Kabupatèn Pemalang

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
{{{nama}}}

Lambang {{{nama}}}
{{{peta}}}

Peta lokasi {{{nama}}}
Koordinat : -
Motto: Indah, Komunikatif, Hijau, Lancar, Aman, Sehat (IKHLAS)
Provinsi Jawa Tengah
Kutha krajan Pemalang
Jembar {{{luas}}}
Pedunung  
 · Cacahé {{{penduduk}}}
 · Kapadhetan {{{kepadatan}}} jiwa/km²
Pamérangan administratif  
 · Kecamatan {{{kecamatan}}}
 · Désa/kelurahan {{{kelurahan}}}
Dhasar hukum UU No. 13/1950
Tanggal -
Dina dadi {{{hari jadi}}}
{{{kepala daerah}}} {{{nama kepala daerah}}}
Kodhe area telepon 0284
APBD {{{apbd}}}
DAU Rp. 330.900.000.000
Suku bangsa {{{suku bangsa}}}
Basa {{{bahasa}}}
Agama {{{agama}}}
Flora resmi {{{flora}}}
Fauna resmi {{{fauna}}}
Zona wektu {{{zona waktu}}}
Bandhar udhara {{{bandar udhara}}}

Situs web resmi: http://www.pemalangkab.go.id/

Kabupatèn Pemalang iku kabupatèn kang ana ing Propinsi Jawa Tengah.[1] Jarake kira-kira 135 km mengulon saka Semarang.[1] Kabupatèn iki wewatesan karo Segara Jawa ing sisih lor, Kabupatèn Pekalongan ing sisih wétan, Kabupatèn Purbalingga ing sisih kidul, sarta Kabupatèn Tegal ing sisih kulon.

Sajarah[besut | besut sumber]

Eksistensi Pemalang ing abad XVI bisa dihubungaké karo cathetan Rijkloff van Goens lan dhata ing buku W. Fruin-Mees sing njlèntrèhaké manawa ing taun 1575 Pemalang iku dadi salah siji saka 14 laladan kang merdéka ing Pulo Jawa, sing dipimpin dèning pangéran utawa raja. Ing perkembangané, Sénopati lan Panembahan Sedo Krapyak saka Mataram nelukaké laladan-laladan kasébut, ing antarané Pemalang. Wiwit iku Pemalang dadi laladan vasal Mataram sing dipréntah déning pangéran utawa raja vasal.[1]

Pemalang lan Kendhal ing mangsa sadurungé abad XVII minangka laladan sing luwih wigati tinimbang Tegal, Pekalongan lan Semarang. Amarga saka iku dalan gedhé sing ngubungaké laladan pesisir lor karo laladan pedalaman Jawa Tengah (Mataram) sing ngliwati Pemalang lan Wiradésa dianggep minangka dalan paling tuwa sing ngubungaké rong kawasan kasebut.

Populasi padunung minangka pemukiman ing padésan sing wis tumata muncul ing periode abad wiwitan Masehi nganti abad XIV lan XV, lan sabanjuré tuwuh ngrembaka ing abad XVI, ya iku jroning masa perkembangan Islam ing Jawa sangisoré Krajan Demak, Cirebon lan Mataram.

Seni Kabudayan[besut | besut sumber]

Kesenian tradisional Sintren
  • Sintren, kesenian iki nggambarake laku uripe bocah wadon sing isih gadhis, dilakokaké déning gadhis sing isih prawan lan durung akil balik.[2]
  • Jaran Ebleg
  • Wayang Kulit
  • Wayang Golèk
  • Penganten Pemalangan utawi Penganten Sintren
  • Tari Slendhang Pemalang
  • Tari ATBM, sawijine tari cekakan saka ukara Alat Tenun Bukan Mesin, tari kanggo mromosikake prodhuk unggulan Pemalang arupa sarung tenun lurik asil kerajinan masyarakat ing Kacamatan Taman.
  • Baritan

Geografi[besut | besut sumber]

Kabupatèn Pemalang wewatesan:

ing sisih lor karo: Segara Jawa
ing sisih kidul karo: Kabupatèn Purbalingga
ing sisih kulon karo: Kabupatèn Tegal
ing sisih wétan karo: Kabupatèn Pekalongan

Pembagian Laladan Administratif[besut | besut sumber]

Kabupatèn Pemalang dibagi dadi 14 kacamatan,[1] lan dibagi manèh dadi pirang-pirang désa lan kalurahan. Pusat pemerintahané ing Kacamatan Pemalang.

