Kabupatèn Kendhal

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Jump to navigation Jump to search
Kendhal
كَبُڤَتَينْ کٚنْدَلْ
ꦑꦧꦸꦥꦠꦺꦤ꧀ꦑꦼꦤ꧀ꦝꦭ꧀
Kabupatèn
80px
Lambang
Sesanti: Ngesthi Widdhi
Locator kabupaten kendal.png
Pernahé Kendhal ing Jawa Tengah
Nagara Indonésia
Provinsi Jawa Tengah
Dina Dadi 28 Juli 1605
Kutha krajan Kendhal
Pamaréntahan
 • Bupati Dr. Mirna Annisa, M.si
Laladan
 • Gunggung 1.002,23 km2 (0.38.696 sq mi)
Cacah warga (Sensus 2010)
 • Gunggung 900.313
 • Pepadhet 900/km2 (2,300/sq mi)
Bebrayan
 • Wong Jawa, Arab, Cina lan liya-liya
 • Basa Jawa lan Indonesia
 • Kepercayan Islam, Kristen Protestan, Katulik, Hindu, Buddha
Zona wektu WIK (UTC+7)
Kodhe laladan (+62) 294
Situs wèb www.kendalkab.go.id
(ing basa Indonésia)

Kabupatèn Kendhal (Carakan: ꦑꦧꦸꦥꦠꦺꦤ꧀ꦑꦼꦤ꧀ꦝꦭ꧀, Pegon: كَبُڤَتَينْ کٚنْدَلْ), iku kabupatèn ing Jawa Tengah, panggonané ing wewengkon pantura, kutha Kendhal iku kutha krajan kabupatèné, kutha-kutha liyané:, lan liya-liyané. Jembar wewengkon kabupatèn iki ± 1.002,23 km2.[1]

Asil tetanèn arupa: brambang, bawang, unclang, kenthang, kubis, kembang kol, peté / sawi, wortel, lobak, kacang abang, kacang panjang, cabé, cabé rawit, jamur, tomat, terong, buncis, timun, labu Siem, kangkung, bayem, melon, bengkoang lan semangka.[2].

Sajarah[besut | besut sumber]

Jeneng Kendhal dijupuk saka sawijinig wit, ya iku Wit Kendhal. Wit iku wis kawentar wiwit jaman Karajan Demak nalika pamaréntahané Sultan Trenggono ing taun 1500-1546 M. Nama Kendhal diambil dari nama sebuah pohon yakni Pohon Kendhal.

Bupati Kendhal[besut | besut sumber]

  • 1813-1830 Pangéran Ario Prawirodiningrat II Putra Bupati Pangéran Ario Prawirodiningrat I (Bupati pungkasaning Kendhal kanthi Pusat Pamréntahan isih ing Kaliwungu)
  • 1832-1850 Radèn Tumenggung Purbodiningrat Menantu Bupati P. Ario Prawirodingrat II
  • 1832-1850 Kyai Tumenggung Purbodiningrat saka Gresik
  • 1857-1891 Pangeran Ario Notohamiprojo
  • 1891-1911 Radèn Mas kamal Notonegoro saka Désa Cepiring
  • 1911-1914 Patih Radèn Cokro Hadisastro Menantu Bupati Jepara Sosrodiningrat / Ipar R.A. Kartini (nglakoni pamréntahan sawetara amarga bupatine séda)
  • 1914-1938 Radèn Mas Adipati Ario Notohamijoyo utawa Radèn Mohammad Putra RM. Ario Notonegoro
  • 1938 Radèn Patih Notomudigdo nyekel kalungguhan sawetara amarga Bupati Radèn Mas Adipati Ario Notohamijoyo wiwit pènsiyun
  • 1939-1942 Radèn Mas saddin Purbonegoro asal désa Cepiring
  • 1942-1945Patih Radèn Mas Kusuma Hudoyo
  • 1945-1949 Sukarmo Putra Lurah Ketapang Kendhal. (Anggota Sanggiin diangkat nalika Revolusi Rakyat Kendhal
  • 1949 R. Ruslan Masa Agresi Walanda
  • 1950-1956 R. Prayitno Partodijoyo Patih saka Pekalongan
  • 1957-1960 R. Soedjono Bupati Blora
  • Staf Kantor Gubernur-R. Abdul Rahman-R. Gondo Pranoto
  • 1960-1966 R. Salatun Wedono Weleri Kendhal
  • 1966-1967 Mayor Sunardi
  • 1967-1972 Letkol RM. Suryo Suseno
  • 1972-1979Drs. Abdus Saleh Ronowidjoyo saka Madura
  • 1979-1984 Drs. Herman Sumarmo Sekwilda Ka. Tegal
  • 1984-1989 Sudono Yusuf, BA
  • 1989-1998 Sumojo Hadiwinoto, SH
  • 1999 Drs. Djoemadi
  • 2000-2007 Hendy Boedoro, SH. M.Si
  • 2009-2010 Dra. Hj. Siti Nurmarkesi (Bupati), Pelantikan 22 Juli 2009
  • 2010-2015 Dr. Hj. Widya Kandi Susanti

