Menyang kontèn

Pantun

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Pari)
Pantun
Gambar deskripsi pantun saking Koehler's Book of Medicinal Plants
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Dhivisi: Angiospermae
Klas: Monocotyledoneae
Ordho: Poales
Famili: Poaceae
Génus: Oryza
Spesies
  • O. barthii
  • O. glaberrima
  • O. latifolia
  • O. longistaminata
  • O. punctata
  • O. rufipogon
  • O. sativa

Pantun (basa ngoko: pari) punika salah satunggaling tuwuhan budidaya wigatos kanggé nyekapi kabetahan pangan wujud wos amargi dados sumber karbohidrat kanggé mayoritas tiyang ing donya.

Saking sadaya serealia wonten ing donya, prodhuksi pantun punika urutan nomer tiga sasampunipun jagung lan gandum.

Prodhuksi lan perdhagangan pantun/wos ing donya

[besut | besut sumber]

Nagari ingkang ngasilaken pantun/wos kathah inggih punika Tiongkok (31% saking total prodhuksi ing donya), India (20%), lan Indonésia (9%). Nanging namung sapérangan alit prodhuksi pantun wonten ing donya ingkang dipundagangaken antar nagari. Thailand punika ngèkspor pantun ingkang kathah piyambak (26 % saking total pantun ingkang dipundangangaken ing donya). Sasampunipun Thailand inggih punika Vietnam (15%) lan Amérika Sarékat (11%). Indonésia punika nagari ingkang ngimpor pantun paling ageng ing donya (14% saking pantun ingkang dipundagangaken ing donya). Sasampunipun Indonésia inggih punika Bangladesh (4%) lan Brazil (3%).

Prodhusén pantun paling ageng — 2005
(yuta métrik ton)
 Tiongkok 185
 Indhi 129
 Indhonésia 54
 Banggaladésa 40
 Viètnam 36
 Thai 27
 Myanmar 25
 Pakistan 18
 Filipina 15
 Brazil 13
 Jepang 11
Total Dunia 700
Sumber:
Organisasi Pangan lan Pertanian (FAO)
[1] Archived 2006-06-19 at the Wayback Machine.

Biologi pantun

[besut | besut sumber]

Ciri-ciri umum

[besut | besut sumber]

Pantun punika kalebet wonten ing suku padi-padian (Graminae, sinonim Glumiflorae, sinonim Poaceae). Sapérangan ciri suku (familia) punika ugi dados ciri pantun, inggih punika:

  • oyotipun serabut
  • wangun godhongipun lanset (ciut lan panjang)
  • urat godhong sajajar
  • gadhah pelepah godhong
  • kembang kasusun déning kembang majemuk kanthi kembang ékan wujud floret
  • floret kasusun wonten ing spikelet, mirunggan kanggé pantun satunggal spikelet namung gadhah satunggal floret.
  • woh lan wiji awrat dipunbèntenaken amargi wujud bulir (basa Inggris: Gain) utawi kariopsis.

Panyebaran lan adhaptasi

[besut | besut sumber]

Pantun kasebar kathah ing saindhenging donya lan gesang ing sadaya pérangan donya ingkang gadhah cekap toya lan hawa ingkang cekapan angetipun. Pantun remen siti ingkang lembab lan bècèk. Miturut para ahli, pantun punika évolusi saking tuwuhan moyang ingkang gesang ing rawa. Dhasar pamanggihipun inggih punika wontenipun jinis pantun ingkang gesang wonten ing rawa-rawa (saged kapanggih ing sapérangan panggènan ing pulo Kalimantan), kabetahan pantun ingkang kathah dhumateng toya ing sapérangan tahap gesangipun, lan wontenipun pembuluh mligi ing pérangan oyot pantun ingkang migunani kanggé ngaliraken oksigèn tumuju pérangan oyot.

Genetika lan pemuliaan pantun

[besut | besut sumber]

Setunggal sét génom pantun wonten 12 kromosom. Setunggal sèl pantun gadhah 12 pasang kromosom (kajawi sél sèksual) amargi pantun punika wujud tuwuhan diploid.

