Kabupatèn Sléman

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Sléman
Kabupatèn
Sesanti: Sembada
Pernahé Sléman ing Daerah Istimewa Yogyakarta
Pernahé Sléman ing Daerah Istimewa Yogyakarta
Koordhinat: 7°43′57″S 110°24′09″E / 7.7325213°S 110.402376°E / -7.7325213; 110.402376Koordhinat: 7°43′57″S 110°24′09″E / 7.7325213°S 110.402376°E / -7.7325213; 110.402376
NagaraIndonésia
ProvinsiDaerah Istimewa Yogyakarta
Gabung8 Agustus 1950[1]
Kutha krajanSléman
Kacamatan[2]
Pamaréntahan
 • BupatiSri Purnomo[3]
Laladan
 • Gunggung574.82 km2 (221.94 sq mi)
Cacah warga (Sènsus 2006)
 • Gunggung1.079.210
 • Pepadhet1,900/km2 (4,900/sq mi)
Zona wektuWIK (UTC+7)
Kodhe pos55500, 55200
Kodhe laladan+62 274
Plat montorAB
Sato simbulPunglor[4]
Wit simbulSalak pondhoh[5]
Situs wèbwww.slemankab.go.id (ing basa Indonésia)

Sléman (Jawa: ꦑꦧꦸꦥꦠꦺꦤ꧀ꦯ꧀ꦭꦺꦩꦤ꧀) iku kabupatèn ing Daerah Istimewa Yogyakarta, pernahé ing sisih lor DIY, kutha Sléman iku minangka kutha krajan kabupatèné, kutha-kutha liyané:, lan liya-liyané. Jembar wewengkon kabupatèn iki ± 574,82 km² utawa hèktar. Kabupatèn iki wewatesan karo Provinsi Jawa Tengah ing sisih lor lan wétan, Kabupatèn Gunungkidul, Kabupatèn Bantul, lan Kutha Ngayogyakarta ing sisih kidul, sarta Kabupatèn Kulon Praga ing sisih kulon. Sléman kaloka minangka asal woh salak pondoh. Manéeka pendhidhikan dhuwur kang ana ing Yogyakarta sabeneré kanthi administrasi dumunung ing wewengkon kabupatèn iki, antarané Universitas Gadjah Mada lan Universitas Negeri Yogyakarta.

Pusat pamaréntahan dumunung ing Kacamatan Sléman, kang pernahé ana ing jalur utama antara Yogyakarta-Semarang. Kanthi Pametu Asli Laladan Rp. 52.978.731.000,-(2005) Kabupatèn Sléman minangka Kabupatèn paling sugih ing Provinsi Daerah Istimewa Yogyakarta.

Géografi[besut | besut sumber]

Kabupatèn iki wewatesan karo Provinsi Jawa Tengah ing sisih lor lan wétan, Kabupatèn Gunungkidul, Kabupatèn Bantul, lan Kutha Ngayogyakarta ing sisih kidul, sarta Kabupatèn Kulon Praga ing sisih kulon. Pérangan lor kabupatèn iki wujud tlatah pagunungan, kanthi pucuk pucuké wujud Gunung Merapi ing tapel wates karo Jawa Tengah, salah siji gunung geni aktif kang paling mbebayani ing Pulau Jawa. Déné ing sisih kidul wujud dhataran cendhèk kang subur. Ing antara kali-kali gedhé kang mili ngliwati kabupatèn iki ya iku Kali Praga (mbatesi kabupatèn Sléman karo Kabupatèn Kulon Praga), Kali Codhé, lan Kali Tapus.

Miturut karakteristik sumberdaya, wewengkon Kabupatèn Sléman kapérang dadi patang kawasan, ya iku:

  1. Kawasan Pèrèng Gunung Merapi, diwiwiti saka dalan kang ngubungaké Kutha Tempel, Turi, Pakem, lan Cangkringan(rightbelt) nganti pucuk Gunung Merapi. Wewengkon iki sugih sumberdaya banyu lan potènsi ekowisata kang magepokan karo aktivitas gnung Merapi lan ekosistemé.
  2. Kawasan Wétan kang nyakup Kacamatan Prambanan, Kalasan, Berbah. Wewengkon iki sugih papan patilasan purbakala (candhi) minangka punjer wisata budaya lan laladan lahan garing sarta sumber bahan watu putih.
  3. Kawasan Tengah ya iku wewengkon aglomerasi Perkotaan Yogyakarta kang nyakup Kacamatan Mlathi, Sléman, Ngaglik, Ngemplak, Dhépok, lan Gamping. Wewengkon iki rikat tueuh, minangka punjer pendhidhikan, indhustri, dagang, lan jasa.
  4. Kawasan Kulon nyakup Kacamatan Godhéan, Minggir, Séyégan, lan Mayudan, minangka laladan tetanèn lahan teles lan penghasilan bahan baku kagiyatan indhustri kerajinan mending, mambu, lan grabah.

