Kabupatèn Grobogan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Kabupatèn Grobogan
Lambang Grobogan.gif
Lambang Grobogan
Motto: ""
Gambar:Locator kabupatèn grobogan.gif
Tugu selamat datang Purwodadi JATENG.jpg
Dina Dadi: 4 Maret 1726 (21 Jumadilakir 1650 AJ
Kutha krajan: Purwadadi
Bupati: Agus Supriyanto, SE
Wakil Bupati: Bambang Pujiono, SH
Jembar
 - Total:

1.975,86 km²
Kacamatan
 - Cacahe:

19 Kacamatan
Padunung
 - Total:
 - Kapadhetan:

+/- 1.346.225 jiwa (2002)
+/- 681 / km²
Suku Bangsa: wong Jawa
Agama: Kajawèn, Islam, Protestan, Katolik, Hindu lan Buddha
Basa: Basa Jawa lan Basa Indonésia
Bledhug Kuwu
Geni abadi Mrapèn
Watu bobot

Kabupatèn Grobogan iku iku kabupatèn ing Jawa Tengah, lokasine ing sisi wetan, kutha Purwadadi iku kutha krajan kabupatène, kota-kota liyane :, lan liya-liyane. Luas wewengkon Kabupatèn iki ± 1.975,86 km² utawa hektar.

Sajarah[besut | besut sumber]

Geografis[besut | besut sumber]

Grobogan diapit anatarané Pegunungan Kendeng ning sisih kidul lan Pegunungan Kapur Lor ning sisih lor. Sanadyan panas ning mangsa ketiga, Grobogan dadi salah siji lumbung pari ning propinsi Jawa Tengah, merga kapupaten iki nduwèni akèh tlaga lan waduk kanggo irigasi sawah-sawah ning sisih kidul lan kulon kabupatèn (Waduk Klambu, Waduk Sedadi lan Waduk Kedung Ombo). Mangsané Waduk Kedung Ombo lagi dibangun, akèh rakyat sing ora sepakat, merga pembangunan waduk iki ora duwéni persetujuan saka masyarakat désa-désa sing diwajibke bedhal désa. Pembangunan waduk iku diragati déné Bank Ndonya (the World Bank). Sak liyane waduk, uga ana rong kali, jenengé Kali Lusi (utawa kali Pilang) lan Kali Serang. Mangsa rendeng, kali-kali iki isa nyebabkà banjir bandang.

Pemerentahan[besut | besut sumber]

Grobogan dadi kabupatèn tanggal 4 Maret, 1726, ambané kurang luwih 1.975,86 km², (sumber liyané nyebutké 1.875,85 km²), kabutan paling amba nomer 2 ning Propinsi Jawa Tengah. Cacah jiwa Grobogan tahun 2004 ana 1.359.191 jiwa. Grobogan nduwèning 19 kacamatan, lan 280 désa. Bates sisih lor ya iku Kabupatèn Demak, Pati lan Kudus, ning sisih wetan kabupatèn Blora lan ning sisih kidul kabupatèn Ngawi (Propinsi Jawa Wetan), Sragen lan Boyolali, lan ning sebelah kulon kabupatèn Semarang.

Sing dadi Bupati ya iku Agus Supriyanto SE lan wakil Bupatiné Bambang Pujiono SH (2006).

Kabupatèn Grobogan ketata saking 19 kacamatan, 7 kalurahan lan 273 désa. Kacamatan-Kacamatan ing Kabupatèn Grobogan ya iku:

Agama[besut | besut sumber]

Kaya kabupatèn-kabupatèn liyané ning Jawa Tengah, agama utama sing digegem wong Grobogan iku agama Islam. Sakliyané, uga ana wong sing nganut agama Kristen, Katolik, Hindu lan Budha. Uga ana wong sing nggegemi agama kejawen.

Pendidikan[besut | besut sumber]

Meh kabèh sekolah sing ana diragati karo nagara – sekolah negari. Nanging ana uga sekolah-sekolah suwasta, kaya Madrasah Ibtidaiyah, Muhammadiyah, PGRI, lan sekolah Kristen. Tekan tahun 2007, Kabupatèn Grobogan durung nduwèni universitas. Sanadyan pendidikan SD lan SMP diwajibke nagara, jumlah murid SMP mung 58,13 persen, lan jumlah murid SMA mung 21, 19 persen saka umur sing sak wajibé kudu sekolah (2004).

Sosial Ekonomi[besut | besut sumber]

Seni lan Budaya[besut | besut sumber]

Seni budaya Jawa ning Grobogan akèh diprabawai seni budaya Islam saka Kasultanan Demak lan Kudus, ditambah prabawa Islam-Hindu, saka Kasunanan Surakarta. Contoné iku budaya Kathamansunatan kanggo bocah lana mangsa akil balik. Klambi sing dienggo déné bocah sing disunat, dijupuk saka budaya arab, ditambah karo “terbangan” nganggo terbang lan kentrung sing luwih cedhak karo budaya Islam. Nanging kanggo pengantenan, klambi lan uba rampé luwih cedhak karo budaya Hindu-Jawa. Ana uga budaya sing luwih “merakyat” utawa “profane”, kaya jogetan seni tayub utawa ledhek. Jejogetan iki sawijine jejogetan nganggo gamelan Jawa. Penjoget utamané biasané priyayi putri. Tembang-tembangané rada gumbira. Jaman ndhisik, kluarga sing nduwèni hajatan kaya mantenan, sunatan utama slametan liyané nanggap tayub utawa ledhek. Lan biasané slametan iku sak rampungé mangsa panen.

Panganan lan Plesiran[besut | besut sumber]

Panganan khas[besut | besut sumber]

Ning Indonésia, Purwodadi Grobogan dikenal saka "Swikee", jangan kodhok (biasané kodhok ijo) ganggo taucho. Sakjané, Swikee iku olah-olahan Tionghoa. Amarga ana akèh keluarga Tionghoa sing manggon ning Purwodadi lan duwéni pabrik kecap, jangan kodhok dadi masakan asli Purwodadi.

Plesiran[besut | besut sumber]

Pranala Jaba[besut | besut sumber]