Géografi[besut | besut sumber]

Kondhisi Géografi[besut | besut sumber]

Kabupatèn Kendhal dumunung ing watarané 109°40'-110°18' Bujur Wétan lan 6°32'-7°24' Lintang Kidul. Wates wewengkon administrasi Kabupatèn Kendhal ya iku:

Jarak paling adoh wewengkon Kabupatèn Kendhal saka kulon mangetan ya iku 40 Km, déné saka lor mangidul adohe 36 Km. Kabupatèn Kendhal duwé amba 1.002,23 Km2 kang dumadi saka 20 Kacamatan kanthi 265 Désa sarta 20 Kalurahan.

Kondhisi Topografi[besut | besut sumber]

Kabupatèn Kendhal dumadi saka 2 (loro) dataran, ya iku dataran cendhèk (pasisir) lan dataran tinggi (pagunungan). Wewengkon Kabupatèn Kendhal pérangan lor minangka laladan dataran cendhèk kanthi dhuwur watarané 0-10 mèter dpl, kang kapérang ing Kacamatan:

  1. Weleri.
  2. Rowosari.
  3. Kangkung.
  4. Cepiring.
  5. Gemuh.
  6. Ringinarum.
  7. Pegandon.
  8. Ngampel.
  9. Patebon.
  10. Kendhal kang dadi kutha krajan Kabupatèn Kendhal
  11. Brangsong.
  12. Kaliwungu.

Wewengkon Kabupatèn Kendhal pérangan kidul minangka laladan dataran tinggi kang dumadi saka lemah pagunungan kanthi dhuwur watara 10-2.579 mèter dpl, kang kapérang ing Kacamatan:

  1. Plantungan.
  2. Pageruyung.
  3. Sukorejo.
  4. Patean.
  5. Boja.
  6. Limbangan.
  7. Singorojo.
  8. Kaliwungu Selatan.

Iklim lan Curah Hujan[besut | besut sumber]

Wewengkon Kabupatèn Kendhal dumadi saka 2 (loro) laladan dataran, mula kondhisi iku ndadékaké kondhisi iklim wewengkon Kabupatèn Kendhal. Wewengkon Kabupatèn Kendhal pérangan lor didominasi déning laladan dataran cendhèk lan cedhak karo Laut Jawa, mula kondhisi iklim ing laladan kana luwih panas kanthi suhu rata-rata 27 °C. Déné wewengkon Kabupatèn Kendhal pérangan kidul kang minangka laladan pagunungan lan dataran tinggi, kondisi iklim ing panggonan iku luwih adhem kanthi suhu rata-rata 25 °C.

Pamaréntahan[besut | besut sumber]

Kabupatèn Kendhal ketata saking 19 kacamatan, kalurahan lan désa. Kacamatan-Kacamatan ing Kabupatèn Kendhal ya iku:

Saliyané Kendhal, kutha-kutha kacamatan liyané kang signifikan ya iku Kaliwungu lan Weleri.

Kaliwungu (Basis Keagamaan)[besut | besut sumber]

Kutha iki ora tau sepi saka urip keislaman. Akèh pesantrén kanthi santri saka pirang-pirang kutha ing pirang-pirang panggonan. Ciri kas kutha iki ya iku akèh wong kang riwa-riwi kanthi nganggo klambi muslim, nganggo sarung lan nganggo panutup surah (peci utawa kerudung) kanthi Kuran utawa kitab-kitan tartamtu ing tangan. Kajaba iku, wacanan ayat-ayat suci Kuran sumadya terus sabendina ing sakabehing pucuking kutha iki.