Pantun punika dados organisme modhèl wonten ing kajian genetika tuwuhan amargi kalih alasan, inggih punika kapentinganipun kanggé umat manungsa lan ukuran kromosom ingkang relatif alit inggih punika 1,6 – 2,3 x 108 pasangan basa (base pairs, bp) (Sumber: situs Gramene.org). Kanggé tetuwuhan modhél, genom pantun sampun dipun-sekuensing (sequenced), kados ugi genom manungsa. Hasil peruntutan genom pantun saged dipunpirsani wonten ing situs NCBI.

Sekuensing genom pantun dados bahan baku wonten ing upados pamulèn tuwuhan pantun ingkang ngginakaken rekayasa genetika. Pamulèn pantun piyambak sampun sauntawis wekdal, limrahipun ngginakaken métodhe silsilah. Salah satunggaling tahap paling wigatos wonten ing pamulèn pantun inggih punika dipun-rilisipun kultivar ‘IR5’ lan ‘IR8’, ingkang dados pantun nomer satunggal ingkang umuripun cendhak nanging gadhah poténsi asil ingkang kathah. Punika dados wiwitanipun révolusi ijem wonten ing budidaya pantun. Werni-warni kultivar pantun salajengipun limrahipun gadhah ‘darah’ kekalih kultivar perintis kalawau.

Wiwit pungkasan abad kalihdasa dipunkembangaken pantun hibrida, ingkang gadhah potensial asil langkung inggil. Amargi beaya ndamelipun ingkang ageng, kultivar jinis punika dipunsadé kanthi regi langkung awis tinimbang kultivar pantun ingkang dipunrakit mawi métodhe sanès.

Sanèsipun ndadosaken potènsi asil ingkang langkung saé, sasaran pamulèn pantun njangkep ugi tuwuhan ingkang langkung tahan saking organisme pengganggu tanaman (OPT) lan tekanan (stres) abiotik (umpaminipun: kawontenan garing, salinitas, lan siti masem). Pamulèn ingkang dipunarahaken ing paningkatan mutu sekul ugi dipunupados, umpaminipun kanthi ngrakit kultivar ingkang ngandhet karoten (provitamin A).

Variétas pantun

[besut | besut sumber]

Wonten kalih spésies pantun ingkang dados tuwuhan budidaya, inggih punika Oryza sativa lan Orysa glaberrima. Oryza sativa dipunkinten asalipun saking laladan hulu lèpèn ing sukunipun Pagunungan Himalaya (India lan Tibet/Tiongkok). Orysa glaberrima dipunkinten asalipun saking Afrika Kilèn (hulu Lèpèn Niger).

Oryza sativa wonten kalih variétas, inggih punika indica lan japonica sinonim sinica. Variétas japonica limrahipun umuripun panjang, postur inggil nanging gampil rebah, paleanipun gadhah “wulu” (basa Inggris: awn), wijinipun panjang. Variétas indica, sawangsulipun, umuripun langkung cendhak, postur langkung alit, paleanipun boten wonten wulunipun utawi namung cendhak kéwawon, lan wiji oval. Kekalihipun saged silih mbuahi, nanging perséntase kasilipun boten inggil/kathah. Conto ingkang misuwur saking asil persilangan punika kultivar IR8, ingkang dados seléksi saking persilangan variétas japonica lan variétas indica. Sanèsipun kalih variétas punika, dipuntepangi ugi saklompok pantun ingkang gadhah sipat mèmper kaliyan variétas utami ing nginggil. Variétas javanica namung kapanggih wonten ing pulo Jawi.

Ing lor Iran, ing Provinsi Gilan, akèh cultivars beras Indica kalebu Gerdeh, Hashemi, Hasani, lan Gharib wis dikembangke déning tani[1]

Reprodhuksi pantun

[besut | besut sumber]

Saben kembang pantun gadhah 6 kepala sari (anther) lan kepala putik (stigma) ingkang cawang 2 lan wangunipun kados sikat botol. Kekalih organ séksual punika limrahipun siyap reprodhuksi ing wekdal ingkang sami. Kepala sari kadhangkala medal saking palea lan lemma manawi sampun mateng.

