Gunung

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Gunung Kinabalu, Borneo.

Gunung iku salah sawijiné wangun lemah sing methungul luwih dhuwur tinimbang wewengkon saubengé. Gunung lumrahé luwih dhuwur lan njulek tinimbang bukit.[1] Nanging ana padhané ing pigunané gumantung saka adat lokal. Sapérangan pangrèh ndhèfinisikaké gunung kanthi pucuk punjul ukuran tinamtu; upamané, Ensiklopedia Britannica mbutuhaké kadhuwuran 2000 kaki (610 m) supaya bisa didhèfinisikaké dadi gunung. Déné miturut Kamus Besar Bahasa Indonesia (KBBI), gunung ya iku bukit sing gedhé banget lan dhuwur (padatan dhuwuré punjul 600m).[2] Sawijining gunung lumrahé kawangun saka obahing tèktonik lempeng, obahan orogenik utawa obahan epeirogenik.

Prosès kawanguné gunung[besut | besut sumber]

Gunung kawangun amarga anané prosès gaya téktonik sing kadadèn ing jero bumi sing diarani orogènèsis lan èpirogènèsis. Ing prosès orogènèsis iki, sedimèn sing kekumpul malih wujudé amarga éntuk gaya penet saka tubrukan lèmpèng téktonik. Prosès kawanguné gunung kadadèn miturut skala taun géologi antarané 45-250 yuta taun kapungkur. Tuladhané, pagunungan Himalaya sing kawangun saka 45 yuta taun kapungkur, déné pagunungan Appalache kawangun saka 450 yuta taun kapungkur.

Model kawanguné gunung ngalami telu tataran prosès, ya iku:

1. Akumulasi sèdimèn: lapisan-lapisan sèdimèn lan watu-watu vulkanik numpuk nganti jeroné pirang-pirang kilomèter.

2. Béntuk watu malih lan kerak bumi keangkat: sèdimèn sing kawangun mau ngalami déformasi amarga anané gaya komprèsi amarga tubrukan antarané lèmpèng-lèmpèng tèktonik.

3. Kerak bumi keangkat amarga obahé blok sésar: tubrukan antarané lèmpèng arep ngangkat sapérangan kerak bumi dadi lempitan luwih dhuwur saka saubengé saéngga kawangun gunung.[3]

Jinis Gunung[besut | besut sumber]

Miturut garis gedhé, gunung dipérangaké dadi loro, ya iku gunung geni (gunung aktif) lan gunung ora aktif. Déné miturut wanguné, gunung dipérangaké dadi telu, ya iku gunung perisai, gunung strato, lan gunung maar.

Uga delengen[besut | besut sumber]

Cathetan sikil[besut | besut sumber]