Kabupatèn Batang

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Kabupatèn Batang
Lambang Kabupatèn Batang
Lambang Kabupatèn Batang
Sesanti: "Batang Berkembang"
(Bersih, Kencar-kencar, Eyub, Menuju Bebrayan, Aman, dan Tenang)
Péta lokasi Kabupatèn Batang
Dina Dadi: ...
Kutha krajan: Batang
Bupati: Yoyok Riyo Sudibyo
Wakil Bupati:
Jembar
 -Total:

788,64 km2
Kacamatan
 -Cacahe:

Kacamatan
Padunung
 -Total:
 - Kapadhetan:

706.764
896/km²
Suku Bangsa: wong Jawa
Agama: Kajawèn, Islam, Protèstan, Katulik, Hindhu lan Buda
Basa: Basa Jawa lan Basa Indonésia

Kabupatèn Batang iku kabupatèn ing Jawa Tengah, pernahé ing pasisir lor, kutha Batang iku kutha krajan kabupatèné, kutha-kutha liyané:, lan liya-liyané. Jembar wewengkon kabupatèn iki ±--utawa hèktar.

Toponimi[besut | besut sumber]

Nalika jaman dhisik, Sultan Agung ngutus Jaka Bahu supaya babad Alas Roban. Jaka Bahu nglaksanakake dhawuhe Sultan Agung, banjur ninggal Mataram tumuju Alas Roban. Nanging nalika Jaka Bahu isih babad Alas Roban mau akèh gangguan sing dialami, dhèwèké banjur nglakoni tapa kanggo nggoleki apa penyebabe. Sanalika dhèwèké mangerteni manawa sing ngganggu ya iku lelembut sing dipanggedhèni déning Dadungawuk. Jaka Bahu banjur nyerang Dadungawuk. Dadungawuk akhire bisa dikalahake déning Jaka Bahu lan janji ora bakal ganggu Jaka Bahu lan prajurite.

Jaka Bahu banjur nglanjutake anggoné babad Alas Roban tumuju arah kulon nganti tekan Kali Kramat. Jaka Bahu banjur mikir arep gawé bendungan ing kali iku kanggo ngileni sawah-sawah. Sawisé rampung yasa bendungan, ana keanehan ing ilining banyu bendungan iku. Banyu iku kadhang mili cilik, kadhang uga gedhé. Nganti ing sawijining dina bendungan iku jebol. Jaka Bahu banjur nggoleki penyebabe. Pranyata ana tiang prau gedhé sing malang ing bendungan prajurit Jaka Bahu ora ana sing bisa nyingkirake tiang iku. Banjur Jaka Bahu nglakono semedi njaluk kakuwatan supaya bisa nyingkirake tiang prau iku mau.

Wektu iku malem Jemuwah Kliwon. Nalika fajar, Jaka Bahu olèh kakuwatan kang dikarepake. Jaka Bahu bisa nyingkirake tiang prau iku malah banjur ditugel pisan.

Sawisé tiang prau iku tugel, ilining banyu dadi lancar. Nanging ing sawijining dina ana gangguan manèh. Bendungan iku jebol manèh. Jaka Bahu ora nglokro anggoné nggoleki penyebabe. Jaka Bahu banjur mangerteni manawa ing bendungan iku ana gapura duwéke bangsa lelembut kang awujud ula. Karajan lelembut iku dipanggedhèni déning Drubiksa. Jaka Bahu ora trima manawa bendungan sing digawé dhèwèké dirusak déning Drubiksa. Dhèwèké ngamuk ana ing Karajan Drubiksa lan prajurit Drubiksa akèh sing nemahi pati.

Mangerteni bab mau, drubiksa ora trima. Dhèwèké banjur perang karo Jaka Bahu. Nganggo pedhang Swedhang dhèwèké banjur nyerang Jaka Bahu. Amarga saka kasektene pedhang Swedhang iku mau, Jaka Bahu bisa dikalahake, dhèwèké kena sabetan pedhang ing lengen lan wetenge ananging ora nganti nemahi pati amarga diselametake déning Ki Ageng Cempaluk. Mangerteni dhèwèké kangelan anggoné nglawan ratu Uling, Bahureksa gawé siasat. Déning Ki Ageng Cempaluk, Jaka Bahu diprentah supaya mlebu ing Keputren Karajan. Dhèwèké diprentah supaya ngrayu adine Drubiksa kang aran Drubiksawati supaya gelem mènèhi rahasia kasektene kakange.

Drubiksawati seneng marang Jaka Bahu. Nanging amarga Jaka Bahu mangerteni manawa Drubiksawati adhine Drubiksa. Jaka Bahu manfaatke kanggo nggoleki kelemahane Drubiksa. Kanthi syarat Jaka Bahu gelem nampa tresnane, Drubiksawati banjur gelem mènèhi pituduh rahasia kekuatane kangmase. Drubiksawati nyolong pedhang Swedhang kang ora liya ya iku sumber kakuwatane Drubiksa.

Sawisé Jaka Bahu olèh pedhang mau, dhèwèké banjur nggoleki Drubiksa. Jaka Bahu lan Drubiksa akhire perang tanding. Mangerteni manawa pedhamg Swedhang ana ing tangane Jaka Bahu, Drubiksa wedi lan mlayu mengalor. Jaka Bahu ngejar lan bisa nyekel Drubiksa. Drubiksa janji ora bakal ngganggu manungsa manèh lan diwènèhi pérangan ing Alas Roban sisih lor.