Weleri (Basis Perdagangan)[besut | besut sumber]

Kutha paling kulon saka Kabupatèn iki pancèn ora tau sepi saka doltinuku. Kutha iki dadi transit lan ancasé para bakul saka sakabehing panggonan ing Kabupatèn Kendhal nganti tekan salabehing Wewengkon Indonésia. Kanthi fasilitas transportasi (ana 2 terminal lan 1 Stasiun KA) lan fasilitas komunikasi lang luwih jangkep tinimbang kacamatan liyané. Weleri mundhak dadi kutha kang ramé lan gampang kaakses. Kajaba iku, kanthi cara sosial, anané bakul saka Klaten-Sala kang gawé perkampungan mirunggan (Kampung Sala), perkampungan iku dumunung ing dukuh Kedonsari Kalurahan Penyangkringan. Saka prabawa owahan sosial iku ndadèkaké weleri minangka kacamatan kang perkembangan dagang saya rame ditandhani akèhé pasar tradisonal, nganti tekan seprené ana 3 pasar gedhé kang dumunung ing jantung kacamatan weleri.

Transportasi[besut | besut sumber]

Stasiun Weleri

Kendhal manggon ing jalur pantura kang ramai banget. Angkudan umum antarkota padatan anané bis. Kendhal uga diliwati jalur sepur, ana telung stasiun (Weleri, Kalibodri, lan Kaliwungu) kanthi stasiun gedhé dhéwé ing Weleri. Padatan, sepur jarak jauh ora mandheg ing stasiun-stasiun iki. Déné transportasi sajeroning Kabupatèn Kendhal ana becak, dhokar, grobag, pit, lan montor.

Ulah raga[besut | besut sumber]

Kabupatèn Kendhal duwé klub bal-balan, ya iku Persik Kendhal kang manggon ing Stadion Bahurekso. Saliyané Stadion Bahurekso, Kendhal uga duwé Stadion Madya. Ulah raga liyané bal-balan padatan nglakoni gladhèn ing Gor Bahurekso. Déné kanggo latihan fitnes, dilakokake ing fitnes center ing Kaliwungu.

Pendhidhikan[besut | besut sumber]

Sektor pendidikan ing Kabupatèn Kendhal kapérang saka pirang-pirang macem. Saka pendidikan formal, informal, lan non formal. Arep kebeh Kacamatan duwé sarana lan prasarana pendidikan. Wiyata fomal ing Kabupatèn iki ana atusan TK lan Sekolah Dasar utawa kang sederajat. Samono uga karo SMP utawa kang sederajat, kabèh kacamatan ing kabupatèn iki duwé SMP utawa kang sederajat. Samono uga karo pendidikan menengah. Ing Kabupatèn kendal ing pambuka taun 2008 duwé 30 SMA kang kapérang saka 14 SMA Negeri lan 16 SMA Swasta. Miturut program kang dibuka saka 30 sekolah ana telung sekolah kang duwé program lengkap IPA, IPS lan Basa ya iku: (1) SMA 1 Kendhal, (2) SMA 1 Boja, lan (3) SMA 1 Weleri. Déné pendidikan menengah kejuruan (SMK) ana 22 SMK kang kapérang saka 5 SMK Negeri, 13 SMK Swasta, lan 2 SMK kelas adoh ing Pondok pesantren.

Kapendhudhukan[besut | besut sumber]

Cacahe penduduk Kabupatèn Kendhal Taun 2004 ya iku 899.211 jiwa, kang kapérang saka 443.974 (49,34%) penduduk lanang lan 455.237 (50,66%) penduduk wadon.

Budaya lan Adat[besut | besut sumber]

Syawalan ing alun-alun Kacamatan Kaliwungu

Kabupatèn Kendhal duwé akèh budaya kang asipat tradhisional utawa agamis kaya déné Syawalan Kaliwungu (event iki wis kawenthar nganti tekan sakabehing Pulau Jawa), Sedekah Laut Tanggul Malang, Pista Laut Tawang lan Pasisir Bandengan. Kajaba iku, ana pirang-pirang pasaréan saka paraga-paraga adat utawa penyebar Agama Islam, antarané pasareyane Pangeran Djuminah, Kyai Asyari, Sunan Katong, Paku Wojo kang dumunung ing Kacamatan Kaliwungu, Pasareyane Pangeran Benowo ing Kacamatan Pegandon lan Pasareyane Kyai Seapu ing Kacamatan Boja. Ing Cepiring uga ana pasar cepiring lan akèh warna-warna bakul antarané toko pit BMS kang wiwit dhisik wis ana ing kana.

