Gedhang

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Gedhang
Wit gedhang karo jantungé
Klasifikasi èlmiah
krajan: Plantae
divisio: Magnoliophyta
kelas: Liliopsida
ordo: Zingiberales
kulawarga: Musaceae
Genus: Musa

Gedhang kalebu tanduran woh-wohan kang asalé saka tlatah Asia Kidul-Wétan kalebu Indonésia.[1] Gedhang banjur ditandur uga ing Afrika utawa Madagaskar, Amérika Kidul lan Amérika Tengah.[1]Ing Jawa Barat, gedhang diarani Cau, lan ing Jawa Tengah lan Jawa Timur, yèn ngoko jenengé gedhang lan yèn krama jenengé pisang.[1]

Gedhang bisa diklasifikasèkakè dadi papat, yaiku:[1]

  • Gedhang bisa dipangan tanpa dimasak dhisik.[1] Kayata M. paradisiaca var Sapientum, M. nana utawa M. cavendishii, M. sinensis. Kayata gedhang ambon, susu, raja, cavendish, barangan, lan mas.[1]
  • Gedhang kang dipangan sawisé wis digodhog, kayata M. paradisiaca forma

typica, diarani uga M. paradisiaca normalis, Kayata pisang nangka, tanduk lan kêpok.[1]

  • Gedhang kang ana wijiné, yaiku M. brachycarpa.[1]Ing Indonesia,gedhang jinis iki kang digunakaké mung godhongé,kayata gedhang batu utawa klutuk.[1]
  • Gedhang kang dijupuk seraté, umpamané gedhang manila (abaca).[1]

Gedhang nduwéni akèh gizi kanggo keséhatan. Gedhang yèn mateng rasané lêgi.[2] Umumé kandhutané gizi ing saben woh gedhang mateng yaiku 99 kalori, protéin 1,2 gram, lêmak 0,2 gram, karbohidrat 25,8 mg, sêrat 0,7 gram, kalsium 8 mg, fosfor 28 mg, bêsi 0,5 mg, vitamin A 44 RE, vitamin B 0,08 mg, vitamin C 3 mg lan banyu 72 gram.[2] Gêdhang bisa gawé séhat, mulané gedhang bisa dipangan saben dina kanggo buah.[2] Gedhang salah sawijiné woh-wohan kang akéh sêrat.[3] Gedhang ngandhut lemak mung sithik lan gampang dicérna.[3] Karbohidrat ing gedhang kurang luwih ana 23-35%, lêmak 0,2% lan nduwé bahan nabati liyané, Gêdhang uga bébas kolésterol.[3] Gedhang 100 gram nduwèni 120 kalori, gêdhang uga nduwéni kalium, magnésium, sélénium, bêsi lan vitamin.[3] Gedhang uga bébas natrium.[3]Gedhang ngandhut vitamin B-6 kanggo kaséhatan méntal lan kaséhatan.[3] Kurang vitamin B-6 bisa nggawé wong gampang kesel , gampang nesu lan angèl turu.[3]Gedhang uga bisa nglancaraké buang air besar lan nyêgah kankêr usus besar, amarga gedhang akéh seraté.[3]Saben gedhang nduwé 467 mg kalium.[3]


Dasanama[sunting | sunting sumber]

Woh gedhang sing wis mateng

Banana (Inggris), Tsiu, Cha (Cina), Pisyanga, Kila (India); Pisang (Indonesia), Klue (Thailand), Pyaw, Nget (Burma); Gedang (Jawa), Cau (Sunda), Biu (Bali), Puti (Lampung); Wusak lambi, lutu (Gorontalo), Kulo (Ambon), Uki (Timor).[4]

Mupangati[sunting | sunting sumber]

Gedhang kalêbu woh-wohan kang nduwéni gizi kang apik.[1] Gedhang uga dadi sumber vitamin A, minêral, lan karbohidrat.[1]Gedhang bisa disogatké dadi ing méja makan utawa méja tamu, digawé salé gêdhang, pure gedhang, lan glêpung gedhang.[1]Kulit gêdhang bisa digunakaké kanggo nggawé cuka kanthi proses férméntasi alkohol lan asam cuka.[1]Godhong gêdhang kanggo mbungkus jajanan tradhisonal Indonésia. [1]Wit gêdhang bisa digawé sêrat klambi, kêrtas.[1] Yén wis dikêthok-kêthok cilik, wit lan godhong gêdhang uga kêna kanggo pakan kéwan ruminansia kayata wêdhus lan wêdhus gémbèl.[1] Biasané kanggo makani kéwan, yèn pas mangsa ketiga kang arang ana sukêt.[1] Kanthi cara tradisional banyu saka oyot gêdhang kepok uga kena digunakaké kanggo obat diséntri lan pêndarahan usus bêsar, lan banyu saka dêbogé kanggo obat lara kêncing lan pênawar racun.[1]

