Embun

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Embun

Embun ya iku prosès kabentuke partikel-partikel banyu amarga kondensasi uwab banyu luwih kuwat katimbang prosès penguapan banyu ing hawa.[1] Gampange embun ya iku prosès pengembunan, berubahe gas dadi cuwèran utawa uwab kang dadi titik-titik banyu.

Kabentuke Embun[besut | besut sumber]

Embun dumadi saka hawa kang cedhak lemah banjur dadi adem.[1] Hawa mau nyedhaki titik ing endi hawa ora cukup kanggo nadhahi uwab banyu. Luber uwab mau dadi embun ing dhuwur barang-barang kang cedhak lemah. Wayah awan barang-barang mau nyerep panas srengéngé, nanging ing wayah wengi kelangan panas saka prosès kang mau radiasi termal.[1]

Nalika barang-barang ing cedhak lemah dadhi adem, suhune mèlu berkurang.[1] Hawa kang adem ora cukup nadhahi hawa kang anget. Nalika hawa kang adem tambah adem, bisa dadèkake titik embun. Titik embun ya iku suhu kang isih cukup nampung uwab banyu. Nalika hawane tambah adem, uwab mau dadhi embun.

Embun beku[besut | besut sumber]

Embun dumadi saka titik embun kang beku, lan mau Embun Beku utawa Embun Putih. Embun beku dumadi nalika titik embun ing ngisore titik beku, lan dadheake uwab banyu kang luber langsung beku ing dhuwur barang-barang kang paling chedak.[1]

Embun beku ya iku pola kang dumadi saka kristal-kristal es kang dumadi ing dhuwur suket, godhong, lan liya-liyané. Embun beku dumadi ing wayah wengi, mligi wengi kang adem lan ora ana awan nalika suhu mudhun nganti 0 C ya iku suhu titik beku banyu.[1]

Kabentuke Embun Beku[besut | besut sumber]

Embun beku lan embun dumadi saka cara kang padha. Wayah awan bumi nyerep panas saka srengéngé, lan dadhi adem ing wayah wengi. Embun beku dan embun terbentuk dengan cara yang tidak jauh berbeda. Mudhune suhu luwih dhuwur ing wayah wengi kang cerah katimbang wengi berawan, amarga ora ana awan kang mantulke ucule panas bumi.[1]

Nalika prosès pengadheman mau, uwab banyu ngemun lan wujud titik-titik embun. Separo titik-titik mau beku nalika suhu mudhun dadi 0 °C. Titik-titik embun terus nambah lan dadi kristal beku nalika titik-titik embun nimg kiwa-tengené nguap dadhi uwab banyu. Nalika suhu ing ngisore titik beku, uwab banyu bisa dadi kristal es tanpa berubah dadjo titik embun. Kristal-kristal beku ana loro, siji persis pilar lan sijiné persis piring. Kristal kang wujud piring kabentuke rata lan mirib kristal salju. Kristal-kristal pilar arupa cagak es kosong wujud segi enam.

Réferènsi[besut | besut sumber]

  1. ^ a b c d e f g Proses Terbentuknya Embun (Pengembunan) (diundhuh tanggal 19 Septeber 2012)

Pranala njaba[besut | besut sumber]