Sintren

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Kesenian tradhisional Sintren atau Lais

Sintren' inggih punika salah satunggaling kesenian tradhisional Jawi. Sintren punika tembungipun saking tembung “Si” lan “tren”. Si inggih punika tegesipun “dhèwèkè” utawi “Si”, kaliyan tren ingkang tegesipun “Tri” utawi saking tembung “putri”. Dados sintren tegesipun “Si Putri” ingkang dados lakon wonten ing kesenian punika. Sintren ugi sebatan kanggelakon wonten ing salah satunggaling kasenian. Nanging sapunika dados sebatan kanggé kesenian jogèd punika. Sintren saking tembung sesantrian ingkang tegesipun niru santri do0lanan lais, debus, rudat, utawi ubrug ngginakaken ngèlmu ghaib. Sintren iku kagunan tradhisional kang ana ing pasisir Jawa Tengah lan Jawa Kulon.[1] Asline, sing dadi penariné wong wadon kang isih suci (prawan), nanging ana kalané dipandhégani déning sawijining priya kang nganggo busana wanita.[1] Sintren iki ana ing satengahing pagelaran ebeg, para pemaine padha mendem (intrance).[1] Banjur, salah sijiné paraga mau ditindhih lesung lan dileboaké ing kurungan.[1] Ing njero kurungan iku, wong mau dandan kaya déné wanita lan njogèt kaya déné sing liyané.[1] Ing sawetara kadadéan, paraga mau nglakokaké thole-thole, ya iku sing nari nggawa tampah lan mubeng ing kalangan njaluk sumbangan karo sing mirsani.[1]

Sulasih lan Sulandana[besut | besut sumber]

Ana carita rakyat kang dadi landhesane sintren iki, ya iku Sulasih lan Sulandana (Sulandono).[1]

Sulandana iku putrane Ki Baureksa karo Dewi Rantamsari. Sulandana kepranan marang Sulasih, kenya saka Désa Kalisalak.[1] Emane, Ki Baureksa ora sarujuk.[1] Sulandana ora trima, dhèwèké lunga tapa (semèdhi) lan Sulasih dadi tukang njoget (penari).[1]

Ewa semana, kekaroné isih tansah sapatemon ing alam gaib. Patemon iku linantaran déning Dewi Rantamsari.[1] Ibune Sulandana mau nglebokaké roh widodari ing awake Sulasih.[1] Sawisé iku, Dewi Rantamsari ngundang Sulandana kang lagi tapa mau supaya teka.[1]

Mula saka iku, ing pagelaran sintren ana pawang kang nyoba nglebokkaké roh widodari.[1] Syaraté, sing nari sintren mau kudu wanita kang isih suci.[1] Yèn ora suci, roh widodari ora gelem manjing.[1]

Ana 3 Prakara kang dilakoni déning Penari Sintren[besut | besut sumber]

Sepisan, pawang nyekel tangan lorone calon penari sintren, banjur didelehake ing dhuwuré kemenyan kanthi angucap mantra, banjur calon penari sintren dataleni sakujur awake.[2]

Kaping pindho ya iku calon pengantin sintren dilokake ing kurungan pitik.[2] Busana sintren lan kelengkapan pacak uga mèlu dilokake ana kurungan.[2] Sawisé wektune wis ngancik, kurungan dibukak, lan penari sintren wis bubar macak kanthi awak tinalen.[2] Banjur sintren ditutupi kurungan manèh.[2]

Kaping telu, sawisé ana tandha-tandha sintren wis dadi (lumrahé kurungan obah dhéwé) kurungan dibukak, banjur taline sintren diuculi lan siyap nari.[2] Saliyané nari, sintren uga bisa akrobat ing dhuwuré kurungan.[2]

Panggénan Pertunjukan Sintrèn[besut | besut sumber]

Panggénan kanggé ‘’’Sintrèn’’’ inggih punika papan panggènan wonten ing njawi.[3] Tegesipun mangké boten wonten wates antawisipun penari kaliyan pamiarsa lan ugi ingkang nyengkuyung ‘’’Sintrèn’’’ punika.[3] Supados langkung “komunikatif” nalika acara balangan kaliyan temohon, antawisipun pamiarsa kaliyan Penari ‘’’Sintrèn’’’ punika katingal nyawiji wonten ing pertunjukan punika.[3] Pamirsa mangké dados ndhèrèk nari sasampunipun Balangan.[3]

Wekdal Penyajian[besut | besut sumber]

Pertunjukan Sintrèn rumiyin dipunsuguhaken nalika sepi ing dalu wulan purnama lan langkung utami nalika malem kliwon.[3] Amargi Sintrèn punika dipunpitados wonten gegayutanipun kaliyan roh alus ingkang njelma kaliyan penari Sintrèn.[3] Nanging sapunika pertunjukan sintrèn saged dipunadani kapan kemawon, saged siyang menapa dalu lan boten kedah nalika wulan purnama.[4]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b c d e f g h i j k l m n o p [1].
  2. a b c d e f g [2] (diakses tanggal 12 Maret 2011)
  3. a b c d e f [Lela Nurhayati,Rukoyah.2010.Kesenian Sintren di jawa Tengah.Dinas kabudayan dan Pariwisata Jateng:Semarang]
  4. http://budayanusantara.blogsome.com/2010/04/22/sintren-budaya-masyarakat-pesisir/