Kanggo ibu kang lagi ngandhut[sunting | sunting sumber]

Pisang utawa gedhang apik dikonsumsi ibu-ibu kang lagi ngandhut, amarga gedhang nduwé asam folat kang bisa dadi nutrisi janin. [2] Nutrisi iki disesep janin nggunakaké rahim.[2] Ananging konsumsi gedhang kanggo ibu kang lagi ngandhut perlu diatur amarga gedhang nduwéni kurang luwih 85-100 kalori. [2]Kalori iki cacahé kakéyan yèn kanggo janin.[2]

Kanggo obat penyakit usus lan weteng[sunting | sunting sumber]

Gedhang kang dicampur karo susu éncér utawa dicemplungaké ing sagelas susu, bisa kanggo obat penyakit usus. [2]Sakliyané iku uga bisa kanggo tamba pasién kang nduwé penyakit weteng lan cholik, gunané kanggo nétralaké lambung.[2]

Kanggo obat kulit kang kebakar[sunting | sunting sumber]

Ora mung woh gedhang nanging godhong gedhang uga nduwéni manfaat kanggo obat kulit kang kebakar geni utawa nglonyom, mlocot.[2] Carané mung diosét-osét utawa diolèskè ing kulit kang kebakar, awit campuran abu saka godhong gedhang kang ditambah lega klapa bisa gawe kulit krasa anyep lan bisa marékaké.[2]

Kanggo obat diabétés[sunting | sunting sumber]

Para warga Gorontalo ing Sulawèsi Utara nduwé panemu yèn gedhang goroho utawa gedhang khas dhaérah Gorontalo bisa dadi makanan pokok utawa mung kanggo cemilan lan buah kanggo wong kang nduwé penyakit gula utawa diabetes melitus.[2] Carané yaiku gedhang goroho sing durung mateng dikukus banjur dicampur karo klapa nom kang diparut.[2]

Kanggo ngobati jerawat[sunting | sunting sumber]

Gedhang uga kena kanggo ngobati jerawat.[2] Carané gedhang digawé bubur kanthi dialusaké banjur dicampur susu lan madu.[2] Sakwisé iku banjur ditémplékna ing rai kaya yèn nganggo maskêr kanthi teratur kurang luwih 30-40 menit lan sawisé iku banjur raup karo banyu anget lan bilas nganggo banyu anyep utawa banyu ès.[2] Cara ngéné iki mau ditlaténi kurang luwih nganti 2 minggu, saéngga kulit saya alus, jerawat padha mari lan kulit rai katon luwih resik.[2]

Penyakit kang bisa diobati[sunting | sunting sumber]

Pendarahan rahim, Ngrapetaké vagina, Sariawan usus, Ambeien, Cacar air, Kuping lan gorokan aboh/bêngkak, Diséntri, Amandêl, Kankêr wêtêng, lara kuning (lévêr), Pêndarahan usus bêsar, Diare.[5]

Habitat[sunting | sunting sumber]

Gêdhang bisa urip saênggon-ênggon.[1] Pusat produksi gêdhang ing Jawa Barat yaiku ing Cianjur, Sukabumi lan tlatah Cirêbon.[1] Indonésia kalêbu nagara tropis kang ékspor gêdhang olahan ing Jêpang, Hongkong, Cina, Singapura, Arab, Australia, Bêlanda, Amérika Sêrikat, lan Pêrancis. [1]Ékspor kang paling dhuwur yaiku nalika taun 1997 ing nêgara Cina.[1]

Urip lan Ngrembaka[sunting | sunting sumber]

Iklim[sunting | sunting sumber]

Supaya tanduran gedhang bisa urip subur, gedhang kudu ditandur ing iklim tropis basah, lembab, lan panas.[1] Ing iklim iki geehang bisa urip subur lan ngrêmbaka. Ananging gedhang uga isih bisa urip ing dhaérah sub tropis.[1] Yen banyuné arang-arang, gedhang uga isih bisa urip amarga wit gêdhang uga akeh banyuné sênajan.[1] Nanging banyu ing sajroning wit gêdhang ora bisa dijagakké.[1]