Kasenian[besut | besut sumber]

Esek-esek
  • Barongan. Kasenian iki awujud barong utawa barongan kang diiringi lelagon saka tetabuhan kenong lan bedhug. Ing kasenian barongan, padatan mesthi ana esek-esek. Kasenian iki awujud jogèd kang nirokake Singobarong. Jogèd iki nggambaraké gagah pideksane lan buwase singa raseksa. Padatan ana loro kang nggambaraké barongan lanang lan wadon, kadang-kadang uga ana anak barongan. Barongan siji dimainake wong loro, juru main ngarep nyekeli sirahé kang awujud singa kagawé saka kayu kanthi ngumpet ing saburine kain loreng-loreng kaya singa. Déné buntute minangka buntut, obahane mèlu juru main kang ana ing sangarepe.[3]
  • Jogèd opak abang. Jogèd iki arep kaya jogèd Tayub, nanging jogèd iki didominasi penari wadon. Dhandhanan lan kostum padha karo kostum prajurit, kaya wong lanang ning tetep katon ayu.
  • Tetabuhan kang sarana barang-barang tilas. Tetabuhan iki kawujud ing grup marchingband saka kacamatan Kaliwungu kang duwé jeneng Marching Blek. Gurup iku sarana ember sing tilas, drum plastik gedhé tilas, lan tutup panci tilas.
  • Batik Kendhal. Batik kas Kendhal ngrujuk ing Batik Kaliwungu kang kono digawé déning pengrajin saka kapung Kapulisen. Minangka apresiasine marang bathik kendal, Bupati Kendhal dr. Hj. Widya Kandi Susanti, MM, bakalan ndadèkaké Batik Kendhal kanggo seragam PNS Kabupatèn Kendhal.
  • Jaran Kepang. Kasenian iki awujud jogèd kang ditarekake déning para tani ing Kacamatan Singorojo, Limbangan, lan Boja, Kendhal. Jogèd jaran kepang uga sinebut jogèd jaran lumping.[4]
  • Kesenian Rakyat Kuntulan utawa kang asring sinebut terbang kuntul, iku jogèd kesenian rakyat kas Dusun Plalar dimisuwurake déning Kelompok kagunan Sinar Gunung, Désa Bringinsari Kacamatan Sukorejo. Jogèd iki, nuansa Islami kanthi nggabungake obahan beladiri silat kang digambarake ing wujud jogèd. Cacahe penari 30 – 40 penari/pesilat, lan 5 – 10 niyaga kang lanang kabèh, kanthi mragakake 23 jurus silat lan 23 tembang kang nyritakake perjuwangan.
  • Kendhal Carnival. Kagiyatan iki padatan dilakoni setahun sapisan kanggo mengeti dina dadi kutha Kendhal. Kagiyatan iku awujud arak-arakan. Sajeroning arak-arakan ana kreta kang isiné bupati lan wakil bupati kendal, bajur ditrusake kerabat kraton kendal.

Klambi Adat Kendhal[besut | besut sumber]

Putra: Blangkon modhel Mataram mondhol trepes, jebeh nutup talingan. Wusana pérangan dhuwur sarana beskap Sutowijayan (pérangan dhuwur nutup manengen lan tibane lurus mangisor kanthi telung kanthong, pérangan wuri landhung lan ana wilahan ing sisih kiwa lan tengen). Pérangan ngisor sarana nyamping/ kain pasisiran nganggo sabuk, epek timang, nganggo keris/ duwung. Migunakake selop kang katutup.

Putri: Gelungan kas Kendhal, rambut disasak lan dirapikake kaya déné gawé gelungan jawa lan pérangan sisih tengen lan kiwa digawé mepet talingan (tanpa sunggar). Banjur, kanggo gawé gelungane nganggo gelungan Jawa Sala ukuran cilik kanthi telung tusuk konde modhèl lingkar.