Nalika Jaka Bahu lan Drubiksa cecaturan, pedhang Swedhang mau diselehake ing pinggir kali sing punikang kang diarani dang, banjur papan iku dijenengi Klidang. Saiki wes ora ana manèh sing ngganggu Jaka Bahu ngrampungaké Bendungan mau. Tugas Jaka Bahu nyiapake papan kanggo para kadang tani ing Alas Roban wis paripurna.

Awit saka kemenanagan Jaka Bahu, para warga sakiwa-tengené kali rumangsa seneng banjur gawé syukuran. Syukuran iku dijenengi Lomban. Lan Lomban iku mau didadèkaké tradisi warga Klidang setaun pisan ing tanggal 1 syawal.

Awit saka kemenangan Jaka Bahu, Sultan Agung banjur ngangkat Jaka Bahu pinangka Bupati Kendhal. Ananging Jaka Bahu isih didhawuhi supaya methuk Putri Retno Rantan Sari sing didtipake ing Désa Kalisalak supaya diboyong menyang Mataram. Sultan Agung uga mènèhi piweling supaya aja ana pawongan kang wani njupuk bojo amarga Retno Rantan Sari arep dipek bojo Sultan Agung pinangka permaisuri. Jaka Bahu banjur tumuju ing daleme Pak Wongso amarga ing kono Retno Rantan Sari nginep. Sawisé Jaka Bahu ngaturake maksud rawuhe, Pak Wongso masrahake Rantan Sari marang Jaka Bahu. Jaka Bahu sing diutus Sultan Agung pranyata malah seneng marang Rantan Sari. Kamangka sadurungé Jaka Bahu wis mangerteni manawa Rantan Sari arep dipek bojo déning Sultan Agung. Ananging Retno Rantan Sari uga seneng marang Jaka Bahu. Akhire Jaka Bahu sowan marang Ki Ageng Cempaluk njaluk wejangan. Nanging tanpa sengaja ing Désa Kalibeluk ana prawan kang rupane persis karo Retno Rantan Sari jenege Endang Muranti.

Jaka Bahu banjur mboyong Endang Muranti menyang Mataram supaya dipasrahake marang Sultan Agung. Ing tembene Sultan Agung ora duwé pangira manawa iku dudu Rantan Sari. Nanging amarga sawisé tekan pura Endang Muranti semaput meruhi kaendahaning pura banjur sawisé sadhar ngakoni manawa dhèwèké dudu Rantan Sari ananging Endang Muranti. Sultan Agung banjur duka, banjur mènèhi ukuman tumrap Jaka Bahu ya iku supaya babad Alas Gambiran. Déné Endang Muranti banjur dibalekake manèh ing Kalibeluk.

Sajarah[besut | besut sumber]

Pamaréntah Kabupatèn Daerah Tingkat II Batang diwangun miturut Undang-undang Nomer 9 Taun 1965, sing diamot sajeroning Lembaran Nagara Nomer 52, tanggal 14 Juni 1965 lan Instruksi Menteri Dalam Negeri RI Nomer 20 Taun 1965, tanggal 14 Juli 1965.

Géografi[besut | besut sumber]

Sebagian gedhé wewengkon Kabupatèn Batang arupa pebukitan lan pagunungan. Dataran cendhèk ing sadawaning pasisir lor ora pati amba. Ing sisih kidul dumunung Dataran dhuwur Dièng, kanthi pucukè Gunung Prau (2.565 mèter).

Kabupatèn Batang dumunung ing koordinat 6o 51' 46" nganti 7o 11' 47" Lintang kidul lan antara 109o 40' 19" nganti 110o 03' 06" Bujur wétan ing pasisir lor Jawa Tengah. Jembar wewengkon 78.864,16 Ha.

Kabupatèn iki wewatesan:

ing sisih lor karo: Segara Jawa
ing sisih kidul karo: Kabupatèn Wanasaba lan Kabupatèn Banjarnegara
ing sisih kulon karo: Kabupatèn Pekalongan
ing sisih wétan karo: Kabupatèn Kendhal

Pamaréntahan[besut | besut sumber]

Kabupatèn Batang ketata saking 14 kacamatan. Kacamatan-kacamatan ing Kabupatèn Batang ya iku:

Pratélan bupati[besut | besut sumber]

  1. R. Sadi Poerwopranoto, 8 April 1966-31 Mèi 1967
  2. R. Harjono Prodjodirdjo, 31 Mèi 1967-10 Oktober 1972
  3. Soejitno, 10 November 1972-Maret 1979
  4. Soekirdjo, 21 Maret 1979-Januari 1988
  5. Soehoed, 26 Juli 1988-26 Juli 1993
  6. Moeslich Effendi, SH, 26 Juli 1993-26 Juli 1998
  7. Djoko Poernomo, SH, MM, 22 Oktober 1998-7 Agustus 2001
  8. Bambang Bintoro, SE, 11 Fèbruari 2002-2011
  9. Yoyok Riyo Sudibyo, Fèbruari 2012-Saiki

Plesiran[besut | besut sumber]

Pasisir Sigandu, Kebon Teh Pagilaran, Agrowisata Salak Sodong, Curug Genting, Curug Gombong, Kolam Renang Bandar, Rest Area Jatisari, Pasisir Ujungnegoro, Pasisir Pelabuhan, Pasisir Kuripan, THR Kramat.

Uga delengen[besut | besut sumber]

Pranala njaba[besut | besut sumber]

Jawa Tengah