Angin[sunting | sunting sumber]

Angin kanthi kecêpatan tinggi kaya angin kumbang bisa ngrusak godhong gêdhang lan nduwéni dampak ing thukulé tanduran.[1]

Curah Hujan[sunting | sunting sumber]

Curah hujan kang pas supaya gedhang bisa urip yaiku 1.520-3.800 mm/tahun kanthi 2 wulan garing.[1] Variasi curah hujan kudu kaimbangi karo kadar banyu ing lêmah supaya ora kebaceken. Amarga yen kebaceken gedhang bisa mati.[1]

Gedhang bisa urip ing lemah kang subur utawa akéh humus, lêmah kang ana kapuré utawa diarani tanah berat. [1] Gêdhang mbutuhaké nutrisi kang akéh kanggo urip mulané saliyané ditandur ing lemah kang subur kudu diwénéhi rabuk sajroné nandur.[1]Yen nandur gêdhang banyuné ora kêna nganti garing uga ora kêna kebaceken, dadi kudu pas.[1]

Gedhang kudu disirami kanthi inténsif.[1] Dhuwuré banyu kang kesimpen ing lemah, ing dhaérah kang têlês yaiku 50-200 cm, lan ing dhaérah kang setengah têlês, kurang luwih 100-200 cm, yèn ing dhaérah kang garing yaiku 50-150 cm.[1] Lêmah kang kena érosi ora bisa ngasilaké gedhang kang apik. Lêmah kang dienggo nandur gedhang kudu lêmah kang gampang kanggo mbrebes banyu.[1] Gêdhang ora bisa urip ing lêmah kang nduwèni kadar garam 0,07%.[1]

Dhuwuré Panggonan[sunting | sunting sumber]

Gedhang nduwéni adaptasi kang apik ing bab dhuwuré tlatah kanggo nandur lan kadar banyu.[1] Ing Indonésia umumé gedhang bisa urip ing tlatah dataran rendah nganti pegunungan kang dhuwuré 2.000 m dpl.[1] Gêdhang ambon, nangka, lan tanduk, bisa urip subur ing panggonan kang dhuwuré 1.000 m dpl saka laut.[1]

Nggawé Bibit[sunting | sunting sumber]

Gedhang akéh-akéhé diténgkaraké kanthi cara végétatif utawa kanthi cara alami nganggo tunas utawa thukulan anakan gêdhang.[1]

Syarat Bibit[sunting | sunting sumber]

Dhuwure anakan gêdhang kang bisa ditandur utawa dadi bibit yaiku 1-1,5 m kanthi ambané umbi kurang luwih 15-20 cm.[1] Anakan dijupuk saka wit gêdhang kang ngasilaké woh kang apik lan séhat. Dhuwuré bibit bakal dadi cikal-bakalé woh gêdhang yaiku cacahé sisir gêdhang saben tandan.[1] Bibit anakan gêdhang jinisé ana loro, yaiku anakan nom lan tuwa. [1]Anakan tuwa luwih apik yèn dienggo bibit, amarga wis nduwé bakal kembang lan cadangan makanan ing bonggolé. [1]Bibit kang bentuké mirip tombak kang lincip, kanthi godhong kang isih nduwéni bêntuk mirip pêdhang, lan godhongé durung ngrembaka, luwih apik tinimbang bibit kang wis ngrêmbaka godhongéé.[1]

Nyiapaké Bibit[sunting | sunting sumber]

Bibit gêdhang bisa ditandur dhewé lan bisa uga tuku. Bibit gedhang ditandur kanthi jarak 2 x 2 m.[1] Anakan gêdhang kang thukul biyasané diwatesi, yaiku mung 7-9, supaya ora kakéyan anakan gêdhang kang thukul biyasané anakan gedhang dikethok utawa dipaténi.[1]

Sanitasi[sunting | sunting sumber]

Bibit gêdhang kudu diolah sadurungé ditandur, tujuwané kanggo ncegah hama utawa penyakit.[1]