Panganan Khas[besut | besut sumber]

Sumpil kang disajekake ing sadhuwure piring
  • Krupuk Useg, iku krupuk kang kagawé saka adonan glepung kang dicampuri trasi, utawa bawang kang diuleg, banjur digoreng ing pasir. Diarani krupuk useg amarga nalika goreng, krupuke diuseg-usegake ing pasir.
  • Krupuk Rambak, jajanan kang kagawé saka kulit sapi kang digoreng banjur diwènèhi bumbu.
  • Tempe penyet. Tempe penyet ing Kabupatèn Kendhal rada béda karo tempe penyet ing panggonan liya. Ing Kabupatèn iki, tempe penyet dagawé saka tempe kang didang banjur dipenyet karo sambel trasi utawa sambel tomat.
  • Sumpil, iku panganan kas saka kacamatan Kaliwungu. Sumpil arep kaya lonthong nanging wujudé segitelu lan didhahar sarana samber wur.
  • Endhog mimi, iku panganan kas saka Kacamatan Kaliwungu. Endhog mimi digawé saka endhog iwak mimi kang dicampur karo sambel wur. Iwak mimi iku jinis iwak kang isih sakulawarga karo iwak pari.
  • Plonco, iku panganan kas kang padatan mung ana ing sasi pasa. Plonco iku panganan saka krai kang digodhog banjur dicampur karo sambel lothek.
  • Brongkos, panganan kas saka Kacamatan Sukorejo. Brongkos kagawé saka daging sapi kang diolah kanthi bumbu-bumbu kas.[5]
  • awuk-awuk, iku panganan kang digawé saka pohung kang diparut kasar lan didang barengan karo gul Jawa. Sawisé mateng, banjur diwuri kanggo wur utawa klapa kang diparut.
  • Jongkong iku jinising panganan kang digawé saka parutan pohung alus lan dicampur karo gula abang, banjur dibungkus kanggo godhong gedhang. Bungkusan jongkong arep kaya bungkusan sega. Sise mateng diwènèhi wur.
  • Oyog, iku panganan kas saka Kabupatèn Kendhal kang kagawé saka glepung pathi kang dicampur banyu lan gula Jawa banjur didang. Sawisé mateng diwènèhi wur.
  • Sate Bumbon. Sate bumbon iku sate kang digawé saka daging sapi kang dibakar lan diwènèhi bumbu sambel kacang.

Plesiran[besut | besut sumber]

Salah siji papan plesiran kang paling misuwur ing Kabupatèn Kendhal ya iku Curug Sewu, iku air terjun telung tingkat dhuwuré 80 mèter, dumunung ing Kacamatan Patean (winatesan karo Kabupatèn Temanggung).

Papan plesiran liyané ing Kabupatèn Kendhal:

  • Pemandian air panas Gonoharjo Nglimut ing pèrèng Gunung Ungaran
  • Pasisir Jomblom ing Kacamatan Cepiring
  • Pasisir Sendang Sekucing ing Kacamatan Rowosari
  • Agrowisata kebun teh Medini ing Kacamatan Limbangan, katon sesawangan Kutha Semarang saka dhuwur Gunung Ungaran kang dhuwuré 2.100 mèter
  • Goa Kiskendo ing Kacamatan Singorojo; guwa iki duwé carita babagan Mahesa Sura lan Lembu Sura sarta Sugriwa lan Subali
  • Pasisir Ngebum kang ana ing Kacamatan Kaliwungu
  • Kolam Renang Boja ing Kacamatan Boja. Ing kana wis sumadya rong kolam ya iku kolam olympic lan kolam kanggo anak anak. Papan plesiran iki dumunung ing punjer Kacamatan Boja.
  • Agrowisata Sekatul. Dumunung ing Kacamatan Limbangan, kira-kira 30 km mangidul saka Kendhal. Ing kana ana pakebonan woh stroberi lan woh-wohan liyané, pemancingan, sarta taman dolanan kanggo anak anak.
  • Srendeng Agrowisata. Manggon ing Désa Curugsewu, Kacamatan Patean, iku papan plesir Agro basis pendhidhikan kapérang saka Wisata Kebun, Peternakan, Pertanian, Outbound, Mebel lan village tour.

Réferènsi[besut | besut sumber]

  1. ^ Kondisi Geografis Kabupatèn Kendhal
  2. ^ Potensi pertanian.
  3. ^ dewankeseniankendal.org Kesenian Rakyat Barongan (kaundhuh tanggal 9 Agustus 2011)
  4. ^ kompas.com Kuda Lumping Kesenian Petani Kendhal (kaundhuh tanggal 9 Agustus 2011)
  5. ^ in-tips.com Brongkos, panganan kas Sukorejo, Kendhal (kaundhuh tanggal 9 Agustus 2011)

Uga delengen[besut | besut sumber]

Pranala njaba[besut | besut sumber]