Menyang kontèn

Sawah

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Sawah mawa téras ing Viètnam
Weluku ing satengahé sawah ing Sléman, Ngayogyakarta
Kaendahan kuwaosaning Gusti

Sawah utawa sabin (basa krama) iku tegal kanggo budidaya tuwuhan pari. Sawah iku lumrahé papané ana ing rawa-rawa teles. Yèn sawah garing, dijenengaké sawah gaga. Sawah dipethak-pethak lan diwatesi nganggo galeng utawa galengan (basa Indonésia: pematang). Sawah kang diwèhi banyu mawa sistèm irigasi diarani sawah irigasi, déné yèn banyuné mung ngandelaké saka tumuruning udan diarani sawah tadhah udan.

Sajarah

[besut | besut sumber]

Para ahli purbakala lumrahé percaya yèn tetanèn ing lahan teles kaya sawah iki asalé saka Cina. Ing Caoxieshan, sawijining situs saka jaman budaya Neolitik Majiabang, ahli purbakala nemu patilasan sawah [1]. Sawetara ahli nyatakaké yèn Caoxieshan wus ana ing taun 4000-3000 S.M.[2][3], nanging saiki, tilas sawah kang luwih tuwa tinemu ing Koréa[4]. Ana bukti arkéologis yèn gabah disimpen kanggo pasadiyan militèr ing jaman Neolitik déning Dinasti Han ing Cina.[5]

Pangolahan lahan sawah kanthi tradhisional

[besut | besut sumber]

Ngolah lemah lahan sawah utmané kang disiapaké kanggo nandur pari kanthi tradhisional antarané dumadi saka saweatara pagawéan kanthi urutan kaya mangkéné:

  • Macul kanggo malik lemah mligi ing pinggir-pinggir galeng kang isih akèh ngandut hara.
  • Mluku malik lemah nganggo piranti waluku.
  • Nggaru ngratakaké lemah nganggo piranti garu kang disèrèt sapi utawa kebo
  • Nyebar winih|Nyebar yaiku nyebar winih pari ing papan pawinihan.
  • Ndhaut iku nyabuti winih pari saka papan pawinihan lan disiapaké kanggo ditandur.
  • Tandur iku nandur bibit pari kang wis didaut kanthi jèjèr ing lahan kang wis warata amarga digaru.
  • Matun iku ngresiki suket utawa gulma
  • Sulam yaiku nyulami utawa ngganti yèn ana sapèrangan wit pari kang mati
  • Ngabuk yaiku mènèhi abuk ing sawah nganggo warna-warna abuk gumantung kabutuhan.
  • Derep yaiku manèn pari kanthi cara tradhisional yaiku nganggo piranti ani-ani.
  • Bawon yaiku bagi asil panèn pari antarané kang duwé sawah karo kang ngayahi derep. Sing umum wong derep olèh pérangan sapro enem utawa sapro wolu saka asilé derep.

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. Fujiwara, H. (ed.). Search for the Origin of Rice Cultivation: The Ancient Rice Cultivation in Paddy Fields at the Cao Xie Shan Site in Cina. Miyazaki: Society for Scientific Studies on Cultural Property, 1996. (In Japanese and Chinese)
  2. Fujiwara 1996
  3. Tsude, Hiroshi. Yayoi Farmers Reconsidered: New Perspectives on Agricultural Development in East Asia. Bulletin of the Indo-Pacific Prehistory Association 21(5):53-59, 2001.
  4. Crawford, Gary W. and Gyoung-Ah Lee. Agricultural Origins in the Korean Peninsula. Antiquity 77(295):87-95, 2003.
  5. "Expansion of Chinese Paddy Rice to the Yunnan-Guizhou Plateau". Dibukak ing 2007-08-06.

Pranala njaba

[besut | besut sumber]