  1. Sawisé dikethok, banjur lêmah kang némplék ing oyot dirêsiki.[1]
  2. Bibit disimpen ing panggonan kang adem kurang luwih 1-2 dina sadurungé ditandur supaya bekas kethokan ing bonggolé garing, godhong kang amba dikethok.[1]
  3. Umbi utawa bonggol gêdhang banjur dikum nganti sêgulu wit gêdhang ing insèktisida 0,5-1% suwéné 10 menit. Bibit kang wis dikum banjur diangin-anginaké.[1]
  4. Yèn ora ana insèktisida bisa digrojog nganggo banyu kang mili suwènè nganti 48 jam.[1]
  5. Yèn ing panggonan kanggo nandur wis ana hama nématoda, bibit gêdhang kudu dikum ing banyu panas kurang luwih 2-3 mênit.[1]

Cara nggawé bibit bisa nganggo wiji, anakan, lan oyot,nanging nggawé bibit gêdhang kang nganggo bibit jarang dilakokaké.[6]

Jinisé Gedhang[sunting | sunting sumber]

  • Pisang utawa gedhang serat (noe. Musa texstiles)

Pisang serat utawa gedhang serat yaiku wit gedhang kang ora dijupuk wohé nanging seraté.[6] Ing abad 16, Pigatotta nêrangaké yèn para panduduk ing dhaérah Cebu, Filipina, manfaatké serat gedhang manila kanggo bahan nggawé pakaian.[6] Mulané gedhang iki jenengé musa tékstilitas.[6]

Wit gedhang kagolong wit kang sêmu amarga kasusun saka upih-upih kang padha nutup-nutupi ing sajroné susunan wit gedhang.[6] Gedhang jinis iki dhuwuré bisa tekan 7 métér lan wernané ijo. [6]Kembangé gêdhang bentuké kaya woh jorong kang kulité kandel, ananging kêmbang gedhang iki kena dipangan.[6] Wiji gedhang kluthuk bentuké bunder, ireng, cilik, lan atos kaya klentheng wijiné randu.[6] Gedhang kluthuk bisa diarani gedhang manila, amarga asalé saka manila.Sakliyané iku uga ditandur ing India, Guatêmala, lan Honduras.[6]Gêdhang kluthuk uga dikembangaké ing Indonésia.[6] Tanduran iki urip ing panggonan 500 méter saka permukaan air laut.[6] Lêmah kang cocok yaiku lemah lêmpung kang gêmbur lan subur utawa akeh humus. [6]Gedhang iku tanduran tropika kang urip ing hawa panas lan rada lêmbab.[6] Tanduran iki uga gampang ambruk yen kena angin gedhe lan gampang mati karana kebacekken.[6]

Gedhang siap dipanén yen kuncup kembang wis metu, tegese wis siap dikethok lan dijupuk seraté.[6] Serat saka gedhang iku sêrat kang kuwat lan bisa tahan banyu tawar utawa banyu asin. sêrat gêdhang jinis iki bisa kanggo nggawe tali kapal laut, tali tambang, tali kanggo mancing.[6] Sakliyané iku uga bisa dipintal lan digawé anyaman bandulan utawa ayunan lan sandal.[6]

  • Gedhang hias (héliconia indica lamék)

Gedhang hias kalêbu gêdhang kang ora dijupuk wohe.[6] Tanduran iki pancèn apik yén ditandur ing ngarêp omah utawa ing taman kanggo hiasan.[6] Carané nandur gêdhang iki yaiku kanthi nggunakaké anakané.[6] Gedhang hias kapérang dadi loro yaiku gedhang kipas lan gedhang-gedhangan.[6] Diarani gedhang kipas amarga bentuké mirip kipas. [6]Gedhang kipas uga diarani gedhang madagaskar amarga ana sing ngarani gedhang iki asalé saka madagaskar.[6] Gedhang-gedhangan utawa pisang-pisangan nduwéni wit kang semu. [6]Wit iki ukurané cilik-cilik lan thukul ngrêmbaka éndah. Biyasané ditandur ing ngarêp omah amarga ukurané cilik.[6]

  • Gedhang buah (musa paradisiacal L.)

