiyoso

Ing taun 1930 Kabupatèn Karanganyar diilangi lan kanthi administratif dilêbokaké ning wewengkon Kabupatèn Kota Mangkunêgaran. Bab iku didhasari karêbèn kêbon-kêbon duwèké Mangkunêgara gampang anggoné ngolah kanthi apik. Ing mangsa Jêpang (1942-1945), laladan Karanganyar isih kasêbut Kawêdanan, wewengkon saka Kabupatèn Kota Mangkunêgaran, mung baé kalungguhan lan wewengkoné diganti ngganggo istilah utawa basa Jêpang.

Sawisé Proklamasi Kamardikan RI[besut | besut sumber]

Sawisé Proklamasi Kamardikan tanggal 17 Agustus 1945, Présidèn Républik Indonésia ngêtokake Piagam Kêdudukan kang nêtêpake Sri Susuhunan Paku Bawana XII dadi Kepala Laladan Kasunanan Surakarta lan Sri Mangkunêgara VIII dadi Kepala Laladan Mangkunêgaran. Ing akir taun 1945 ing Surakarta ana obahan anti Swapraja kang ngrêmbaka nganti Karanganyar, Sragèn, Klatèn, Boyolali, Wanagiri, lan Kutha Surakarta kang nyatakaké ucul saka Pamêrintahan Swapraja. Babagan iki olèh tanggêpan saka Pamêrintah Pusat kanthi terbité Pênêtapan Pêmêrintah No. 16/SD Taun 1946. Salah sawijining isiné ya iku nêtêpaké laladan-laladan kasêbut kagabung ing Karisidénan Surakarta lan kang mimpin ya iku Rèsidén. Laladan Kabupatèn Karanganyar ya iku:

  • Kawêdanan Wonoharjo
  1. Kêcamatan Gondangrejo (gabungan saka tilas Kapanéwon Bonorêjo dan Kaliyoso)
  2. Kêcamatan Colomadu
  • Kawêdanan Karanganyar
  1. Kêcamatan Karanganyar
  2. Kêcamatan Tasikmadu
  3. Kêcamatan Jatèn
  4. Kêcamatan Kêbakkramat
  5. Kêcamatan Mojogêdang
  • Kawêdanan Karangpandan
  1. Kêcamatan Karangpandan
  2. Kêcamatan Matêsih
  3. Kêcamatan Tawangmangu
  4. Kêcamatan Ngargoyoso
  5. Kêcamatan Kêrjo
  6. Kêcamatan Jênawi
  • Kawêdanan Jumapolo
  1. Kêcamatan Jumapolo
  2. Kêcamatan Jumantono
  3. Kêcamatan Jatiyoso
  4. Kêcamatan Jatipuro [1]

Géografis[besut | besut sumber]

Kabupatèn Karanganyar dumunung ing pérangan kidul-wétan Provinsi Jawa Tengah, Indonésia. Wewatesan karo Provinsi Jawa Wétan ing sisih wétan, Kabupatèn Sragèn ing sisih lor, Kabupatèn Wanagiri lan Kabupatèn Sukaharja ing sisih kidul lan Kutha Surakarta lan Kabupatèn Boyalali ing sisih kulon.

Lokasi Géografis[besut | besut sumber]

Kabupatèn Karanganyar dumunung antara 110°40’-110°70’ BT lan 7°28’-7°46’ LS. Dhuwuré lemah watara 511 mèter saka lumahing segara duwé iklim tropis kanthi suhu rata-rata 22°-31°.

Curah Udan[besut | besut sumber]

Miturut data saka 6 stasiun pangukur kang ana ing Kabupatèn Karanganyar, cacahing dina udan sajeroning taun 2006 ya iku 78 dina kanthi rata-rata curah udan 1.817 mm, lan curah udan paling dhuwur ing sasi Januari lan paling cendhèk sasi Juni nganti Oktober.

Jembar Wewengkon[besut | besut sumber]

Jembar wewengkon Kabupatèn Karanganyar ya iku 77.378,6374 Ha, dumadi saka lemah sawah 22.844,2597 Ha lan lemah garing 54.534,3777 Ha. Pesawahan dumadi saka irigasi teknis 7.872,6323 Ha, 1/2 teknis 6.144,2939 Ha, prasaja 7.134,1251 Ha lan tadhah udan 1.693,2084 Ha. Sawetara iku jembar pekarangan / yasan 20.732,4406 Ha, tegalan / kebun 17.937,0211 Ha. lan pakebonan 3.251,5006 Ha.[2]

Pamêréntahan[besut | besut sumber]

Kabupatèn Karanganyar ketata saking 17 kacamatan, kalurahan lan désa. Kacamatan-Kacamatan ing Kabupatèn Karanganyar ya iku:

Uga delengen[besut | besut sumber]

Réferènsi[besut | besut sumber]

Pranala njaba[besut | besut sumber]