Méga

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Mega

Méga utawa ing Basa Indonésia diarani awan yaiku kempalan tétésan banyu utawa kristal-kristal és ing atmosfér.[1] Méga iku kabèntuk saka uwab banyu kang ngluwihi kahanan kabongé (keadaan jenuh).[1]

Prosès Dadiné Méga[besut | besut sumber]

Panasé srengéngé utawa srengéngé kang terus-terusan nyorot bumi lan laut ndadékaké partikel-partikel banyu kaangkat ing langit.[2] Partikel kang karan aérosol bakal nangkep banyu kang sabanjuré mbentuk titik-titik banyu.[2] Aérosol banjur munggah maring ''atmosfér''.[2] Yèn jumlah kang kaangkat iku gedhé, partikel-partikel banyu bakal ngalami pendinginan banjur dadi embun.[2] Kumpulan titik-titk saka uwab banyu ing udara kang ngembun iku mau bakal katon dadi méga. Saya akèh embun, saya gedhé méga kang dumadi.[2]

Wujud Méga[besut | besut sumber]

Wujud méga manut dhuwuré, yaiku dipérang dadi cendhék, sedhengan, dhuwur, lan vértikal.[1]

Méga kang cendhék ana telu jinisé yaiku:

  1. Stratus
  2. Nimbostratus,
  3. Stratokumulus.

Méga kang dhuwuré sedhengan ana loro, yaiku:

  1. Altostratus
  2. Altokumulus.

Méga kang paling dhuwur ana telu jinisé, yaiku:

  1. Sirus
  2. Sirostratus,
  3. Sirokumulus.

Déné méga kang vértikal ana rong jinis, yaiku:

  1. Kumulus
  2. Kumulonimbus.

Wujudé méga ora mung kadayan déning dhuwuré utawa cendhéké méga, nanging angin uga bisa mempengaruhi.[3] Saliyané iku méga uga dibédakaké manut suhu lingkungan fisik atmosfer.[2] Manut suhu lingkungan fisik atmosfer méga dipérang dadi loro yaiku méga atis/adhem karo méga anget.[2] Méga atis/adhem iku méga kang ana ing lingkungan atmosfer kang suhuné ana ing sangisoré titik beku (< 0 °C) déné méga anget iku méga kang ana ing lingkungan ''atmosfer'' kang suhuné ana ing sadhuwuré titik beku (> 0 °C).[2]

Sesambungané Méga lan Cuaca[besut | besut sumber]

Pranyata, mega iku akèh banget pengaruhé marang cuaca.[4] Cuaca kang ekstrim dina-dina kapungkur iki pranyata kadayan ruang dumadiné méga.[4] Saliyané cuaca, témperatur udara uga ngalami owah-owahan amarga ruang dumadiné méga iku mau.[4] Anané global warming uga marakaké cuaca ora kena diprediksi kaya biyén.[5] Kanggo mangerteni udan utawa terangé dina iki nganti seminggu mengarèp bisa nggunakaké stratosfer (méga dhuwur).[5]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b c scribd materi dan médhia pembelajaran geografi
  2. a b c d e f g h all about news
  3. "alam.leoniko". Diarsip saka sing asli ing 2011-10-31. Dibukak ing 2011-04-06.
  4. a b c hileud[pranala mati permanèn]
  5. a b "cantigi.net". Diarsip saka sing asli ing 2011-03-26. Dibukak ing 2011-04-21.