Gedhang buah iki akéh didol ing pasar utawa toko buah, lan ing warung-warung.[6] Gêdhang buah kapérang dadi papat.[6] Sêpisan gêdhang kang bisa langsung dipangan yen mateng, dadi ora usah nggodhog.[6] Contonê gêdhang kepok, gedhang susu, gedhang iko, gedhang émas, gedhang raja, gedhang byar, gedhang pipit, gedhang putri, lan gedhang ambon.[6]

Ana uga gedhang kang bisa dipangan kanthi diolah utawa dimasak dhisik, kayata gedhang tanduk, gedhang olo, gedhang kapas, gedhang bangkahulu.[6] Sakliyané iku ana gêdhang kang bisa dipangan langsung utawa dimasak dhisik.[6] Tuladhané yaiku gedhang kepok lan gedhang raja.[6] Ana uga gedhang kang dipangan nalika isih mentah, kayata gedhang klutuk utawa gedhang watu, carané gedhang kluthuk digawé rujak nalika isih enom.[6] Rujak gedhang kluthuk rasané sepet.[6]

Jinisé Gedhang Komersial[sunting | sunting sumber]

Kang diarani gedhang komersial yaiku gêdhang kang akéh didol ing pasar tradisional apadéné ing supermarkét.[6] Gêdhang jinis iki akéh disênêngi masyarakat amarga rasané énak lan dagingé êmpuk yén wis maténg.[6]

  • Gedhang barangan

Ing Filipina gêdhang barangan uga diarani gêdhang lakatan.[6] Ing Malaysia gedhang iki diarani gedhang berangan.[6] Gedhang iki biasané dadi gedhang méja, yaiku gedhang kanggo cuci mulut yèn bubar mangan, tegesé gêdhang kanggo buah. [6]Gêdhang iki aboté saben tundhun kurang luwih 12-20 kg.[6] Biyasané saben tundhun ana 8-12 sisir, lan saben sisir ana isiné 12-20 gêdhang. [6]Dawa gedhange 12-18 cm lan dhiamétéré 3-4 cm.[6] Yèn wis mateng wernané kuning rada abang lan trotol-terotol coklat. Werna daging buahé rada orén, déné rasané legi lan ambuné wangi.[6]

  • Gedhang raja

Sabên tundhun, gêdhang raja ana 6 sisir lan sabên sisir ana 15 gedhang.[6] Aboté sakgedhang kurang luwih 92 g lan dawané 12-18 cm kanthi dhiamétér 3,2 cm.[6] Bentuké mlengkung lan pucuké bunder.[6] Dagingé nduwé werna kuning rada abang.[6] Gedhang iki kalebu gedhang tanpa wiji.[6] Gêdhang iki téksturé kasar, rasané lêgi. [6]Gedhang raja ngembang yen wis 14 sasi sawise ditandur.[6] Gedhang iki mateng sawisé 164 dina, diétung saka metuné kembang gedhang.[6]

  • Gedhang raja sere

Gedhang iki uga diarani gedhang buah kang ukurane cilik, dawane 10-15 cm lan dhiameter 3-4 cm.[6] Saben tundhun abote 10-14 kg, lan ana 5-9 sisir.[6] Saben sisir ana 12-16 gedhang.[6] Yen mateng werna kulite kuning rada coklat lan ana-trotol-trotol coklat rada ireng.[6] Kulite tipis, wernane daginge putih, rasane legi lan ambune wangi.[6]

  • Gedhang raja uli

Gedhang iki kalebu gedhang olahan kang warna kulite kuning cerah lan daging buahe putih. [6]Gedhang iki rasane legi lan ambune wangi.[6] Saben tundhun ana 5-8 sisir lan saben sisir kira-kira abote 1620 g.[6] Abote saben gedhang 120 g lan dawane 18 cm kanthi dhiameter 3 cm.[6] Gedhang iki rasane enak yen digodhog utawa digoreng.[6]

  • Gedhang raja jambe

Saben tundhun kaisi 13 sisir.[6] Bentuk gedhange lurus lan pucuke bunder, abote 80 gram, dawane 7,8 cm, dhiametere 7,8 cm lan kandel kulite 0,2 cm.[6] Werna daginge putih rada kuning lan ora ana wijine.[6] Gedhang iki ngembang kurang luwih umur 17 bulan lan woh mateng limang sasi sawise ngembang.[6]

  • Gedhang raja molo

Tundhun gedhang iki dawane 43 cm lan saben tundhun ana 6 sisir. Saben sisir ana 10-13 uler gedhang, saben gedhang dawane 12 cm lan dhiametere 3,4 cm kanthi ukuran 100 gram saben gedhang.[6] Bentuke buah lurus lan kandele kulite 0,3 cm.[6] Daging buahe wernane kuning rada abang lan ora nduwe wiji.[6] Gedhang iki ngembang yen umure wis 17 sasi lan bakal mateng limang wulan sawise ngembang.[6]

