Udan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Jump to navigation Jump to search
Udan

Udan iku wangun presipitasi kang awujud cuwèran. Presipitasi dhéwé bisa awujud padhet (upamané salju lan udan ès) utawa aerosol (kaya embun lan kabut). Udan dumadi nalika titik banyu kang kapisah tiba ing bumi saka méga. Ora kabèh banyu udan tiba ing salumahing bumi amarga sapérangan nguap nalika ngliwati hawa kang garing. Udan jinis iki sinebut virga.

Udan mainaké peranan wigati sajeroning siklus hidrologi. Lembaban saka segara nguwab, owah dadi méga, kakumpul dadi méga mendhung, banjur mudhun menyang bumi, lan pungkasané bali menyang segara ngliwati kali lan anak kali kanggo mbalèni daur ulang iku manèha.

Pangukur udan standar

Cacahing banyu udan diukur migunakaké pangukur udan utawa orometer. Piranti iki dinyatakaké minangka jeroné banyu kang kakumpul ing lumah dhatar, lan diukur kurang luwih 0.25mm. Ékan curah udan miturut SI iku milimeter, kang dadi cekakan saka liter per mèter pesagi.

Banyu udan kerep digambaraké awangun "lonjong", amba ing pérangan ngisor lan nyiut ing sisih ndhuwur, nanging bab iki ora bener. Banyu udan cilik amèh bunder wujudé. Banyu udan kang gedhé dadi tansaya cèpèr, kaya roti hamburger; banyu udan kang luwih gedhé awangun payung terjun. Banyu udan kang gedhé tiba luwih rikat tinimbang banyu udan kang luwih cilik.

Lumrahé udan duwé kadhar asam pH 6. Banyu udan kanthi pH sangisoré 5,6 dianggep udan asam.

Akèh wong kang nganggep yèn udan iku ambuné wangi utawa nyenengaké. Sumber ambu iki yakuwi petrichor, lenga atsiri kang diprodhuksi déning tetuwuhan, sabanjuré diserep déning batuan lan lemah, lan sabanjuré ucul mensing udara wektu udan.

Jinis-jinis udan[besut | besut sumber]

Udan dibedakaké miturut dumadiné, ukuran butir, utawa curah udané.

Jinis-jinis udan miturut dumadiné
  • Udan siklonal, ya iku udan kang dumadi amarga udara panas kang munggah dikanthèni angin.
  • Udan zenithal, ya iku udan kang sok kadadéan ing tlatah saubengé ekuator, jalaran saka patemone Angin Pasat Wétan Segara karo Angin Pasat Tenggara. Sabanjuré angin mau munggah lan membentuk gumpalan-gumpalan méga ing saubengé ekuator kang ndadèkaké méga dadi jenuh banjur dadi udan.
  • Udan orografis, ya iku udan kang dumadi karena angin kang mengandung uwab banyu kang bergerak horisontal. Angin mau munggah menuju pagunungan, suhu adhara dadi adhem sehingga dumadi kondensasi. Dumadilah udan di sakiwa-tengené pagunungan.
  • Udan frontal, ya iku udan kang dumadi nalika massa udara kang adhem ketemu karo massa udara kang panas. Papan patemon antara kaloro massa iku karan babagan front. Amarga luwih abot massa adhara adhem manggon luwih ngisor. Ing saubengé babagan front iki kerep dumadi udan deres kang bisa diarani udan frontal.
  • Udan muson utawa udan musiman, ya iku udan kang dumadi amarga Angin Mangsa (Angin Muson). Panyebab dumadiné Angin Muson yakuwi amarga anané perobahan semu taunan srengéngé antara Garis Balik Lor lan Garis Balik Kidul. Ing Indonesia, udan muson dumadi wulan Oktober nganti April. Sauntara ing kawasan Asia Wétan dumadi wulan Mèi nganti Agustus. Siklus muson iki kang njalari anané mangsa rendheng lan mangsa katiga.
Jinis-jinis udan miturut ukuran butir
  • Udan gerimis / drizzle, ddiameter butiranne kurang saka 0,5 mm
  • Udan salju, dumadi saka kristal-kristal es kang suhune sangisoré 0° Celsius
  • Udan watu ès, curahan watu ès nalika cuaca panas saka méga kang suhuné sangisoré 0° Celsius
  • Udan deres / rain, curahan banyu saka méga kanthi suhu sandhuwuré 0° Celsius kanthi diameter ±7 mm
Jinis-jinis udan miturut curah udan (dhéfinisi BMG)
  • udan sedheng, 20 – 50 mm sadina
  • udan deres, 50–100 mm sadina
  • udan deres banget, sadhuwuring 100 mm sadina