Menyang kontèn

Bécak

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Becak)

Bécak (saka basa Hokkien: be chia) yaiku siji tumpakan transportasi kang rodhane telu. Padatan, bécak bisa ngemot penumpang cacah loro.[1] Becak kagolong tumpakan kang ramah lingkungan amarga ora njalari polusi. Saliyané iku, bécak uga ora nganggu bebrayan awit swarané bécak ora seru.[2] Ing taun 1980-an kapungkur, bécak dilarang ana ing Jakarta amarga dianggep eksploitasi manungsa.[1]

Sajarah Bécak

[besut | besut sumber]

Taun 1869, salah siji tokoh saka Amérika kang njabat minangka buruh Kedutaan Besar Amérika Sarékat ing Jepang lagi mlaku-mlaku deleng kaanan ing kutha Yokohama. Ing kono, dhèwèké golèk akal kepriye carané supaya bojone kang sikilé cacat bisa mèlu mlaku-mlaku? Mesthi mbutuhaké siji tumpakan. Mikiré, tumpakan mau ora perlu ditarik déning jaran amarga penumpangé mung siji. Banjur dhèwèké ngambar kreta cilik tanpa tutup ing kertas. Wong-wong Jepang nyebut tumpakan kang ditarik déning manungsa kanthi aran jinrikisha.[1]

Cathetan Suku

[besut | besut sumber]
  1. 1 2 3 [1][pranala mati permanèn] (diakses tanggal 9 Maret 2011)
  2. [2] Archived 2011-03-10 at the Wayback Machine. (diakses tanggal 10 Maret 2011)