Miturut punjer-punjer pertumbuhan, wewengkon Kabupatèn Sléman kang dadi wewengkon hulu Kutha Ngayogyakarta bisa dipérang dadi:

  1. Wewengkon agromenasi Kutha Ngayogyakarta, kang nyakup Kacamatan Dhépok, Gamping, sarta sapérangan wewengkon Kacamatan Ngaglik, Ngemplak, Kalasan Berbah, Sléman, lan Mlathi.
  2. Wewengkon sub-urban, nyakup kutha Kacamatan Godhéan, Sléman, lan Ngaglik, kang dumunung adoh saka Kutha Ngayogyakarta lan tuwuh dadi tujuwan kagiyatan masarakat ing wewengkon kacamatan saubengé, saéngga dadi punjer pertumbuhan.
  3. Wewengkon fungsi mirunggan utawa wewengkon penyangga (buffer zone) nyakup Kacamatan Tempel,Turi, Pakem, lan Cangkringan, kang dadi punjer pertumbuhan tumrap wewengkon saubengé.[6]

Sajarah[besut | besut sumber]

Kabupatèn Sléman bisa dilacak ing Rijksblad no. 11 Tahun 1916 tanggal 15 Mèi 1916 kang mbagi wewengkon Kasultanan Yogyakarta sajeroning 3 Kabupatèn, ya iku: Kalasan, Bantul, lan Sulaiman (kang banjur ingaran Sléman), kang dipanggedhèni déning bupati. Sajeroning Rijksblad mau uga disebutaké yèn kabupatèn Sulaiman dumadi saka 4 dhistrik ya iku: Distrik Mlathi (dumadi saka 5 onderdhistrik lan 46 kalurahan), Distrik Klegoeng (dumadi saka 6 onderdhistrik lan 52 kalurahan), Distrik Joemeneng (dumadi saka 6 onderdhistrik lan 58 kalurahan), Distrik Godhéan (dumadi saka 8 onderdhistrik lan 55 kalurahan). Miturut Perda no.12 Taun 1998, tanggal 15 Mèi taun 1916 wusanané dikukuhaké minangka dina dadi Kabupatèn Sléman. Miturut Almanak, dina mau persis dina Senèn Kliwon, Tanggal 12 Rejeb Taun Je 1846 Wuku Wayang.

Adhedhasar péitungan taun Masèhi, dina dadi Kabupatèn Sléman ditandhani kanthi Surya Sengkala "Rasa Manunggal Hanggatra Nagara" kang tegesé Rasa= 6, Manunggal=1, Hanggatra=9, Nagara=1, saéngga kawaca taun 1916. Sengkalan mau, sanadyan nglambangaké taun, duwé makna kang jelas tumrap masarakat Jawa, ya iku kanthi rasa persatuan minangka Nagara. Déné saka pétungan taun Jawa dadi Candra Sengkala "Anggana Catur Salira Tunggal" kang tegesé Anggana=6, Catur=4, Salira=8, Tunggal=1. Kanthi mangkono saka Candra Sengkala mau kawaca taun 1846.

Sawetara taun sabanjuré Kabupatèn Sléman naté diudhunaké statusé dadi dhistrik ing sangisoré wewengkon Kabupatèn Yogyakarta. Lan nembé tanggal 8 April 1945, Sri Sultan Hamengkubuwono IX nata manèh wewengkon Kasultanan Yogyakarta liwat Jogjakarta Koorei angka 2 (loro). Panatan iki masang Sléman ing status sadurungé ya iku minangka wewengkon Kabupatèn lan Kanjeng Radèn Tumenggung Pringgodiningrat minangka bupati. Ing mangsa mau, wewengkon Sléman mbawahi 17 Kapenewon/Kacamatan (Son) kang dumadi saka 258 Kalurahan (Ku). Kutha krajan kabupatèn dumunung ing wewengkon lor, kang wektu iki kaloka minangka désa Triharjo. Liwat Maklumat Pamaréntah Provinsi Daerah Istimewa Yogyakarta Nomer 5 taun 1948 ngenani owah-owahan laladan-laladan Kalurahan, mula 258 Kalurahan ing Kabupatèn Sléman silih nggabungaké dhiri saéngga dadi 86 kalurahan/désa. Kalurahan/Désa mau mbawahi 1.212 padukuhan.

Pamaréntahan[besut | besut sumber]

Pusat pamaréntahan dumunung ing Kacamatan Sléman, kang pernahé ana ing jalur utama antara Yogyakarta-Semarang. Kabupatèn Sléman katata sajeroning 17 kacamatan, 86 désa lan kalurahan. Kacamatan-Kacamatan ing Kabupatèn Sléman ya iku:

Uga delengen[besut | besut sumber]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Dikukuhaké ing UU No. 15 Taun 1950 bab Pembentukan Daerah Kabupaten dalam Lingkungan Daerah Istimewa Yogyakarta
  2. Map of the various kecamatan of Sléman. Retrieved on 8 February 2011.
  3. Official Web Profile of the Sléman Regent. Retrieved 8 February 2011. (ing basa Indonésia)
  4. Official government website on the regency bird. Retrieved 8 February 2011. (ing basa Indonésia)
  5. Official government website on the regency plant. Retrieved 8 February 2011. (ing basa Indonésia)
  6. Karakteristik wewengkon Sléman

Pranala njaba[besut | besut sumber]