Pagunungan Himalaya
Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |
Pegunungan Himalaya ya iku barisan pagunungan ing Asia, kang nyiget India saka Tibet. Himalaya iku panggonan gunung-gunung paling dhuwur ing donya, kaya Gunung Everest lan Kanchenjunga. Miturut etimologi, Himalaya duwé teges "Omah salju" ana ing basa sansekerta hima tegesé salju lan amalaya tegesé omah.
Himalaya ndawa sadawané limang nagara ya iku Pakistan, India, Cina, Bhutan lan Nepal. Himalaya uga dadi sumber rong sistem kali gedhé ing donya ya iku Kali Indus lan kali Gangga-Brahmaputra. Kira-kira 750 yuta wong manggon in laladan sakiwa-tengené ilèn banyu Himalaya, kelebu Bangladesh.
Géografi
[besut | besut sumber]Barisan Himalaya dawane kira-kira 2400 km, saka Nanga Parbat ing kulon nganti Namche Barwa ing wétan. Ambane warna-warna udakara 250-300 km. Himalaya dumadi saka telung barisan paralel kang diatur miturut dhuwur lan umur géologis.
Gologi
[besut | besut sumber]Pagunungan Himalaya iku kelebu pagunungan kang nom ing planit iki, akèh-akèhé kasusun saka watu sedimen lam metamorf. Miturut téyori lempeng tektonik, Pagunungan Himalaya dumadi saka tabrakan bawana utawa orogeny antarané lempeng Indo-Australia lan lempeng Eurasia. Banjur diwastani gunung lipat.
Tabrakan iku wiwit kalamangsa Cretaceous kira-kira 70 yuta taun kapungkur, rikala lempeng Indo-Australia lumaku kira-kira 15 cm saben tahune, banjur tabrakan karo lempeng eurasia. Udakara 50 yuta taun kapungkur, Lempeng Indo-Australia lumaku san saya rikat lan nutup samodra. Amerga watu sedimen kag enteng banjur ambrol. Lempeng Indo-Australia disurung terus mendhuwur dataran Tibet, banjur meksa dataran dhuwur kanggo munggah mandhuwur. Arakan Yoma dataran dhuwur ing Myanmar lan kepuloan Andaman lan Nicobar ing teluk benggala uga dumadi saka asil tabrakan.
Lempeng Indo-Australia isih obah 67mm saben taun lan suwéné 10 yuta taun bakal lumaku kira-kira 1.500 km menyang Asia. Udakara 20mm saben taun saka konversi India-Asia ngajokake sadawané pérangan kidul Himalaya. Iki ndadèkaké Himalaya saya dhuwur kira-kira 5 mm saben taun, banjur nggawé Himalaya aktif mawa géologi. Obahe lempeng India menjero klempeng Asia uga gawé laladan iki kerep ana lindhu.
Ekologi
[besut | besut sumber]Flora lan fauna ing Himalaya ana warna-warna miturut iklim, curah udan, dhuwure panggonan lan lemah. Iklime saka tropis ing dhasar pagunungan dadi es lan salju permanen ing panggonan kang palin dhuwur. Amerga garis lintange cedhak Tropic of Cancer, garis salju permanen ya iku kang paling dhuwur ing donya lumrahé kira-kira 5.500 mèter kanggo mbandingake pagunungan katulistiwa ing New Guine lan Rwenzoris duwé garis salju kira-kira 900 mèter luwih cendhek. Jumlah curah udan saben taun saya nambah saka kulon mangetan ing sadawané perangangan mengidul. Amerga curah udan lan kaanan lemah kang kelebu garis salju nyengkuyung manéka warna tuwuhan lan kéwan. Tuladhané ana ing panggonan kang dhuwur sanget lan iklime ya adem sanget manawa mung organisme extremophile kang bisa urip.
Flora lan fauna kang ana ing Himalaya nembé ngalami pangowahan struktur lan komposisi amarga owahe iklim. Munggahe témperatur bisa nggeser spésies ing panggonan kang luwih dhuwur. Alas ek nembé diserbu déning alas pinus ing Himalaya Garhwal. Saperangangn wit-witan dilapuraké ngembang lan nguwoh mligi jinis apel, rhododendrom lan Myrica esculenta. Jinise wit-witan kang paling dhuwur ing Himalaya ya iku Juniperus tibetica manggon ong 4.900 mèter ing Southeastern Tibet.
Hidrologi
[besut | besut sumber]Kang kelebu laladan Himalaya ya iku 15.000 gletser kang nyimpen sakiwa-tengené 12.00 Km3 es. Gletser iku kelebu Gangotri lan Yamunotri, Gletser Khumbu lan Zemu.
Laladan kang luwih dhuwur ing Himalaya ajeg ketutup salju saben tahune sanajan cedhak karo laladan tropis. Saka kono dumadi sumber-sumber banyu banjur dadi kali kang gedhé. Sapérangan nggabung dadi rong sistem kali:
- Kali-kali ing pérangan kulon kang njurus ing Basin Indus, Kali Indus iku kali kang gedhé dhéwé ya iku wiwit Tibet banjur ketemu kali Senge lan Gar sarta mili menyang kulon mawi India lan banjur lumantar Pakistan menyang Laut Arab.
- Kali Gangga-Brahmanapputra lan Yamuna asalé saka Kali Yarlung Tsangko ing kulone Tibet lan mii lumantar Tibet Wétan lan Kulon banjur lumantar dhataran Assam. KAli Gangga-Brahmanaputra uga lumantar Bangladesh lan mili menyang Teluk Benggala.
Dano
[besut | besut sumber]Wewengkon Himalaya duwé dano kang cacahé atusan. Akeh-akèhé dano tinemu ing laladan kanh dhuwure kurang saka 5.000 m. Dano kang gedhé dhéwé ya iku Pangong Tsi kang nyebar ing perwatesa antarané India lan Cina, sarta Yamdok Tso ing punjer kutha Tibet. Dano kang misuwur ya iku Dano Trans kang kadadéan amarga aktivitas glasial. Trans asring ditemoni ing hulu Himalaya ing dhuwure 5.500 mèter.
Pucuk-pucuk Gunung Misuwur
[besut | besut sumber]Nama pucuk | Ketinggian (m) |
---|---|
Everest | 8.850 |
Dapsang | 8.611 |
Kanchenjunga | 8.586 |
Lhotse | 8.501 |
Makalu | 8.462 |
Cho Oyu | 8.201 |
Dhaulagiri | 8.167 |
Manaslu | 8.163 |
Nanga Parbat | 8.126 |
Annapurna | 8.091 |
Gasherbrum I | 8.068 |
Broad Peak | 8.047 |
Gasherbrum II | 8.035 |
Shishapangma | 8.027 |
Gyachung Kang | 7.922 |
Nanda Devi | 7.817 |
Kabru | 7.338 |
Pumori | 7.161 |