  • Gedhang Raja kul

Saben tundhun kang dawane 32 cm iki ana 16 sisir lan saben sisir ana 15 uler gedhang.[6] Gedhang iki bentuke lurus, dawane 8 cm, dhiametere 3,1 cm lan abote 40 gram kanthi kandel kulit 0,3 cm.[6] Daginge kuning tanpa wiji. Gedhang iki ngembang yen umure wis 14 sasi lan bakal mateng sawise 5 wulan.[6]

  • Gedhang raja taun

Saben tundhun kang dawane 22,5 cm nduweni 4 sisir gedhang.[6] Saben sisir ana 15 uler lan dawane 11 cm, dhiameter 3,2 cm,abote 60 gram lan kandele kulit 0.3 cm.[6] Bentuke lusus lan pucuke bunder, daging buah gedhang iki wernane kuning rada putih lan ora nduwe wiji.[6]Gedhang iki ngembang yen umure wis 14 sasi lan bakal mateng sawise 5 wulan.[6]

  • Gedhang ambon putih yen mateng wernane kuning rada putih.[6] Daginge wernane putih rada kuning.[6] Rasane legi rada kecut lan ambune wangi.[6] Gedhang iki biyasane dadi gedhang buah lan bisa uga dipangan bayi.[6] Saben tundhun abote 15-25 kg kang isine 10-14 sisir, lan saben sisir ana 14-24 ulir gedhang, dene dawane 15-20 cm kanthi dhiameter 3,5-4 cm.[6]
  • Gedhang nangka

Gedhang iki yen mateng wernane ijo, rasane kecut legi.[6] Gedhang iki biyasane diolah utawa dimasak.[6] Abote saben tundhun kira-kira 11-14 kg kang isisne 6-8 sisir, saben sisir ana 14-24 ulir gedhang.[6] Saben gedhang dawane kira-kira 24-28 cm kanthi dhiameter 3,5-4 cm.[6]

  • Gedhang kapas

Gedhang iki werna kulité kuning trotol-trotol ireng.[6] Dagingé nduwé werna putih rada kuning lan rasané legi lan ambuné kurang wangi.[6] Saben tundhun aboté 17,5 kg, lan cacahé sisir sabên tundhun ana 7 sisir lan sabên sisir ana 15 ulir gêdhang.[6] Dawané kurang luwih 6 cm lan kulité kandêl.[6] Gedhang kapas biyasané kanggo gedhang olahan.[6]

  • Gedhang kidang

Wernané kulit gedhang kidang yaiku abang rada orén lan ungu, dagingé wernané putih.[6] Rasané legi lan ambuné wangi.[6] Gedhang iki biyasané dipangan kanggo buah.[6] Saben tundhuné ana 5-7 sisir lan saben sisir ana 12-13 ulir gedhang.[6] Abote sabén sisir yaiku 1.150 gr lan saben uler kira-kira 120 gr.[6] Dawané kira-kira 13 cm lan dhiamétéré 12 cm.[6]

  • Gedhang lampung

Gedhang iki mirip gedhang mas, bedane ing pucuke gedhang.[6] Gedhang lampung pucuke lincip lan gedhang mas pucuke tumpul utawa bunder.[6] Saben tundhun isine 6-8 sisir lan saben sisir ana 18-20 gedhang.[6] Abote gedhang saben sisir 940 gram, abote saben gedhang kira-kira 50 gr.[6] Dawane 9 cm lan dhiametere 10,5 cm.[6] Kulit gedhang wernane kuning lan daginge nduwe werna putih rada abang.[6] Gedhang lampung rasane legi lan ambune wangi.[6] Gedhang lampung biasane kanggo buah utawa pencuci mulut. Gedhang iki gampang rontok saka sisire.[6]

  • Gedhang tongkat langit

Gedhang iki akeh ditandur ing Maluku.[6] Bentuké unik kanthi tundhun kang madhep mendhuwur.[6] Amarga tundhuné kang madhêp mendhuwur mula diarani gêdhang tongkat langit.[6] Kulité wernané abang oren lan dagingé putih rada kuning.[6] Gêdhang iki mujarab kanggo ngobati pênyakit kuning.[6] Aboté saben sisir kira-kira 1.200 gram lan aboté saben gedhang 150 gram.[6] Dawanè 20 cm lan dhimetere 13 cm.[6]

