Kutha Magelang

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Kutha Magelang
Lambang Kutha Magelang
Lambang Kutha Magelang
Sesanti: "" ()
Locator kutha magelang.gif
Dina Dadi: 11 April 907 Masehi
Walikutha: H. Fahriyanto
Wakil Walikutha: Noor Muhammad
Jembar
 - Total:

18,12 km²
Kacamatan
 - Cacahe:

2 Kacamatan
Padunung
 - Total:
 - Kapadhetan:

+/- 150.000 jiwa
+/- 6.623 jiwa / km²
Suku Bangsa: wong Jawa
Agama: Kajawèn, Islam, Protèstan, Katulik, Hindhu lan Buda
Basa: Basa Jawa lan Basa Indonésia

Kutha Magelang iku kutha ing Jawa Tengah Indonésia, pernahé ing tengah-tengah provinsi Jawa Tengah Indonésia. Leté saka kutha Semarang 76 km lan saka kutha Yogyakarta 42 km. Jembar wewengkon kutha iki ± 18,12 km² utawa hèktar.

Sajarah[besut | besut sumber]

Dina dadi Kutha Magelang dikukuhaké miturut Peraturan Laladan Kutha Magelang Nomer 6 Taun 1989, sing wosé tanggal 11 April 907 Masehi minangka dina daadi. Panetepan iki minangka tindak lanjut saka seminar lan dhiskusi sing diayahi déning Panitia Dina Dadi Kutha Magelang bebarengan karo Universitas Tidar Magelang, dibantu nimpuna sajarah lan arkéologi Universitas Gadjah Mada, Drs.MM. Soekarto Kartoatmodjo, dilengkapi manéka panelitèn ing Museum Nasional lan Museum Radya Pustaka-Surakarta. Kutha Magelang miwiti sajarahé minangka désa perdikan Mantyasih, sing wektu iki kaloka minangka Kampung Meteseh ing Kalurahan Magelang. Mantyasih dhéwé duwé makna duwé iman sajeroning Cinta Kasih. Ing kampung Meteseh wektu iki ana sawijining lumpang watu sing diyakini minangka papan upacara panetepan Sima utawa Perdikan. Kanggo nelusuri sajarah Kutha Magelang, sumber prasasti sing dipigunakaké ya iku Prasasti Poh, Prasasti Gilikan lan Prasasti Matyasih. Kateluné arupa parsasti sing ditulis ing lempengan tembaga. Parsasti POH lan Mantyasih ditulis jaman Mataram Hindhu wektu pamaréntahan Raja Rake Watukura Dyah Balitung (898-910 M), sajeroning prasasti iki ingaran-sebut anané Désa Mantyasih lan jeneng Désa Glangglang. Mantyasih iki sing sabanuré owah dadi Meteseh, déné Glangglang owah dadi Magelang. Prasasti Mantyasih isi antarané, panyebutan jeneng Raja Rake Watukura Dyah Balitung, sarta panyebutan angka 829 Çaka wulan Çaitra tanggal 11 Paro-Gelap Paringkelan Tungle, Pasaran Umanis dina Senais Sçara utawa Sabtu, utawa dina Setu Legi tanggal 11 April 907. Sajeroning Prasasti iki ingaran uga Désa Mantyasih sing dikukuhaké déning Sri Maharaja Rake Watukura Dyah Balitung minangka Désa Perdikan utawa laladan bébas pajeg sing dipanggedhèni déning punggawa patih. Uga ingaran-sebut Gunung SUSUNDARA lan WUKIR SUMBING sing saiki kaloka minangka Gunung Sindoro lan Gunung Sumbing. Sabanjuré Magelang tuwuh dadi kutha lan dadi Kutha krajan Karesidhènan Kedhu lan uga naté dadi Kutha krajan Kabupatèn Magelang. Sawisé mangsa kamardikan kutha iki dadi kuthapraja lan sabanjuré dadi kuthamadya lan ing era reformasi, sairing karo anané otonomi marang laladan, sebutan kuthamadya diganti dadi kutha. Nalika Inggris nguasani Magelang ing abad ka 18, kutha iki didadèkaké punjer pamaréntahan setingkat Kabupatèn lan diangkat Mas Ngabehi Danukromo minangka Bupati pisanan. Bupati iki sing sabanjuré ngrintis madegé Kutha Magelang kantho yasa Alun - alun, yasan papan panggonan Bupati sarta sawijining masjid. Sajeroning perkembangan sabanjuré dipilih Magelang minangka Kutha krajan Karesidhènan Kedhu ing taun 1818. Sawisé pamaréntah Inggris ditaklukaké déning Walanda, kalungguhan Magelang tansaya kuwat. Déning pamaréntah Walanda, kutha iki didadèkaké punjer lalu lintas perékonomian. Saliyané iku amarga dunungé sing strategis, hawané sing seger sarta pemandangané sing éndah Magelang banjur didadèkaké Kutha Militer: Pamaréntah Walanda terus njangkepi sarana lan prasarana kutha. Menara air ombèn diyasa ing tengah-tengah kutha taun 1918, perusahaan listrik wiwit operasi taun 1927, lan dalan -djalan arteri banjur diaspal[1].

Bali Kutha Magelang ing taun 1925-1936

Géografi[besut | besut sumber]

Kutha Magelang anané ing: 70° lintang kidul lan 110° bujur wétan. Kutha iki diubengi déning gunung-gunung lan bukit ya iku: gunung Sindara, gunung Sumbing, gunung Perahu, gunung Telamaya, gunung Merbabu, gunung Merapi, gunung Andhong lan pagunungan Menorèh. Ing kutha Magelang uga ana bukit ya iku: bukit Tidar.

Pamaréntahan[besut | besut sumber]

Kutha Magelang katata sajeroning 3 kacamatan lan kalurahan. Kacamatan-Kacamatan ing Kutha Magelang ya iku:

Panganan lan Plesiran[besut | besut sumber]

Panganan kas[besut | besut sumber]

Plesiran[besut | besut sumber]

  • Taman Kyai Langgeng. Taman Kyai Langgeng dumunung ing Kutha Magelang, persisé ing Dalan Cempaka. Minangka siji-sijiné taman ing Kutha Magelang sing jembaré 28 hèktar. Dunungé watara 1 kilomèter saka punjer kutha arah mangidul. Taman wisata iki duwé atusan kolèksi tanduran langka sing bisa dimanfaataké minangka objèk panelitèn, reca-reca Dinosaurus ing ukuran asli, manéka fasilitas dolanan, sarta prototipe montor mabur. Objèk wisata iki dumunung watara 19 Kilomèter saka Candhi Barabudhur, 35 kilomèter saka Kopèng utawa 50 Kilometer saka Candhi Prambanan lan 42 kilomèter saka Monumèn Jogja Kembali.
  • Museum

Rujukan[besut | besut sumber]

Uga delengen[besut | besut sumber]

Pranala njaba[besut | besut sumber]