Menyang kontèn

Angin

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Tuladha angin puting beliung
Pieter Kluyver (1816–1900)

Angin iku hawa sing obah amarga rotasi bumi lan anané tekanan udara ing saubengé.[1] Aliran munggahé hawa panas lan mudhuné hawa atis diarani konveksi.[1]

Jénis Angin

[besut | besut sumber]

Lumrahé, angin kapantha dadi angin lokal lan angin mangsa.[2] Angin lokal ana telung macem, yaiku:[2]

  1. angin darat lan angin laut
  2. angin gunung lan angin lembah
  3. angin ribut lan angin puyuh

Angin mangsa utawa angin periodik ana limang jénis, yaiku.[1] [2]

  1. Angin Passat
  2. Angin Anti Passat
  3. Angin Barat
  4. Angin Timur
  5. Angin Monsun (muson)

Angin pancèn ora bisa disawang nanging angin bisa diukur.[3] Piranti kanggo ngukur angin yaiku.[3]

Anémométer
  1. Anémométér, yaiku piranti kanggo ngukur bantèré angin.
  2. Wind vane, yaiku piranti kanggo mangerténi arah angin.
  3. Windsock, yaiku piranti kanggo mangerténi arah angin lan ngira-ira gedhé lan banteré angin mau. Padatan diènggo ing papan anggegana–papan anggegana.

Faktor Dumadiné Angin

[besut | besut sumber]

Faktor-faktor dumadine angin yaiku.[4]

  1. Gradién barometris, yaiku wilangan sing nuduhaké béda tekanan udara saka 2 isobar sing adohé 111 km. Saya gedhé gradién barometrisé, saya rikat obahé angin.
  2. Posisi panggonan. Banteré angin ing cedhak khatulistiwa luwih rikat saka panggonan sing adoh saka garis khatulistiwa.
  3. Dhuwuré panggonan. Saya dhuwur panggonan, saya banter angin. Kuwi amarga prabawa gaya gésék sing ngalangi obahe angin.
  4. Wèktu. Angin nalika awan luwih banter tinimbang angin wayah bengi.

Mupangat Angin

[besut | besut sumber]

Manfaaté angin yaiku:[5]

  1. Kanggo ngobahaké perahu layar.
  2. Kanggo tènaga listrik.
  3. Kanggo instrumen sing ngréwangi pesawat take-off utawa landing.
  4. Kanggo ngilangi hawa panas lan gerah.

Pranala njaba

[besut | besut sumber]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. a b c feedfury Archived 2011-08-18 at the Wayback Machine.(kaunduh tanggal 13 April 2011)
  2. a b c neochemical Archived 2022-12-10 at the Wayback Machine.(kaunduh tanggal 13 April 2011)
  3. a b [1] Archived 2022-01-26 at the Wayback Machine.(kaunduh tanggal 17 April 2011)
  4. wartawarga.gunadarma[pranala mati permanèn](kaunduh tanggal 20 April 2011)
  5. "intl.feedfury". Diarsip saka sing asli ing 2011-08-06. Dibukak ing 2011-04-21.