  • Gedhang awak

Gedhang iki dawané 15 cm lan dhiamétere 3,7 cm.[6] Saben saktundhun ana 18 sisir lan saben sisir ana 11 ulir.[6] Bentuk buahé lurus lan pucuké bunder.[6] Daging buahé wèrnané putih rada kuning,kulité kandel, kurang luwih 0,3 cm.[6] Saben gedhang rata-rata abote 67,5 gram. Gedhang awak bakal mateng sawisé 5 sasi ngembang.[6]

Jajanan saka Gedhang[sunting | sunting sumber]

Glepung Gedhang[sunting | sunting sumber]

Gedhang kang mateng dioncéki lan diiris, banjur digaringké lan diawétké.[7] Gedhang kang isih ijo dikumbah karo banyu umup, dioncéki, diiris, dipépé, dialuské lan diayak nganti dadi glepung.[7] Glepung iki bisa kanggo gawé bubur lan roti.[7] Glepung gedhang bisa kanggo nambani pênyakit kang kasebabaké gastrointéstinal (radang usus/lambung, kayata diaré, diséntri, gangguan pencernaan.[7]


Jantung Gedhang[sunting | sunting sumber]

Jantung utawa tuntut gedhang bisa dimasak kari, sakliyané iku uga bisa digawé glepung kang bisa dadi asam semut yaiku asam kang bisa nêtralké asam.[7] Gunané kanggo ngurangi rasa panas ing njero wêtêng lan marékaké tatu.[7]

Anakan /Tunas Gedhang[sunting | sunting sumber]

Tunas gedhang kang isih nom lan isih nutup bisa dipangan mentah utawa dimasak dhisik.[7] Tunas gedhang uga bisa dimasak lodèh kanggo sayur utawa lawuh.[7]


Daging Buah[sunting | sunting sumber]

Daging buah gedhang kang isih mentah bisa dipanggang lan dadi pengganti kopi, nanging ora kabéh kopi bisa dadi pêngganti kopi.[7] Sakliyané iku awu utawa bubuk gedhang bisa kanggo uyah.[7] Gedhang raja kang mentah bisa dialusaké kanggo nutup kano kang bocor.[7] Pulut gêdhang bisa kanggo nambani cokotan ula utawa kalajêngking, sari godhong lan gedebog bisa kanggo nangkal candu lan ovérdosis arsèènic.[7] Gedhang kalebu buah kang gampang bosok amarga kadar banyuné kang akéh.[5] Supaya awét gêdhang bisa diolah dadi jajanan. Gedhang kang isih mentah bisa diolah dadi gaplék, glepung, pati, sirup glukosa, tapé, lan keripik.[5] Gedhang kang matêng bisa diolah dadi salé, sêlai, dodol, sari buah, anggur, pure, saos, nectar, pisang goréng, pisang epe, pisang rebus, kolak, getuk, ledre, pisang panggang kèju, gedhang gorèng, gedhang krispi,lan kolak.[5]

Galeri Gedhang[sunting | sunting sumber]

Pranala Njaba[sunting | sunting sumber]

Cathetan Suku[sunting | sunting sumber]

  1. ^ a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w x y z aa ab ac ad ae af ag ah ai aj ak al am an ao ap aq ar as at au av aw ax ay az ba bb (id)Situs Ristek(dipunundhuh tanggal 1 April 2011)
  2. ^ a b c d e f g h i j k l m n o p q (id)www.resep.web.id(dipunundhuh tanggal 2 April 2011)
  3. ^ a b c d e f g h i (id)Situs compas(dipunundhuh tanggal 3 April 2011)
  4. ^ (id)Situs Iptek(dipunundhuh tanggal 3 April 2011)
  5. ^ a b c d (id)http://www.sapos.co.id(dipunundhuh tanggal 5 April 2011)
  6. ^ a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w x y z aa ab ac ad ae af ag ah ai aj ak al am an ao ap aq ar as at au av aw ax ay az ba bb bc bd be bf bg bh bi bj bk bl bm bn bo bp bq br bs bt bu bv bw bx by bz ca cb cc cd ce cf cg ch ci cj ck cl cm cn co cp cq cr cs ct cu cv cw cx cy cz da db dc dd de df dg dh di dj dk dl (id)Kabarinews.com](dipunundhuh tanggal 2 April 2011)
  7. ^ a b c d e f g h i j k l (id)www.femina.co.id(dipunundhuh tanggal 3 April 2011)

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Gedhang&oldid=842432"