Pantun punika tuwuhan ingkang penyerbukanipun piyambak dipunbantu angin lan gegremet, amargi 95% utawi langkung serbuk sari mbuahi sèl telur tuwuhan ingkang sami (satunggal uwit).

Sasampunipun pambuahan, zigot lan inti polar ingkang sampun dipunbuahi énggal kémawon nyigar dhiri. Zigot tambah ageng minangka embrio lan inti polar dados endospermia. Wonten ing pungkasan perkembangan, sapérangan ageng bulir pantun gadhah pathi ing pérangan endospermia. Kanggé tetuwuhan anèm, pathi migunani minangka cadhangan pangan. Tumraping manungsa, pathi dipunmupangataken minangka sumber gizi.

Sistem budidaya pantun

[besut | besut sumber]

Teknik budidaya pantun sampun kaloka manungsa éwon taun kepengker. Sapérangan sistem budidaya dipunterapaken dhumateng pantun, inggih punika:

  • Budidaya pantun sabin (basa Inggris: paddy utawi paddy field), dipunkinten kawiwitan saking laladan lembah Lèpèn Yangtze ing Tiongkok.
  • Budidaya pantun lahan garing, kaloka manungsa langkung rumiyin tinimbang budidaya pantun sabin.
  • Budhidaya pantun lahan rawa, dipunterapaken ing sapérangan panggènan ing pulo Kalimantan.
  • Budidaya gaga rancah utawi dipunsingkat gora, ingkang kaubah saking budidaya lahan garing. Sistem punika suksès dipunterapaken ing pulo Lombok, ingkang namung gadhah usum jawah singkat/cendhak.

Saben sistem budidaya mbetahaken kultivar ingkang adaptif kanggé sistem punika piyambak-piyambak. Golongan kultivar pantun ingkang cocog kanggé lahan garing kaloka kanthi sebutan pantun gaga.

Sacara ringkes, urutanipun tanem pantun inggih punika nyebar winih, tanem, pangopènan (kalebet njagi cacahing toya ingkang dipunbetahaken, matun, pangreksan tuwuhan, ugi maringi rabuk), lan panèn. Perkawis wigatos nanging boten kalebet ing urutanipun tanem pantun inggih punika pamilihan kultivar, pamrosèsan wiji lan panyimpenan wiji.

Pangolahan pantun

[besut | besut sumber]

Sasampunipun pantun dipunpanèn, bulir pantun utawi gabah dipunpisahaken saking merang utawi damèn pantun. Pamisahan punika wonten 3 cara, inggih punika:

  • pantun dipun-gebugi ngagem kayu, manawi sampun kathah ingkang copot gabahipun dipunlajengaken kanthi ngiles merang ngagem suku (basa ngoko: sikil) supados boten wonten gabah malih ingkang taksih cemanthel wonten ing merang.
  • pantun dipunsabetaken wonten kayu ngantos sadaya gabah copot saking damèn.
  • pantun dipunlebetaken wonten mesin pamisah gabah.

Gabah ingkang sampun resik saking merang utawi damèn, dipunkempalaken lan dipunpépé ngantos garing supados awèt manawi dipunsimpen utawi gampil anggènipun ndheplok/nggiling dados beras.

Priksani ugi

[besut | besut sumber]

Pranala njawi

[besut | besut sumber]
  • Pazuki, Arman & Sohani, Mehdi (2013). "Phenotypic evaluation of scutellum-derived calluses in 'Indica' rice cultivars" (PDF). Acta Agriculturae Slovenica. 101 (2): 239–247. doi:10.2478/acas-2013-0020. Dibukak ing February 2, 2014.
  • Pazuki, Arman & Sohani, Mehdi (2013). "Phenotypic evaluation of scutellum-derived calluses in 'Indica' rice cultivars" (PDF). Acta Agriculturae Slovenica. 101 (2): 239–247. doi:10.2478/acas-2013-0020. Dibukak ing February 2, 2014.

    Wikipedia
    Wikipedia
    Artikel punika, artikel dhasar ingkang kedah dipundarbèni sadaya basa.