Kejaba Pemalang, kota-kota kacamatan liyané sing cukup signifikan perkembanganané ya iku Comal, Petarukan, Ulujami, Randudongkal lan Moga.

Kacamatan ing Kabupatèn Pemalang ya iku:

  1. Bodeh
  2. Ulujami
  3. Comal
  4. Ampelgading
  5. Petarukan
  6. Taman
  7. Pemalang
  8. Bantarbolang
  9. Randudongkal
  10. Warupring
  11. Moga
  12. Pulosari
  13. Watukumpul
  14. Belik

Kabupatèn Pemalang akèhé saka suku Jawa. Ing sisih kulon lan kidul, pendunungé ngomongé nganggo basa Jawa dhialèk Tegal lan Banyumas, ing sisih wétan kaya ing Petarukan, Comal, Ulujami, Ampelgading lan Bodeh nganggo basa Jawa dialèk Pekalongan.

Indhustri Rumah Tangga[1][besut | besut sumber]

  • ATBM, Industri cilik krajinan Tenun ATBM akèh ditemoni ing Désa Wanarejan, Désa Beji Kec. Taman Kabupatén Pemalang. Prodhuksi sing dihasilké awujud sarung kemabang / goyor sarung palekat kain lurik khas Pemalang Prodhuksi sarung goyor kasebut wis akèh sing kenal lan pemasarané nganti luar laladan lan manca nganti tekan Afrika Timur lan Timur Tengah.[1]
  • Konveksi ing Ulujami.
  • Sapu Glagah ing Majalangu.
  • Krajinan Kulit Ula ing Comal.

Panggonan Pariwisata[1][besut | besut sumber]

  • Pasisir Widuri. Obyèk wisata iki dadi andhalané Pemalang ing sèktor pariwisata, dumunung ing désa Widuri Kacamatan Pemalang. Pasisir iki nduwèni panorama sing éndah, utamané ing wektu sunset (srengéngé arep kangslup) lan sunrise (srengéngé arep njedhul).[3]
  • Kolam Renang dan Peristirahatan Moga
  • Cepaka Wulung
  • Curug Sibedil
  • Curug Sipendok
  • Telaga Silating
  • Curug Bengkawah
  • Gunung Gajah
  • Goa Gunung Wangi
  • Pasisir Joko Tingkir
  • Pasisir Blendung
  • Pasisir Widuri
  • Bukit Mendelem
  • Curug Lawang
  • Curug Barong
  • Telaga Rengganis
  • Kolam renang Bening

Kuliner[besut | besut sumber]

Panganan khas saka Pemalang ya iku grombyang, lonthong dhekem, kamir, lan apem Comal.

Tokoh Kawentar saka Pemalang[besut | besut sumber]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ a b c d e f g Situs Resmi Kabupatèn Pemalang (diunduh tanggal 22 Maret 2011)
  2. ^ Budaya (diunduh tanggal 23 April 2011)
  3. ^ Pasisir Widuri Pemalang Memiliki Keunikan Tersendiri (diunduh tanggal 23 April 2011)
  4. ^ a b Daftar Kapolri dari Dulu Hingga Sekarang (diunduh tanggal 24 April 2011) Cacad panyuplik: Invalid <ref> tag; name "internet7" defined multiple times with different content
  5. ^ Setiawan/id/107 Hendra_Setiawan (diunduh tanggal 24 April 2011)
  6. ^ Jebul Artis Kristina Wong Pemalang (diunduh tanggal 24 April 2011)
  7. ^ Keluarga Tunggu Jenazah Dulmatin (diunduh tanggal 24 April 2011)
  8. ^ al-qur-an-h-muammar (diunduh tanggal 24 April 2011)

Pranala njaba[besut | besut sumber]